Total Tayangan Halaman

Rabu, 06 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 65

 


65.

Beda banget karo sing dirasakne Rangga lan Marga sing rumangsane nganti suwe banget anggone wis jejagongan karo Ki Darim ing Alam Batin, sing dirasakane Gima sakancane ing alam wadhag mung rumangsa ditinggal turu klawan sendhen watu dening Rangga lan Marga sing suwene watara sapanginang. Pancen lumakune wektu ing alam pangimpen kuwi beda karo sing lumaku ing alaming melek. Yen ing alam melek utawa ing alam kang nyata, lumakuning wektu pancen tumata kanthi ajeg. Beda karo ing alaming pangimpen, sok ing alaming pangimpen mung krasa sakedheping netra nanging jebul neng alam nyata mbutuhne wektu sing suwe, kaya upamane wong sing turu sewengi wutuh nanging rumangsane sing turu bareng nglilir rasane mung sedhela anggone turu. Kosok baline wong turu sing mung sedhela, bisa ngimpi sing rumangsane wis pirang-pirang dina suwene. Kaya sing lagi wae dialami dening Rangga lan Marga iki mau, sanadyan anggone ninggalne alam datullah utawa alam kang nyata mung watara sapanginang, nanging ing alam sipatollah utawa alaming batin bisa jejagongan karo Ki Darim sing suwe banget. Nanging Rangga lan Marga uga ora gumun babar pisan, jalaran wis kulina nemoni lelakon sing mangkono iku, yaiku rikalane padha nampa piwulang saka Ki Tanparupa lan Guru-guru liyane ing alam Sipatollah.

"Wong-wong iki mathuke banjur dikapakne Kakang?" Marga mbukani rembug, sawuse sawantara wektu padha meneng-menengan.

"Becike ditakoni lan diajak rembugan sing becik-becik dhisik Dhi, nek kena ditata ya ditata dene ora kena ditata ya wis, ditinggal ana kene wae, kareben ora kasepen mengko digolekne gegremetan bangsane klabang lan kala jengking dilebokne neng waliking sandhangane" wangsulane Rangga sajak ayem "lan mengko rak ya bakal konangan Kunthara sing bakal nyampurnakne patine, merga dianggep wis ora ana gunane ngingu wong papat iki".

Gima sing nadyan ora bisa obah lan ora bisa kumecap, nanging isih bisa ngrungokne olehe rembugan nom-noman loro kuwi sakala mengkorog githoke, atine krasa miris karo sing diomongne Rangga sing keri dhewe kuwi. Wong wong papat kuwi, Gima, Gena mButhil, Penthet karo Jagul padha nggambar sajroning angen-angene, kaya ngapa sengsarane yen nganti sing dikandhakne Rangga sing keri dhewe kuwi bener-bener ditindakne? sajroning ora bisa apa-apa bakal ngrasakne dikrubut gegremetan sing mawa wisa ing entupe. Ora kalah mirise, mengko yen nganti kepethuk karo Kunthara, kaya sing diomongne Rangga, Kunthara mesthi nesu sing banjur nibakne pidana pati kaya sing kulina ditindakne marang kanca-kancane sing dianggep gagal anggone nyambut gawe. Ora krasa kringet anyep kumucur saka ragane wong papat sing wiwit kedher campur ngewel kaya wong sing katisen kena dayane bedhidhing mangsa ketiga.

"Yen ngono, ya tak bukake dhisik tali suwarane ben keneng dijak rembugan" kandhane Marga karo ngadeg nglolos pecute. Wong papat sing ana ngarepe kuwi mung bisa nyawang karo ati sing ora karu-karuwan rasane.

"Dher........." Marga nyeblakne pecute menyang awang-awang. Gima, Jagul, Penthet lan Gena mButhil sing maune ora bisa ngobahne awake lan ora bisa guneman apa-apa, kaget krungu suwara pecute Marga kuwi. Ora krasa padha ngobahne tangane dhewe-dhewe kanggo nutupi kupinge, lan padha mbengok, merga saking kagete.

"Wis Kakang" kandhane Marga sabanjure "tangan lan lambene wis padha bisa digunakne maneh, nanging tetep durung padha bisa alihan saka papane dhewe-dhewe. Dadi yen Kakang arep ngajak rembugan wis ora kangelan maneh".

Wong papat kuwi lagi padha krasa, yen wis padha bisa ngobahne tangane lan bisa omong kaya lumrahe. Wong papat kuwi padha inget-ingetan karo kancane. Rangga gumuyu nyawang wong papat sing katon lucu kuwi. Banjur ngadeg nyedhaki wong papat kuwi.

"He Gima karo kowe Penthet, Jagul lan Genambuthil, padha rungokna lan mengko wangsulana pitakonku" pitakone Rangga marang wong papat kuwi sawuse rampung anggone ngguyu.

"Nggih" wong papat kuwi semaur bareng, merga wedi yen ora enggal semaur kuwatir tangan utawa sikile sing takon sing genti omong.

"Kowe wong papat wis sajroning pangwasaku, aku bisa tumindak apa wae marang kowe kabeh" kandhane Marga sabanjure "nanging olehku tumindak mengko gumantung marang unine wangsulanmu marang pitakonku. Sadurunge perlu tak kandhakne marang kowe, akiu wis ngerti jenengmu lan ngendi papan asalmu sarta apa sing arep padha kok tindakne ing Kedhungtuwung, jalaran aku uga wis ngerti sambung rapetmu kabeh karo Kunthara".

"Nggih Den" wong papat bali wangsulan bareng.

"Saiki kowe wong papat arep tak gawa menyang ngarsane Ki Demang Kedhungtuwung, kowe kabeh gelem apa ora?" Rangga takon .

Wong papat kuwi dadi gumun, ya gene ngono wae Rangga ndadak nganggo takon barang ? Merga kudune gelem ora gelem, Rangga bisa wae meksa wong papat kuwi kudu manut dheweke.

"Nek gelem ya wangsulana gelem, lan aja pisan-pisan wani ngapusi aku. Ngaku gelem bareng tekan ndalan mengko banjur mlayu? Nek kuwi kok tindakne, kowe kabeh bakal ngalami pasiksan sing selawase durung tau kok gambarne mungguh sengsarane. Ngerti ?" Rangga takon karo mencereng.

"Nggih Denmas, ngertos" wong papat kuwi wangsulan karo suwara gugup saking wedine.

"Nek kowe ora gelem ya omonga nek ora gelem, aku ora bakal meksa kowe!" kandhane Rangga sabanjure. Suwarane Rangga kepenak dirungokne. Nanging Gima sakancane ya isih kelingan karo sing diomongne Rangga marang Marga sadurunge Marga nyeblakne pecut sing ndadekne wong papat kuwi bali bisa ngucap lan bisa ngobahne tangane. Mula sanajan Rangga kandha yen ora arep meksa, wong papat kuwi luwih wedi yen nganti digolekne bangsane kala jengking karo klabang banjur dilebokne neng waliking sandhangane.

"Inggih Denmas, kula purun, kula ndherek Denmas" wong papat padha wangsulan.

"Tenan?" Rangga nggenahne pitakone.

"Nggih saestu Denmas" wong papat ngantebne wangsulane.

"Yen ngono saiki, ayo bareng karo aku menyang Kademangan ngadhep ing ngarsane Ki Demang" wangsulane Rangga .

Wong papat padha pating clinguk sawang-sawangan padha kancane, jalaran sanajan wis bali  padha bisa ngomong lan ngobahne tangane, nanging durung padha bisa ngadeg luwih-luwih mlaku.

Marga ngguyu banter weruh wong papat sing padha kabingungan kuwi. Bingung campur wedi. Marga tumuli nyeblakne pecute kanggo ngluwari lan mbukak sarap-sarap sing ketutup ing ragane wong papat mau. Sailange suwara jumedhering pecut, wong papat kuwi bebarengan bisa ngadeg lan bisa ngobahne kabeh anggotaning ragane. Awake padha krasa entheng lan kepenak, wong papat sedhela ngrasakne seneng atine, nanging ora suwe  bali rasa wedi mencok ing sajroning atine, wedi yen nganti nom-noman loro kuwi tumindak gawe cilakaning awake.

"Matur nuwun Raden" kanggo njagani supaya nom-noman loro kuwi ora aweh panyikara, Gima sing minangka dadi pengarep luwih dhisik kandha sadurunge Rangga lan Marga omong apa-apa "kula sakanca sampun saged lan kiyat mlampah, mangga suwawi kula dipunlarapaken ing ngarsanipun Ki Demang".

"Bagus!" Rangga wangsulan lan ngalembana marang Gima "saiki ayo budhal, padha ngetutna lakuku".

"Mangga kula dherekaken" wangsulane Gima lan kanca-kancane bebarengan.

Rangga banjur mlaku ditutne wong papat,  Marga  mlaku neng mburi dhewe.

 

ana candhake.

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...