79.
Satemene jroning batin pancen Panembahan Dewa Karkatha wis rumangsa wegah kebawah dening sapa wae kalebu kebawah Panembahan Nagajiwa sing saiki madhepok ing Alas Patalan. Jalaran Panembahan Dewa Karkatha duwe panemu yen sing dienggo pawadan wong-wong sing ngaku minangka Trah Majapahit ngemohi kebawah dening raja-raja sing wis ngrasuk agama Islam, kuwi kabeh mung pawadan semu. Bedaning agama lan kapitayan, bedaning asal-usul lan katurunan, kuwi kabeh mung waton dienggo pawadan sing bisa digunakne kanggo ngimpun kekuwatan. Dene pawadan sing cetha mesthi benere, ya iku kabeh kepengin bisa mukti wibawa lan cekel panguwasa ing Tanah Jawa iki. Lan Panembahan Dewa Karkatha ya wis ngerti,nek panggah gelem nyawiji karo Panembahan Nagajiwa ing Patalan, saupama mbesuke klakon kasembadan bisa mbedhah Mataram lan numpes Panembahan Senapati sarta Trah Ki Ageng Sela liyane, mangka mengko sing bakal jumeneng Nata ya Panembahan Nagajiwa utawa salah siji saka anake, lan wong-wong sing saiki nyawiji nyengkuyung gegayuhane Panembahan Nagajiwa iki durung karuwan yen dikanggokne utawa diwenehi kalungguhan sing becik, bisa uga malah disingkirne kabeh kaya crita jaman kuna ing wiwitan sawuse Majapahit madeg biyen. Ya iku, mbaka siji Ranggalawe, Sora, Nambi lan liya-liyane sing wis ngudhokne pati uripe kanggo kamulyane Majapahit, wekasan kabeh mati klawan tinengeran minangka mungsuhe negara. Lan Panembahan Dewa karkatha ora kepengin niru lelakon sing dialami Ranggalawe, Sora, Nambi, lan liya-liyane kuwi, Panembahan Dewa Karkatha kepengin niru kaya lelakone Raden Wijaya sing banjur sejarahe disambung dening putra wayahe kabeh. Ing angen-angene Panembahan Dewa Karkatha, mbesuk yen klakon bisa mbedhah Mataram lan bisa madeg dadi Raja, mangka kabeh sing ngaku minangka Trah Majapahit ya kudu gelem mapan dadi bawahane, kalebu Panembahan Nagajiwa sing saiki isih dianggep dadi suhing kabeh wong sing ngaku Trah Majapahit sajrone arep ngrebut panguwasa ing Mataram. Nanging, aja nganti wong-wong sing ana barisane sing ngaku minangka Trah Majapahit kuwi padha ngerti sing ana angen-angene, ngono sing dikarepne Panembahan Dewa Karkatha, yen nganti ana sing ngerti tan wurunga Panembahan Dewa Karkatha bakal nemahi lakon luwih dening nglarakake tinimbang lelakone Ranggalawe duking uni.
Iki mau, Wasi Nagasekti siswane Panembahan Nagajiwa wis wiwit sujana, wis wani ngarani yen Panembahan Dewa Karkatha wiwit arep wani karo Panembahan Nagajiwa. Lan wis dadi angger-angger ing barisan Trah Majapahit sing disuhi Panembahan Nagajiwa, sing sapa wani marang Panembahan Nagajiwa, kudu ditugel gulune awit wis nindakne lakune palacidra. Malah iki mau Wasi Nagasekti uga wis uluk-uluk, yen tekane neng kono uga wis dipiranteni klawan purba wasesa saka Panembahan Nagajiwa. Mula Panembahan Dewa karkatha banjur mikir carane oleh ukara kanggo mantebake atine Wasi Nagasekti yen dheweke isih tetep setya marang sumpahing warga Barisan Trah Majapahit lan ora pisan-pisan bakal wani marang Panembahan Nagajiwa ing Patalan.
"Kados pundi Kakang?" bareng wis sauntara ora enggal oleh wangsulan Wasi Nagasekti banjur takon maneh marang Panembahan Dewa Karkatha "ndika sampun nggadhahi tekad badhe jumeneng nata lan wani nyingkur dhateng panguwaosing Rama Panembahan Nagajiwa, menapa kados pundi?".
"Sabar Dhimas, aja kaduk ati bela panampa nggone dhimas nyurasa tembungku mau" Panembahan Dewa Karkatha wangsulan kanthi sareh, sanadyan batine umob ora karuwan "sing kandha nek aku arep wani karo Rama Panembahan Nagajiwa kuwi sapa? Aku ? Panembahan Dewa Karkatha? Ora Dhimas, aku ora pisan-pisan bakal wani marang Rama Panembahan Nagajiwa, awit Rama Panembahan Nagajiwa kuwi nyata pepundhenku, sesembahanku wakiling Hyang Agung sing asipat titah ing marcapada iki. Dadi kena diarani unen-unen sing ngayawara yen nganti ana lelakon Dewa Karkatha wani karo Rama Panembahan ing Patalan".
"Nanging kala wau Kakang Panembahan sampun paring dhawuh, menawi satumpesipun Mataram mangke kakang Panembahan badhe jumeneng nata nggentosi palenggahanipun Sutawijaya, jalaran sampun kajumbuhaken kaliyan pranataning jagad, endi sing bisa nelukne kuwi sing genti nguwasani. Menika kadospundi Kakang? Kakang Panembahan rembagan kaliyan kula, Wasi Nagasekti sampun lajeng mencla-mencle kados rembagan kalih lare alit ingkang gampil dikandhani mawi dipun tedahi menawi wonten kodhok ingkang mlayu" Wasi Nagasekti panggah karo suwara sing atos genti aweh wangsulan marang Panembahan Dewa Karkatha.
"Iya Dhimas, aku ngerti yen sing rembugan karo aku iki Dhimas Wasi Nagasekti sing nyata dadi kpaparcayane Rama Panembahan Nagajiwa, dadi olehku guneman iya migunakne basa sing jumbuh karo kalungguhane Dhimas Nagasekti sing tuhu wicaksana" Panembahan Dewa Karkatha guneman maneh karo mesem sabar "Dhimas mesthine wis pirsa yen apa sing arep tak tindakne mengko, kabeh kajaba adhedhasar dhawuh timbalane Rama Panembahan Nagajiwa, uga mawa wewaton dhawuh sasmita sing tak tampa saka Sang Hyang Kala Mercu, dadi sing arep tak lakoni iki kabeh kena diarani dudu karepku dhewe, nanging jumbuh karo dhawuh, ya dhawuhe Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan uga dhawuh saka sesembahanku Sang Hyang Kala Mercu".
"Kanyatanipun Rama Panembahan Nagajiwa boten ndhawuhaken dhateng Kakang Panembahan murih jumeneng ratu kados ingkang dados rancangan ndika wau Kakang" Wasi Nagasekti panggah ora bisa nampa pawadane Panembahan Dewa Karkatha "menawi landhesanipun Kakang Panembahan menika sasmitaning Sang Hyang Kala Mercu, kula lajeng kudu ngguyu Kakang".
"Kudu ngguyu sing kepiye Dhimas?" Panembahan Dewa Karkatha njengkerutne bathuke.
"Ingkang mangertos menapa ndika saestu sampun nampi sasmita saking Sang Hyang Kala Mercu menapa boten, menika namung Kakang Panembahan piyambak. Lha ingkang kakang kabari menika wenang milih, milih pitados menapa dene milih boten pitados, kalebet kula. Kula kenging pitados bilih Kakang Panembahan saestu sampun nampi sasmita dhawuh saking Sang Hyang Kala Mercu, nanging ksok wangsulipun, kula ugi kenging gadhah pamanggih menawi ingkang Kakang Panembahan dhawuhaken menika kala wau namung dhapur crita ngayawara. Malah kula inggih kenging kemawon nggadhahi pamanggih bilih sebatan Sang Hyang Kala Mercu menika namung dhapur nami suwung, ingkang Kakang ginakaken kangge mblithuk lan apus-apus dhateng tiyang ingkang cubluk murih purun pitados dhateng ndika Kakang Panembahan Dewa Karkatha kados para siswa ing Paguron Tangen mriki menika" Wasi Nagasekti aweh wangsulan.
Krungu wangsulan sing kaya ngono kuwi, Panembahan Dewa Karkatha katon mbrabak abang pasuryane nganti tekan kuping mudhun tekan gulu, nuduhne yen dhadhane lagi murub diobong genine kanepson. Kanthi wangsulan sing kaya ngono kuwi, ateges Wasi Nagasekti wis cetha yen ora percaya marang apa sing dikandhakne Panembahan Dewa Karkatha mligine ing babagan dhawuh sasmita saka Sang Hyang Kala Mercu.
"Banjur Dhimas Wasi Nagasekti ngersakne apa? Apa sing kudu tak tindakne murih Dhimas ora ndakwa aku yen wis wani marang Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan? Awit witing klapa salugune babar pisan aku ora duwe niyat wani marang pepundhen lan sesembahanku Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan kuwi" gandheng wis kentekan ukara kanggo aweh wangsulan, wasanane Panembahan Dewa Karkatha banjur guneman sing isine aweh pananting marang Wasi Nagasekti.
"Lha wangsulan ingkang makaten menika ingkang kula tengga-tengga Kakang" wangsulane Wasi Nagasekti karo gumuyu lirih "jumbuh kaliyan purba wasesa ingkang kula tampi saking Rama Panembahan Nagajiwa, samangke kula suwun kanthi rilaning penggalih Kakang Panembahan kedah kersa kula kendharat dados bandan lajeng kula irit sowan ing ngarsanipun Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan. Ing ngarsanipun Rama Panembahan Nagajiwa, mangke Kakang Panembahan saged ngaturaken menapa sejatining sedya ndika. Menawi pandakwa kula dhateng Kakang Panembahan dinten menika pranyata boten leres, Kakang Panembahan mangke saged ngleresaken ing ngarsanipun Rama Panembahan Nagajiwa".
"Dhimas Nagasekti arep ngendharat aku kadi dene pasakitan?" Panembahan Dewa Karkatha wangsulan karo suwara sereng semu kaget.
Panembahan Alit Dewa Danu, Puthut Jayantaka, Puthut Jayandaga lan cantrik telu liyane, Janggan Suratanta, Janggan Wisakala, Janggan Palupuh, sing uga krungu karo apa sing diucapne Wasi Nagasekti kuwi, kabeh melu kaget. Wong-wong kuwi atine melu dadi panas, karo meneng-menengan wong-wong kuwi banjur padha ngecakne aji jaya kawijayan sing diduweni, nanging kabeh durung ana sing guneman utawa tumandang, isih ngenteni aba lan dhawuh saka Panembahan Dewa Karkatha. Ora mung murid-murid Paguron Tangen sing ana kono wae sing tata-tata, sanadyan pandhereke Wasi Naga sekti, Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit, uga ora tinggal kaprayitnan, katelune uga wis siaga ing dhiri samangsa-mangsa kudu nggunakne ngelmune kanggo ngendharat Panembahan Dewa Karkatha lan para siswane.
"Sampun kejeron anggen ndika nanggapi Kakang" Wasi Nagasekti aweh wangsulan marang Panembahan Dewa Karkatha karo gumuyu lirih "menawi Kakang Panembahan nggega atur kula, cekap Kakang Panembahan masrahaken asta kekalih, mangke badhe kula tali mawi cindhe puspita lan kula sowanaken ing ngarsanipun Rama Panembahan Nagajiwa, minangka bandanipun sentana ingkang kedah dipun aosi. Nanging menawi Kakang Panembahan boten nggega atur kula, liripun Kakang Panembahan boten purun kula irit dados bandan sentana, inggih kula sampun siaga ing dhiri sawega ing gati, neter kasektenipun Kakang panembahan Dewa Karkatha ing papan mriki".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar