21.
Jebul
olehe arep miwiti nggone upacara nelung saseni olehe ngandheg Nyi Waraka angka
telu iki mung ngenteni tekaku karo tekane Ku Suwela. Ketitik, bareng aku karo
Ki Suwela apa dene Makara wis melu mapan lungguh ing jogan pendhapa kuwi,
adicara tumuli diwiwiti. Ana sawijining wong tuwa macak cara kabrahmanan,
ngagem jubah lan kalung serban kaya pacakane Brahmana saka tanah Indu, sawuse
atur sembah marang aku banjur klawan laku dhodhok manggon ing tengahing
pendhapa sing jembare meh tikel lorone pendhapa dalem Katumenggungan kuwi. Ya
wong sing macak cara Brahmana kuwi sing tumuli mratitisake lakuning upacara.
Waraka karo sisihane diawe supaya mara, kekarone banjur nyembah ngabekti marang
aku, banjur marang Ki Suwela, tumuli wong loro salakirabi kuwi kanthi laku
dhodhok nyedhaki wong tuwa sing busanane kaya pendhita saka tanah Indu kuwi.
"lepat
nyuwun sih pangapunten Gus Suwanda" sawise Waraka karo sisihane tekan
tengah pendhapa lan banjur mapan lungguh timpuh ing ngarepe, wong sing macak
cara brahmana kuwi nyawang papanku karo guneman rada seru murih wong-wong
sapendhapa bisa padha krungu "inggih awit saking awratipun ngemban
jejibahan minangka Dhukun, kula pun Soma Pakem, paripeksa kumawantun nilar suba
sita ing ngarsanipun Gus Suwanda minangka sesulihing Gusti Tumenggung
Jatikusuma".
"Boten
dados menapa Ki Soma Pakem" merga Soma Pakem suwe ora nyambung guneme, aku
banjur aweh wangsulan "prayogi mirunggan kemawon, mangga dipun lajengaken
anggen ndika ngayahi wajib minangka Dhukun, saestu kula rumaos bingah dene dalu
menika saged anekseni anggen ndika mratitisaken lampahing upacara nengeri tigang
wulan anggenipun nggarbini Nyai Waraka".
"Ngaturaken
genging panuwun Gus Wanda" Soma Pakem aweh wangsulan "boten langkung
pangestu Jengandika ingkang kula suwun, mugi anggen kula nglampahi wajib menika
saged gangsar, binerkahan dening Sanggya Para Jawata, temah Hyang Agung
kepareng ngandhapaken kanugrahan lan karahayon ing papan menika. Temah rahayu
ingkang mratitisaken lampah, rahayu ingkang dipun tengeri, rahayu ingkang dipun
garbini lan rahayu sagung ingkang ndherek nekseni".
Rampung
guneman ngono kuwi Soma Pakem banjur maca kidung-kidung kuna, rupa puja lan
puji marang para Dewa, puja-puji marang para leluhur, para dhanyang cikal bakal
kang mbakali laladan sakiwa tengene dalan prapatan sing dienggoni Waraka lan
bojone kuwi. Banjur disambung maca puja mantra sing migunakne basa Sanskerta
sing carup karo basa Jawa jaman kuna sing wis arang diucapake ing sajroning
pasrawungan. Sauntara kuwi Waraka lan sisihane lungguh timpuh ing ngarepe Soma Pakem, karo ndhingkluk
amarikelu. Samono uga para tamu sing ana ing pendhapa kuwi, kabeh meneng, ora
ana sing obah lan ora ana sing padha nyuwara. Kabeh padha lungguh karo
tumungkul melu anjurung puja.
Sawuse
rada suwe nggone maca mantra, Soma Pakem banjur leren sedhela, genti nakoni Waraka lan sisihane :
"Nuwun
sewu Ki Waraka lan Nyai Rinten, saderengipun upacara kula lajengaken, ndika
kekalih baresa dhateng kula, ndika ngrasuk agami ingkang sami menapa benten ?
lajeng ndika kekalih sami ngrasuk agami menapa?".
"Kula
kekalih ndherek kemawon Ki Soma" wangsulane Waraka sawuse bisik-bisik
nkaro sisihane.
Aku
sing krungu wangsulane Waraka sing mangkono kuwi babar pisan ora gumun, jalaran
meh kabeh para kawula ing sakiwa tengene dalem Katumenggungan kuwi wis ora
cetha maneh agama sing dirasuk, ora ateges ala, nanging kabeh agama sing
diwulangake dening para Brahmana ya ditampani ora beda karo sing diwulangake
dening para Biksu, uga diwadhahi , sawatara kapitayan sing ora diwulangake
dening Brahmana apa dene Biksu, ya kuwi kapitayan warisane simbah-simbah biyen,
uga isih dikukuhi lan durung ucul saka sajroning jiwane. Klebu aku uga
mangkono, sanadyan aku ngeloni sing dadi kapitayane Rama Tumenggung sing
manembah marang Sang Hyang Tan Kena Kinaya apa, kanthi nidakne dhawuh wewarahe
Sang Hyang Taya, nanging aku uga kerep ngecakne piwulange para Biksu Suci lan
para Brahmana sing manembah marang Sang Hyang Siwa utawa Sang Hyang Wisnu.
"nDherek
pripun ta Ki Waraka?" Soma Pakem takon semu gumun.
"Kula
kekalih mila dereng ngertos ingkang dipun wastani agama Ki Soma" wangsulane
Waraka "namung nate mireng bilih
wonten agama Siwa, agama Budha, utawi Agama Wisnu, nanging sedaya kala wau
boten wonten ingkang kula dhereki".
"Lajeng
ndika pitados menawi jagad ingkang gumelar menika wonten ingkang nitahaken
menapa boten?" Soma Pakem banjur takon maneh.
"Tartamtu
kemawon kula pitados Ki Soma, inggih menika ingkang sampun yasa langit kados
ingkang nate kula pireng saking tiyang sepuh kula rumiyin, saha ingkang ngreksa
jagad saisine niki inggih para leluhur
ingkang sampun manunggal kalihan langit".
"Inggih
menawi makaten, bakenipun murih ndika kekalih kasembadan ingkang sami dipun
gayuh, inggih murih wilujeng sangajeng sapawingkingipun, ndika badhe kula
dhawahi mantram piwucaling para Barhamana Suci jumbuh kalih agami ingkang kula
rasuk".
Bubar
muni ngono kuwi Soma Pakem banjur nyekel serban sing dikalungake, Waraka karo
sisihane sing jeneng Nyai Rinten kuwi diungkuli serban karo diwacakne mantram
sing aku ora ngerti maknane. Sawise rampung
nggone maca mantra, Soma Pakem banjur nyandhak tangane Waraka lan Rinten,
dituntun nyedhaki papanku.
"Sakniki
ndika kekalih kedah nyuwun pangestu dhateng Raden Bagus Suwanda, Ki
Waraka" kandhane Soma pakem sawuse lakune tekan ngarepku.
Pra
ndadak nganggo wangsulan Waraka karo Rinten banjur genti-genti atur sembah
marang aku karo nyuwun pangestu murih nggone ngandheg Rinten kaparingan slamet.
Saiki aku lagi bisa tamat nggonku nguwasi Rinten sisihane Waraka. Aku sing
selawase iki ora tau kegiwang marang rupane wong wadon, bareng weruh kahanane
Rinten sing duwe pawakan weweg, kulite kuning ngemu giring, praupan sumunar,
kanthi mripat sing lindri-lindri katon amantesi, kawimbuhan rambute sing dawa
ngandhan-andhan diore lan nalika kasiliri dening angin nuwuhake ganda sing
arum, wis nuwuhake rasa aneh ing atiku. Rasa sing ora bisa tak critakne apa
arane.
Ya
merga anane rasa sing ora bisa tak kandhakne mawa ukara kuwi, nalika Waraka lan
Rinten nyuwun pandonga apa dene pangestu, aku rada suwe lagi bisa aweh
wangsulan kanthi suwara sing kedher
kegawa saka kasundhul rasa sing munggah ing tenggok guluku. Ki Suwela
sing lungguh jejer karo aku, sajake ngerti apa sing karo tak rasakne wektu
kuwi.
Tujune
sawise rampung olehe nyuwun pandonga lan pangestu marang aku sing jejer
minangka priyagung saka Dalem Katumenggungan, Soma pakem tumuli prentah marang
Rinten supaya mlebu menyang omah mburi njaluk pangestu marang wong tuwa-tuwa
sing ana kana sarta kaprentah supaya
ngancani para tamu wadon, klebu Nyi Suwela lan Nyi Makara. Dene Waraka
diprentah supaya nutugne nggone ngguyubi para tamune sing ana ing pendhapa
kono. Soma Pakem dhewe banjur pamitan arep ngalih panggonan, mratitisake wong
liyane sing uga njaluk tulung marang dheweke.
"Nyuwun
pangapunten Den Bagus Suwanda" kandhane Soma Pakem pamitan marang aku
"kala wau salebeting manah kula wonten raos kuwatir badhe nilaraken
griyanipun Ki Waraka menika, nanging sareng kula sumerep bilih dalu menika
jengandika Gus Wanda kepareng wungon ing mriki, raos kuwatir menika lajeng
musna sami sakala. Inggih awit Gus Wanda sampun kepareng lenggah mangestoni Ki
Waraka, manah kula lajeng tatag nilaraken papan menika awit badhe ngayahi
jejibahan ingkang sami ing papan sanes. Boten langkung, kula ndherek titip Ki
Makara menapa dene Nyai Rinten dhateng jengandika Gus Wanda lan kula nyuwun
pangestu badhe ngalejengaken lampah".
Krungu
tembunge Ki Soma Pakem sing tak anggep mung pantes-pantes kuwi, aku mung
wangsulan karo mesem amba tanpa ana ukara sing tak tokne. Beda karo wong - wong
liyane sing ana pendhapa kuwi, meh kabeh padha manthuk-manthuk percaya yen sing
dikandhakne Soma pakem kuwi mau tulus lahir trusing batin temah banjur padha
duwe pangira yen aku iki duwe kaluwihan ing babagan laku batin kaya Ki Soma
Pakem.
Sapungkure
Ki Soma Pakem, Waraka banjur aba marang para andhahane supaya ngladekne
pasugatan sing maneka warna wujude, omben lan panganan sing sarwa mirasa.
Metune pasugatan kena diarani mbanyu mili, sing ora ana pedhote.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar