22.
Bareng
wis rada sauntara para tamu ngrahabi pasugatan sing diladekne, banjur disusul
metune pasugatan sing wujud kanggo mangan bareng ambengan sauba rampene. Ya ing
wektu kuwi, Waraka nyedhaki aku karo guneman lirih sing mung bisa tak rungokne
karo Ki Suwela sing lungguh jejer aku :
"Nyuwun
pangapunten Raden, kaparenga Raden jengkar saking mriki ngalih dhateng griya
wingking saprelu badhe kula ladosi dhahar kalihan Eyang Suwela".
"Mangga
Anakmas kula dherekaken" sadurunge aku aweh wangsulan Ki Suwela wis
ndhisiki ngajak aku mlebu ing omah sing sisih mburi, ninggalake para tamu sing
ana ing pendhapa "menawi jengandika dhahar ing mriki mesakaken para tamu
sanesipun, mindhak mangke anggenipun sami nedha kaluberan raos rikuh".
"O,
makaten ta Ki?" aku lagi mudheng karo sing dadi karepe Waraka "mangga
menawi makaten Ki, ayo Kakang Makara.....".
Sidane
aku, Ki Duwela lan Makara diladeni mangan ing omah sisih mburi, ing panggonan
sing mirunggan. Ing kene atiku bali krasa goreh maneh, awit sing ngaladeni
anggonku mangan jebul Nyai Rinten sisihane Waraka sing rumangsaku sansaya suwe
sansaya mundhak nengsemake. Karo ngladeni anggonku mangan, tembunge Nyai Rinten
sing mau ora ana suwarane, wiwit kumrecek grapyak. Saka rumangsaku
tembung-tembung sing diucapne dening sisihane Waraka sing angka telu iki ,
krasa kepenak dirungokne nganggo kupingku.
Ki
Suwela apa dene Makara sing uga mangan ing sandhingku, wangune wis ngerti yen
angen-angenku lagi goreh merga cedhak karo Nyai Rinten iki. Wong loro kuwi
saben-saben bubar nglirik npapanku lungguh banjur ndhingkluk karo mesem dhewe-dhewe.
Esem sing angel digerba mungguh apa kang dadi tegese.
Bubar
mangan Waraka banjur nyedhak melu lungguhan ing dhingklik njejeri Makara, sauntara Rinten sing mau
lungguh ing cedhakku banjur pamitan mundur.
"Aja
kesuwen nggonmu dandan ya Dhi? wengi iki sliramu kudu bisa mbeksa sing luwes,
awit dipirsani dening Raden Bagus Suwanda saka Dalem Katumenggungan, uga
dipirsani dening Eyang Suwela lan Paman Makara" kandhane Waraka nalika
Rinten pamitan arep mundur.
Aku
rada gumun karo tembunge Waraka marang Rinten sing mangkono kuwi. Ya gene
Waraka ndadak nyebut jenenge Ki Suwela lan Makara marang sisihane? Mesthine
oraa disebut Rinten harak ya wis apal karo wong loro sing pranyata isih
kapernah simbah lan bapa pamane Waraka kuwi. Karo maneh, kok Waraka meling supaya
anggone mbeksa sisihane supaya luwih luwes barang? Pancen saka plataran mburi
omahe Waraka keprungu ana suwara wong-wong sing padha nabuh gong, nanging apa
iya Rinten sing lagi ngandheg telung wulan kuwi dikongkon melu njoged ? Apa ora
mesakne lan nguwatirake kandhegane?.
"Estunipun
dalu menika para kadang pradangga miwah para sindhen lan ledhek ingkang
manunggal ing paguyuban kula badhe gladhen, Raden" Waraka guneman karo
nyawang aku "menawi padatan anggenipun gladhen inggih wonten lebet
griyawingking mrika, nanging dalu niki mumpun nuju wulan purnama, tur inggih
dhasare mangsa ketiga, anggenipun gladhen mapan ing plataran wingking. Mangke
kula suwun Raden Bagus Suwanda, Eyang Suwela menapa dene Paman Makara kersaa
paring berkah, amirsani sarwi lelenggahan ing kursi ingkang sampun
kacawisaken".
"Iya
Ki Waraka" aku aweh wangsulan "banget panuwunku dene aku bisa melu
nonton nggone kanca-kanca padha gladhen ing wengi iki, nanging.......".
"Nanging
menapa Raden?" Waraka nugel tembungku.
"Ya
gene sisihan ndika si Nyai Rinten isih ndika kongkon melu gladhen mbeksa? apa
ndika ora mesakne lan mangkono iku apa ora nguwatirake karo kandhegane Nyai
Rinten?" aku takon lan nelakne rasa pangemanku marang sisihane Waraka.
Dumadakan
Ki Suwela, Makara lan Waraka bebarengan padha ngguyu rada banter. Aku dadi ora
mudheng, ya gene wong telu kuwi malah nggeguyu omonganku?.
"Matur
nuwun Raden" kandhane Waraka ing sela-selane anggone ngguyu "menawi
semah kula pun Rinten, dalu menika boten badhe ndherek gladhen. Awit kajawi
nembe kemawon dipun tengeri anggenipun ngandheg jangkep tigang wulan,
piyambakipun ugi boten saged ulah beksa".
"Lho
iki mau gajege lagi wae ndika kandhani supaya anggone mbeksa luwih luwes
maneh?" aku sansaya gumun karo wangsulane Waraka sing mangkono kuwi mau.
"Inggih
nyuwun pangapunten Raden" Waraka wangsulan "ingkang nembe kemawon
mundur saking ngersa jengandika niki wau dede abdi jengandika pun Rinten inggih
semah kula".
"Kersa
ndika?"
"Kala
wau abdi jengandika pun Andalu, sedherek kembaripun semah kula pun Rinten.
Andalu menika tuhu baud olah beksa, nyekar saha rerepen. Piyambakipun mila
remen marsudi budaya wiwit alit" Waraka nggenahne sapa wong wadon sing tak
sengguh Nyai Rinten iku mau.
"Ooo......
? dadi iki mau aku sing kleru nggonku nyawang ta?" aku wangsulan karo
mesem, nglenggana yen wis kleru pangira "ya sing gedhe pangapura ndika,
jeneh olehku tepung karo sisihan ndika ya lagi iki mau, dadi ya durung pati
apal".
"Jengandika
boten lepat Raden" wangsulane Waraka karo mesem "sampun malih
jengandika ingkang nembe wanuh sepisan menika, sanadyan para kanca ingkang
sampun dangu srawung kalih kula lan asring dumugi papan mriki panggih kalih
Andalu menapa dene Rinten, meh radin-radin inggih boten saged mbentenaken
kekalihipun".
"Kula
inggih makaten kok Gus" Makara sing maune mung mesam-mesem melu nranbul
gunem "niki wau wiwitanipun kula inggih boten ngertos menawi niki wau
sedherek kembaripun Nyai Waraka, nembe sasampunipun medal suwantenipun, kula
lajeng sumerep bilih piyambakipun menika Andalu, putra putrinipun Ki Kebayan
Bulak Pandhe".
"O
ngono ya Kakang Makara?" aku wangsulan karo ngguyu "nanging ndika
panggah rada duwe luput marang aku!".
"Inggih?"
Makara takon "lepat kula manggen ing pundi Gus?"
"nDika
sing wis ngerti nek sing ngladeni nggonku mangan mau Andalu dudu Rinten,
nanging ndika kendel wae, ora aweh weruh marang aku, malah ndika saben-saben
mesam-mesem, nggeguyu aku sing kidhung merga ngira yen sing leladi ing ngarepku
iki mau Nyai Waraka" wangsulanku karo mesem, nuduhne nek aku ora nesu
sanadyan wis dibebeda lan diesemi karo ndhingkluk.
"Inggih
Gus kula mila lepat" Makara guneman alon "nanging kula ngertos kok,
saageng-agenge kalepatan kula panggah taksih ageng sih wilasanipun jengandika
Gus Wanda dhateng kula".
Anggone
padha omong-omongan leren, amarga ana andhahane Waraka sing nyedhak karo
mbungkukne awake. Waraka nyedhaki andhane kuwi banjur padha guneman alon.
"Nyuwun
pangapunten Raden" Waraka banjur guneman "ketingalipun anggenipun
sami gladhen sampun dipun wiwiti, samangke kula suwun mugi Raden Bagus kersaa
kepareng paring berkah pangestu dhateng kanca-kanca para pradangga".
"Iya
Ki Waraka" aku aweh wangsulan, banjur kandha marang Ki Suwela lan Makara
"mangga Ki Suwela, ayo Kakang Makara".
"Mangga
anakmas suwawi kula dherekaken" wangsulane Ki Suwela karo ngadeg.
Bener
kaya sing dikandhakne Waraka mau, tekan plataran mburi aku weruh, pagelaran
beksan tayub sing dening Waraka diarani Gladhen kuwi wis diwiwiti. Sing nonton
wong sapirang-pirang kaya lumrahe nek ana tontonan tayub nggone wong sing duwe
gawe mantu ngana kae. Kabeh padha lungguh neng lemah karo nyilakne jarite
sesisih, ngupengi sing lagi nuduhne kawasisane ing ulah budaya beksa. Sauntara
ing kalangan katon para ledhek padha pating krembyah ngobahne jogede, entrane
ngono lagi ngecakne joged bedaya sing diiringi gendhing-gendhing alusan. Aku
sing lungguh kursi awor Ki Suwela lan Makara ing mburine para panjak, nguwasi para
sing lagi njoged. Tak sawang sing njoged wong papat sing olehe pupuran katon
kandel-kandel kuwi, Andalu sing mau tak kira Nyai Rinten durung ana.
Wong-wong
sing padha nonton ketara yen padha seneng atine sedhela-sedhela ana sing keplok-keplok
sing banjur ditiru dening kanca-kancane, ndadekne kahanan dadi sansaya reja.
Sauntara iku, suguhan arak wiwit diladekne, wong-wong sing padha nonton wiwit
padha gentenan ngombe arak, sing diladekne ledhek-ledhek sing solah bawane
katon nek digawe-gawe murih sing diladeni npadha kepencut atine.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar