Total Tayangan Halaman

Jumat, 11 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (077)


 

 

77.

Kaya olehe mangkat, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma anggone bali uga ngambah alam panglemunan, dadi ora mbutuhake wektu sing suwe wis tekan Desa Grumbulan utawa Padhukuhan Pelanggolan. Wong loro kuwi sengaja ora mampir ing Jatigrowong, jalaran wis padha weruh yen Rangga lan Marga wektu kuwi mapan ing gandhok kalurahan. Nanging, bareng wis kepethuk Rangga karo Marga, Rangga malah aweh pamrayoga marang wong loro kuwi supaya olehe nyritakne wohing dinuta, ora ing Kalurahan nanging ing Jatigrowong wae. Rangga banjur aweh prentah marang Lurah Kuwera supaya sesuk padha mlumpuk ing Jatigrowong saperlu ngrungokne apa sing arep dikandhakne Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma, kanthi mangkono kabeh bakal bisa tata-tata gaweyan apa sing kudu ditandangi, magepokan karo rancangan olehe nindakne kuwajiban perang sabil. Perang ing Marganing Pangeran, njejegne adege traju kaadilan.

 

"Dados dhawuhipun Gusti Patih Mandaraka, Mataram badhe mbidhalne prajurit sagelar sepapan kangge ngendheg lekasipun Paguron Tangen menika Ki Gedhe?"pitakone Marga sawuse Ki Gedhe Pelanggolan nyritakne apa sing dialami sawise ngaturake layange Rangga marang Patih Mandaraka.

 

"Inggih Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "lan ingkang badhe dados tetindhihing wadya bala saking Mataram badhe dipun salirani piyambak dening Gusti Pangeran Singasari".

 

"Kula sampun nggadhahi panginten makaten Ki Gedhe, saestu Rekyana Patih Mandaraka mesthi badhe paring dhawuh dhateng Gusti Pangeran Singasari sasampunipun maos serat ingkang dipun serat dening Adhi Marga . Menawi boten wonten serat ingkang ndika aturaken kala wingi menika, tangeh Gusti Pangeran Singasari kersa nyalirani piyambak lenggah minangka Senapati Agung Mataram salebeting ngadhepi Paguron Tangen, jalaran kula ngertos watak wantunipun Pangeran Singasari menika sok dhemen ngremehaken kekiyataning mengsah" genti Rangga sing guneman nanggapi critane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Leres sanget ingkang ndika dhawuhaken menika Ngger" Ki Lasma melu udhu crita "sawaunipun Gusti Pangeran Singasari boten pitados kalih surasaning serat ingkang kula aturaken Gusti Patih menika, malah anggenipun boten pitados lan tansah ngremehaken salintunipun Prajurit Mataram, meh kemawon ndadosaken gendra kalih Ki Gedhe Pelanggolan. Rahayunipun Gusti Patih tumunten paring pangandika, dhawuhipun Gusti Patih awewaton kanthi asma Dalem Kanjeng Sinuhun. Temah Gusti Pangeran Singasari boten wantun maiben malih".

 

"Ya ngono kuwi salah siji sing ndadekne kuciwane Wadya Bala Mataram" wangsulane Rangga karo mesem "Pancen Pageran Singasari kuwi Senapati Agung Mataram sing sekti mandra guna, nanging upama sida klakon dadi tukaran antarane Ki Gedhe karo Pangeran Singasari mesthi bakal rame".

 

"Lan saupama dadi kerengan tenan" Marga daya-daya nyaut kandhane Rangga karo ngguyu "sing cotho kira-kira malah Ki Lurah Kuwera, para Bebau lan warga Desa Grumbulan. Sarta sing ngguyu ngakak mesti para kraman, mbuh kuwi kancane Panembahan Dewa Karkatha mbuh kuwi Ki Gedhe Julunggeni sa kancane kabeh".

 

"Inggih Ngger, menika saestu leres" Ki Gedhe Pelanggolan sing genti daya-daya wangsulan "samangke kaparenga Angger kekalih tumunten paring dhawuh dhateng kula miwah Ki Lurah tuwin para Bebau sedaya. Jalaran ketingalipun, jejibahan perang sabil ingkang angger kekalih dhawuhaken menika sampun badhe dipun tandangi dening Gusti Pangeran Singasari sawadya balanipun".

 

"Menika makaten Ki Gedhe, ugi Ki Lurah lan sedaya para Bebau" Marga aweh katrangan "mila estunipun, ingkang wenang paring pemut sarta ngendheg lampahipun para tiyang ingkang nindakaken kraman, damel kisruhing nagari menika, miturut paugeraning Nagari Mataram inggih Para Prajurit Bayangkarining nagari, ingkang samangke dipun pandhegani dening Gusti Pangeran Singasari. Ingkang makaten menika boten ateges awakipun piyambak minangka kawula dalem ing Mataram lajeng boten gadhah kuwajiban malih. Kuwajibanipun awake piyambak inggih sami kalih kuwajibanipun para prajurit saking Mataram, namung kemawon anggenipun tumandang ngrantos dhawuh saking Sang Senapati Agung rumiyin, jalaran kekiyataning para siswa Paguron Jatigrowong lan prajurit saking Kalurahan Grumbulan menika mangke anggenipun mangsah yuda mawi banderaning Senapati Agung Mataram".

 

"Inggih Ngger, bakenipun kula namung ndherek sedaya dhawuhipun Angger Rangga lan Angger Marga" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sareh.

 

"Samangke kula suwun dhateng Ki Gedhe lan Ki Lasma. mugi nyiagagakaken para siswa lan Ki Lurah lan para bebau mugi nyiagakna prajurit kalurahan sedaya, ing pangangkah mangke sawanci-wanci kapengkoking panca baya boten badhe anguciwani" kandhane Marga mungkasi nggone aweh pituduh.

 

Sawise olehe rerembugan dianggep wis cukup, Ki Lurah Kuwera banjur pamitan marang Ki Gedhe Pelanggolan arep bali menyang padhukuhan nindakne apa sing diprentahne Marga mau. Samono uga karo Ki Lasma, wong tuwa kuwi uga pamitan arep nata lan aweh pituduh marang para siswa Paguron Jatigrowong. Rangga lan Marga milih ora melu bali bareng karo Ki Lurah lan para Bebau, nanging milih keri ing papan pasemedene Ki Gedhe Pelanggolan sing manggon ing jerone wit jati sing wis growong. Kang mangkono iku jalaran kanggo ngawoni panyawange murid-murid Paguron Tangen sing isih kerep kluyuran narik pajeg ing padesan, para murid paguron ing Tangen kuwi ora bakal ngerti yen satemene Rangga lan Marga isih durung lunga saka padhukuhan Pelanggolan utawa Desa Grumbulan.

 

Sauntara kuwi, ing Paguron Tangen, Panembahan Dewa Karkatha sing wingenane oleh palapuran saka muride, ya iku Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga yen mentas wae murid loro kuwi ketemu Dewa saka Kahyangan sing sesinglon dadi Pangumbara sing nurut lakune Bengawan Uluayu, nuli kandha nek arep mahas ing sepi meminta pituduhing Dewa, mengku karep apa dewa loro sing kober ngladeni perang tandhing karo Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga kuwi satemene. Sawuse cukup anggone mahas ing sepi, Panembahan Dewa Karkatha banjur nimbali murid-murid kaparcayane supaya padha mlumpuk ing pendhapaning Paguron.

 

Wengi kuwi sing padha nekani dhawuh timbalane Panembahan Dewa Karkatha mligi para siswa sing dianggep wis kena dijak rembugan wae. Kajaba Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga, uga ana Janggan Suratanta, Janggan Wisakala, Janggan Palupuh, katelune iki siswane Panembahan Dewa Karkatha sing tatarane sangisore Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga. Banjur Panembahan Alit Dewa Danu sedulur nome Panembahan Dewa Karkatha. Wasi Nagasekti siswane Panembahan Nagajiwa saka Patalan, sing kapinujon tekane kono nggawa prentah saka gurune, uga melu teka pisan. Tekane Wasi Nagasekti dikantheni dening sedulur-sedulure cacah telu, ya iku Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit. Dadi gunggung kepruk sing ana pendhapa Paguron Tangen arep dijak rembugan perkara sing banget wigati kuwi kabeh ana sepuluh, sewelas sak sing aweh prentah yaiku Panembahan Dewa Karkatha.

 

"Dhimas Wasi Nagasekti, sadurunge ndika ngandhakne apa wosing sedya ndika rawuh ing papan kene, tak suwun ndika sasedulur padha neksanana apa sing arep tak kandhakne marang sedulurku Dhimas Panembahan Alit Dewa Danu lan murid-murid Paguron Tangen sing piniji iki" kandhane Panembahan Dewa Karkatha nalika weruh yen ing kono ana murid Paguron Nagajiwa saka alas Patalan.

 

"Inggih Panembahan" wangsulane Wasi Nagasekti sareh "tiyang sanaosa dugi kula ing Tangen mriki niki wau estunipun ngemban dhawuh saking Bapa Panembahan Nagajiwa, nanging dhawuh menika boten patosa wigati, liripun saged dipun semadosi anggenipun ndumugekaken ing ngarsanipun Panembahan Dewa Karkatha. Mangga sampun sanggarunggi awit kula wonten mriki, enggal kawedharna kemawon wigatosing rembagan dalu menika".

 

"Matur nuwun Dhimas" Panembahan Dewa Karkatha banjur guneman maneh "satemene iki aku mung arep aweh kabar nyenengake marang para kulawarga Paguron Tangen, nanging kabar sing nyenengake kuwi uga abuntut kuwajiban sing ora entheng sing kudu enggal ditindakne".

 

"Kabar menapa  lan saking pundi sumberipun menika Panembahan?" Wasi Nagasekti takon.

 

"Kabar saka Jawatagung sing momong jiwa lan ragaku lan jiwa ragane wong sapaguron Tangen kabeh" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha aweh katrangan "samono uga kuwajiban sing nyartani kabar becik kuwi mau uga teka awit saka prentahe Jawatagung sing tak temoni nalika aku mangsah semedi mahas ing samun meminta pituduhing Dewaning para Dewa. Dene wujude kabar sing nyenengake kuwi mau ya iku, wangsulan saka pitakonku lan pitakone siswa-siswaku lumantar aku, sing wujude pitakonan ya iku mengku kersa apa Dewa loro sing sesinglon kanthi wujud nom-noman sing nindakne laku pangumbara, numpak gethek nurut lakune Bengawan Uluayu. Dewa loro kuwi mau temene wus paring pituduh marang siswaku Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga, nanging gandheng siswaku loro kuwi durung bisa maca sasmitane Dewa loro sing sesinglon kuwi, mula banjur takon marang aku. Lan sawuse ngliwati laku mahas ing sepi, lagi aku bisa ngaweruhi pituduh saka Dewa loro sing kober ngajak gladhen ing ulah kanuragan siswaku Jayantaka lan Jayandaga ing gisiking bengawan sacakete Desa Grumbulan utawa Pelanggolan, sawetane Kali Sawur kana".

 

"Lajeng pitedah menika pitedah murih menapa Panembahan?" Wasi Nagasekti nyelani critane Panembahan Dewa Karkatha nganggo pitakonan.

 

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...