Total Tayangan Halaman

Kamis, 10 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (076)

 

 

76.

Patih Mandaraka lan sing padha krungu pangandikane Pangeran Singasari kuwi padha duwe dudutan dhewe-dhewe. Tumenggung-tumenggung sing duwe sesambungan raket karo Senapati Agung Nagarara Mataram kuwi padha mbenerake apa sing didhawuhne Pangeran Singasari, lan duwe panemu yen Rangga wis nggedhek-nggedhekne warta sing dirungu utawa diweruhi banjur diaturne marang Patih Mandaraka kanthi diwuwuhi emper pisan. Para Tumenggung kuwi duwe panemu nanging ora diucapake, ya iku padha karo panemune Pangeran Singasari sing nganggep yen pambalelane Panembahan Dewa Karkatha saka Paguron Tangen kuwi mung kaya dene barisane truwelu sing nyegat lakune barisane Macan Gembong, dadi kanggo ngrabasa Paguron Tangen kuwi tumrap Mataram kena diarani angel mijet wohing ranti. Kanthi mangkono, ature Rangga sing lumantar layang sing digawa dening Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma kuwi ora kudu digatekne nemen-nemen.

 

Beda maneh karo panemune Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan para tumenggung sing ora pati raket karo Pangeran Singasari. Wong-wong kuwi duwe panemu yen Rangga kuwi nom-noman sing lantip panggraitane, apa sing diaturne marang Patih Mandaraka lumantar layang kuwi cetha yen wigati, lire kekuwataning Paguron Tangen sing wis nedya mbalela arep ngrangsang Mataram, yegti ora kena disangga entheng. Wong-wong kuwi uga duwe panemu, yen sing jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi mung kaya sing didhawuhne dening Pangeran Singasari mau, mesthine ora ndadak Rangga atur layang marang Patih Mandaraka, amarga wong-wong kuwi uga ngaweruhi kanthi cetha yen tuhune kasektene Rangga kuwi mung kacek sausap ing ngisore kasektene Panembahan Senapati, luwih-luwih Rangga uga dikancani Marga, sing uga nduweni kasekten sing pilih tandhing, awit Marga ngono klebu siswane sawargi Pangeran Benawa, putra dalem Sultan Pajang kang suthik jumeneng nata.

 

Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma duwe panemu sing seje maneh, wong loro kuwi menang-meneng rumangsa sansaya serik atine marang Pangeran Singasari, sing wis banget anggone ngremehne Rangga lan Marga. Nom-noman loro siswane Ki Tanparupa, titahing Allah sing wis kasinungan kaluwihan bisa ngambah ing alam sanga, nanging dening Pangeran Singasari mung dipadhakne bocah cilik sing durung pati genep nalare. Upama ora ngelingi yen wektu kuwi manggon ing dalem Kepatihan ngono, kepengin rasane Ki Gedhe Pelanggolan maju ngadeg neng ngarepe Pangeran Singasari karo nantang yen kepengin njajagi sepira jero ngelmune Pangeran sing wis wani ngremehne Rangga lan Marga kuwi.

 

"mBok menawa sing didhawuhne Pangeran Singasari iki mau ana benere" Patih Mandaraka banjur ngendika aweh tanggapan "nanging mbok menawa uga apa sing kasebut ing layange Rangga iki pancen kahanan sing sabenere. Kabeneran ing kene ana ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing luwih ngaweruhi kahanan sing ana ing Paguron Tangen. Mula coba ndika Ki Gedhe critakna kahanan ing Paguron Tangen sing miturut putuku Rangga klebu kekuwatan sing gedhe sing nedya ngrangsang Mataram kuwi, kandhakna apa anane aja ndika tutupi lan aja ndika wuwuhi".

 

"Ha....ha....ha...." Pangeran Singasari dumadakan gumuyu rada banter, banjur ngendika alon kaya ditujokne marang slirane dhewe "lha wong jirih sing dhasare ngertine mung padesan cilik, kok dikongkon crita, genah ora adoh karo critane bocah cilik sing ora njawa apa-apa, kuwi mengko genah nek sansaya serem dirungokne, kucing-kucing mesthi diarani singa barong, macan rembah bakal dikandhakake Macan gembong, ula tampar sing mung bisa nguntal kodhok ya diunekne Naga Manembur nawa sing nggubed pupune Raden Bratasena ing crita wayang kae...........".

 

"Nuwun sewu Gusti Pangeran" saking ora kuwat ngempet panasing jantunge Ki Gedhe Pelanggolan nyauti pangandikane Pangeran Singasari kanthi suwatra banter lan sereng "ing ngriki kula sadermi badhe matur dhateng Gusti Patih ingkang sanayatanipun, awit saking menika kula suwun, mbok inggiha Gusti Pangeran Singasari sanaosa boten nganggep kawontenan kula, nanging kersaa angaosi dhateng Gusti Patih ingkang badhe midhangetaken atur kula".

 

"Lancang pangucapmu he wong tuwa sing ora weruh ing tata" disauri kanthi suwara sereng, sakala Pangeran Singasari muntab penggalihe, rumangsa diwaneni dening wong pidak pejarakan, kanthi suwara sereng ki Gedhe Pelanggolan digetak  "anggepmu apa dene kowe wani kumalancang kanthi suwara wengis nguneni Pangeran Singasari? Kadang Nata sing wis pinercaya dadi Senapati Agung minangka pangayomaning Negara Mataram he?".

 

"Kula ngertos ndika niku priyagung luhur ingkang sekti mandraguna lan kagungan panguwaos"  wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan ora kalah bantere "nanging kula niki tiang Mardika, dede andhahan ndika. Sanaosa kula namung tiyang tuwek elek saking ndhusun, estunipun dereng kantenan kok menawi badhe kasoran menawi namung ngadhepi kadigdayan ndika, mbenjing kemawon menawi wonten wekdal ingkang lodhang dipun cobi, sepinten kadigadayane Pangeran Singasari saged ngasoraken tiyang tuwek saking ndesa niki napa boten............."

 

"Cukup!" Dumadakan Patih Mandaraka ngendika banter kebak wibawa. Sakala Ki Gedhe pelanggolan mingkem ora nutugne olehe wangsulan marang Pangeran Singasari. Pangeran Singasari dhewe uga banjur ora ngendikan maneh, rumangsa lingsem lan kasoran prabawa karo Patih Mandaraka.

 

"Ki Gedhe Pelanggolan" Patih Mandaraka banjur ndangu Ki Gedhe.

 

"Inggih Gusti" wangsulane Ki Gedhe karo nyembah.

 

"Prentahku marang ndika mau, gajege mung tak kongkon supaya ngandhakne kahanan ing Paguron Tangen sanyatane, ora tak prentah supaya kandha liyane utawa mangsuli ucap sing ora ditujokne marang ndika, ndika ngerti apa ora?" setengah karo srengen Patih Mandaraka ngendika marang Ki Gedhe Pelanggolan "Oraa ndika kandhakne, aku ya wis uninga yen satemene ndika kuwi siswane Kyai Markidin sing kagadhuhan ngelmu kanuragan manekarupa, awit saka Kyai Markidin ndika uga diwarisi ngelmu peparinge Raden Sengkan sing kasesep saka Syekh Jumadilkubra, semono uga karo Ki Lasma sing mbuh sepira akehe tau tate dadi siswane Raden Sengkan ya Syekh Bantarjati. Dadi nadyan kaya apa aku wis ngerti nek satemene ngelmu kanuragan ndika wong loro kuwi isih luwih jero yen ditandhing karo jerone segara kidul".

 

"Dhuh Gusti Patih sesembahan kula" ora sranta Ki Gedhe Pelanggolan nubruk sukune Patih Mandaraka karo nangis sesenggrukan kaya bocah cilik sing ditinggal blanja biyunge menyang warung "kapejahana saestu kula boten badhe suwala. Kula sampun ngrumaosi ing kalepatan lan dosa kula dhateng Gusti Patih, inggih awit saking cubluking jiwa kula temah kula sampun kumawantun tumindak degsura ing ngarsa paduka Gusti Patih".

 

"Ki Gedhe lan ndika Ki Lasma" Patih Mandaraka nuli paring wangsulan "sepira gedhening kaluputan ndika, sayegtine isih gtedhe rasa tresnaku marang ndika wong sakloron. Sabanjure, iya wit saka ucap ndika marang Kanjeng Pangeran Singasari kang mangkono kuwi mau, wis ndadekne aku luwih ngerti kahanan sing satemene sing ana ing Paguron Tangen, dadi ndika ora perlu nutugne crita kahanan sing mau tak takokne".

 

"Lepat nyuwun pangaksami Gusti" Ki Gedhe Pelanggolan wangsulan karo nyembah.

 

"Aku wis ngerti, yen sing dibudhalake Mataram kanggo nyirep lekase Panembahan Dewa Karkatha sakancane kuwi mung patang atus prajurit lan mung ditindhihi dening senapati perang lumrah, nglengkara Mataram bisa unggul ing yuda" Patih Mandaraka banjur nutugne olehe ngendika "mula sabali ndika saka kene, ndika kabarne marang putuku Rangga lan sedulur angkate ya iku Marga, yen sajroning wektu kurang saka telung pasaran wadya bala saka Mataram sagelar sepapan kanthi cacah ora kurang saka patang atus prajurit bakal teka ing Paguron Tangen. Lan kanggo nindhihi para Prajurit kuwi, mengko aku Patih Mandaraka, kanthi asma Dalem Gusti Panembahan Senapati bakal nibakne prentah marang Sang Senapati Agung Mataram ya Pangeran Singasari supaya mandhegani jumeneng minangka rajaning senapati. Sanadyan satemene aku uga ngerti, Rangga lan Marga uga wis pana yen satemene, upama dililani tumandang Paguron cilik sing jeneng Paguron Jatigrowong utawa Paguron Pelanggolan, yegti Dewa Karkatha kuwi ora bakal nggandra sepira. Nanging awit kanggo njunjung kawibawan Mataram, putuku Rangga sing tuhu lantip ing budi banjur aweh kabar marang aku kanthi atur nawala sing ndika gawa kuwi mau".

 

Patih Mandaraka mungkasi nggone ngendika, kabeh sing ana kono padha ndingkluk kasoran wibawane Patih Sepuh sing kagungan kaluwihan ngelmu njaba jero sing jangkep kuwi. Bareng dirasa wis cukup, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur pamitan bali menyang pagurone. Ora kelalen sadurunge lunga ninggalne papan kono, wong loro kuwi uga matur nyuwun pangaksama marang Pangeran Singasari, awit meh wae tuwuh kedadeyan sing ora prayoga. Pangeran Singasari uga wis bisa nampa apa sing dingendikane Patih Mandaraka kuwi, mula nalika Ki Gedhe Pelanggolan pamitan wong loro kuwi banjur gapyuk rerangkulan kaya kanca lawas sing wis suwe ora ketemu.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...