SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
67.
Wong sak pendhapa padha kaget nanging ora
ana sing kumecap, kabeh uga padha eram marang Marga sing luwih cepet tumandang
nyegah tumindake Jagabaya Sumpring. Gima uga banjur meneng olehe crita dadi
mandheg, atine nratab lan dheg-dhegan ora karuwan, upama Marga ora cepet nggone
obah dheweke mesthi wis gumlethak dadi bathang adus getih merga kebabat
pedhange Jagabaya Sumpring. Genambuthil, Jagul lan Penthet kabeh uga padha
ngewel kaweden. Bareng wis sauntara kahanan dadi sepi, kabeh padha meneng
dhewe-dhewe. Rangga aweh sasmita marang Gima supaya nutugne critane.
"Saderengipun bidhal nglampahi
padamelan punika kula ugi dipun sanjangi dening Ki Kunthara menggah wekdalipun
kangge miwiti nglampahi parentah wau. Inggih punika ngentosi sasmita saking
Kunthara utawi tiyang sanesipun" Gima nutugne anggone crita.
"Kok Tiyang sanesipun? yen ngono
Kunthara ana kancane maneh?" Demang Kedhungtuwung takon.
"Inggih, Ki Demang" wangsulane
Gima "kajawi kengkenan kula, Ki Kunthara ugi ngengken tiyang-tiyang saking
Genengan, namine sinten kula dereng ngertos. Tiyang-tiyang Genengan punika
ingkang kaprentah damel kosek rumiyin kanthi mlebet dhateng Gupit, mangke
menawi tiyang-tiyang Kedhungtuwung sami kepancing nguber tiyang Genengan, kula
sakanca nembe angsal mlebet dhateng Ngablak ndhatengi griyanipun Juragan
Wangsa. Murih boten wonten seling-surup lan salah tampi antawisipun kula sakanca
kalih tiyang Genengan wau, dening Ki Kunthara kaprentah pepanggihan ing
sangandhaping wit Widara ingkang kondhang angker caket Tegal Bera kilen mrika
nika".
Gima meneng sedhela, ngulu idu kanggo
nelesi gorokane sing garing. Bebau Krajan tanggap, nyandhak kendhi banjur
disrogne neng ngarepe Gima, dikongkon ngombe.
"Matur nuwun Ki Bau" kandhane
Gima karo nyandhak kendhi lan nglangga banyune.
"Sabanjure?" Kandhane Demang
Kedhungtuwung sawuse Gima nyelehne kendhi neng klasa.
"Kaleresan, anggenipun dumugi ing
ngandhap Widara langkung rumiyin kula sakanca tinimbang tiyang-tiyang Genengan.
Kula lajeng ngentosi ing mriku kaliyan nyanjangi kanca-kanca damelan punapa
ingkang dados prentahipun Ki Kunthara, jalaran mila saderengipun kanca-kanca
dereng mangertos, namung bidhal ngaten kemawon sasampunipun kula ajak"
wangsulane Gima nyambung anggone crita "sareng sampun rampung anggen kula
nyanjangi kanca-kanca, dumadakan Raden-Raden kekalih punika dumugi nyaketi kula
lan criyos bilih piyambakipun kekalih punika tiyang Genengan ingkang nembe kula rantos. Waunipun kula boten pitados, awit Raden
kekalih niku boten wangsulan nalika kula takeni mawi sandi basa, nanging kula
lajeng dados pitados sareng kekalihipun nyebut nami kula sakanca, lan mangertosi sedaya rancangan ingkang kula
cariyosaken dhateng kanca-kanca".
"Lha dening Anakmas Rangga lan
Anakmas Marga kowe dikandhani apa?" Demang Kedhungtuwung nyelani nganggo
pitakonan.
"Kekalihipun criyos menawi
rancanganipun dipun ewahi dening Lurah Kunthara, jalaran criyose Raden-raden
niku, Juragan Wangsa sakbrayat nembe nyipeng dhateng Kademangan, mas
berleyanipun dibeta sedaya. Lajeng kula sakanca dikandhani, najan boten siyos
ngampak dhateng griyane Juragan Wangsa nanging wonten damelan sanes ingkang
langkung sae malih" Gima mangsuli pitakone Demang Kedhungtuwung.
"Gaweyan sing luwih apik? mungguhmu
?. Gaweyan apa kuwi?" pitakone Demang Kedhungtuwung maneh karo mesem.
Demang kuwi mbatin rumangsa eram karo kapinterane Rangga lan Marga.
"Boten dicethakne" Gima
wangsulan "malah kula diajak dhateng Lepen Tuwung, sanginggiling
sabrangan, criyose, Lurah Kunthara sampun nengga ing mrika. Kula sakanca inggih
lajeng manut. Nanging sareng dumugi panggenan ingkang dipun criyosaken wau,
dumadakan kula mireng tengara sasmita suwantenipun peksi Kedasih ingkang
ngasih-asih wongsal-wangsul, kula apal sanget bilih punika tengara saking Ki
Kunthara utawi tiyang-tiyang Genengan, ingkang ngabari menawi sampun dumugi ing
ngandhap Widara. Jalaran nalika kula sakanca dumugi ing ngandhap widara wau
kula ugi nyukani sumerep bilih kula sakanca sampun dumugi lan kula pikantuk wangsulan
supados nengga sakedhap, nanging jebul suwanten peksi Tuhu ingkang dados
sasmita murih kula nengga sakedhap punika suwantenipun Raden kekalih
niku".
"Lha kowe bareng wis ngono kowe
banjur kepriye?" Demang Kedhungtuwung nyelani critane Gima.
"Kula nembe kraos bilih kula sampun
kapusan, diapusi dening nem-neman kalih ingkang ngakenipun tiyang Genengan kala
wau. Mesthi kemawon kula lajeng muring, boten trimah dene sampun wonten tiyang
ingkang wantun njarag kula sakanca. Nem-neman kalih niku badhe kula pilara nek
prelu nggih kula pejahi pisan. Nanging, jebul Raden kekalih niku sakalangkung
digdaya, boten ngantos sapanginang kula sakanca sampun kadamel lumpuh tanpa
daya, malah badhe guneman mawon ugi boten saged. Kula tiyang sekawan niki kados
reca dipun tata ditumpangne sela ageng ing tengah lepen, lajeng nem-neman kalih
niku criyos menawi badhe ditilar sakedhap. Jebul nem-neman kalih niku malah
mapan tilem kanthi linggih sendhen sela ing pinggiring lepen. Sareng sawatawis
tilem, lajeng nglilir kula sakanca nunten diajak mriki criyose badhe dipun
pasrahaken Ki Demang murih dipun adili" Gima mungkasi critane, banjur
nyandhak kendhi maneh arep nelesi gorokane.
"Mung kuwi critane?" Demang
Kedhungtuwung takon sawuse Gima rampung olehe ngombe.
"Inggih sampun kula aturaken sedaya
Ki Demang" wangsulane Gima sing banjur nglirik Rangga aweh sasmita yen
dheweke wis nuruti apa sing dikarepne Rangga.
"Gajege isih ana sing kliwatan
Gima?" Rangga numpangi rembug.
"Ingkang pundi Raden?" Gima
takon karo ngeling-eling apa sing durung dikandhakne.
"Sapa sing kok rembug karo
kanca-kancamu sadurunge aku nemoni kowe neng ngisor Widara mau? Sing jaremu
kapeksa dirampungi jalaran dianggep gagal anggone nindakne prentahe lurahmu
mau?" Rangga ngenahne sing dadi pitakone.
"Inggih, inggih kula pancen criyos
dhateng kanca-kanca kula menawi nyambut damel kaliyan Lurah Kunthara punika
kedah kasil, menawi ngantos boten kasil saged nampi paukuman awrat, malah
menawi ngantos boten kasilipun punika saged ndadosaken konangane utawi mbikak
wewadinipun Lurahe, saged dipun pejahi kangge mbuwang tilas, kados ingkang
nembe kemawon dipun alami dening Gurit, Durjana sekti mandraguna ingkang kedah
pejah ing tanganipun Lurahe Kunthara kala wingenane nika" Gima nambahi
critane awit saka pitakone Rangga.
"Gurit? Sapa maneh kuwi?" Bebau
Krajan sing maune meneng ngrungokne critane Gima ketrucut melu nrambul gunem.
"Gurit niku Benggol Kecu ingkang
kondhang saged mabur lan saged ngilang niku lho Ki Bau" wangsulane Gima
"piyambake dipejahi Kunthara jalaran anggenipun mbradhat prawan ingkang
nami Liyem konangan tiyang Kedhungtuwung lan malah saged dipun pikut lan dipun
rangket dados bandan, ingkang lajeng dipun suduk pedhang jantungipun dening
Kunthara".
"Oooooo" Wong sapendhapa kabeh
bareng muni.
"Makaten punika salah satunggal asilipun
anggen kula kalih adhi kula dolan dhateng Lepen Tuwung dalu niki Ki Demang"
kandhane Rangga sawuse rada sauntara padha meneng "asil sanesipun benjing
badhe kula aturaken mligi kagem Ki Demang piyambak".
"Inggih, inggih Anakmas"
wangsulane Demang Kedhungtuwung, sing banjur ditutugne guneman marang Bebau
Krajan, Kedhungori, Kaliumprik lan Jagabaya Sekayu "saiki aku njaluk
panemu ndika kabeh magepokan karo wong papat iki. Kepiye?".
wekdal niki salebeting bebaya, jalaran
wonten ingkang kuwatos menawi ngantos wewadinipun kawiyak lumantar cariyosipun
Gima sakancanipun punika Ki Demang".
"Kuwi bener Baune" wangsulane
Demang Kedhungtuwung "murih becike banjur kepiye?"
"Inggih kedah dipun ayomi gesangipun
Ki Demang" Jagabaya Sekayu sing semaur "kados pangayoman ingkang
dipun paringaken dhateng Jayaglegek kaliyan Kartagentho nika".
"Yen ngono, ndika ngajak bocah-bocah
prajurit sacukupe, kareben Gima sakancane iki bisa leren kanthi ayem ndika
worne karo Jayaglegek lan Kartagentho wae" Demang Kedhungtuwung banjur
aweh prentah marang Jagabaya Sekayu.
"Nuwun sewu Ki Demang" Bebau
Krajan guneman maneh "punika kula tingali Adhi Jagabaya Sumpring ketingal
nembe kirang sekeca badanipun, kados pundi punika Ki Demang?".
"Oh, ya tulung Baune, ndika aturi Ki
Jagabaya Slumpring leren ing gothakan mburi pringgitan lan murih ora ana sing
ngganggu, mengko lawange ndika kancing saka jaba wae" wangsulane Demang
Kedhungtuwung.
Ora suwe keprungu suwara MIJIL :
jago kluruk sing ngganter tan sarenti,
ana jroning kombong,
sesahutan arame swarane,
mratandhani wis meh wanci enjing,
wengi meh gumanti,
kasalinan esuk.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar