81.
Panembahan Dewa Karkatha rada mlengak krungu wangsulane Panembahan Alit Dewa Danu mangkono iku. Pancen Kasirata kuwi salah sijine siswa utawa cantrik Paguron Tangen sing klebu wis suwe olehe nyantrik lan awit saka lantiping pikire banjur dening Panembahan Dewa Karkatha diwenehi gaweyan supaya dadi telik sandi, sing jejibahane ngulat-ulati kahanan sarta ngrungokne kabar sing sumebar ing Kutha Gedhe Mataram. Mligine sing ana sambung rapete karo lakuning paprentahan ing Mataram sarta gawe kabar kang ngayawara sing disebarne marang kawula ing Mataram murih Mataram bisa kisruh sing tundhone bisa gawe ringkihing paprentahan.
Wis watara setengah tahun Kasirata ora bali menyang Tangen, nanging nindakne laku dagang neng Kutha Gedhe Mataram lan sakiwa tengene sinambi nyebar warta sing kosok balen karo kahanan sing sanyatane. Lha kok wengi kuwi Kasirata dumadakan bali neng Paguron Tangen sing jarene arep aweh kabar sing gawat. Banjur kabar apa iki?.
"Kasirata dhawuhana maju mrene Adhi" kandhane Panembahan Dewa Karkatha sabanjure marang Panembahan Alit "tak takonane kabar apa sing digawa".
"Inggih Kakang Panembahan" wangsulane Panembahan Alit, sing banjur aweh prentah marang Kasirata supaya nyaket Panembahan Dewa Karkatha "Kasirata, nyedhaka Kakang Panembahan Dewa Karkatha lan matura sing cetha apa warta sing mbok arani gawat kuwi".
"Ngestokaken dhawuh Panembahan" Wasirata wangsulan banjur karo ndhodhok mlaku nyedhak ngadhep ing ngarepe Panembahan Dewa Karkatha.
"Keparareng matur Panembahan" Kasirata nguneman karo nyembah.
"Iya, kandhakna apa warta sing mbok gawa? gajege wis rada sauntara kowe ora ngaton bali ing Paguron kene?!" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha.
Kabeh wong sing ana pendhapa kono padha meneng, ora ana sing wani cemuwit, kabeh uga kepengin ngrungokne warta sing arep diaturne Kasirata marang Panembahan Dewa Karkatha.
"Saderengipun nyuwun pangapunten Panembahan awit pawartos menika kula tampi inggih dereng dangu awit ketingalipun inggih awit wonten kabar ingkang njujuli" Kasirata miwiti ngandhakne kabar sing diweruhi.
"Iya, kabar apa kok dumadakan kowe kandha yen ana kabar sing njujuli? Sing njujuli sapa? lan kabar apa kuwi?" Panembahan Dewa Karkatha nyelani kandhane Kasirata.
"Inggih kabar prakawis anggenipun Mataram badhe nglurug perang dhateng Paguronipun piyambak menika" wangsulane Kasirata nutugne olehe kandha.
"Mataram arep nglurug perang marang Paguron Tangen?" Panembahan Dewa Karkatha nyelani takon sajak gumun.
"Leres" wangsulane Kasirata "suwaunipun kabar wau sampun sumebar lan kula ugi sampun nyebar wartos ingkang saged kapireng dening Prajurit Sandi Mataram, temah wartos ingkang kula sebar kala wau kathah ingkang sami pitados kalebet Pangeran Singasari Senapati Agung Nagari Mataram".
"Mengko dhisik, aku durung pati mudheng karo critamu iki" Panembahan Dewa Karkatha sajak ora sabar karo kabar sing dikandhakne Kasirata "coba balenana sing luwih cetha!".
"Estunipun makaten" Kasirata wangsulan lan mbaleni katrangane "watawis kalih wulan kapengker kula mireng kabar bilih Prajurit Sandi Mataram ngabaraken dhateng Pangeran Singasari menawi Paguron Tangen sampun bibrik-bibrik badhe mirong kampuh jingga, mbalela saking pangwasanipun Panembahan Senapati. Kula ngertos menawi palauranipun Prajurit sandi Mataram menika mila leres, awit saking menika kula lajeng nyebar wartos bilih Paguron Tangen ingkang dipun suhi dening Panembahan Dewa Karkatha mila leres badhe mbalela, nanging kula wewahi cariyos ingkang boten leres inggih menika lekasipun Panembahan Dewa Karkatha menika kenging kawastanan namung kados gegujenganipun lare angen, jalaran kula criyos minangka tiyang ingkang griyanipun Tangen, kula ngertos menawi Panembahan Dewa Karkatha menika namung Dhukun nDesa ingkang muridipun kenging kawilang mawi driji, dados menawi mangke saestu Pangeran Singasari ngerigaken prajuritipun cacah satus ingkang dipun tindhihi prajurit ingkang apangkat Tumenggung, boten ngantos sapanginang Paguron tangen tartamtu sampun rata kaliyan siti".
"Bagus, kowe pinter Kasirata" Panembahan Dewa Karkatha nyela rembug karo ngguyu "aku ngerti karo sing mbok karepne, kowe duwe pangarah supaya Mataram mung mbudhalake prajurit sing ora akeh cacahe menyang Tangen kene, perlune murih gampang anggone awake dhewe numpes, harak ya ngono ta? banjur asile nggonmu nyebar warta ngayawara kuwi kepriye?".
"Ketingalipun kabar ingkang kula sebar menika sampun kadhahar dening para prajurit ingkang nggadhahi pangkat radi inggil, malah ugi sampun dumugi lan kadhahar dening Pangeran Singasari" wangsulane Kasirata nutugne crita "pramila anggenipun badhe ngrabasa Paguron Tangen lajeng dipun sumenekaken jalaran ngemuti menawi kekiyataning Paguron Tangen namung alit, prabeya ingkang badhe dipun wedalaken dening kahartaning kasenapaten agung inggih kedah boten kathah".
"He he he...." Panembahan Dewa Karkatha gumuyu amba "dhasar wong Mataram sing apangawak prau kabeh, geleme obah mung merga ngalap opah, genah nek wragad sing dicawisne kanggo nglurug menyang Tangen kuwi mung sethithik, para senapati lan prajurit Mataram genan nek padha aras-arasen kabeh".
"Inggih Panembahan" wangsulane Kasirata sabanjure "nanging, mugi kauningan kalih dinten kapengker kula sumerep Mataram ngerigaken Prajurit kanthi cacah ingkang boten kantenan kathahe, menawi kemawon langkung saking sekawan atus tiyang, kathah para Tumenggung ingkang ndherek bidhal awit ingkang minangka dados Manggalayuda Pangeran Singasari piyambak".
"Piye?" Panembahan Dewa Karkatha katon kaget banjur takon kanthi suwara sing banter "Pangeran Singasari ngerigne wadya bala samono akehe kuwi arep digawa menyang ngendi? Apa arep kanggo nglurugi Paguron Tangen he?".
"Inggih awit saking menika Panembahan" Kasirata nutugne olehe kandha "ing ngajeng sampun kula aturaken mbok menawi kemawon wonten warta jujulan dhateng Mataram ingkang langkung pinitados lan saestu ngertos menggah kawontenan sanyatanipun ingkang wonten ing Paguron Tangen mriki. Awit saking menika, kula tumunten marentahaken dhateng Adhi Nadisa tuwin Adhi Segaragama murih memanuki lampahing prajurit Mataram ingkang bidhal mangetan mawi lampah dharat menika, dene kula lajeng daya-daya wangsul dhateng Tangen saperlu ngatiuraken pawartos menika dhateng Panembahan".
"Hm........" Panembahan Dewa Karkatha nggereng "aneh, upama ana sing njujuli kabar menyang Mataram, banjur sapa sing wis budhal mrana ? Nitik akehing prajurit sing dibudhalake kuwi cetha nek sing aweh kabar menyang Mataram kuwi dudu mung Prajurit Sandi sing ngontalake Pangeran Singasari temah percaya karo kabar sing digawa. Aku ngerti dhewe, biyen jaman aku bebarengan karo Paman Panji Narantaka sing saiki madeg dadi paramparane Rama Panembahan Nagajiwa ing Patalan, ndelok kahanan Mataram, sing jeneng Pangeran Singasari kuwi ora getapan lan gampang percaya karo kabar sing ditampa..........".
"Mangke rumiyin, Nuwun sewu Kakang Panembahan" dumadakan Wasi Nagasekti nyela rembug melu guneman.
"Iya Dhimas Wasi Nagasekti arep paring dhawuh apa?" Panembahan Dewa Karkatha takon.
"Menapa leres menawi bidhalipun wadya bala Mataram sagelar sepapan ingkang cacahipun saged winastan ewon lan dipun tindhihi dening Si Singasari menika saestu badhe nedya nglurugi Paguron Tangen? Menapa boten badhe nglurugi papan sanes ingkang kaleresan mapanipun inggih ing Brang Wetan? Awit kula ugi mireng pawartos bilih Panembahan Mas ing Madiun ugi sampun miwiti suthik kabawah Mataram. Mangke gek-gek Wadyabala ingkang tinindhihan Si Singasari menika badhe dhateng Madiun?" Wasi Nagasekti dumadakan duwe panemu sing seje.
"Piye Kasirata panemumu karo panemune Adhimas Wasi Nagasekti iki?" ora mangsuli pitakone Wasi Nagasekti, Panembahan Dewa Karkatha malah genti nakoni Kasirata.
"Nyuwun pangapunten Panembahan lan ndika Wasi Nagasekti" Kasirata wangsulan "nalika kula mlampah wangsul sarana nunggang kapal, kula ugi kendel saperlu liru kapal sanes ing margi murih boten katelasan napas, nalika kula ngepasi liru kapal dhateng salah satunggaling sanakan kula, kula ugi mireng wartos bilih ingkang njujuli wartos dhateng Mataram menika utusanipun Pangeran putranipun Panembahan Senapati ingkang nembe lelana ing Brang Wetan lan utusan kasebat katampi piyambak dening Patih Mandaraka, pramila boten nggumunaken menawi Pangeran Singasari lajeng kontal purun budhal".
"Ha...ha......ha.....ha........" dumadakan Panembahan Dewa Karkatha gumuyu banter "kabar sing mbok tampa kuwi cetha yen ngayawara Kasirata. Aku ngerti dhewe, anake Sutawijaya tilas Lurah Pasar Pajang kuwi sing gedhe dhewe umure durung ana sepuluh tahun, yen ora kleru jenenge Jolang, dadi mokal yen ana Pangeran anake Sutawijaya sing lelana ing Brang Wetan. Ketoke aku luwih mathuk karo panemu lan pangirane Dhimas Wasi Nagasekti mau".
"Nanging sampun kesesa ayem rumiyin Kakang Panembahan" Panembahan Alit sing maune mung meneng wae melu guneman "saged ugi wartos ingkang dipun tampi dening Ki Kasirata menika kala wau ugi wonten leresipun. Saged ugi sebatan Pangeran anakipun Sutawijaya menika namung dhapur pasemon. Awit saking menika awakipun piyambak ugi kedah tata-tata kangge ngadhepi duginipun mengsah".
"Apa sing Adhi kandhakne kuwi pancen bener" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "nadyan aku rada mathuk karo panemune Dhimas Wasi Nagasekti mau, nanging jeneng ora klebu nalar nek arep nglurugi Madiun Sutawijaya mung mbudhalake Si Singasari, awit wis kondhang yen Panembahan Mas ing Madiun kuwi kadigdayane ora akeh kaceke karo Arya Penangsang sing mati kena kartisampekane Juru Mertani lan Pemanahan sing ngongkon Sutawijaya nunggang jaran wedok ing gisik Bengawan Sore biyen. Merga Panembahan Mas karo Penangsang kuwi padha-padha muride Sunan Kudus".
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar