SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
70.
Ditinggal Marga lan Prajurit Kademangan,
Gima banjur miwit nandangi apa sing diprentahne Marga, yaiku mbanyoni bubukan
tamba nganggo banyu banjur ditambakne menyang sikile Kartagentho karo sikile
Jayaglegek . Kartagentho wiwit kegugah atine, ora ana gunane mbeguguk makutha
waton nuruti prasetyane marang Paguron sing nyatane gampang banget aweh pepati
marang andhahane dhewe sing wis kecekel dening mungsuhe. Kabeh andhahane dianggep
ora bisa nyimpen wewadi mula kudu dipateni. Beda adoh karo sing dilakokne
Demang Kedhungtuwung sing jarene wong sing wis tegel karo sedulure dhewe,
nanging kanyatane nadyan dheweke wis cetha yen mungsuh sing wis tumindak luput,
ewa dene isih diopeni kanthi becik, keslametane isih dijaga. Malah saka lambene
Marga Kartagentho ya melu ngrungokne rembug marang Jayaglegek, yen kira-kira
ora bakal Demang Kedhungtuwung nibakne pidana pati marang Jayaglegek waton
gelem kandha kanthi blaka.
"Tak pikir pancen bener panemumu kok
Kang" kandhane Kartagentho marang Jayaglegek.
"Panemu sing endi Dhi?"
Jayaglegek takon.
"Upama awake dhewe iki ora digawa
mrene dening Rangga lan Marga kira-kira malah wis mati neng Guwa Klumpit"
wangsulane Kartagentho.
"Iya Dhi, kuwi keneng
dipesthekne" wangsulane Jayaglegek "mbuh mati merga dikereg kewan
galak, mbuh mati kaliren, mbuh mati merga dipateni sing jarene kancane dhewe.
Sing cetha mati sing siya-siya, coba saupama ora ana wong Kedhungtuwung sapa
sing gelem ngrukti utawa mendhem mayite wong-wong sing mati disawat peso dening
Panembahan Timur kae? ".
"Aku
suwe-suwe ya bisa ngrasakne, wong Kedhungtuwung kuwi ora kaya sing
dicritakne Panembahan Timur utawa Ki Kahastha marang awake dhewe kae, yaiku
Demang sing merga kepengin urip mukti wibawa nanging ancik-ancik kasangsarane
wong liya sarta duwe sipat tegel gawe panandhange wong cilik" kandhane
Kartagentho sabanjure.
"Iya Dhi" wangsulane Jayaglegek
"satemene wiwit awake dhewe digotong neng tandhu banjur diajak leren ana
pinggir kali, banjur katekan brandhal Gurawa sakancane sing ndadekne Gurawa
sakancane banjur dadi bandan kae, aku wis krasa".
"Krasa kepiye Kang?" Kartagentho
genti takon.
"Krasa yen wong wong Kedhungtuwung
kuwi ora seneng nyiksa lan nyikara marang wong liya, sanajan marang mungsuhe
pisan. Nyatane, awake dhewe iki sanajan wis ora bisa apa-apa ya isih diopeni
apa mesthine, ora bisa obah malah mangan barang ya didulang. Banjur sawise
Gurawa klakon dikalahne, ya ora banjur disikara nanging malah tatu-tatune padha
ditambani, iya apa ora?".
"Bener kandhamu Kang" wangsulane
Kartagentho "nanging, maune aku isih durung percaya sawutuhe, awit aku
eling karo sumpah sing tak ucapne ing ngarepe Panembahan Timur nalika samana.
Nanging bareng aku ngerti critane Prajurit loro mau, sing jarene Kunthara nate
mbudidaya arep gawe patine awake dhewe sawise awake dhewe dikrangkeng ana
gothakan iki, aku banjur mikir, yen ora ana gunane ngugemi sumpah marang wong
sing mung arep ndadekne awake dhewe dadi alate, yaiku alat kanggo nggayuh
kamukten,lan alat kuwi sawayah-wayah gampang wae anggone nyingkirake".
"Lha banjur si Adhi arep
kepiye?" Jayaglegek takon kaya nanting tekade kancane.
"Sanajan isih bingung, aku arep manut
karo si kakang wae" wangsulane Kartagentho.
"Isih bingung? Bingung kepiye ta
Dhi?" Jayaglegek takon.
"Kakang ngerti dhewe ta? aku iki neng
omah ninggal kokoh, anakku isih cilik" wangsulane Kartagentho karo mripate
nyawang mendhuwur sajak tumlawung "biyen Ki Janggan Kumala nate kandha
sawuse aku ngucapne sumpah setya marang Paguron, yen nganti aku mati sajroning
ngayahi jejibahane Paguron, mangka anak bojoku bakal diopeni dening Paguron
nganti sakgedhene anakku. Lha nek iki mengko saupama aku dikunjara dening
Demang Kedhungtuwung, sajrone aku dikunjara kuwi sapa sing bakal menehi pangan
marang anak bojoku?".
Jayaglegek unjal ambegan dawa, sawuse
meneng sedhela nuli wangsulan,olehe omong ketok ngati-ati banget :
"Padha wae Dhi, anakku neng omah ya
ana papat isih durung bisa apa-apa kabeh. Nek sadurunge kedadeyan ing Guwa
Klumpit wingenane kae, aku isih padha karo si adhi yaiku percaya banget karo
kabeh sing dikandhakne sedulur tuwa sapaguron klebu Ki Janggan Kumala, ya kuwi
nek aku nganti mati sajrone nindakne wajib, jarene anak bojoku bakal diramut, dicukupi
sandhang pangane. Nanging bareng aku ngerti dhewe apa sing ditindakne
Panembahan Timur marang wong-wong sing ngeterne kurban kae, jujur wae Dhi, aku
babar pisan malih ora percaya marang kabeh omongane wong Paguron, ora mung
omongane Ki Janggan Kumala utawa Panembahan Timur, sanajan omongane Panembahan
Sekarjati pisan ora bakal aku gelem percaya. Apa si adhi isih percaya karo
janji sing dikandhakne Janggan Kumala marang
si Adhi?".
Diwalik nganggo pitakonan ngono kuwi
Kartagentho meneng ora bisa wangsulan, amerga satemene pikirane Kartagentho wis
ora beda adoh karo lakuning pikirane Jayaglegek. Wong loro kuwi banjur padha
meneng, ora ana sing omong. Pikirane padha tumlawung adoh miyaki lelakon sing
wis kawuri, sing wekasane mung nguwohne rasa getun lan rasa keduwung sing nyata
ora ana gunane. Gawang-gawang neng mripat batine, sing sasuwene iki ora tau
mampir ing angen-angene, tangise bocah cilik sing sambat kadhemen merga ora
duwe sandhangan kanggo salin, jerite bocah-bocah sing merga kaliren lan ora ana
panganan sing bisa dipangan. Gima
sakancane sing maune mung meneng karo ngrungokne apa sing dirembug wong loro
kuwi, pikirane dadi melu kuwur sing ora karu-karuwan, jalaran wong papat kuwi
uga padha duwe anak sing isih cilik-cilik lan wong papat kuwi uga padha ora
ngerti nasib apa sing bakal ditemoni anak-anake yen dheweke padha ora bisa bali
jalaran kudu nglakoni urip ana ing pakunjaran.
Dumadakan lawang gothakan kuwi obah,
dibukak saka njaba. Ora suwe ana prajurit loro mlebu marani panggonane
Kartagentho karo Jayaglegek. Dudu prajurit sing mau ngancani Marga, nanging
prajurit liya.
"He, kowe wong loro Jaya karo Karta,
ayo padha melu aku, ditimbali Ki Demang neng Pendhapa!" salah siji saka
Prajurit kuwi kandha.
Jayaglegek karo Kartagentho mung manthuk
ora semaur apa-apa.
"Wis bisa mlaku dhewe apa durung
?" Parjurit sing sijine genti sing nakoni "yen durung bisa ben
digotong kanca-kanca".
"Alon-alon wis bisa Kisanak"
sing wangsulan Jaya Glegek.
"Ya wis, nek ngono ayo alon-alon
wae".
Alon-alon lan sajak ngati-ati Jayaglegek
lan Kartagentho ngadeg, banjur mlaku arep metu ngetutne prajurit sing mau omong
dhisik sing wis ndhisiki mlaku metu, sauntara prajurit sing takon keri mau,
ngetutne saka mburi klawan tangane nyekeli gagang pedhang sing wis ligan.
Gima karo kanca-kancane mung bisa nyawang
lan ora kumecap apa-apa nganti lawange gothakan bali ditutup lan dikancing saka
njaba.
"Bareng neng kene Kartagentho sing
kondhang galak lan menangan dhewe kae ya banjur ketok nglumpruk tanpa daya ya
Kang?" Genambuthil guneman marang Gima.
"Wong kuwi nek wis dadi bandan kaya
awake dhewe ngene iki padha wae Na" wangsulane Gima "merga jenenge
wae wis kalah, dadi ya ora ana maneh sing arep diendel-endelne. Luwih-luwih
mengko nek wis teka ngarepe Ki Demang, nek nganti kleru olehe guneman gulu
totohane".
Genambuthil ora semaur maneh, atine dadi
cilik, merga eling yen dheweke sedhela maneh bakal diadili kanggo nampa pidana.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar