80.
Puthut Jayantaka karo Puthut Jayandaga sakala ngadeg karo nyilakne jarite, krungu rembuge Wasi Nagasekti sing keri dhewe kuwi mau. Ngadege Puthut agul-agule Paguron Tangen kuwi nuli ditutne dening Janggan Suratanta, Janggan Wisakala lan Janggan Palupuh. Weruh yen murid-muride Panembahan Dewa karkatha padha ngadeg, pandhereke Wasi Nagasekti, ya iku Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit, uga banjur padha ngadeg lan siaga kerengan. Nanging pranyata Panembahan Dewa Karkatha duwe petung liya sing mungguhe Suhing Paguron Tangen kuwi luwih becik.
"Puthut Jayantaka" kandhane Panembahan Dewa Karkatha rada sereng karo nyawang Puthut Jayantaka "sapa sing ngongkon kowe ngadeg? Ayo kabeh padha bali lungguh maneh!. Nek ana wong tuwa sing lagi rembugan kuwi padha rungokna aja padha nggugu karepe dhewe!".
"Nyuwun pangapunten Guru" Puthut Jayantaka wangsulan karo bali mapan lungguh maneh kaya maune, wong-wong liyane uga padha melu bali lungguh karo ndhingkluk sajak isin merga wis disaruwe klawan ukara sing sereng dening gurune. Wasi Nagasekti uga banjur aweh sasmita marang para pandhereke supaya padha bali lungguh maneh.
"Aku nyuwun pangapurane Dhimas" Panembahan Dewa Karkatha bali guneman marang Wasi Nagasekti karo suwara sing sareh "ya ora maido, bocah nom sing durung pati mudheng unggah-ungguh lan cara kanggo ngrampungne perkara kuwi sok seneng ndhisikne otot tinimbang nalare, kamangka wis ajeg yen mung nganggo okol kanggo ngudhari bedane panemu kuwi mesthi perkara ora bisa udhar nanging malah nuwuhake perkara liya, asile ora ana kajaba mung mbuwang tenaga tanpa guna".
"Inggih Kakang" wangsulane Wasi Nagasekti alon, jroning dhadhane ana sethithik rasa nratab, tembunge Panembahan Dewa Karkatha kuwi cetha nek wis melehake dheweke supaya ora seneng grusa-grusu, nanging Wasi Nagasekti panggah durung bisa nampa kanthi sikep sing lumrah sawuse ngerti yen Panembahan Dewa Karkatha nduwe karep arep madeg dadi ratu nggenteni Panembahan Senapati ing Mataram. mBuh nganggo cara apa Wasi Nagasekti rumangsa duwe kuwajiban kanggo ngendharat lan ngirid Panembahan Dewa Karkatha ing ngarsane Panembahan Nagajiwa, murih diadili kanthi sak adil-adile.
"Ngene ya Dhimas" sadurunge Wasi Nagasekti ngetokne rembug, Panembahan Dewa Karkatha ndhisiki guneman "tak suwun Dhimas Nagasekti aja ketularan bodho kaya bocah-bocah sing nalare durung genep, aja Dhimas kleru ing panemu, dumeh aku duwe niyat arep madeg dadi ratu nggenteni kalungguhane Si Sutawijaya ing Mataram, aja banjur Dhimas duwe pandakwa yen aku wis nyidrani kasetyanku marang Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan. Dhimas Nagasekti kudune emut, lekase para Trah Majapahit kuwi arep mbalekne kawibawan Negara Majapahit, dudu negara Mataram, dudu Negara Madiun, Dudu Negara Blambangan lan sapiturute. Nadyanta mangkono, ora ateges yen Madiun, Mataram, Pasuruhan, Panaraga, Blambangan lan sapiturute kuwi kudu diratakane karo bumi. Nanging malah kudu dilestarekne minangka bageyan saka Negara Agung Majapahit. Dadi yen aku wis madeg dadi ratu nggenteni Sutawijaya, aku bakal mbudidaya murih Mataram sajajahane kaya dene Kudus, Pathi, Demak, Jipang, Bojanegara lan liya-liyane kuwi gelem nyawiji karo Kraton Agung Majapahit, yen bisa ya sarana aris nanging yen kapeksa para adipati kuwi kudu disingkirne lan diijoli adipati sing anyar ya iku wong-wong sing setya marang Barisan Trah Majapahit. Lan sadurunge Kraton Agung Majapahit bali ngadeg, aku panggah nganggep yen Padhepokan Alas Patalan kuwi minangka punjering paprentahan Majapahit kang saiki diesuhi dening Rama Panembahan Nagajiwa. Dadi aku ora bakal duwe niyat arep wani karo Rama Panembahan Nagajiwa".
"Dados makaten ingkang dipun kersakaken dening Kakang Panembahan?" Wasi Nagasekti nyelani takon.
"Bener kuwi Dhimas" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "kari Dhimas Nagasekti bisa nglimbang apa sing dadi kandhaku iki mau apa ora? Yen Dhimas Wasi Nagasekti puguh ing karsa arep ngendharat aku, bares wae aku ora arep gelem ndika kendharat, nanging uga ora arep nglawan marang Dhimas Wasi Nagasekti. Aku arep mlayu menyang Patalan, munjuk ing ngarsane Rama Panembahan Nagajiwa bakal tak aturake kabeh seling surup antarane aku karo Dhimas Nagasekti, mesthi wae aku ya ora arep narimakne yen didakwa kaya sing Dhimas dakwakne mau. Dadi Dhimas nagasekti oing tembe aja ngluputne aku yen ta Rama Panembahan Nagajiwa nibakne pidana marang Dhimas sing wis degsiya marang aku!".
Wasi Nagasekti kaget krungu apa sing dikandhakne Panembahan Dewa Karkatha ngono kuwi. Yen nganti Panembahan Dewa Karkatha bisa mantebake kaparcayane Panembahan Nagajiwa kaya tembunge sing keri mau, ateges bakal katon bodhone Wasi Nagasekti lan seneng tumindak sing ora nganggo wewaton nalar sing wening. Kanthi dhasar kuwi, ora mokal yen mengkone Panembahan Nagajiwa bakal duka marang dheweke, bisa - bisa ora mung didukani utawa diunek-unekne, nanging malah bisa wae kalungguhan wigati sing wis dijanjekne dening Panembahan Nagajiwa marang dheweke mbesuk yen Kraton Agung Majapahit wis madeg, bkal dijabut lan diwenehne wong liyane utawa malah bisa uga kalungguhan kuwi bakal diwenehne marang Panembahan Dewa Karkatha sing nyatane duwe nalar sing luwih bening tinimbang dheweke.
"Nyuwun pangapunten Kakang Panembahan" sawuse ngulur gagasan Wasi Nagasekti banjur guneman "pranyata kula ingkang satuhu boten mangertos kaliyan lekasipun Kakang Panembahan Dewa Karkatha, temah kula sampun mendhet dudutan ingkang boten leres. Sepisan malih kaparenga Kakang Panembahan paring pangaksami dhateng kula".
"Kersane Dhimas Nagasekti?" Panembahan Dewa Karkatha negesne tembunge Wasi Nagasekti.
"Kakang Panembahan kula suwun boten sisah munjuk ing ngarsanipun Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan, mangke sedaya lekas mulyanipun Kakang Panembahan ingkang sampun kadhawuhaken dhateng kula kala wau badhe kula aturaken dhateng Rama Panembahan Nagajiwa" wangsulane Wasi Nagasekti njaluk supaya Panembahan Dewa Karkatha ora munjuk atur menyang Patalan "saha dhateng para kadang siswa ing Paguron Tangen mriki, kaprenga kula nyuwun pangapunten, inggih awit saking baliluning nalar kula, meh kemawon wonten kedadosan ingkang nglelingsemi antawisipun kula lan adhi-adhi kula kaliyan ndika sami. Rahayunipun Kakang Panembahan Dewa Karkatha ingkang tuhu wicaksana sampun kepareng majaraken suwasana".
"Yen kuwi sing dadi kersane Dhimas Wasi Nagasekti, aku minangka wong tuwa ya mung bisa ndherek wae, kepriye murih becike" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha, sing dibacutake ngandhani murid-muride "Jayantaka, kuwi Pamanmu Wasi Nagasekti wis mundhut pangapura marang sliramu, diage diwangsuli kanthi becik!".
"Nuwun inggih Rama Panembahan" wangsulane Puthut Jayantaka sing uga banjur aweh wangsulan marang Wasi Nagasekti "kula lan adhi-adhi kula ugi nyuwun pangapunten Paman, inggih kados ingkang sampun dipun dhawuhaken Rama Panembahan Dewa Karkatha ing ngajeng, inggih awit saking cetheking seserepan kula sakadang, temah sampun wantun nilar suba sita ing ngarsanipun Paman Wasi Nagasekti miwah paman-paman sanesipun".
"Wis kinodrat wiwit kuna makuna Ngger" wangsulane Wasi Nagasekti karo mesem "lali luput lan apes kuwi mula dadi sandhangane manungsa, klebu aku lan ndika kabeh, mula ora liwat tiba sapadha-padha".
Sawise padha apura-ingapura, Janggan Palupuh mire saka pendhapa nyaketi thonthongan sing digawe saka bongkotaning oyot pring ori, dithuthuk kaping pindho, sundha telu. Let sedhela banjur katon ana cantrik loro sing mara ing pendhapa, nyedhaki sing lagi padha rembugan karo nggawa omben wedang jahe karo panganan minangka suguhane sing lagi padha rerembugan.
"Mangga Dhimas padha dirahabi, apa kuwi gaweyane para bocah cantrik, ya sanane wae" kandhane Panembahan Dewa Karkatha ngacarani Wasi Nagasekti lan pendhereke supaya ngrahabi apa sing lagi wae disuguhne "lan mengko tak suwun Dhimas Wasi Nagasekti sakadang, kersaa ndherek melu ngrungokne apa sing bakal tak dhawuhake marang para siswaku, magepokan karo sasmita sing wis tak tampa saka Sang Hyang Kala Mercu, kanggo mbedhah Mataram lan nyirnakne tilas Lurah Pasar Pajang lan andhahane kabeh".
"Inggih Kakang Panembahan" wangsulane Wasi Nagasekti karo wiwit ngiling wedang jahe neng cangkire saka teko sing wis dicepakne "kula rumaos bingah dene Kakang Panembahan ngeparengaken kula lan adhi-adhi kula tumut mirengaken surasaning sasmita saking Dewa nenggih Sang Hyang Kala Mercu menika".
Ora suwe sabanjure, ing Pendhapa Paguron Tangen kuwi banjur katon wong-wong padha seger anggone ngrahabi suguhan sing diladekne para cantrik. Nanging durung nganti rampung olehe padha andrawina, dumadakan ana Cantrik sing duwe jejibahan minangka telik sandi teka banjur nusul melu lungguh ing sisihe Panembahan Alit Dewa Danu karo bisik-bisik. Sing dibisiki uga cepet olehe tanggap, mula banjur wangsulan karo suwara sing alon :
"Iya, entenana sedhela neng kene, aku tak matur luwih dhisik marang Panembahan Dewa Karkatha".
"Sajake ana sing wigati Adhi Dewa Danu?" sanajan olehe guneman Panembahan Alit Dewa Danu mau mung lirih, nanging pranyata Panembahan Dewa karkatha melu krungu, banjur gage wae olehe takon.
"Inggih Kakang" wangsulane Panembahan Alit Dewa Danu "menika Ki Kasirata telik sandining Paguron Tangen badhe ngaturaken prakawis ingkang kalebet gawat".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar