20.
Aku
ora enggal semaur aweh wangsulan marang rerigen sing diusulne dening Makara
iki, aku ora ngerti ya gene Makara duwe karep mangkono kuwi. Jalaran layang
palilah sing ora ana tapak astane Rama Tumenggung lan luwih-luwi ora dipikuwati
sarana cap Dalem Katumenggungan, kuwi ora duwe kekuwatan apa-apa. Makara uga
ngerti prakiara kuwi, nanging ya gene dheweke malah ngongkon aku supaya aweh
layang sing ora ana gunane kuwi marang Waraka? Kanggo apa?.
"Kula
ngertos Gus" Makara guneman maneh "Serat Palilah ingkang kula kajengaken
kasebat babar pisan boten nggadhahi daya menapa-menapa, jalaran menika dede
Serat Palilah ingkang saestu. mBok bilih jengandika Gus Wanda mastani bilih
Serat ingkang kula suwun jengandika ingkang tapak asta menika boten wonten
ginanipun.........".
"Pancen
ora gunane Kakang" wangsulanku nigas rembuge Makara.
"Tumrap
Nagari Majapahit mandhapipun tumrap Dalem Katumenggungan mila makaten Gus"
Makara wangsulan karpo mesem "nanging tumrap Ki Waraka, Serat jengandika
mangke ing tanganipun Ki Waraka saged dados dedamel ingkang sakalangkung
sekti".
"Kersane
ndika?" Aku nyelani nganggo pitakonan.
"Menika
makaten Anakmas" Ki Suwela nrambul gunem, sawuse Makara ngedhepi wong
tuwane kuwi "eber-eber utawi bebadra kados ingkang dipun lampahi dening
wayah kula pun Waraka makaten menika mila nembe usum kalampahaken dening para
tiyang ingkang radi turah bandhanipun ing pundi-pundi panggenan. Lan tartamtu
kemawon titiyang ingkang sami-sami nglampahaken panggaotan makaten menika sami
pados limpe setunggal lan setunggalipun, liripun dipun padosi murih saged ngendhih
lan nggentosi papan panggautaning tiyang ingkang sampun rame, lajeng dipun
panggeni piyambak".
"Makaten
Ki Suwela?" aku takon "lajeng sambetipun kalih Serat ingkang dipun
kersakaken Kakang Makara kala wau?"
"Ing
pundi-pundi Panggautan menika ingkang radi angel manggen ing Serat Palilahipun,
kamangka Panggautan jinis makaten menika menawi boten wonten Serat Palilah
saking nagari, sok sintena kemawon kanthi pawadan pikajengipun tiyang kathah,
saged kemawon meksa dhateng ingkang gadhah papan panggautan menika murih
mandheg anggenipun nggauta menawi prelu inggih mawi cara ingkang kasar, papan
panggautan menika saged dipun orak-arik malah sok ngantos dipun besmi.
Adhakanipun, titiyang ingkang tumindak makaten menika inggih namung awit nampi
opah dening tiyang ingkang melik lan kepengin nggadhahi papan panggautan
ingkang makaten kala wau. Lha titiyang ingkang bidhalipun awit sampun nampi
opah kasebat, badhe boten saged tumindak menapa-menapa menawi Waraka saged
nedahaken Serat Palilah, lan tiyang-tiyang opahan menika boten badhe ngertos menggah
kekiyataning Serat ingkang badhe jengandika tapak astani lan kaparingaken
dhateng putu kula pun Waraka mangke".
"Nanging
menawi kula yasa Serat makaten menika sami kemawon kula nglancangi
kawicaksananipun Gusti Tumenggung Jati Kusuma, Ki Suwela?" aku aweh weruh
yen rerigene Makara sing disengkuyung dening Ki Suwela kuwi ora bener merga
ndhisiki kersane Rama Tumenggung sing durung karuwan nyarujuki isine layang
sing arep tak gawe.
"Menika
rak namung kangge sawatawis kemawon ta Anakmas?" Ki Suwela aweh wangsulan
"mangke menawi keng Rama, inggih Gusti Tumenggung Jatikusuma sampun tapak
asta ing Serat Palilah ingkang saestu, Serat saking jengandika Anakmas menika
saged dipun pundhut wangsul malih. Lan kula pitados, Gusti Menggung tartamtu
boten dangu malih badhe nukulaken Serat Palilah dhateng putu kula Waraka,
jaragan sadangunipun menika boten wonten kawula ing sakiwa tengenipun papan
anggenipun nggaota putu kula menika ingkang dugi ing Dalem Katumenggungan
nelakaken anggenipun kawratan awit panggaotanipun Waraka menika".
"Nanging
menawi Gus Wanda ngersakaken menggalih langkung rumiyin ugi boten menapa-menapa
Gus" Makara ngimbuhi rembug "lan murih saged kinarya lelimbangan,
mangke dalu kemawon Gus Wanda kersaa kula dherekaken rawuh ing griyanipun Ki
Waraka, kajawi kangge damel leganipun Ki Waraka miwah semahipun, ngiras pantes
kangge niti priksa kados pundi wujuding panggaotanipun Ki Waraka ingkang
kasuwunaken Serat Palilah menika, sanaosa menika paniti priksa ingkang nembe
ing samudana".
Pamrayogane
Makara sing keri dhewe iki tak rasakne cocog karo unine angen-angenku, mula iya
banjur tak saguhi. Mengko bengi aku arep budhal nekani ulemane Waraka sing
nengeri telung sasi olehe ngandheg bojone sing angka telu kuwi.
Bubar
surup srengenge, Rama Tumenggung Jatikusuma lagi rawuh saka Kutharaja. Salirane
katon yen sayah banget, mula ya ora maido yen wengi kuwi sawuse siram lan
dhahar wengi, Rama Tumenggung banjur kadherekne Nyai Menggung, manjing ing
papan pasareyane. Aku ora kober matur yen wengi kuwi aku arep nekani uleman
saka Waraka.
Sawuse
meling marang para abdi dalem Katumenggungan, mligine sing kajibah rondha,
supaya temen-temen nggone nindakne jejibahane, sarta mengko sawayah-wayah ana
sing mbutuhake aku, salah siji saka wong-wong kuwi tak prentah supaya nusul aku
menyang omahe Waraka, aku karo Makara lan Ki Suwela bebarengan budhal menyang
omahe Waraka. Ora mung Ki Suwela lan Waraka sing budhal mbarengi aku, malah Nyi
Suwela lan sisihane Makara uga padha melu. Mula sanadyan papane sing dituju ora
pati adoh, nanging Ki Suwela ngetokne kretane sing gedhe, sing cukup diiseni
wong lima lan isih krasa longgar. Kretane Ki Suwela kuwi digeret jaran cacah
loro sing gedhe-gedhe, dadi babar pisan ora krasa abot yen kretane mung diiseni
wong lima, klebu aku. Mula aku, sing maune arep ngetokne jaran Kyai
Bandhangangin, kanggo tak tunggangi, ora sida amarga Ki Suwela mrayogakne
supaya aku tunggal sakreta karo dheweke.
Karo
mlaku Ki Suwela ora leren-leren anggone kojah, nyritakne wong tuwane Waraka
sing duwe sipat loman lan wicaksana. Mula sanajan Waraka kuwi mung mijil saka
bojon selir, nanging olehe ngrengkuh kaya anak sing lahir saka bojo sing asli.
Sanajan sawise Waraka umur telung tahun, banjur ditinggal lunga, bali menyang
negarane ing Tanah Cempa, nanging ditinggali bandha donya sing ora karuwan
akehe. Meh pendhak tahun, ana utusan saka Ki Wancu saka Cempa, nemoni Nyai
Sunthi ngaturake bandha kanggo nyukupi kabutuhane Waraka lan biyunge. Lha saka
akehe kiriman saka Cempa kuwi, dening Waraka banjur diubetake dadi pawitan
nggone miwiti nggaota. Aku mung meneng karo kala-kala ngiyani apa sing
dikojahne Ki Suwela. Samono uga Makara sing wengi kuwi dhapuk dadi kusir, nyekeli
lising jaran sing nggeret kreta. Nyi Suwela lan Nyi Makara mung meneng karo
tumungkul ora nyuwara apa-apa.
Tekan
papan sing dituju kahanan katon reja, ing plataran omahe Waraka diubengi diyan
Ting sing ditata jejer taharik-thaik saben sadhepa ana ting sing dipapanake ana
ndhuwur digantungne ing cagak sing digawe saka pring. Banjur ing tengahing
plataran katancepan oncor gedhe sing padhange kagila-gila, oncor sing uripe
saka lenga gajih sing ora akeh ngetokne kukus. Dadi nadyan wengi nanging ing
plataran kuwi katon padhang prasasat kaya wayah awan.
Nalika
aku mudhun saka Kreta ditutne Ki Suwela, saka jero omah Waraka daya-daya
mapagne tekaku ditutne bojone sing jare arep ditengeri olehe ngandheg kuwi.
Wong loro genti-genti ngaturake sembahe marang aku, ulate padhang sumunar
nuduhne rasa senenge merga aku wis gelem nekani ulemane. Wola-wali wong loro
kuwi ngaturke panuwun. Aku mung wangsulan karo mesem sing uga tak cakne mawa
ulat sing padhang.
Aku
karo Ki Suwela banjur dikanthi didherekne mlebu palungguhan ing pendhapa, mapan
ing sisih njero ngadhepake plataran, lan ngadhepi wong pirang-pirang sing wis
ana kono, dijejeri dening Waraka lan sisihane. Ora suwe Makara banjur nyusul,
sauntara Nyai Suwela lan Nyi Makara bablas memburi kumpul karo dhayoh-dhayoh
wadon liyane. Marang dhayoh-dhayoh sing
ana kono, Waraka ngandhakne nepungne aku. Wewakile Gusti Tumenggung Jatikusuma
sing (jatene Waraka marang dhayohe) priyagung ambeg wicaksana sing wis kepareng
ngrawuhi lan minangkani kang dadi panyuwune. Wong-wong sing padha krungu apa
sing dikandhakne Waraka, banjur padha muji rahayu, karo tangan sikep sembah
kalbu aweh pakurmatan marang aku.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar