78.
Panembahan Dewa Karkatha ora enggal aweh wangsulan, malah banjur nyawang papan lungguhe Puthut Janyantaka sing jejer karo Puthut Jayandaga. Puthut loro sing dadi agul-agule Paguron Tangen kuwi tumungkul, ngrumangsani yen wawasan kebatinane isih adoh ing sangisore gurune, temah nganti ora ngerti yen ana Dewa sing ngejawantah arep aweh kanugrahan, nanging gandheng cubluking pikir, malah wis kedadean kerengan karo Dewa loro sing ngeja wantah mau. Sanadyan ta mangkono, Puthut loro kuwi uga duwe panglipur kanggo ngurangi rasa gorehe sawise regejegan karo Dewa sing ngaku duwe jeneng Rangga lan Marga, ing gisiking bengawan wingenane kae. Ya iku kanthi pawadan wong nyatane Gurune wae sing isih trahing Bathara, kanggo ngerteni Rangga lan Marga kae Dewa apa dudu, Panembahan Dewa karkatha isih mbutuhake nindakne semedi mahas ing samun nyenyuwun marang Bathara.
"Kuwi critane mangkene" Panembahan Dewa Karkatha banjur guneman aweh katrangan karo apa sing dikandhakne mau "saremene Sang Hyang Kala Mercu ya iku sesembahane dhewe, arep paring kabar marang aku lan kabeh kulawarga Paguron Tangen gegayutan karo panuwunku kang kepengin ngendharat tilas Lurah Pasar Pajang sing saiki wis kumawani nganggo sebutan Panembahan Senapati Ing Alaga Ngabdul Rahman lan madeg minangka Rajaning Tanah Jawa, malah sing keri dhewe iki aku krungu warta yen Si Sutawijaya kuwi wis kongkonan menyang Ngerum njaluk supaya Kalipah ing Ngerum gelem ngukuhne dheweke minangka Raja ing Tanah Jawa. Nanging, gandheng wiwit si Panggah lan Pungguh, Branjang lan Brunjung sarta Jayantaka lan Jayandaga padha ora tanggap, temah utusane Sang Hyang Kala Mercu sing sesilih Sang Hyang Ranggana lan Sang Hyang Margana kuwi banjur nglungani kanthi manjing ing alaming kadhewatan tanpa bisa diweruhi dening Jayantaka lan Jayandaga. Mula aku banjur nindakne laku semedi, nyuwun pituduh marang Sang Hyang Kala Mercu gegayutan karo tumurune Dewa loro sing banjur kundur makahyangan tanpa paring katrangan mung merga bodhone murid-muridku".
"Lajeng pitedah menapa ingkang Panembahan tampi?" Wasi nagasekti takon.
"Ya iki sing arep tak kandhakne" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "Sang Hyang Kala Mercu paring paring sasmita gaib marang aku, temene turune Sang Hyang Ranggana lan Bathara Margana kuwi mung arep aweh weruh marang aku yen wis wancine Paguron Tangen manjer duwaja pasang gendera sing nuduhake yen Paguron Tangen ora kebawah dening Negara sing jeneng Mataram kuwi. Yen wis malah aku banjur kaparingan sasmita yen sajroning tahun iki, Mataram bakal sirna, anak turune Wong Desa Sela sing isih ngimpi dadi panguwasa ing Bumi Jawa bakal tumpes dadi isen-isening Yamaniloka".
"Menika kabar ingkang sae ugi kabar ingkang murugaken boten sae, utawi awon, Panembahan" Wasi Nagasekti nyelani rembuge Panembahan Dewa Karkatha.
"Lire kepiye Dhimas?" Panembahan Dewa karkatha takon karo njengkerutne bathuke, tandha yen durung pati ngerti karo sing dikarepne Wasi Nagasekti.
"Kabar saenipun, inggih menika badhe sirnanipun Mataram sarta tumpesipun para Trah Sela dados isen-isening Yamaniloka" wangsulane Wasi Nagasekti "dene kabar awonipun, kanthi manjer dwaja lan nglebataken gendera, ateges Paduka Panembahan Dewa Karkatha badhe jumeneng minangka Raja ing Bumi Jawi menika, nggentosi kalenggahanipun Sutawijaya ing Mataram? Menapa boten makaten Panembahan?".
"Bener, pancen mangkono kuwi sing bakal dumadi sajroning tahun iki Dhimas" Panembahan Dewa Karkatha genti aweh wangsulan "wis dadi kodrating jagad, yen ana negara bedhah lan ratune mati ing paprangan, mangka sing mungsuhe sing bakal nggenteni jumeneng dadi ratu. Kamangka mengkone kuwi sing bakal dumadi, Sutawijaya lan kabeh sing dadi sapukawate bakal tak tugel gulune lan Kraton Mataram bakal tak boyong menyang Tangen kene. Dadi aran wis lumrah yen mengkone aku bakal jumeneng dadi Narendra nyambung sejarahe para leluhur ing Majapahit duking uni".
"Mangke rumiyin Panembahan" Wasi Nagasekti nyelani katrangane Panembahan Dewa Karkatha "sak niki kapeksa kula aturaken ingkang dados sedya kula dumugi ing Tangen mriki. Jalaran kula raosaken, ingkang ndika dhawuhaken menika sampun nilar garising gegayuhan Trah Majapahit ingkang sampun dipun sarujuki dening sedaya pandherekipun sawargi Sinuhun Brawijaya Girindrawardana".
"Aku ora rumangsa ninggalne garis sing wis disarujuki kuwi Dhimas" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "Nanging luwih genahe coba kandhakna apa sing ndadekne Dhimas Nagasekti tedhak ing Padhepokan Tangen kene?".
"Estunipun dugi kula ing mriki menika, awit ngemban dhawuh saking Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan, Panembahan".
"Iya aku wis ngerti bab kuwi, banjur Rama Nagajiwa ngersakne apa saka aku?" Panembahan Dewa Karkatha takon.
"Rama Panembahan Nagajiwa utusan kula murih nakyinaken" Wasi Nagasekti aweh wangsulan "menapa Kakang Panembahan Dewa Karkatha lan Paguron Tangen menika taksih satunggal barisan kalih barisanipun Trah Majapahit menapa boten? Jalaran sampun pinten-pinten pepanggihan ing Patalan Kakang Panembahan Dewa Karkatha boten rawuh, malah kabar ingkang dipun tampi dening Rama Panembahan Nagajiwa saking Ki Gedhe Julunggeni saking Ngampon ngabaraken bilih Kakang Panembahan Dewa Karkatha sampun nindakaken amengsahi Ki Gedhe Julunggeni ing Ngampon........".
"Mengko dhisik" Panembahan Dewa Karkatha medhot wangsulane Wasi Nagasekti "jagad saisine nyekseni yen pisan-pisan aku ora arep ninggalne barisan Trah Majapahit sing setya marang sawargi Kanjeng Sinuhun Brawijaya Girindrawardana. Lan kuwi kena dibuktekne klawan sikepku sing tetep ora sudi ngakoni nek Sutawijaya kuwi Ratu Tanah Jawa. Kaping pindho, perkara anggonku wis ora pati rukun karo Ki Gedhe Julunggeni ing Ngampon, kuwi babar pisan ora ana gandheng rapete karo Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan. Jalaran, olehku satron karo Julunggeni kuwi merga aku wegah yen dadi gedibale wong Alas Lodhoyong kuwi".
"Gedibal kados pundi ingkang dipun kersakaken Kakang Panembahan?" Wasi Nagasekti nyelani takon.
"Rama Nagajiwa ing Patalan ora pirsa sapa sejatine Julunggeni kuwi" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "Wong saka Alas Lodhoyong kuwi mung mbutuhne kamuktene dhewe, olehe nyawiji karo Barisan Trah Majapahit kuwi mung arep nuruti senenge dhewe, dheweke kuwi biyen tau dadi gedibale Panembahan Emas ing Madiun, nanging merga nindakne kaluputan Julunggeni banjur ditundhung minggat saka Madiun, Mula banjur lara ati, dheweke kepengin males lara wirange menyang Panembahan Mas ya Adipati Madiun, banjur api-api melu nyawiji ing barisane Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan. Pamrihe supaya Rama Panembahan Nagajiwa kersa aweh pambiyantu marang Julunggeni kanggo nelukne Kadipaten Madiun, nanging panyuwune Julunggeni kuwi ora tau digatekne dening Rama Panembahan Nagajiwa. Banjur Julunggeni ajak-ajak aku nglurug perang menyang Madiun, ngendharat Panembahan Mas. Mesthi wae aku ora gelem, merga aku duwe gegayuhan ngrata Mataram luwih dhisik, Julunggeni tak tawani manunggal karo aku ngadhepi Mataram, ya ora gelem. Saiki malah Julunggeni matur dora marang Rama Panembahan Nagajiwa yen aku wis ninggalne garis barisane Trah Majapahit. Wis cetha ta Dhimas? kuwi wangsulanku marang Dhimas Wasi Nagasekti magepokan karo dhawuh sing ditampa dhimas saka Rama Panembahan Nagajiwa".
"Prakawis cariyosipun Ki Julunggeni sampun cetha Kakang Panembahan" wangsulane Wasi Nagasekti.
"Banjur babagan ing ngendi sing durung cetha?" Panembahan Dewa Karkatha takon.
"Babagan anggenipun kakang Panembahan badhe jumeneng Nata nggentosi kalenggahanipun Sutawijaya menika kala wau Kakang" wangsulane Wasi Nagasekti.
"Kuwi wis cetha banget Dhimas" Panembahan Dewa Karkatha guneman karo ngguyu "ing ngarep wis tak kandhakne, sing manjer duwaja lan nglebatake gendera perang mungsuh Mataram kuwi aku dadi aran wis sak pase yen klakon Sutawijaya lan Trahe Wong Desa Sela klakon bisa ditumpes, banjur aku sing genti jumeneng dadi nyekel panguwasa Mataram sak jajahane pisan. Sing ora pas utawa ora bener kuwi yen sawuse Mataram klakon tak bedhah, Sutawijaya lan Trah Sela klakon tak tumpes, banjur sing dijumenengake ratu kuwi Julunggeni utawa liyane aku, kuwi sing cetha nek ora bener Dhimas".
"Dados Kakang Panembahan Dewa Karkatha sak menika sampun wiwit nicil badhe wantun kalih Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan?" Wasi nagasekti ndengengekne sirahe, lambene ngucapne pitakonan lan mripate mentheleng nyawang praupane Panembahan Dewa Karkatha "kula turi pirsa Kakang Panembahan, sanadyan dugi kula ing mriki namung dhapur angemban dhawuh, nanging dening Rama Panembahan Nagajiwa ugi dipun sangoni purba miwah wasesa".
Ditakoni karo tembung sing mangkono kuwi Panembahan Dewa Karkatha rumangsa kaget, luwih-luwih bareng dipandeng karo mripat sing mentheleng, Panembahan sesembahane wong-wong Paguron Ngampon kuwi dadi ewuh oya ing pambudi. Ora merga Panembahan Dewa Karkatha rumangsa miris marang Wasi Nagasekti, nanging Panembahan Dewa Karkatha duwe panemu yen ora ana bathine yen saiki kudu cecongkrahan karo Nagasekti. Mula Panembahan Dewa Karkatha banjur muter nalar, nata rembug kanggo mangsuli apa sing dikandhakne Wasi Nagasekti kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar