Total Tayangan Halaman

Rabu, 06 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 64

 


64.

"Bawane kalah cacah lan kalah gegaman" Ki Pragosawulung nglajengaken cariyosipun "wong-wong ing Kademangan kasoran yudane. Demang Kartika lan sedulur-sedulure yaiku para cikal bakal sakulawargane klakon kena ditumpes dening Tumenggung Darumurti lan wadya balane".

"Banjur sing nyekel panguwasa Kademangan sapa Ki ?" Darim nyelani pitaken.

"Sanadyan para Cikal Bakal sakulawargane wis bisa ditumpes, nanging paprangan durung rampung" Ki Pragosawulung nglajengaken anggenipun cariyos "wong-wong sing manggon neng Kademangan kono padha ora gelem nungkul, kamangka sing akeh warga anyar sing olehe teka neng kene jaman sing dadi isih Ki Demang Anggara biyen. Carane perang beda, ora wani adu arep nanging nglimpe golek lenane mungsuh. Anggone tumandang nek wektune wis sepi bocah utawa wayah tengah wengi dadi angel dingerteni sapa wong-wongane. Awit wong-wong skuwi yen wayah awan nindakne kuwajibane urip nyambut gawe neng tegal lan sawahe, kaya-kaya ora mikir anane paprangan nanging nek bengi padha budhal dadi prajurit sing mungsuhi Tumenggung Darumurti sakancane. Wekasane, kesabarane Tumenggung Darumurti entek, niyate mbuh luput mbuh ora, wong Kedhungtuwung arep ditumpes kabeh utawa arep dikunjara dadi wong ukuman".

"Wadhuh, mendah sansaya rekasane wong-wong ing Kedhungtuwung kene ?" Darim nyela pitaken malih.

"Nanging nalika lekase Tumenggung Darumurti kuwi arep doleksanakne, yaiku nalika kabeh wong lanang sing umure rolas tahunj munggah kaparentah kumpul ing lapangan Kademangan, dumadakan ana prajurit sagelar sepapan sing teka kene".

"Prajurit saka ngendi maneh kuwi Ki?" Darim pitaken malih.

"Prajurit Kasultanan sing ditindhihi dening Gusti Pangeran Benawa dhewe. Rawuhe Putra Pajang kuwi jebul lagi nguber Prajurit Pajang sing mbalela lan sumingkir saka Pajang arep gawe kisruhing negara. Jebul Prajurit sing dipandhegani Tumenggung Darumurti iki kalebu sing diarani Prajurit sing mbalela lan nedya gawe kisruh kuwi mau. Klakon Darumurti sakancane dirangket lan digawa menyang Pajang arep diadili. Sabanjure Pangeran Benawa masrahake Kademangan Kedhungtuwung iki marang para warga maneh. Gandheng para Cikal bakal lan kulawargane wis entek, Pangeran Benawa banjur nganakne rembugan karo warga Kedhungtuwung kanggo ngangkat Demang anyar. Klakon, asiling rerembugan netepake Ki Pawaka kajumenengake dadi Demang ing Kedhungtuwung lan wiwit kuwi Kademangan Kedhungtuwung kebawah dening Kasultanan Pajang".

"Lha Ki Pawaka kuwi asale saka ngendi Ki?" Darim pitaken.

"Ki Pawaka kuwi tekane ing Kedhungtuwung kene jaman Ki Lampit sing dadi Demang, dene asale saka laladan Gunung Kendheng. Priyayine duwe wawasan sing jembar, baud ulah sasrawungan, sajroning nindakne kuwajiban dadi Demang, tata panguripane kawula ing Kedhungtuwung dadi sansaya becik lan tumata. Nanging wis jamak lan lumrahe, ing ngendi wae kuwi mesthi ana wong sing rumangsa luwih wenang nglungguhi palungguhan Demang. Ki Pandaya, wong sing tekane ing kene jaman anayaran Ki Kartika dadi Demang, ngaku yen asale padha karo asale Para Cikal Bakal yaiku saka Gunung Bancak, sing dening Ki Demang Pawaka diangkat dadi Sesepuhing para Bebau, malah mbalela. Kepangin ngrebut panguwasa. Nanging bisa dikalahake sing wekasane nyingkir menyang Alas Kluwihan lan madeg Paguron ana kana. Wiwit kuwi, antarane Paguron Kluwihan karo Kademangan Kedhungtuwung tansah memungsuhan sing ora ana enteke nganti saiki".

"Dadi sing nyekel panguwasa Kademangan Kedhungtuwung wektu iki isih turune Ki Pawaka ya Ki?" Darim pitaken.

"Bener, yen ora kleru Demang sing saikii isih kapernah anake Ki Pawaka jenenge Ki Demang Sada Subrastha. Priyayine becik lan sregep, kuciwane ora marem duwe bojo siji. Ki Demang Sada Subrastha kuwi bojone telu,  bojo sing kapisan duwe anak siji wadon jenenge Wara Westhi kapundhut dadi selire Sultan Pajang, sing kapindho duwe anak lanang dijenengne Panjer lan bojo sing nomer telu duwe anak lanang siji dijenengne Pujud".

Sareng Ki Pragosawulung sampun rampung anggenipun cariyos, Darim lajeng kawangsulaken  dhateng Alam ingkang kasatmata  malih. Sanadyan ingkang nyepeng panguwaos ing Kedhungtuwung sampun tiyang sanes, nanging Darim rumaos iklas lan lila, jalaran bumi asil yayasanipun saged murakabi pagesanganipun tiyang kathah. Darim lajeng pados papan kangge nglampahi patobatan, ing sambikalning lodhang Darim ugi taksih tumut ngawat-awati kawontenaning Kademangan lan ndherek ngrumeksa murih boten risak.

"Punika kala wau sedaya lelampahan kula magepokan kaliyan kawontenanipun Kademangan ing Kedhungtuwung mriki punika Raden" Darim ya wong tuwa sing lungguh neng watu tengah kali kuwi mungkasi critane marang Rangga lan Marga.

Rangga lan Marga manthuk-manthuk rumangsa kasengsem karo kabeh critane wong tuwa sing rambute wis putih kabeh kuwi. Nom-noman loro wis wiwit ngerti ya gene Paguron Kluwihan karo Kademangan Kedhungtuwung dadi memungsuhan.

"Lajeng menawi Paguron Bulak Badher miwah Paguron Banjar Semanggi punika cariyosipun kados pundi Ki?" Rangga genti nakokne paguron loro liyane sing uga ana sambung rapete karo Kademangan Kedhungtuwung.

"Jaman wadya balanipun Pangeran Benawa ngrangket Tumenggung Darumurti sakancanipun, wonten prajuritipun Darumurti ingkang saged lolos mlajar Raden, salah satunggalipun inggih ingkang lajeng yasa Paguron ing Bulakbadher punika. Dene menawi Padhepokan Banjar Semanggi punika yasanipun Lurah Prajurit andhahanipun Gusti Pangeran Benawa ingkang nama Sengkali. Lurah Sengkali katanem dening Pangeran Benawa murih ngawat-awati Kademangan Kedhungtuwung kanthi sesidheman" Ki Darim aweh katrangan .

"Dados antawisipun Banjarsemanggi  kaliyan Kadipaten Pajang punika taksih wonten sambetipun inggih Kyai?" Marga genti sing takon.

"Boten Ngger" Ki Darim wangsulan "sambetipun Banjarsemanggi punika kaliyan Pangeran Benawa, daos rikala Pangeran Benawa jumeneng Adipati ing Jipang Panolan, sambetipun Padhepokan Banjarsemanggi ugi kaliyan Jipang Panolan".

"Lha sasampunipun Paman Pangeran Benawa surud ing kasedan jati sambetipun Padhepokan Banjarsemanggi kaliyan sinten Kyai?" Rangga takon maneh.

"Miturut pawartos ingkang kula tampi, sambetipun Padhepokan Banjarsemanggi saderengipun Gusti Pangeran Benawa seda,  sampun masrahaken prakawis punika kaliyan Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga piyambak" wangsulane Darim sing banjur ndhangak nyawang langit.

"Sampun Raden boten sae menawi sedaya wewadi kedah kula cariyosaken dhateng Raden" dumadakan Ki Darim kandha "sampun kedangon andika kekalih mapan ing Alam Sipatollah, mindhak boten sae mangke kedadosane, kula minangka tiyang sepuh ngaturaken genging panuwun dhumateng Raden kekalih ingkang migatosaken Kademangan Kedhungtuwung punika. Kula pitados Raden Rangga miwah Angger Marga badhe saged asung pepadhang dhateng Kedhungtuwung, awit kula sampun kaparingan wartos dening Ki Tanparupa ingkang ngrawuhi nalikanipun kula samadhi nyuwun nyuwun dhumateng Gusti murih Kedhungtuwung tumuli tentrem. Dhawuhipun Ki Tanparupa makaten :

"Heh Darim aja susah atimu, ora suwe maneh siswa-siswaku yaiku Rangga sing sejatine Anake Sutawijaya lan Marga sing sejatine isih muride Benawa, sajroning pangumbarane bakal liwat lan mampir ing Kedhungtuwung kene. Muga-muga kanthi timbule bocah loro kuwi bisa dadi lantaran bali tentreme Kademangan Kedhungtuwung".

Rampung anggone kandha Ki Darim, mbarengi ana pedhut peteng nutupi kahanan ing kono. Bareng karo sirnane pedhut, Rangga lan Marga lagi krasa yen jebul dheweke mau wis kaseret manjing Alam Sipatollah dening Ki Darim lan saiki wis bali ing Alam Kang kasat mata. Rangga lan Marga bali lungguh ing pinggir kali, ing ngarepe katon wong papat Gima sakancane lagi padha lungguh ora bisa obah ana watu sing ana tengah kali.

 

ANA CANDHAKE


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...