52.
Resi Sundaka banjur aweh sasmita marang aku lan Ki
Jurudah sarta Ki Prasanta supaya ngetutne dheweke sing arep ngadhep ing
ngarsane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaya sing dikandhakne paraga sing lagi
wae mlebu gandhok kuwi. Ora kakehan gunem, aku wong telu banjur ngetut lakune
Resi Sundaka mlebu menyang Pringgitan.
Ing pringgitan Eyang Resi Doradruwasa wis lenggah ing
klasa, ing ngarsane katon ana wong wadon kira-kira umur las-lasan tahun,
prabane katon mencorong, lungguh timpuh kanthi sirah ndhingkluk marikelu. Ing rada
sisih kiwane Eyang Resi, ana paraga telu sing umur-umurane ora adoh karo Resi
Sundaka, kabeh ngrasuk sandhangan sing kulina diagem dening para Brahmana.
Padha karo wong wadon sing ayu mau, wong telu sing pangiraku sedulure Resi
Sundaka kuwi, padha lungguh amarikelu. Resi Sundaka nyembah karo ndhodhok, aku,
Ki Prasanta lan Ki Jurudah padha nerokne saparipolahe Brahmana mudha kuwi. Karo
nyembah aku isih kober nglirik marang Eyang Resi, wadana lan salirane ora geseh
karo Aluse sing nemoni aku neng alas wingenane, mung sing ana kene katon luwih
seger.
“Klakon tekan bumi Kedhuwang kene sira Suwanda” Eyang
Resi ngendika alon karo mesem sajak rena ing penggalih, banjur ditutugne paring
dhawuh marang aku wong papat “kene padha lungguh nyedhak aku kene, ndika pisan
Dhimas Sundaka lan Jurudah sarta Prasanta”.
Resi Sundaka banjur mlaku ndhodhok, aku, Ki Jurudah
lan ki Prasanta nerokne, banjur mapan lungguh awor karo wong telu sing pacakane
kaya Brahmana kuwi.
“Awit saking berkah saha pangestunipun Kanjeng Eyang
Panembahan, ancas kula sowan ing bumi Kedhuwang saged kasembadan, Eyang.
Pangabekti kula mugi kunjuk” aku matur karo nyembah sawuse linggih ing klasa
pandhan sing putih, ngganda wangi aruming kembang pudhak.
“Iya, iya Suwanda pangabektinira wis ingsun tampa klawan
gambiraning ati, ora liwat kepenakna dhisik nggonmu linggih” Eyang Resi paring
wangsulan, banjur genti paring dhawuh marang wong wadon ayu sing linggihe ing
sisih tengen “Nini Dewi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sawuse nglenggana ing
kaluputane, dene tanpa palilahira wis wani ninggalne Kraton Katentreman lan
Taman Sendhang Pangayoman, mung saprelu arep soroh amuk menyang Majapahit,
saiki wis padha teka ing papan kene. Tak jaluk, Nini Dewi ya sing gedhe
pangapurane marang sekabatira loro sing maune lali kuwi”.
“Ngaturaken genging panuwun Kanjeng Eyang lan sepisan
malih pun Setyawati nyuwun pangapunten, inggih labet saking kiranging
kawigatosan kula temah ndadosaken Paman Jurudah miwah Paman Prasanta sampun
sami sembrana badhe nglampahaken tindak ingkang boten prayoga dhateng Kitha
Raja Majapahit, katujunipun Kanjeng Eyang langkung pana lajeng paring pemut
dhateng Paman kula kekalih menika, saupami Kanjeng Eyang boten manggihi Paman
Jurudah saha Paman Prasanta, mendah kados menapa dukanipun Hyang Agung dhateng
pun Setyawati?” wong wadon sing jebul duwe jeneng Setyawati kuwi karo nyembah
atur wangsulan.
“Kabeh mau wis ginaris ing lakuning jagad Nini” Eyang
Panembahan ngendika maneh “olehku bisa weruh yen Jurudah lan Prasanta kanthi
sesidheman budhal menyang Majapahit kae, iya awit saka pituduh sing tak tampa
saka Hyang Kang Maha Wikan, bisane aku nemoni sekabatmu loro kuwi, iya awit
saka sihing Hyang Maha Prakosa kang maringake aku kekuwatan temah bisa
kongkonan alusku nemoni wong loro kuwi, dene anane Jurudah lan Prasanta gelem
nurut apa sing tak kandhakne marang wong sakloron kuwi, iya jalaran sakarone
wis kasawaban dening sihing Hyang Kang Maha Asih, temah atine sing panas kaya
mawa sambi ditepasi, bisa luluh lane ling marang jejibahane titah nyebarake
sihing Gusti marang sapepadhaning titah. Dadi kabeh kabecikan sing ana lan
dumadi kuwi satemene iya kagungane Dzat Tan Kena Kinaya Apa”.
Ora mung Setyawati dhewe, sanadyan aku lan kabeh sing
lungguh ing klasa pringitan kuwi padha manthuk-manthuk kabeh, ngrasakne
kaluhuraning sabdane kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing kabeh ngemu pitutur
luhur sing pantes dadi gwegebengane manungsa kuwi.
“Sabanjure” Eyang Resi paring pangandika maneh, saiki
genti ditujokne marang Resi Sundaka lan para sedulure “Dhimas Resi Sundaka lan kadang-kadangku
saka Gunung Merapi, sajake titti wancine ndika wong papat nindakne dhawuh saka
Bapa Panembahan Kumbangtaman sing magepokan karo aku wis teka….”.
“Kula namung nengga dhawuh saking jengandika
Panembahan, sawanci-wanci kadhawuhan kula tiyang sekawan boten badhe suwala”
Resi Sundaka nigas rembug, matur karo nyembah.
“Kaya sing padha ndika uningani” Eyang Panembahan
nutugne anggone ngendika “tunggangan kanggo aku wis cumawis, ya iku Jaran Kyai
Baratketiga sing kudune sing ngeterne mrene kuwi putuku Suwanda, nanging gandheng
kanggo netepi lakuning kodrat, Baratketiga sing pisah karo Suwanda ing alas
Patalan, bisa kepethuk ndika wong papat lan ndika giring mrene”.
“Nuwun inggih Panembahan” Sundaka nyelani rembug “sadaya
menika mila inggih saking kamirahaning Gusti kemawon”.
“Bener Dhimas” Eyang Resi paring wangsulan “sabanjure,
kidung suci sing diwaca dening Nini Setyawati wis rampung pamacane, saiki mung
kari siji sing durung tak tindakne, ya iku aweh weruh marang putuku Suwanda,
apa sing wis kedaden lan apa sing prayoga dilakoni dening Suwanda sawise klakon
ketemu aku ana Kedhuwang kene”.
“Inggih Panembahan, sepisan malih kula iyang sekawan
namung nengga lan badhe nglampahi menapa ingkang dados dhawuh jengandika
Panembahan” Sundaka atur wangsulan kanthi kurmat banget.
“Iya Dhimas, saiki prayogakna nggon ndika padha
lenggah, aku tak guneman marang putuku Suwanda” Eyang Resi Doradruwasa ngendika
maneh, banjur miji aku supaya rada nyedhak “saiki Suwanda, coba rada nyaketa
mrene, aku arep aweh rembug marang sira, jumbuh karo sing didhawuhne Gusti
Tumenggung Jatikusuma marang sira nalika samana”.
Aku ngesot maju watara pitung kecu, sawise rada caket
karo papan lenggahe Eyang Resi, aku banjur nyembah karo matur :
“Nuwun inggih Kanjeng Eyang, pun Suwanda siaga
nilingake karna kangge nampi dhawuh saha sabdanipun kanjeng Eyang Panembahan
ing Kedhuwang”.
“Sepisan maneh, tatanen rasanira, sucekna atinira, murih
ora tumpeng suh nggonira nampa tembungku, murih sira bisa njumbuhake apa sing bakal tak
kandhakne karo piwulang sing nate sira tampa sadurunge, mligine kang magepokan
karo jejering Suwanda minangka titahe Sang Dzat Kena Kinaya Apa lan
sesambungane klawan titah liya ing jagad kang gumelar sarta murih sumurup apa
sing diarani sejatining Sih kang mijil saka cipratan sipating Gusti Sing Maha
Asih. Lan kang luwiuh wigati, tembung sing bakal ingsun ucapake iki bakal dadi
tembung pungkasan saka aku marang sira, dadi ngibarat kaya wre kresna tegese
banyu ireng utawa mangsi, kang tumiba ing patra seta, ya iku dluwang putih,
mung sepisan ora bisa dibolan-baleni, sarta ora bisa diowah-owahi maneh”
Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa miwiti nggone arep paring pangandika marang aku.
Ora kaya adate yen arep nampa pitutur saka Rama
Tumenggung utawa saka sesepuh liyane ngana kae, wektu kuwi dumadakan ana rasa gambira
wor lan rasa miris kan samar ing atiku. Babar pisan aku ora bisa ngentha-entha
tembung apa sing bakal tak tampa lan apa sing kudu tak tindakne sawuse nampa
wejangan sing ngendikane wejangan pungkasan saka Eyang Resi Doradruwasa iki.
Ora krasa aku dadi gemeter, kringet adhem wiwit nelesi klambi sing tak enggo.
“Piye Suwanda?” Eyang Resi ngendika maneh, paring pandangu
marang aku “sadurunge kebacut utawa kadhung, tembung sing bakal tak kandhakne
marang sira iki ngemu kuwajiban sing kudu sira lakoni, yen kongsi sira suwala
utawa gedhene nyulayani bakal gedhe walat sing bakal sira tampa. Dadi sepisan
maneh, sira isih kepengin nampa rembug saka aku iki apa sira milih murungake
wae?”.
“Dhuh Kanjeng Eyang Panembahan” aturku karo ndhredheg
wel-welan “Suwanda sampun siaga ing manah badhe nampi sadya dhawuh saking
kanjeng Eyang lan kula aprasetya sedaya dhawuh saking kanjeng Eyang Panembahan
badhe kula lampahi kanthi suka lilaning manah, menawi ngantos Suwanda
anyulayani mugi Gusti Paring Walat dhumateng kula”.
Eyang Panembahan ora enggal nutugne anggone arep
paring wejangan, sauntara kahanan ing pringgitan kuwi dadi sepi nyenyet angker
lan mrebawani.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar