Total Tayangan Halaman

Kamis, 04 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (053)


 

53.

Kabeh wong sing lungguh neng klasa sing digelar ing pringgitan kuwi padha ndhingkluk karo nahan ambegane murih ora nyuwara, kabeh katon ketungkul meneng ora kepengin ngganggu anggonku arep ngrungokne dhawuh-dhawuh saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing wis dingendikakne nek ora arep dibolan-baleni. Kajaba saka kuwi, mesthi wae wong-wong kuwi uga wedi yen nganti ngganggu anggone Kanjeng Eyang ngendika. Aku dhewe, kajaba siaga arep ngrungokne dhawuh sing bakal tak tampa, isih kober nglirik ngiwa nengen, nglirik Ki Jurudah, Ki Prasanta, Resi Sundaka lan sedulur-sedulure, uga ora kliwatan nglirik wanita ayu sing linggihe ing prenah kanane Kanjeng Eyang Resi. Jroning atiku tuwuh rasa pangalembana marang kasulistyane wanita sing ngagem asma Setyawati, kang jumeneng Ratu ing Kraton Katentreman sing nduweni taman aran Sendhang Pangayoman kuwi. Lan bares wae, ngerteni kasulistyane Ratu Setyawati sing nyata ayu kuwi, ndadekne aku kelingan lan tuwuh rasa kangenku marang Andalu, jalaran sabrebetan pasuryane Ratu Setyawati iki memper banget karo kasulistyane Andalu, putrane Wa Anggara Kebayan Bulak Pandhe sing wis kuwawa nelukne ati lanangku.

 

“Putuku Ngger Suwanda” lagi wae aku ngrasakne rasa kangenku marang Andalu, dumadakan Kanjeng Eyang nimbali aku, wangune arep miwiti paring dhawuh.

 

“Kawula wonten dhawuh Kanjeng Eyang” rada glagepan akua tur wangsulan.

 

“Satemene, anggone Tumenggung Jatikusuma mrentahne sira ninggalne Majapahit iku mung kinarya sarana murih sira nutugne kuwajibane Si Kunthing sing durung rampung nanging kapeksa kapegat dening lakune kodrat” dhawuhe Eyang Doradruwasa alon-alon sing anggone ngendika kaya wong ngeja aksara, tembung-tembung sing kawiyos keprungu las-lasan, dadi cetha anggonku ngrungokne.

 

Sanajanta mangkono, aku ya durung mudheng karo kersane Eyang Resi klawan dhawuh sing dingendikane iku. Jalaran dhawuhe Eyang Resi Doradruwasa iki cengkah karo dhawuh sing tak tampa saka Rama Tumenggung nalika samana, lan gajege Eyang Resi uga wis uninga yen tekaku ing Kedhuwang iki, niyat puruita kepengin necep ngelmu sing diarani Ngelmu Sejatining Sih, murih kena tak enggo sangu lelayaran ing samodraning bebrayan karo Andalu, ing tembene. Nanging dumadakan Eyang Resi dhawuh mangkono kuwi, mula aku ya banjur bingung ora ngerti apa sing dikersakne.

 

“Sumurupa Suwanda” Kanjeng Eyang Resi nyambung pangendikane, keprungu yen panjenengane nyata uninga apa sing lagi tak gagas sajroning atiku “satemene Sang Hyang Maha Wikan wis paring nugraha marang Ramakmu Tumenggung Jatikusuma, wujude kaparingan bisa miyak wewadining kodrat sing bakal tumiba ing Negara Majapahit sing wis ndungkap kelakone unen-unen Sirna Ilang Kertaning Bumi”.

 

“Inggih Kanjeng Eyang” aku ketrucut atur wangsulan “lajeng menapa sambetipun kalihan anggenipun paring pidana dhumateng kula arupi dhawuh murih kula mara king ngarsanipun Kanjeng Eyang menika?”.

 

“Iku ngono mung sarana murih bisa netepi lakuning kodrat kang wis ginarisake tumrap sliramu” Kanjeng Eyang paring wangsulan “ya iku sira kudu bisa oncat saka Majapahit sadurunge dumadine kraman saka Keling lan Kedhiri, sabab yen nganti keng slira ora oncat luwih dhisik, tan wurunga bakal nemahi lelakon kaya lelakone Tumenggung Jatikusuma lan para satriya liyane sing isih ngugemi kasetyan marang Kanjeng Sinuhun, klebu Wakmu si Anggara ya Kebayan Bulak Pandhe sing kaparingan suwarga langgeng dening Hyang Agung kanthi sarana gugur dadi sawuring Tanah Jawa”.

 

“Dados leres menawi Rama Tumenggung saestu sampun gugur ngrungkebi kasetyanipun dhateng nagari Kanjeng Eyang?” sanadyan satemene aku wis krungu critane Sundaka, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ngabarake bab gugure Kanjeng Rama Tumenggung Jatikusuma, nanging meksa aku ngambali nyuwun pirsa marang kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing nyata wis anetra bathara.

 

“Bener Suwanda” Eyang Resi paring pangandika “Wong tuwamu angkat Gugur netepi kastriyane, Biyungmu Nyai Tumenggung uga suthik teluk marang mungsuh temah milih bela pati sarana suduk jiwa. Wakmu Kebayan Bulak Pandhe panggah ngrungkebi kasetyan marang Kanjeng Sinuhun lan katut katiban pidana pati dening Adipati Girindrawadana  sing saiki wis madeg dadi Prabu Brawijaya, Nyi Kebayan bela pati kaya sing ditindakne Nyai Menggung……..”.

 

“Lajeng kados pundi lelampahan ingkang dipun lampahi Andalu, Kanjeng Eyang?” krungu dhawuh pangandikane Eyang Resi mangkono iku, ora sranta aku nugel rembug, nyaru wuwus, nyuwun pirsa mungguh kahanane Andalu sing wis tininggal Bapa lan Biyunge.

“Suwanda” Kanjeng Eyang paring wangsulan “ing ngarep wis tak kandhakne, sajrone nampa rembug sing arep tak wulangake marang sira, sira kudu anuceni lan nata atinira luwih dhisik, wong sing wis resik atine lan bening pamikire tuhu ora gampang kaget lan kebranang temah banjur tumindak sing mung nuruti pangajake napsu utawa hardhaning hawa, sing tundhone mung bakal nguwohake kapitunan. Lagi wae sira nampa warta sing tak ucapne, ketara yen atimu durung tumata, durung sumeleh lan durung resik saka pangaribawaning napsu. Mumpung durung kebacut muspra tanpa tanja apa sing bakal tak kandhakne marang sira, sepisan maneh sira wis bisa nata atinira apa durung? Yen durung, becik tak cukupne samene wae dhawuhku marang sira, aku arep budhal menyang jagad langgeng. Ya mbok menawa ing mbesuk nek sira isih mbutuhake wedharaning Nglemu Sejatining Sih, muga-muga sira bisa kepethuk wong sing bisa mendharake. Piye Suwanda?”.

 

Kaya disamber gelap rasaning rasaku krungu dhawuhe Eyang Resi sing mangkono kuwi, yen nganti dina iki Kanjeng Eyang ora kepareng maringake Ngelmu Sejatining Sih, ateges nggonku lunga ninggal Majapahit iki kena diarani ora ana gunane babar pisan. Mula aku banjur matur :

 

“Dhuh Kanjeng Eyang, mugi kaparenga Kanjeng Eyang nglajengaken paring dhawuh dhateng kula. Saestu kula sampun saged nata manah kangge nampi dhumawahing Ngelmi saking Kanjeng Eyang Panembahan”.

 

Muni ngono kuwi, karo tak niyati ora arep kaget krungu kabar kaya apa wae wujude lan kabeh dhawuhe Kanjeng Eyang bakal tak rungokne kanthi premati lan ing mengkone bakal tak tindakne kaya apa mesthine.

 

“Yen temen mangkono sing dadi tekadira, sisaning mangsa sing kari sasiliring bawang iki bakal tak gunakne sabecik-becike, ya iku bakal tak wedharake Sejating Sih marang sira Suwanda, mengko sawuse tak wedharake, borong anggonmu bakal ngonceki dhewe, jalaran aku kudu netepi timbalan saka Sang Hyang Maha Urip kang arep dikancani dening Dhimas Resi Sundaka lan sedulur-sedulure, sing saiki wis ngenteni ana kene” panyuwunku marang Kanjeng Eyang jebul dikabulake, kang mangkono mau cetha yen ndadekne atiku mongkog jalaran bisa nampa ngelmu saka Resi sing dadi pepundhene Kanjeng Rama Tumenggung lan Wa Kebayan Bulak Pandhe.

 

“Suwanda” Kanjeng Eyang nutugne nggone paring dhawuh “salugune rasa Sih, kuwi salah siji saka sipating Hyang Kang Maha Asih kang tinurunake marang sanggyaning titah ing Ngarcapada. Nanging mung manungsa kang beja kang bisa ngecakne rasa sih mau kanthi sing sabenere, ya iku sih kang suci saka pangaribawaning pepenginan liyane. Dhuk kuna, karana saka Maha Asihe Gusti kepareng nyipta titah kang kinanthenan kuwajiban memayu hayuning ngarcapada. Salah sijining srana nggone nindakne kuwajiban mau, titah kudu gelem manembah lan ngabekti marang Panjenengane. Ing babagan iki, hawa lan napsu sok dhemen gawe crita ngayawara, rumangsane Gusti Sing Maha Sampurna kuwi isih kagungan butuh dibekteni kawulaNe, kamangka tenane yekti Gusti tan mbutuhake apa-apa, jalaran Gusti wis Maha Sampurna. Anane manungsa kadhawuhan manembah lan ngabekti marang Gusti, kuwi mung sabab saka sipat Maha Asihe Gusti, kanthi gelem lila legawa nindakne darmaning kawula sing mung manembah marang Gusti iku dadi sarana kanggo bisane manungsa bali marang asal mulane lan manungsa sing ora gelem manembah lan ngabekti marang Gusti bakal kangelan nggone bisa bali, kurang-kurang bejane bakal kumpul karo titah liya sing tansah ndaga dhawuhe Gusti. Mulane wong kang wis weruh jatining katresnan utawa sejatining sih, bakal bisa ngecakne rasa sihe kang tanpa pamrih apa-apa kajaba muhung netepi nulad lekasing Gusti kang wis nitahake katresnaNe”

 

Eyang Resi kendel angone ngendika, banjur jumeneng, astane kumlawe paring sasmita marang Resi Sundaka, banjur nutugne ngendika :

 

“Apa kang wis tak kandhakne iki, yen temen-temen mbok estokne mangka bakal bisa digelar dadi wewarah sing jembare tanpa watesan, mongsa bodhowa nggonmu nampa, titiwancine wis teka Aku kudu bali marang jagad langgeng ya alam kamulaku sadurunge aku tinitahake”.

 

Kanjeng Eyang banjur njangkahne sampeyane, tindak kanthi kebat, ditutne Resi Sundaka, Resi Tambala, Resi Amana lan Resi Patana, mung sagebyaring that-thit wis ilang saka panduluku. Wong sing ana pringgitan kuwi banjur gita-gita mlaku menjaba, bablas menyang plataran ngarep, semono uga aku uga ora gelem keri. Tekan Plataran katon Eyang Doradruwasa wis lenggah ing gigire Kyai Barat Ketiga, Resi Sundaka lan sedulure kabeh uga wis numpaki jarane dhewe-dhewe. Tanpa nyabawa banjur padha mesa ting gegana nusup mega-mega temah ora bisa disawang maneh.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...