Total Tayangan Halaman

Sabtu, 19 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (085)


 85.

Marga mesem krugu pitakone Ki Lasma sing nuduhne rasa gumun lan ora mudhenge kuwi. Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah sarta Bebau Senggot lan Watutanggul padha nyawang marang Marga kanthi panyawang kang kebal tandha pitakon, wong-wong kuwi uga padha kepengin enggal ngerti katrangane Marga, dhek wingi kuwi satemene Ki Lasma wis oleh apa saka anggone lunga.

 

"Inggih, inggih Ki Lasma" Marga banjur nguneman karo ulat padhang sing sumeh, nuduhne nek dheweke ora ngluputne Ki Lasma sing durung weruh oleh-oleh apa sing digawa sawuse lunga meh sedina mung sabab mburu Manuk Jalak Putih sing nyalawadi  "ndika boten rumaos menawi boten pikantuk menapa-menapa sasampunipun ndika kesah sedinten kala wingi menika pancen limrah, jalaran penggalih ndika taksih kagubel raos dhateng pundi purugipun Peksi Jalak Seta ingkang musna tanpa tilas, kamangka Peksi Jalak menika kajawi dede kagunganipun Ki Lasma ugi boten wonten sambetipun kalih bab-bab ingkang dados jejibahanipun Ki Lasma sarta malih ndika sampun nuruti pikajengipun pepenginan ingkang boten cetha menapa tujuwanipun, inggih menika kepengin ngingah sami-sami titahing Allah, ingkang ateges kepengin nguwaosi sesamining titah tanpa pawadan ingkang cetha, kamangka titah menika nadyan namung wujuding peksi nanging estunipun dening Allah ugi kamardikan saha jejibahan piyambak. Inggih awit saking menika ingkang ndadosaken netra batin ndika boten ndika ginakaken kanthi leres, mila inggih limrah menawi ndika boten sumerep sasmitaning Gusti ingkang sampun wonten ing ngarsa ndika".

 

Ki Lasma rumangsa yen wingi kuwi jebul wis tumindak luput, lire merga nuruti karep kepengin nyekel kanggo diingu Manuk Jalak Putih sing diweruhi nalika dheweke arep budhak ngayahi kuwajibane, ya iku aweh gladhen marang murid-muride. Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Grumbulan sarta Bebau ing Senggot lan ing Watutanggul padha manthuk-manthuk, tembung-tembung sing dikandhakne Marga kuwi jebul aweh pitutur sing luhur, akeh menungsa pinter sing kagadhuhan kawruh pirang-pirang, nanging jebul kala mangsane bisa dadi wong bodho, mung jalaran nindakne kaluputan sing miturut petungan nalare kaluputan sing mung sepele. Lan kang mangkono mau meh kabeh manungsa padha ngalami lan tau nglakoni, ya iku duwe panganggep lumrah nalika nglakoni tumindak sing temene tumindak kuwi ora bener. Nuruti karep sing satemene karep kuwi durung cetha  apa tujuwane lan saka ngendi asal-usule, merga jenenge karep kuwi pindhane sasmita sing bisa tekane saka ati kang suci nanging uga bisa tekane saka pangaribawane Iblis lan kanca rowange.

 

"Inggih Ngger, mila samendhang boten wonten ingkang karempit, sadaya dhawuhipun Angger Marga menika boten wonten ingkang lepat" kandhane Ki Lasma sabanjure "mila kula ngrumaosi sampun mangeranaken dhateng karep lan nyingkur dhateng sejatosing Pangeran nenggih Allah Subhanahu Wa Tangala, temah kula sampun dados tiyang ingkang boten saged nampi sasmitaning Gusti. Awit saking menika kula nyuwun pangapunten Ngger, inggih mugi Angger Marga kepareng amewahi raos sabaripun ngadhepi tiyang sepuh ingkang namung pindha sepahan menika, wong tuwa ingkang tuwas kakehan umur nanging kerep ora bisa nggagas".

 

"Sampun Ki Lasma" wangsulane Marga karo suwara sing sareh "kedadosan ingkang tumanduk ing salira ndika menika mila limrah lan kaprah dipun alami sadhengah titah, kalebet kula piyambak. Kula saged sumerep menawi ndika boten saged maos sasmitaning Gusti kala wau, jalaran kula namung jejer tiyang ingkang ningali dede tiyang ingkang nglampahi. Kamangka tiyang nyawang menika namung bandha mripat saged sumerep amargi boten nglampahi, wasis maiben nanging menawi dipun kengken nandangi sagede inggih dereng kantenan. Samangke ndika lan Ki Gedhe sarta Ki Lurah tuwin Ki Bebau kula aturi midhangetaken wewadi menapa ingkang gandheng kaliyan lelampahanipun Ki Lasma kala wingi, awit menika estu wonten sambung rapetipun kalih ingkang dipun criyosaken Ki Lurah bilih nembe kemawon nampi tamu saking Paguron Tangen ka wau".

 

"Inggih Ngger, kaparenga Angger Marga tumuli paring dhawuh bab menika" wangsulane Ki Lasma.

 

"Makaten ugi kula Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan numpangi rembug "sanadyan sampun sepuh jebul ugi taksih remen tumindak bodho, mangga Angger Marga enggal paring dhawuh kemawon murih saged ndadosaken pajaring swasana".

 

"Sanaosa bodhoning manah kula boten kantenan kathahipun Ngger, nanging saestu kula kepengin sanget mangertosi menapa ingkang badhe kadhawuhaken dening Angger Marga, mugi-mugi kemawon kula saged mangertosi menapa ingkang dados wosing pangandika nDika Angger Marga" Ki Lurah uga nututi aweh wangsulan marang Marga.

 

"Inggih, inggih" Marga guneman karo ulat sing padhang, suwarane keprungu renyah "kados ingkang swampun kula aturaken ing ngajeng, sadaaya titah wujud menapa kemawon estunipun kagadhuhan kamardikan lan jejibahan piyambak-piyambak, kalebet Peksi Jalak Pethak ingkang ndika pirsani menika".

 

"Inggih Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan sing nyela rembug karo takon "menawi bab kamardikanipun Peksi Jalak Pethak ingkang kepanggih kaliyan Paman Lasma menika kula sampun mangertos, lajeng jejibahanipun Jalak Pethak menika menapa Ngger?".

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Marga nutugne kandhane "nalika samanten Peksi Jalak Pethak menika kajibah asung panuntun dhumateng Ki Lasma murih Ki Lasma tindak dhateng papan icalipun Jalak Pethak menika. Awit saking menika dupi jejibahanipun sampun rampung Peksi Jalak inggih lajeng kesah saremenipun piyambak, mila boten aneh menawi Ki Lasma madosi ngantos ngambah alam palemunan ugi boten kepanggih".

 

"Nyuwun pangapunten Ngger" dumadakan Ki Lurah melu nyela rembug "menawi makaten Peksi Jalak ingkang kepanggih kalih Ki Lasma menika menapa dede Peksi sabaenipun peksi?".

 

"Pitaken ingkang makaten menika dede pitaken baken Ki Lurah" wangsulane Marga karo mesem "awit menika peksi limrah utawi boten, menika boten wonten gandheng rapetipun kalih lelampahan ingkang kedah katindakaken dening Ki Lasma".

 

"Inggih Ngger" sing mangsuli malah Ki Lasma, jalaran Ki Lurah ora semaur, ngrumangsani nek olehe takon jebul ora pas "lajeng perlunipun menapa dene kula kedah katuntun dhateng papan ingkang Angger sebataken menika kala wau?".

 

"Menika makaten Ki Lasma" Marga mangsuli pitakone Ki Lasma "sareng ndika dumugi papan mriku niku kala wingi nika, ndika rak lajeng meh kemawon dipun terak dening tiyang ingkang nunggang kapal ? Temah ndika lajeng muring nututi tiyang wau?".

 

"Inggih Ngger, leres makaten lelampahan ingkang kula panggihi" Ki Lasma durung mudheng karo katrangane Marga, karo wangsulan mripate manther nyawang praupane Marga ngemu tandha pitakon.

 

"Sareng ndika tutaken tiyang nunggang kapal kala wau dhateng pundi purugipun?" Marga malah takon.

 

"Dhateng Paguron Tangen Ngger" wangsulane Ki Lasma "wau sampun kula aturaken".

 

"Inggih  Ki Lasma" Marga mesem amba "ndika mesthinipun sampun pirsa antawisipun Paguron Tangen kalih Padhukuhan Pelanggolan utawi Desa Grumbulan menika wonten sambung rapetipun ta? Malah mesthinipun ndika ugi sampun saged nginten-nginten menapa ingkang badhe kedadosan ing Paguron Tangen sasampunipun ndika ndherekaken Ki Gedhe sowan dhateng Kepatihan Mataram, marak Gusti Patih Mandaraka?".

 

"Makaten nggih Ngger?" Ki Lasma ndomblong, nadyan ta mangkono panggah wong tuwa kuwi durung weruh menyang ngendi arah tembunge Marga. Satemene ora mung Ki Lasma dhewe sing durung bisa njajagi rembuge Marga, sanadyan Ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lurah Kuwera lan Bebau Senggot sarta Bebau Watutanggul, uga padha durung bisa ngaweruhi menyang ngendi lumintiring tembung sing diucapake dening Marga kuwi.

 

"Eman sanget kala wingi menika Ki Lasma" Marga nutugne olehe guneman "kedahipun menawi nDika emut bilih antawisipun Paguron Tangen kaliyan jejibahan ndika menika wonten sambung rapetipun, ndika lajeng manjing alaming lelemunan ngengon dhateng pundi purugipun tiyang nunggang kapal kala wau lan mirsani saha midhangetaken menapa ingkang dipun tindakaken salajengipun. Nanging ndika malah netagagaken anggen ndika gela, lajeng wangsul dhateng Jatigrowong kanthi manah ingkang cuwa, salajengipun ndika api-api tilem murih boten dipun tangkleti kathah-kathah dening Ki Gedhe. Sedaya lelampahanipun Ki Lasma ingkang makaten kala wau estunipun ngemu piwucal ingkang saged nuwuhaken nugrahaning Allah dhumateng sok sintena ingkang kasdu anggagas sinartan angemut-emut Maha Agunging Allah".

 

"Inggih Ngger" Ki Lasma guneman lan sansaya rumangsa yen wis nindakne kaluputan "sarehne sampun kelajeng kula boten ngengon lampahipun tiyang nunggang jaran kasebat, lajeng kados pundi salajengipun ? lampah menapa ingkang kedah kula tindakaken muroih saged nyuda kalepatan-kalepatan kula?".

 

"Inggih Ki Lasma" wangsulane Marga sabanjure "salajengipun, murih sansaya cetha kados pundi prayogining lampah tumrap awakipun piyambak, inggih kula, inggih Ki Gedhe saha Ki Lurah lan sedaya warga ing Padhukuhan Pelanggolan, mangke supados dipun cethakaken dening Kakang Rangga, ndika sami kula suwun kersaa sami midhangetaken".

 

"Karepmu kuwi piye ta Dhi?" Rangga sing wiwit mau mung meneng banjur saulu nyawang praupane Marga.

 

"Ya Kakang rak ya wis ngerti ta? wis akeh olehku guneman nganti meniren rasane lambeku, mula murih Kakang ora kebacut keturon, saiki genti Kakang sing nutugne guneman" wangsulane Marga karo mesem amba. Rangga cengar-cengir, rumangsa yen wis digawek-gawekne dening adhi angkate.

 

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...