Total Tayangan Halaman

Rabu, 16 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (082)

 

82.

Wong sak pendhapa banjur padha meneng, nyoba golek wangsulan saka gagasane dhewe-dhewe gegayutan karo kabar sing digawa dening Kasirata, yen Wadyabala sagelar sepapan saka Mataram dibudhalne mangetan, sing miturut panemune Kasirata arep nhglurugi menyang Paguron Tangen. Luwih-luwih Kasirata dhewe uga nrungu kabar slenthingan yen merga Patih Mandaraka nampa jujulan warta saka putrane Panembahan Senapati sing ngabarake mungguh kekuwatan sing diduweni Paguron Tangen kang sanyatane. Sanadyan warta sing keri kuwi wis dibantah dening Wasi Nagasekti kanthi pawadan mokal yen Panembahan Senapati kagungan putra sing wis diwasa sing wis wani lelana menyang Brang Wetan, nanging ngelingi nek Panembahan Senapati kuwi kajaba bagus rupane, wiwit bocah wis kulina diaji-aji wong sak negara merga putra angkate Sultan Pajang, dadi bisa wae nalikane Sutawijaya isih jejaka tanggung biyen wis duwe open-open wanita sing dilebokne ing slambu peteng, minangka klangenane, lan sing njujuli warta kuwi anak lambu petenge Sutawijaya sing saiki madeg dadi Panembahan Senapati ing Mataram.

 

"Lha menawi prajurit saking Mataram menika estu badhe ngrabasa Paguron Tangen mriki, menapa ingkang kedah dipun lampahi Kakang Panembahan?" sawuse padha meneng suwe, Panembahan Alit Dewa Danu sing miwiti ngajak nutugne olehe padha rembugan.

 

"Menapa prayoginipun nyuwun bebantu dhateng Patalan Kakang Panembahan?" genti Wasi Nagasekti numpangi rembug "menawi kedah nyuwun bebantu dhateng Rama Panembahan Nagajiwa, dinten niki ugi, Adhi Nagatingkir kersanipun wangsul dhateng Patalan ngaturaken prakawis menika dhateng Rama Panembahan Nagajiwa".

 

"Mengko dhisik Dhimas, coba tak takere dhisik kekuwatan ing kene, mengko perkara kapeksa nyuwunbebantu menyang Patalan kuwi gampang, sokur yen ora ndadak nganggo gawe repote Rama Panembahan Nagajiwa, Si Singasari sawadya balane bisa dipendhem ana Tangen kene" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha karo njengkerutne bathuke.

 

Pancen Panembahan Dewa Karkatha kepengin nuduhne menyang Nagasekti yen kekuwatan sing disimpen dening Paguron Tangen kuwi cukup gedhe, malah kira-kira bisa uga luwih gedhe tinimbang kekuwatane Paguron Patalan, kanthi mangkono Wasi Nagasekti sakancane ora nganggep remeh marang Panembahan Dewa Karkatha apa dene murid-muride.

 

"Nek sing dibudhalne mrene kira-kira limang atus Prajurit" kandhane Panembahan Dewa Karkatha sabanjure "kuwi isih sangisore kekuwatan Paguron Tangen, jalaran para cantrik sing isih mapan ing Paguron cacahe ora kurang saka telung atus, banjur para siswa sing wis ora manggon neng Padhepokan kene cacahe bisa luwih akeh maneh, nek digawe gampang ana telung atus, cacahe kekuwatan Paguron Tangen isih luwih gedhe tinimbang cacahe prajurit Mataram".

 

Wasi Nagasekti mung manthuk-manthuk krungu petungane Panembahan Dewa Karkatha ngono kuwi.

 

"Cacah nem atus kuwi tak etung mung kanggo njagani yen ora netes wae" kandhane Panembahan Dewa Karkatatha sabanjure "jalaran siswa-siswa sing saiki wis manggon ing desane dhewe-dhewe akeh sing uga banjur padha ngedegne paguron kanuragan, lan padha duwe cantrik sanadyan rata-rata cacah seket nganti tekan satus, nek para siswa kuwi mengko budhale padha ngajak cantrike, ora mokal yen Singasari karo prajurit bakal karoban lawan".

 

"Kula ngertos lan pitados kaliyan menapa ingkang ndika dhawuhaken Kakang Panembahan" Wasi Nagasekti aweh panemu "nanging menika wekdalipun sampun mepet, miturut petangan kula, boten ngantos tigang peken malih wadya Mataram sampun badhe dumugi mriki. Lajeng wekdal kangge nimbali para siswa Paguron Tangen ingkang sampun mapan ing dhusunipun piyambak-piyambak menika, wekdalipun anyekapi menapa boten?".

 

"Kuwi uga wis mlebu ing petunganku Dhimas" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "pancen ya kudu rebut banter karo lakune Prajurit Mataram, bengi iki uga marang Janggan Suratanta, Janggan Wisakala, Janggan Palupuh tak prentahake supaya nekakne dhawuhku marang Ki Sudara ing Mlale, Ki Baskara ing Japoh, Ki Suduk ing Gesi lan Ki Senggung ing Gesi. Padha dhawuhna marang wong-wong kuwi supaya ngabari sedulur-sedulure padha-padha siswa Paguron Tangen, kandhakna yen wektu iki Paguron Tangen lagi sajroning bebaya, critakna apa sing kudu sira critakne gegayutan karo warta sing digawa dening Kasirata iku mau. Tak jaluk sajroning wektu sepasar supaya kabeh wis padha siaga ana ing Tangen kene".

 

"Inggih Rama Panembahan" Janggan Suratanta makili Janggan Wisakala lan Janggan Palupuh wangsulan karo nyembah "sampun cetha ingkang dados dhawuhipun Rama Panembahan samangke kaparenga kula tetiga bidhal nindakaken dhawuhipun Rama Panembahan menika. Boten langkung pangestunipun Rama Panembahan mugi mayungana lampah kula tetiga".

 

"Iya, budhala saiki uga, pangestuku sing ngeterne lakumu bocah telu" wangsulane "aja kaya bocah cilik, borong olehmu padha arep andum gawe lan budhalmu mengko padha miliha jaran-jaran sing banter playune ing gedhogan kae".

 

"Inggih sendika, ngestokaken dhawuh Rama Panembahan" wong telu kuwi wangsulan bareng banjur alon-alonan padha mundur ninggalne pendhapa arep nindakne prentahe gurune.

 

"Kula sampun nicil ayem Kakang Panembahan" saungkure Janggan telu kuwi, Wasi Nagasekti banjur guneman "nyata kekiyataning Kakang Panembahan Dewa Karkatha saestu ngedab-edabi. Sanaosa makaten, sanadyan namung saklusu kaparenga kula badhe ndherek udhu, nadyan namung samerang kaprengna kula badhe atur pasumbang".

 

"Banget panuwunku marang ndika Dhimas Wasi Nagasekti" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha karo mesem lega "Dhimas arep paring pisumbang apa marang Paguron Tangen?".

 

"Sampun klentu Kakang Panembahan" Wasi Nagasekti genti aweh wangsulan "kula ngertos, menawi Paguron Tangen ingkang dipun suhi dening Kakang Panembahan Dewa Karkatha menika estu sampun opor bebek, liripun saged ngentas awakipun piyambak, nanging ngemuti bilih Paguron Tangen menika boten saged kapisahaken kaliyan Barisan Trah Majapahit ingkang samangke kapunjeraken ing Padhepokan Wana Patalan, pramila kula inggih boten kepengin ngekep dhengkul sumerep Kakang Panembahan Dewa Karkatha lan kulawarga ing Paguron Tangen menika badhe yasa luwangan kangge mendhem bangkenipun Singasari lan wadya bala Mataram, kaparengna kula lan kadang-kadang kula menika boten wangsul rumiyin dhateng Patalan, nanging badhe ndherek manggihi Singasari sawadya balanipun menika, Kakang".

 

"Iya, iya  Dhimas" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha sabanjure "yen kuwi wis dadi kersane  Dhimas Nagasekti lan para kadang saka Patalan, ora liwat aku mung bisa ngaturake panuwun. Ngelingi palenggahane Dhimas Nagasekti lan para kadang saka Patalan, aku ora lila yen Dhimas arep ngadhepi prajurit rucah. Dhimas Nagasekti lan para kadang iki, mengko bisa kumpul karo aku saora-orane sing arep nempuhne para Tumenggung lan senapati pinilih saka Mataram, dene sing ngadhepi Singasari ora ana liya ya mung aku dhewe murih ora mbuwang wektu sing akeh".

 

"Inggih matur nuwun Kakang Panembahan" wangsulane Wasi Nagasekti. Murid kinasihe Panembahan Nagawisa ing Patalan kuwi pancen uga kepengin nuduhne marang Panembahan Dewa Karkatha lan wong-wong ing Paguron Tangen, yen kasektene ora kalah yen ditandhing karo murid-muride Panembahan Dewa Karkatha, malah mbok menawa wae isih luwih sekti dheweke lan sedulur-sedulure yen dijejerne karo Panembahan Dewa Karkatha lan murid-muride. Yen klakon mengkone Panembahan Dewa Karkatha lan wong Paguron Tangen wis weruh sepira kadigdayan lan kasantikane, gelem ora gelem Panembahan Dewa Karkatha ora banjur kebacut olehe gumedhe jalaran rumangsa ering marang kasekten lan kadibyane ing reh kanuragan lan ulah kaprajuritan.

 

"Sabanjure marang sira Ngger Jayantaka lan Jayandaga" Panembahan Dewa Karkatha banjur salin guneman marang murid agul-agule kuwi.

 

"Inggih wonten dhawuh Rama Panembahan" wangsulane Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga meh bareng.

 

"Sesuk budhala menyang Desa Grumbulan, temonana Lurah Kuwera ing Grumbulan Kulon lan Lurah Widarba ing Grumbulan Wetan. Lurah loro kae prentahen supaya nyiagakne prajurit-prajurit desane dhewe-dhewe kanggo melu maju mapag tekane Prajurit Mataram. Sarta maneh, Luraj Kuwera ajaken nemoni gurune Paguron Cilik sing jarene jeneng Paguron Pelanggolan utawa Paguron Jatrigrowong kae, prentahna marang sing mandhegani Paguron kuwi kaya dene nggonmu aweh prentah marang Lurah Kuwera apa dene Lurah Widarba" kandhanane Panembahan Dewa Karkatha sabanjure.

 

"Inggih Rama Panembahan, ngestokaken dhawuh" wangsulane Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga bebarengan.

 

"Aja nangung olehmu aweh prentah" Panembahan Dewa Karkatha nambahi kandha "yen salah siji utawa katelune pisan ana sing semanta lire ora gelem nindakne apa sing dadi prentahmu, kandhanana pisan, yen sing wani ndaga bakal ditumpes kelor sacindhil abange".

 

"Inggih Rama Panembahan" wangsulane Puthut loro kuwi maneh.

 

Gandheng wektune wis sansaya wengi, mula Panembahan Dewa Karkatha banjur mbubarake rerembugan kuwi. Wasi Nagasekti lan pandhereke padha dikongkon lerem ing omah pondhokan sing manggon awor karo paleremane Panembahan Dewa Karkatha.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...