SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
69.
Marga mlebu gothakan ditutne prajurit loro
sing mau mbukakne lawang, sauntara Rangga ana jaba jagongan karo
prajurit-prajurit liyane. Jayaglegek, Karta Gentho karo Gima sakancane sing
maune padha jagongan padha meneng bareng. Kabeh ngulatne tekane Marga sing
sajak ora ngawaki, banjur ngetokne bumbung isi gerusan gegodhongan lan
oyot-oyotan arep kanggo nambani Kartagentho karo Jayaglegek.
"Kepiye kahanane tau ndika
Paman?" karo mapan lungguh Marga nakoni Kartagentho lan Jayaglegek.
"Ya ngono kuwi deloken dhewe"
wangsulane Kartagentho sajak ora pati mbutuhi.
Gima sakancane sing krungu wangsulane
Kartagentho ngono kuwi padha pating plengak gumun. Ya ora maido wong pancen
Kartagentho kuwi kondhang wong sing duwe sipat kaku ngendelne dumeh wis dhuwur
genderane. Nanging, wektu iki rak kahanane ora beda karo kahanane Gima,
Penthet, Jagul lan Genambuthil ? malah kena diarani luwih nemen, wong nyatane
arep mlaku wae Kartagentho kuwi isih ngrekasa. Nanging kok ya panggah isih
dhuwur rasa gumendhunge, isih gedhe sipat kumalungkunge?.
Marga dhewe ora pati nggagas karo
wangsulane Kartagentho sing mangkono mau, jalaran anggone takon mau mung kanggo
nguripne kahanan kareben ora krasa kaku. Mula Marga ya ora nanggapi, karo
guneman, malah Marga uga banjur mbukak bumbung tambane lan nyepak-nyepakne sing
arep kanggo nambani sikile wong loro sing dadi tawanane kuwi.
"Wis rada apik kok Ngger" bareng
Marga ora guneman aweh tanggapan marang wangsulane Kartagentho, Jayaglegek sing
banjur semaur kanthi sareh "wis keneng dienggo ngadeg lan mlaku, nanging
isih krasa lara. Nek mung dienggo slonjor ngene iki ya ora krasa lara
maneh".
Marga ndengengek nyawang Jayaglegek sing
slagane wis wiwit owah, ketok wiwit
semanak. Ora kaya Kartagentho sing panggah ketok yen durung bisa
ngilangne rasa memungsuhane.
"Ya kudu tlaten Paman"
wangsulane Marga "mengko sore tak kira wis suda larane, merga
balung-balunge wis wiwit tumata maneh".
Muni ngono kuwi Marga karo nyelehne
bumbung wadhah banyu karo buntelen cilik-cilik isi gerusan tamba neng cedhake
wong loro kuwi.
"Bubukan iki bisa dienggo bola-bali
Paman, dibobokne neng papan sing lara, dicarub karo banyu neng bumbung
iki" kandhane Marga nggenahne carane nambani, banjur Marga genti kandha
marang Gima "Kisanak Gima, tulung
ndika sing awake waras, bubukan iki campuren ngangge banyu banjur blonyohna
menyang tatu-tatu neng sikile Paman Karta karo Paman Jaya iki".
"Nggih Den" wangsulane Gima.
"Aku nedha nrima banget lho ngger,
muga-muga aku enggal bisa waras" Jayaglegek numpangi rembug.
"Iya paman" wangsulane Marga
"mbok menawa ana sing arep dikandhakne marang aku sadurunge tak
tinggal?".
"Aku mung arep takon"
Kartagentho sing semaur dhisik.
"Takon apa Paman?" Marga takon
karo suwara sing sareh.
"Kapan aku kabeh anggone nggantung
neng lapangan banjur disuraki dening wong sadesa?"
Marga nyawang praupane Kartagentho rada
suwe, karo sorot mripat sing sabar.
"Paman Karta kepengin dipatrapi
pidana gantung neng lapangan?" pitakone. Kartagentho ora semaur, lambene
mecucu. Marga banjur nyambung rembuge "nek pancen sing ndika pengini
dipidana gantung, ya sing rada sabar dhisik, mengko tak matur marang Ki Demang
nek ndika wis kepengin ngrasakne mati srana dijiret gulune nganggo tampar
banjur digantung ana lapangan ben dadi tontonane wong sakademangan kene".
Kartagentho ora semaur maneh, banjur Marga
genti nakoni wong liyane :
"Liyane Paman Kartagentho sapa maneh
sing ngersakne dijiret gulune banjur digantung neng lapangan?".
"Aku njaluk pangapura ngger"
Jayaglegek semaur alon "saupama aku kudu dipatrapi pidana sarana
digantung, aku ya ora bakal suwala, nanging upama bisa aku kepengin sadurunge
digantung kersaa Ki Demang lan wong-wong ing Kedhungtuwung kene kabeh aweh
pangapura marang kabeh luputku, murih sukaku bisa rada tentrem neng
kanane".
"Aja samar paman" wangsulane
Marga "kira-kira ndika ora bakal nampa pidana kaya sing dipengini Paman
Kartagentho kuwi mau, sanadyan mbok menawa kudu ngliwati dadi wong ukuman mbuh
pirang sasi suwene, sing cetha waton ndika ora gawe kaluputan maneh, ndika ora
bakal dianiaya lan bakal luwar dadi wong mardika maneh".
"Ya yen pancen mangkono aku banget
ngaturake panuwun Ngger" wangsulane Jayaglegek.
Marga ngadeg banjur mlaku metu, prajurit
loro sing mau ngetutne isih keri ora melu metu. Bareng wis sauntara
meneng-menengan, salah siji saka prajurit kuwi banjur kandha marang Jayaglegek
lan Kartagentho :
"nDika wong loro, mengko rada awan
sethithik bakal diadhepne ing ngarsane
Ki Demang lan para bebau. Ndika sakloron bakal ditakoni sing magepokan karo
sing wis ndika tindakne, mula aku mung meling murih Ki Demang ora sansaya duka,
ndika kudu gelem wangsulan kanthi apa anane, aja nganti gawe crita ngayawara
luwih-luwih nganti ngapusi. Ngerti?"
"Iya aku ngerti kisanak"
Jayaglegek sing mangsuli.
"Awit, yen ndelok karo sing arep ditindakne
Kunthara wingenane kae, ketoke akeh wewadi sing ndika weruhi" Prajurit
kuwi nutugne rembuge.
"Lho? Apa sing ditindakne Kunthara
Kisanak?" Jayaglegek takon semu gumun.
"Dadi ndika durung ngerti?"
prajurit kuwi mbalik takon "Kunthara nedya gawe pati ndika wong sakloron
ing jerone gothakan iki, tujune kedhisikan konangan Adhi Rangga karo Adhi
Marga, upama ora, kira-kira ndika wong loro wis dadi bathang kena warangane
Kunthara. Mula wiwit kedadeyan kuwi, panggonan ndika iki banjur ditunggu dening
prajurit sing luwih akeh, murih keslametan ndika bisa kareksa kanthi
sabecik-becike".
Kartagentho karo Jayaglegek ora semaur,
mung sirahe manthuk-manthuk, pikirane nglambrang nggambarake praupane Kunthara,
wong sing banget diajeni lan dipercaya kabeh omongane.
"Dadi ndika kabeh kudu ngerti, yen
Kunthara kuwi arepa kaya ngapa panggah ora duwe rasa percaya marang sapa wae,
kalebu marang ndika kabeh" kandhane prajurit kuwi sabanjure.
"Nggih Kisanak" Gima ketrucut
semaur "kula empun ngertos niku, waune kula kinten sing Kunthara niku
namung tega mejahi andhahan sing andhap-andhap kados kula niki, nanging sareng
kula ngertos Gurit kemawon inggih dipejahi kangge nutupi wewadose kula lajeng
mikir. Sansaya malih sareng ndika criyos menawi Ki Karta kalih Ki Jaya sing
genderane mpun dhuwur kemlebete mawon ugi badhe dipejahi, kula sansaya tambah
ajrih, kula estu kapok nyambut damel kalih tiyang Bulakbadher niku".
"Bener Kisanak" wangsulane
Prajurit Kademangan kuwi "mumpung isih ana wektu, luwih becik ndika lereni
wae gaweyan ndika sing nerjang sarak nyingkiri bebener kuwi".
"Inggih Kisanak" wangsulane
Gima.
"Iya Kisanak" genti Jayaglegek
sing banjur wangsulan "aturna marang Ki Demang, ditimbali sawayah-wayah
aku ora kabotan lan kabeh pandangune Ki Demang bakal tak wangsuli kanthi
sakjujur-jujure. Kanthi mangkono sokur yen bisa dadi sarana pangentheng-entheng
pidana sing bakal tak tampa, saora-orane muga-muga bisa ngurangi dosa-dosaku
marang Sing Maha Kuwasa".
"Matur nuwun Kisanak" wangsulane
Prajurit kuwi karo ngadeg "saiki disekecakne dhisik anggon ndika padha
leren, ndika ora perlu sumelang, kaslametan ndika direksa dening prajurit
Kademangan sing cacahe luwih akeh. Saiki arep tak tinggal metu dhisik".
Prajurit loro kuwi banjur mlaku metu
ninggalne Jayaglegek lan wong liyane. Lawang gothakan pakunjaran kuwi bali
dikancing saka jaba.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar