83.
Wiwit oleh pamrayoga saka Rangga lan Marga Lurah Kuwera lan para Bebau padha sengkut anggone nggladhi para prajurit Kalurahan sing cacahe kabeh ana wong wolung puluh lan sing klebu prajurit serepan ana selawe. Banjur diwuwuhi para nom-noman sing uga wis padha digugah rasa katresnane marang bumi papane manggon lan sing wis dipangan wulu-wetune sarta diombe sumber banyune, cacahe nom-noman kabeh ana satus rongpuluh. Saben dina padha digladhi ulah kanuragan dening para Bebau lan Pata Jagabaya sing wis kulina ngadhepi mungsuh ing tengahing paprangan. Olehe padha gladhen ditibakne wayah wengi, jalaran yen wayah rina wong-wong kuwi padha repot nandangi gaweyan neng tegal lan sawahe.
Para siswa saka Paguron Tangen sing duwe jejibahan saka Pagurone njupuk pajek marang kawula ing Grumbulan, ora ana sing padha weruh yen wong-wong Grumbulan utawa wong Padhukuhan kuwi wis wiwit tata-tata arep mbalela marang Panembahan Dewa Karkatha. Jalaran para cantrik utawa murid Paguron Tangen olehe mara njupuk pajek marang para warga Padhukuhan ajeg nek wayah rahina. Lan merga nurut karo sing diwelingne Rangga lan Marga, wong-wong ing Padhukuhan Pelanggolan sisih kulon sing dilurahi dening Ki Lurah Kuwera, sadurunge ana prentah saka Rangga lan Marga yen perang wis diwiwiti, wong-wong padhukuhan klebu Ki Lurah lan Para Sapukawating Padhukuhan , kudu tetep nuduhne sikep yen padha wedi marang cantrik-cantrik saka Paguron Tangen.
Kaya awan kuwi, nalika ana cantrik sing teka ing omahe Ki Lurah, Ki Lurah olehe nemoni uga ora ninggal sikep pangaji-ajine, sanadyan olehe ngajeni kuwi satemene mung samudana wae. Lamis, ora tekan jero ati.
"Damel nratabing manah kula awit rawuh ndika kekalih Anakmas Pahang miwah Anakmas Tambir" Ki Lurah Kuwera gita-gita olehe nemoni dhayoh saka Paguron Tangen kuwi "jalaran kala wau enjing para Cantrik Tangen ingkang dipun suhi dening Anakmas Tambong sampun kemput anggenipun mundhut paos dhateng sedaya warga".
"Aku njaluk pangapura ndika Ki Lurah, yen tekaku karo Adhi Tambir wis gawe nratabing ati ndika" wangsulane Pahang karo mesem sajak semanak "awit tekaku iki mau ora ana sambung rapete karo perkara pajek sing dadi kuwajibane wong-wong Grumbulan kene marang Paguron Tangen".
"Sokur ta menawi makaten Anakmas" wangsulane Ki Lurah sajak lega, nitik esem sing katon ing lambene Pahang sing dibarengi tembung sing sareh kuwi bisa diwaca yen tekane cantrik loro kuwi ora arep gawe dadakan gendra "lajeng menapa kula dipun parengaken menawi nyuwun pirsa dhateng Anakmas, menggah wigatining sedya rawuh ing rompok kula mriki niki?".
"Mesthi wae kena Ki Lurah" wangsulane Pahang karo ngguyu alon "tekaku kene iki mau kang sapisan kepengin ngraketake nggone awake dhewe padha kekadangan iki, kaping pindho aku arep takon apa prajurit Kalurahan sing biyen tau ana nalika kanggo ngandhepi Ki Widarba sakancane kae saiki isih ana?. Kaping telu Paguron ing Jatigrowong kae saiki apa isih ana sing padha ngangsu kawruh ing kana? Jalaran nalika aku karo Adhi Tambir liwat kana mau kok katone sepi?. Dene kaping papate aku arep aweh kabar marang Ki Lurah yen dina sesuk, Ki Puthut Jayantaka lan Ki Puthut Jayandaga kepareng arep tindak ing omah ndika iki, mula marang ndika tak prentahne supaya sesuk watara wektune Wisan Gawe, para Bebau lan Para Sapukawating Desa Grumbulan ndika klumpukne neng Pendhapa Kalurahan, arep ana dhawuh saka Ki Puthut Jayantaka lan Ki Puthut Jayandaga sing wajib dingerteni lan ditindakne kanthoi sabecik-becike dening Ki Lurah, Para Bebau lan Sapukawating Desa Grumbulan sarta para kawula kabeh".
Amerga durung ngerti apa sing arep dikarepne para Cantrik Paguron Tangen marang kawula Desa Grumbulan, Ki Lurah Grumbulan ya rada suwe olehe aweh wangsulan. Nganti Tambir kancane Pahang kuwi kapeksa takon maneh marang Ki Lurah.
"Piye Ki Lurah? wis ngerti sing dikandhakne Kakang Pahang mau apa durung? kok ndika malah meneng wae karo manthuk-manthuk kuwi?" pitakone Tambir karo suwara sareh nanging rada seru.
"Inggih, inggih nyuwun pangapunten Anakmas" Ki Lurah gupuh olehe wangsulan "sedaya ingkang kadhawuhaken Anakmas Pahang sampun kula mangertosi, namung kula radi kaget kaworan remen lan kraos mbedhodhok manah kula, jalaran nDara Puthut Jayantaka miwah nDara Puthut Jayandaga, kepareng badhe tedhak ing rompok kula mriki, raosing manah kula kados kajugrungan wukir sari kemawon mireng menawi Ndara Puthut kekalih badhe rawuh mriki menika kala wau".
"Aja kaduk ati bela penampa anggon ndika nampa kabar iki Ki Lurah" kandhane Pahang karo mesem seneng "aran wis lumrah, ya merga ketang tresnane Ki Puthut Jayantaka lan Ki Puthut Jayandaga marang ndika lan kawula ing Grumbulan kene wae, panjenengane kepareng rawuh mrene sesuk kuwi. Saiki piye karo pitakonku mau?".
"Inggih Anakmas, keparenga kula matur" Ki Lurah nuli mangsuli pitakone Pahang "ingkang sapisan prakawis prajurit Kalurahan Grumbulan Kilen, menawi tiyang-tiyangipun ugi taksih Anakmas, nanging inggih sampun boten jangkep malih jalaran sampun wonten ingkang sami sepuh malah ugi wonten ingkang sampun pejah menapa".
"Kira-kira sing isih kari wong pira?" Pahang nyelani takon.
"Inggih mbok menawi kemawon taksih kinten-kinten sewidak tiyang ngaten" wangsulane Ki Lurah ketok nek tenanan, kamangka satemene Ki Lurah ngerti nek prajurite isih ana wolung puluh lan sing klebu serep ana wong selawe ditambah nom-noman ana nek satus rong puluhan "nggih cobi benjing kula langaken ngetang lan niti malih, taksih wonten pinten jangkepipun. Nanging, inggih niku wau, wiwit Para Siswa Paguron Tangen paring pangayoman dhateng Dhusun Grumbulan Kilen rumiyin, prajurit-prajurit kasebat boten nate ngawontenaken gladhen ulah kanuragan babar pisan".
"Iya Ki Lurah, sesuk utawa kapan enggal wae Ki Lurah nliti lan milang prajurit-prajurit Kalurahan kuwi kabeh ana pira, jalaran kanggo kaslametane Desa Grumbulan Kulon kene, prajurit Kalurahan kuwi nduweni kalunguhan kang wigati" Pahang aweh pitutur marang Lurah Kuwera.
"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Lurah.
"Banjur pitakonku perkara Paguron sing tau ana ing Jatigrowong mau kepriye?" Pahang mbaleni pitakone sing durung oleh wangsulan.
"Menawi prakawis menika" Ki Lurah wangsulan karo nata ukara murih kepenak dirungokne dening sing takon "cethanipun kados pundi kula piyambak inggih boten ngertos, jalaran nadyan Paguron alit menika mapanipun ing Bumi Grumbulan, nanging wiwit jaman rumiyin Paguron menika boten kebawah dening Kalurahan. Nanging kula ugi sumerep menawi Paguron menika ketingalipun inggih taksih sanaosa sampun boten kathah ingkang ngangsu kawruh ing mriku, jalaran kula mireng kabar ingkang kabekta ing angin ingkang nyariyoswaken menawi Ki Gedhe Pelanggolan tuwin Ki Lasma ingkang sampun boten wonten mriku malih, duka pejah duka kesah kula ugi boten ngertos".
"Ooo Yen mangkono" Pahang nanggapi wangsulane Ki Lurah "ngiras karo nliti kahanane prajurit Kalurahan sesuk ndika selakne niliki Paguron kuwi, murid-murid sing meguru ana kono isih ana pira lan sapa sing aweh piwulang yen suhing Paguron ya kuwi Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma jarene wis ora ana maneh?".
"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Lurah "angkah kula prekawis nliti kawontenaning prajurit Kalurahan lan kawontenanipun Paguron Jatigrowong menika wau, saged kula tindakne mangke kemawon. Dados benjing menawi nDara Puthut Jayantaka lan nDara Puthut Jayandaga rawuh mriki, menawi ngantos mundhut pirsa babagan menika, kula saged matur kanthi lancar, dene menawi boten mundhut pirsa bab menika, paling boten jejibahan menika sampun botenh dados tanggelan malih".
"Bener Ki Lurah" Pahang guneman sajak seneng atine "lekas ndika sing keri dhewe iki mau, aku sarujuk banget. Yen ngono, murih ndika ora kentekan wektu saiki aku tak pamit bali dhisik, dadi ndika enggal bisa nindakne jejibahan sing ndika kandhakne mau".
"Makaten Anakmas?" Ki Lurah takon "inggih mangga menawi makaten, kula namung saged ndherekaken Sugeng Tindak lan nyuwun pangapunten, rawuhipun Anakmas kekalih namung kasegahan ing Anggur kemawon".
Pahang karo Tambir ngguyu alon krungu wangsulane Ki Lurah sing mangkono kuwi. Kekarone banjur ngadeg mlaku nyedhaki jarane sing dicancang ing latar, arep bablas bali menyang Pagurone. Awit pancen tekane ing kono mau satemene mung awit saka ngemban prentah saka dhuwurane murih ngabari Lurah Grumbulan yen Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga arep teka mrono.
Ki Lurah uga banjur mlebu omah pamitan marang Nyai Lurah, kandha yen arep nemoni Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul. Pancen Ki Lurah arep ngajak Bebau loro kuwi nemoni Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma sarta Rangga lan Marga, saperlu ngabarake yen lagi wae ditekani Cantrik Paguron Tangen sing nakokne kahanane prajurit Kalurahan lan Paguron Jatigrowong.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar