84.
Tekane Ki Lurah Grumbulan ing Jatigrowong mbeneri karo Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma lagi jejagongan karo Rangga lan Marga, dadi ya tiba kabeneran banget. Sawise padha bage binage ngabarake keslametan kaya lumrahe wong sing lagi padha kepethuk, Ki Lurah banjur nyritakne olehe lagi bubar ketekan Pahang karo Tambir, murid Paguron Tangen. Kabeh pitakon saka Pahang lan Tambir lan wangsulan sing diwenehne Ki Lurah, dicritakne kabeh, marang Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing uga dirungokne dening Rangga lan Marga. Ora ana sing kecicir babar pisan.
Ki Gedhe Pelanggolan rada suwe olehe aweh wangsulan marang critane Ki Lurah kuwi, sajake Wong tuwa kuwi uga lagi mikir utawa nata rembug sing becik kanggo mangsuli Ki Lurah sing uga nyuwun rerigen kepriye murih becike.
"Dadi bareng karo Murid Paguron Tangen kuwi pamitan bali, ndika banjur mrene iki Ki Lurah?" sarehne Ki Gedhe ora enggal aweh wangsulan, Ki Lasma malah sing banjur genti nakoni Ki Lurah.
"Leres Kyai" wangsulane Ki Lurah "inggih awit mbujung wekdal, saha kula ajrih menawi ngantos Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga dugi panggenan kula, kula dereng saged nyukani wangsulan".
"Iya bener kuwi Ki Lurah" Ki Lasma genti wangsulan "nanging tak kira Puthut loro muride Dewa Karkatha kuwi ora arep takon kaya si Pahang lan Tambir mau, nanging malah arep aweh prentah marang ndika lan para Bebau ing Padhukuhan Pelanggolan utawa Grumbulan".
"Lha menika kula ingkang boten mudheng Kyai" Ki Lurah nyauti rembuge Ki Lasma, nelakne rasa ora ngertine.
"Iki ngene ya Ki Lurah" wekasane Ki Gedhe Pelanggolan banjur guneman "kena diumpamakne ndika karo aku apa dene Paman Lasma kuwi kaweruhe isih jero tapake meri, gandheng neng kene sing miturut pamawasku ana sing luwih pana ing babagan iki, luwih becik menawa aku, Paman Lasma lan ndika kabeh ngrungokne apa sing arep didhawuhne dening Angger Rangga lan Angger Marga ing babagan iki".
Ki Gedhe pelanggolan banjur genti nyawang marang nom-noman loro sing wis kasil ngruwat dheweke apa dene Ki Lasma saka wewalat sing disandhang kuwi karo nembung alus :
"Mangga Angger, kula suwun ndika keparenga paring dhawuh menapa ingkang kedah kula lan Ki Lurah lampahi murih prayogining lampah?".
"Nuwun sewu Ki Gedhe" Rangga sing mangsuli luwih dhisik marang panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan kuwi "kula menapa dene adhi kula Marga badhe ngaturaken rerigen ingkang awewaton nalar kula kekalih, nanging saderengipun kula menapa dene adhi kula matur, langkung rumiyin kula badhe nyuwun pirsa dhateng Ki Lasma".
"Angger Rangga badhe mundhut pirsa dhateng kula?" Ki Lasma sing didumuk jenenge dening Rangga kuwi takon karo mlengak "lajeng Angger Rangga lan Anger Marga badhe mundhut pirsa bab menapa?".
"Makaten nggih Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem "kula ngertos kala wingi nalika wancinipun gladhen para siswa Paguron Jatigrowong, ingkang paring gladhen namung Ki Gedhe piyambak. Kala wingi ndika tindak pundi Ki Lasma? Lan menapa ingkang ndika panggihi salebting ndika kesah nilar kuwajiban paring gladhen dhateng para siswa menika?".
Ki Lasma sajak kaget didumuk nganggo pitakonan sing mangkono iku dening Rangga. Kamangka Ki Pelanggolan wae ora migatekne olehe lunga dina wingi kuwi. Nanging malah Rangga karo Marga wis luwih dhisik ngerti. Ki Lasma banjur mesem, ing jero batine nggagas nelakne rasa erame marang kasekten sing diduweni nom-noman loro siswane Ki Tanparupa kuwi. Wekasane Ki Lasma uga banjur milih kandha prasaja apa anane, ora ana sing ditutup-tutupi karo olehe lunga dina wingi kuwi.
"Nyuwun pangapunten Ngger" kandhane Ki Lasma karo nata olehe lungguh "kula estunipun sampun ngertos bilih Angger Rangga lan Angger Marga sampun pirsa kedadosan ingkang kula lampahi kala wingi menika, nanging tinimbang boten kados cangkriman kaprenga kula matur menapa wontenipun".
"Kula kinten menika langkung prayogi Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem.
"Estunipun, kala wingi menika manah kula nembe kegiwang dening wontenipun sesawangan ingkang nyalawadi" Ki Lasma wiwit aweh wangsulan marang Rangga lan Marga.
"Sesawangan nyala wadi Paman?" Ki Gedhe Pelanggolan nyaru wuwus medhot critane Ki Lasma "kok aku malah ora weruh? Apa wujude sesawangan kuwi Paman?".
"Mengko dhisik Ngger" Ki Lasma mangsuli pitakone Ki Gedhe Pelanggolan, sauntara Ki Lurah Kuwera lan Bebau ing Watutanggul karo Bebau Senggot sing ora mudheng marang sing dirembug dening Ki Lasma kuwi mung meneng plenggang-plenggong wae "aku tak matur marang Angger Rangga luwih dhisik".
"Iya Paman, tutugna dhisik olehmu arep matur" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan, ngrumangsani nek wis nyaru wuwus.
"Wujudipun sesawangan ingkang kula sebat nyala wadi menika, arupi wonten Peksi Jalak ingkang sajak lulut, ingkang cecolotan ing tengahing margi ingkang badhe kula langkungi dhateng papanipun gladhen para siswa Jatigrowong. Sumerep peksi Jalak Pethak ingkang kula wastani sakalangkung mencutaken menika, ing manah kula tumuli tuwuh raos kepengin nyepeng badhe kula ingah. Nanging saben kula rindhik badhe kula tubruk, Peksi Jalak menika tansah endha mencolot nebih, pramila inggih panyepeng kula tansah luput. Gandheng kula rumaos dipun jarag dening peksi ingkang ketingalipun cumbu nanging jebul kesit menika, manah kula lajeng kraos runtik, Kula lajeng ngecakaken ngelmi ingkang dados gadhuhan kula. Nanging pranyata kula malah kecelik lan dipun damel wirang dening peksi menika, saben-saben kula indhaki ngelmi kula, panjaragipun Jalak Pethak menika sansaya cetha. Wasana Peksi Jalak Pethak lajeng kula uber mawi kasektenipun para prayangan ingkang taksih kula gadhuh. Peksi Jalak lajeng mabur mangilen sansaya tebih lan kula terus kula bujung. Boten kraos jebul aburipun peksi Jalak wau sampun sakalangkung ing tebihipun, malah menawi boten klentu sampun tebih ing sakilenipun Tangen. Sareng pambujung kula lan aburipun peksi Jalak kasebat manggihi satunggaling ara-ara dumadakan peksi Jalak Pethak kala wau lajeng ical musna tanpa nilar tilas babar pisan. Sampun kula lacak dumugi alaming palemunan nenggih alaming para prayangan, peksi Jalak Pethak panggah boten saged kula panggihaken. Manah kula lajeng kaken, kula niyati Peksi Jalak kala wau badhe terus kula padosi ngantos kepanggih. Dumadakan kula mireng suwantenipun tiyang gumujeng, sajakipun nggumujengi kakening manah kula, nanging kula lajeng cat emut cat boten kalih suwanten gumujeng menika kados kagunganipun priyantun ingkang nate kula bektosi, nanging sinten kula supe. Wasana kula emut menawi kula nembe pikantuk godha. Kula lajeng ngrucat ngelmining prayangan, tumunten kula wangsul dhateng alam ingkang kasat mata malih. Nanging nyarengi kula tumapak ing alaming manungsa, dumadakan wonten tiyang ingkang nunggang kapal, kapalipun dipun gelak rikat kados tiyang mbujung setan, meh kemawon badan kula dipun terak dening tiyang nunggang kapal kala wau".
"Lajeng Ki Lasma duka dhateng tiyang ingkang nunggang kapal kala wau?" Marga nyelani takon karo mesem.
"Leres Ngger" wangsulane Ki Lasma karo kacipuhan nutugne crita "manah kula ingkang sampun asrep awit mireng suwanten gumujeng ingkang nyalawadi kala wau, dados kimat panas malih".
"Salajengipun kados pundi Ki?" Rangga genti takon karo setengah ngguyu.
"Inggih kabekta saking bentering manah, tiyang nunggang kapal kala wau lajeng kula tututi mawi aji panglemunan malih. Sanaosa sampun ketututan, nanging tiyang wau inggih boten lajeng kula srengeni, namung kula tutaken badhe dhateng pundi purugipun, jalaran kula kuwatos menawi anggenipun mlajaraken tungganganipun awit tiyang wau nembe mbujung cekaping kabetahan ingkang wigatos" wangsulane Ki Lasma sabanjure.
"Lajeng Ki Lasma pirsa dhateng pundi purugipun tiyang nunggang kapal kala wau?" Rangga banjur takon maneh.
"Jebul sareng kula tutaken, tiyang wau tumuju dhateng Paguron Tangen" wangsulane Ki Lasma "mila inggih lajeng kula tilar, kula nunten wangsul malih dhateng papan mriki jalaran lkula kemutan menawi kula kedah nggladhi para siswa ing Paguron Jatigrowong. Nanging dumugi Jatigrowong jebul srengenge sampun ngglewang tebih mangilen lan wancinipun gladhen sampun telas. Inggih awit kula mpekewet kalih Ki Gedhe, kula lajeng api-api tilem ing pangangkah Ki Gedhe lajeng kagungan panginten menawi dinten niki wau kula nembe ketileman".
"Dadi Paman wingi kae olehe mapan turu mung ethok-ethok wae ta?" Ki Gedhe Pelanggolan ora sranta banjur medhot critane Ki Lasma nganggo pitakonan.
"Bener Ngger, wingi kae aku pancen mung api-api wae, sing bener ya kaya sing lagi wae tak aturne marang Angger Rangga lan Angger Marga iki mau" wangsulane Ki Lasma alon, banjur disambung kandha marang Rangga lan Marga "dados kesah kula kala wingi menika inggih boten angsal menapa-menapa Ngger".
"Ki Lasma kesesa mendhet dudutan, eman dudutan ingkang dipun pendhet Ki Lasma klintu" Marga sing mangsuli critane Ki Lasma.
"Saestu Ngger, kula boten angsal menapa-menapa" Ki Lasma ketok nek gumun karo tembunge Marga "menawi dudutan kula klintu, lajeng klintunipun manggen wonten pundi Ngger?".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar