Total Tayangan Halaman

Rabu, 03 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (051)

51.

Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing banjur lungguh neng klasa sing wis digelar neng gandhok kuwi nyawang marang prenahe Brahmana mudha sing ngaku aran Sundaka kuwi. Aku dhewe sing lagi kisruh rasane atiku ya mung meneng ora kober mangsuli apa sing lagi dikandhakne Sundaka. Kabar sing ngandhakne nek Majapahit bedhah awit saka pangramane Adipati Girindrawardana lan gugure Rama Tumenggung Jatikusuma bener-bener wis ndadekne puteging atiku. Wangune Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta, sing mau tekane Pratapan kene bareng karo aku sajak ngerti lan bisa ngrasakne kaya apa rasaning atiku wektu kuwi. Semono uga Sundaka, wong kuwi ya katon nek melu prihatin kaya-kaya uga ngrasakne sepira sedhihing atiku. Pikiranku banjur sansaya seser nggone mubeng, yen Kanjeng Rama Tumenggung wis gugur ing palagan, banjur Kanjeng Ibu ya Nyai Tumenggung kepriye kahanane? Uga kepriye critane Wa Kebayan ing Bulak Pandhe lan uga Andalu?.

 

“Nuwun sewu Sang Resi ugi Raden Suwanda” dumadakan Ki Jurudah guneman alon “kula saestu boten maiben sepinten sekeling penggalihipun Raden Suwanda midhanget kabar bedhahing nagari Majapahit saha guguripun Gusti Tumenggung Jatikusuma. Nanging mugi kaemutan Raden, guguripun Gusti kula Tumenggung Jatikusuma menika winastan gugur utawi utami, gugur andhepani kuwajiban minangka satriyaning nagari. Saha mugi kaemutan malih, bilih ingkang gugur minangka kusumaning satriya menika boten namung Gusti Tumenggung piyambak, nanging ugi kathah satriya sanesipun. Suwaunipun dhuk rikala kula mireng bilih Majapahit wonten kraman saking Keling lan Kadhiri ingkang kanthi licik lan tebih saking sipating satriya temah saged mbedhah praja saha ngendhangaken Kanjeng Sinuhun Brawijaya, kula kalih kadang kula sepuh pun Kakang Prasanta, salebeting manah tuhu boten saged narimakaken, temah kula kekalih lajeng bidhal dhateng Majapahit, tanpa cecala utawi pamitan dhateng Gusti kula Kanjeng Ratu Setyawati badhe bela pejah. Nanging sareng kula kepanggih alusipun Panembahan Doradruwasa lan kadhawuhan menggah lumampahing kodrat kedah makaten, manah kula nembe saged radi kalipur”.

 

“Lajeng Ki Jurudah lan Ki Prasanta murungaken anggenipun badhe soroh amuk dhateng Kitha Majapahit ingkang sampun dipun suwungaken dening Para Kraman awit sadaya praboting upacara kraton sampun kaboyong dhateng Kadhiri menika?” Sundaka genti takon .

“Kasinggihan Sang Resi” Ki Prasanta sing genti wangsulan “nanging sareng kula wangsul dhateng Kraton Katentreman nenggih ing Sendhang Pangayoman, jebul Gusti Ratu Setyawati dereng kundur, awit saking menika kula lajeng nusul mriki lan ing margi kepanggih kalih Raden Suwanda menika kala wau”.

 

Maune aku mung meneng, ora pati kepencut marang anggone wong-wong kuwi padha rerembugan. Nanging bareng krungu yen Ki Prasanta lan Ki Jurudah iki jebul lagi saka Majapahit, aku dadi kepengin ngerti luwih akeh carita kahanane Majapahit, caritane kulawargane Rama Tumenggung lan Wa Anggara. Mula aku banjur nyoba arep takon marang wong loro sing ngakune saka Kraton Katentreman utawa Sendhang Pangayoman kuwi.

 

“Nuwun sewu saha nyuwun pangapunten, Ki Jurudah saha Ki Prasanta” tembungku alon-alon “menapa anggen kula mireng menawi jengandika kekalih menika nembe kemawon saking Kitha Raja Majapahit menika menapa leres? Inggih nyuwun pangapunten, awit saking kisruhing manah kula, kula radi kirang cetha mirengaken pangandikan jengandika kala wau”.

 

“Mila kasinggihan Raden” sing wangsulan Ki Jurudah karo mesem “awit estunipun antawising Kraton Katentreman utawi Sendhang Pangayoman kalih Majapahit menika wonten sambung rapetipun. Bares kures blaka suta kemawon, tiyang sepuh kula kalihan toyang sepuhipun Kakang Prasanta menika rumiyin abdi dalem Majapahit ingkang lajeng ngalih dhateng Kraton Katentreman awit ndherek lekasipun Gusti Ratu Setyawati ingkang rikala samanten boten kersa jumeneng nata, awit ngersakaken badhe lelados dhateng para kawula ingkang estunipun mbetahaken tuntunan caranipun gesang ingkang langkung migunani”.

 

“Nuwun sewu Ki Jurudah” aku rada bingung karo sing dikandhakne Ki Jurudah iki “Gusti Kanjeng Ratu Setyawati menika sinten? Kok jengandika ngendika boten kersa jumeneng nata ? nata ing nagari pundi? Lha samangke malah jumeneng ing Kraton Katentreman? Kados pundi menika cethanipun?”.

 

“Makaten inggih Raden” Ki Prasanta genti sing aweh wangsulan marang aku “estunipun bab menika menawi kacariyosaken, estu sedalu boten wonten pedhotipun. Mila badhe kula aturaken uwosing lelampahan kemawon, dene jangkepipun benjing-benjing saged kula aturaken malih, menawi wonten wekdal ingkang senggang”.

 

“Inggih Ki Prasanta” aku wangsulan karo manthuk.

 

“Kanjeng Ratu Setyawati menika siswanipun Panembahan Kedhuwang mriki, admajanipun Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana patutan saking garwa Prameswari inggih Gusti kula Kanjeng Ratu Kencanawungu, ingkang wiwit alit sampun kapupu dening Panembahan Doradruwasa ing mriki” Ki Prasanta aweh katrangan sethithik sing marahi aku dadi sansaya ora mudheng, jalaran sangertiku Sang Prabu Brawijaya Wikramawardana lan Ratu Ayu Kencanawungu kuwi sugenge wis adoh ing jaman biyen, lan antarane Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana  karo Gusti Prabu sing saiki dikabarake kendhang saka praja iki, wis kaselanan pirang-pirang narendra sing ngasta paprentahaning praja Majapahit.

 

“Keparenga kula ndherek matur Raden Suwanda lan ndika Ki Jurudah saha Ki Prasanta” Sundaka, Brahmana Mudha sing maune meneng ngrungokne wae kuwi dumadakan melu nyela rembug, wangune Sundaka weruh yen aku ora mudheng karo sing dikandhakne Ki Prasanta lagi wae iki mau “mBok bilih Raden Suwanda mila sampun nate midhanget cariyosipun Resi Doradruwasa ingkang kaparingan nugraha yuswa Panjang menika?”.

 

“Inggih Sang Resi” aku kebat wangsulan “menawi cariyos bab yuswanipun Eyang Resi Doradruwasa menika mila kula sampun dipun paring sumerep dening Rama Tumenggung Jatikusuma ugi Wa Anggara”.

 

“Lha samangke badhe kula wewahi sakedhik” Sundaka nutugne rembuge karo mesem “estunipun Resi Doradruwasa menika mila sampun sepuh saestu, menawi cariyos saking Resi Doradruwasa piyambak, panjenganipun menika yuswanipun sampun kalih atus tahun langkung, nanging menawi criyos ingkang kula tampi saking guru kula, Resi Doradruwasa menika tebih langkung sepuh katimbang gurunipun ingkang ugi dipun anggep sedherek sepuhipun”.

 

“Kados pundi menika Sang Resi? Kula sansaya boten saged nampi dhawuh jengandika menika, Eyang Resi Doradruwasa menika rayinipun ugi siswanipun Panembahan Satiban, kok jengandika dhawuh menawi Eyang Resi Doradruwasa menika langkung sepuh tinimbang Panembahan Satiban?” aku nyelani takon.

 

“Makaten inggih Raden” Sundaka wangsulan karo mesem “jaman rumiyin tiyang sepuhipun Begawan Satiban menika manggih lare ingkang lajeng kapundhut putra lan kaparingan nama Satibi, kamangka estunipun lare kala wau sampun sepuh yuswanipun namung ketingal kados taksih lare, awit Satibi menika estunipun inggih Resi Doradruwasa menika, Pramila sareng Panembahan Satiban sampun seda, asma Doradruwasa lajeng kaagem malih dening Satibi”.

 

“Inggih Sang Resi” aku ethok-ethok mudheng.

 

“Cariyos ingkang kula tampi saking Guru kula” Sundaka nutugne guneman “mila Resi Doradruwasa menika asalipun saking Paluamba, sedherek tunggal guru kalihan Patih Maudara tiyang sepuhipun Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana, inggih Raden Damarwulan. Mila inggih boten aneh menawi putra putrinipun Gusti Prabu Brawijaya Wikramawardana ingkang sesilih Ratu Setyawati menika lajeng nunggak semi lekasipun ingkang rama, daos siswanipun Resi Doiradruwasa. Lan Kanjeng Ratu Setyawati menika ugi nampi nugraha yuswa ingkang langkung Panjang malih tinimbang gurunipun, ingih Resi Doradruwasa”.

 

“Inggih-inggih Sang Resi” aku wangsulan alon, karo sajroning ati rada cuwa, merga anggonku arep nakokne kahanan Majapahit wektu kuwi marang Ki Judah lan Ki Prasanta durung bisa kaleksanan merga kaselingan crita – crita sing miturutku akeh ngayawarane iki.

 

Durung nganti aku kasembadan takon marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta, uga durung nganti Sundaka mbancutne olehe ngimbuhi crita, dumadakan ana paraga sing mlebu menyang jero gandhok, banjur guneman marang Sundaka :

 

“Nuwun sewu Sang Resi Sundaka, Panembahan Doradruwasa paring dhawuh murih jengandika nglarapaken Raden Suwanda lan Ki Jurudah saha Ki Prasanta ing ngarsanipun Panembahan Doradruwasa samenika”.

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...