SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
71.
Nalika Jayaglegek lan Kartagentho tekan
pendhapa, neng kono wis mlumpuk para bebau, para jagabaya lan para prajurit
sing sikep gegaman jangkep. Ki Demang lungguh neng tengah diapit para bebau lan
para jagabaya. Sauntara Rangga lan Marga uga ana lungguhe mapan ana pucuk sisih
kiwa. Jayaglegek lan Kartagentho dilungguhne pas ana ngadhep Demang
Kedhungtuwung watara gang sadhepa ana ngarepe. Wong loro sing kulinane yen
nyawang wong sing ora pati ditepungi seneng ngremehne, dumeh rumangsa duwe
kaluwihan ing ulah kanuragan, dina kuwi babar pisan ilang sikep kumalungkunge.
Kekarone katon aclum praupane, ora wani ndhangak nyawang wong ing sacedhake,
mung ndhingkluk sajak miris lan sedhih pikire.
"Piye kahanan sikilmu Ki Kartagentho
karo Ki Jayaglegek? Eh, bener ta jeneng ndika Kartagentho karo
Jayaglegek?" Demang Kedhungtuwung miwiti anggone takon.
"Leres Ki Demang" sing wangsulan
Jayaglegek karo rada ndengengek "kula Jayaglegek lan niki rencang kula Adhi
Kartagentho. Pikantuk sawab saking Ki Demang, anggenipun Angger Marga nambani
tatu-tatu ing balung sikil kula lan sukunipun Adhi Karta sampun sae, kantun
sakedhik radi sakit menawi damel mlampah".
"Ya sokur yen pancen mangkono"
kandhane Ki Demang sabanjure "dadi saupama dina iki aku lan kanca-kanca
Bebau ing Kedhungtuwung kene kepengin takon marang ndika wong sakloron, mesthine
ndika wis padha bisa aweh wangsulan kanthi becik".
"Inggih Ki Demang" Kartagentho
sing mangsuli "kula kekalih badhe mangsuli sedaya pandangunipun Ki Demang
saha para Bebau, kanthi sak sae-saenipun".
Ki Demang noleh ngiwa nengen, nyawang para
Bebau lan para Jagabaya uga marang Rangga lan Marga, aweh sasmita yen arep miwiti
anggone nakoni bandan loro kuwi. Sing ditoleh lan disawang padha manthuk
ngiyani .
"Ya sadurunge aku lan para Bebau
Kedhungtuwung ora arep meksa ndika sakloron aweh wangsulan kaya sing tak
karepne, ndika kena wae aweh wangsulan sing ora bener, lire goroh utawa nyelaki
kanyatan sing wis ndika tindakne. Dadi kabeh tak balekne marang ndika sakloron,
jalaran iya awit kanthi wangsulan sing ndika wenehne marang aku lan para Bebau
Kedhungtuwung mengko sing bakal nemtokne nasib ndika sateruse. Ndika sakloron
wenang milih, milih bali dadi wong merdika, milih dadi wong sing kudu mapan ana
kurungan, utawa milih cepet tumekeng pati kanthi cara sing banget sengsarane,
bisa kanthi cara dibeleh kaya rajakaya, digantung utawa dipicis ing sadhuwure
kayu pamenthangan nganti samatine" kandhane Demang Kedhungtuwung kanggo
miwiti anggone arep nakoni bandan loro kuwi.
Kartagentho karo Jayaglegek sing diajak
guneman Demang Kedhungtuwung kuwi ora semaur mung sirahe sansaya jero anggone
ndhingkluk nyawang joganing pendhapa.
"Pitakonku sing kapisan"
kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse meneng sauntara "aku kepengin ngerti
sapa sejatine ndika wong loro iki? Lire sing ana gegayutane karo sing ndadekne
ndika wong loro kerengan karo Anakmas Rangga lan Anakmas Marga ing laladan
Kedhungtuwung?".
Jayaglegek karo Kartagentho suwe ora
enggal kumecap mangsuli pitakone Demang Kedhungtuwung sing mangkono kuwi.
Kekarone rada bingung anggone arep mangsuli, jroning atine wong loro kuwi
campuh antarane arep blaka apa anane utawa nyingidne wewadi sing miturut sumpah
sing tau diucapne ing ngarepe guru-gurune bakal dikukuhi ora arep dicritakne
marang sapa wae lan bakal nggawa wewadi kuwi kanggo sangu mati. Sabab yen
nganti wani blaka ateges padha karo wis nyidrani janjine marang para gurune,
lan kuwi bisa dadi jalaran sengsarane anak bojone, sauntara jiwane dhewe durung
karuwan bisa dislametne klawan ngaku blaka marang mungsuhe iki.
"Piye Kartagentho karo
Jayaglegek?" Demang Kedhungtuwung bali guneman sawuse wong loro kuwi mung
meneng ora gelem semaur mangsuli pitakone "yen pancen ndika wong loro ora
gelem blaka apa anane aku ya ora apa-apa, jalaran satemene aku wis ngerti
wangsulan sing bener saka pitakonku iki mau. Lan sajake para Bebau lan para Jagabaya
ya luwih seneng yen ndika ora gelem blaka, jalaran pitakonku bakal tak cukupne
samene wae, dadi ora kesuwen anggone mbuwang wektu sing tanpa guna. Para Bebau
kari andum gawe, ana sing mandhegani nyepakne kayu pamenthangan kanggo ndika
wong loro lan ana sing kudu mapag anak bojo ndika sing ana omah, kareben padha
nekseni anggon ndika padha nempuh pepati sarana nglakoni pidana picis ing
tengah ara-ara".
Krungu ukara sing diucapne Demang
Kedhungtuwung sing nadyan dikandhakne klawan sareh lan sabar, nanging wosing
ukara banget nggegirisi ngono kuwi, sakala Kartagentho karo Jayaglegek nangis
karo sujud neng ngarepe Demang Kedhungtuwung.
"Ki Demang" tembunge Jayaglegek
ing sela-selaning tangise "kapicisa kula boten badhe suwala jer kula
sampun kaanggep lepat, nanging mugi wontena welasing penggalih anak tuwin semah
kula saestu boten tumut napa-napa, sampun dikatut-katutne kaliyan dosa
kula".
"Inggih Ki Demang" Kartagentho
melu guneman karo nangis "saestu kula boten dora, nadyan kula niki
bajingan leletheging bawana, nanging anak tuwin semah kula saestu dede tiyang awon,
ingkang awon niku kula, Ki Demang badhe dosa menawi ngantos paring pidana
dhateng anak lan semah kula ingkang boten ngertos punapa-punapa".
Ki Demang ngguyu ngece, babar pisan ora
katon thukul rasa welas merga krungu tangise Kartagentho lan Jayaglegek sing
sujud neng ngarepe.
"Lho sapa sing arep aweh pidana
marang anak bojo ndika he?" Demang Kedhungtuwung kuwi takon karo ngguyu
"aku ora arep nyikara anak bojo ndika, ngerti? Mung arep aweh pitutur
marang anak bojo ndika supaya mbesuke ora niru lakon sing ndika tindakne.
Supaya pituturku mau digugu, anak bojo ndika tak tuduhi yen nganti anak bojo
ndika niru laku ndika sing nerjang sarak nyingkiri bebener, bakal mati kaya
sing ndika alami mengko. Yaiku mati sawuse dipenthang ing kayu palang, banjur
bebalung ndika diremuk sarana dithuthuki, kulit-kulit ndika diiris nganggo peso
lan dioser-oseri banyune uyah lan asem, lan ndika bakal diumbar ing kayu palang
kono nganti sak mati ndika dhewe".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang, mugi wontena
welasing penggalih, kadhawahana pidana gantung kula boten suwala, lan kula
ndherek nitipaken pejah gesangipun anak lan semah kula sampun ngantos nampi
panyikara saking tiyang-tiyang ingkang sampun mrentah kula nindakaken sedaya
ingkang dipun anggep lepat dening Ki Demang lan para Bebau ing Kedhungtuwung
mriki lan minangka gantosipun, kula badhe matur blaka sedaya ingkang kula
ngertosi gegayutan kaliyan kedadosan-kedadosan kisruh ing Kademangan
Kedhungtuwung punika" Kartagentho wekasan kandha marang Demang Kedhungtuwung,
yen arep blaka.
"nDika kuwi luwih lucu" Demang
Kedhungtuwung semaur karo setengah ngguyu "ndika kuwi bandan kok malah
mrentah sing mbanda? karep ndika kuwi kepriye?".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang"
genti Jayaglegek sing wangsulan karo tetep nangis "estu, anggen kula
kekalih boten enggal mangsuli pandangunipun Ki Demang kala wau, jalaran boten
kok kula ajrih dhateng Ki Demang tiwas blaka nanging tetetp kapidana, boten
punika. Nanging kula kekalih ajrih awit menawi kula ngantos blaka,
tiyang-tiyang ingkang dados pangajeng kula badhe ndhawahaken ukuman dhateng
anak saha semah kula. Pramila kula samangke badhe blaka dhateng Ki Demang lan
kula ugi boten badhe suwala manawi badhe kapidana sauger anak lan semah kula
ingkang boten ngertos napa-napa boten nandhang cintraka awit nyangga dosa-dosa
kula".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar