54.
Ya lagi iki aku ngerti yen wong moksha saragane kuwi
pancen nyata anane, lan aku duwe pangira yen sing bisa mangkono kuwi ya mung
wong-wong sing wis oleh kanugrahan saka Hyang Agung, iya awit saka anggone
padha tumemen sajrone nglakoni dadi kawulaNe.
Bareng wis rada sauntara Kanjeng Eyang sing didherekne Resi papat
siswane Panembahan Kumbangtaman saka Gunung Merapi kuwi ora katon maneh, aku
lagi kelingan yen mau neng pendhapa kene iki akeh wong-wong sing padha linggih
neng klasa. Nanging saiki wong pirang-pirang sing mau kober tak weruhi, kabeh
wis ora ana kono. Menyang ngendi parane? Kapan olehe lunga?. Aku dadi bingung,
nyawang klasa-klasa sing gumelar nanging ora ana sing nglungguhi kuwi.
“Pinarak rumiyin Raden Suwanda” dumadakan Ki Jurudah
ngajak lungguh, tak sawang Ki Prasanta uga banjur mapan lungguh neng klasa sing
isih gumelar kuwi. Aku ora wangsulan nanging uga banjur melu lungguh. Sauntara
wong wadon ayu sing pasuryane mirip Andalu, siswane Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa sing jeneng Ratu Setyawati, uga wis mapan lungguh timpuh rada adoh
saka panggonanku . Wong ayu kuwi katon isih tumungkul nuduhne yen atine lagi
susah.
“Kanjeng Ratu, kaparenga samangke paring dhawuh menapa
ingkang kedah kula lampahi?” alon-alon lan katon ngati-ati Ki Prasanta matur
marang pepundhene sing nganti suwe ora guneman apa-apa kuwi.
Ora krasa aku melu ndengengek nyawang marang wong
wadon sing jare Ratu Kraton Katentreman sing nduweni Taman Sendhang Pangayoman
kuwi. Ora kleru maneh, pancen Setyawati iki memper banget karo Andalu, pantes
menawa dadi sedulur kembar telu karo sisihane Waraka pisan.
Rasa kangenku marang Andalu dadi sansaya nunjem
sajroning piker, nanging kepiye kahanane Andalu wektu iki? Manggon ing ngendi? Apa
banjur dadi putri boyongan dadi barang rampasaning perang katut digawa
prajurite Adipati Girindrawardana sing wis menang anggone nindakne kraman?.
Rasa kuwatirku sansaya angel tak kendhaleni, aku duwe karep arep enggal pamit
wae marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga Setyawati, pamit yen arep bali
menyang Majapahit awit nggonku puruita marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaanggep
wis cukup ketitik Kanjeng Eyang wis ngersakne moksha kundur marang mula-mulane.
“Mengko dhisik Paman Jurudah apa dene Paman Prasanta”
dumadakan wong ayu kuwi aweh wangsulan marang Ki Prasanta “sadurunge ingsun nibakne
dhawuh marang ndika sakloron, aku arep luwih
dhisik nyampurnakne weling saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa marang aku sing
ana sambung rapete karo putra angkate Tumenggung Jatikusuma”.
Aku sing uga krungu apa sing dikandhakne dening wanita
ayu kuwi dadi mikir, jebul Eyang Resi uga wis titip weling marang wanita ayu
kuwi supaya dikandhakne marang aku. Banjur kira-kira, apa wujude weling mau? Wujud
wulang apa wujud liyane? Apa malah wujud
prentah?. Aku ora bisa ngira-ira maneh, mung wae sansaya suwe tak waspadakne,
pasuryan lan pawakane wanita sing jarene Ratu ing Kraton Katentreman iki
sansaya mundhak katon nengsemake.
“Inggih Kanjeng Ratu” nalika aku isih ubeg karo
pikiranku dhewe, Ki Prasanta wis mangsuli apa sing dikandhakne Setyawati “kaparenga
abdi paduka anengga dhawuh”.
“Iya Paman, ora liwat kepenakna dhisik anggon ndika
padha linggih, aku tak rembugan karo adhiku Suwanda” wangsulane Setyawati karo
mesem, sing banjur disambung gunem sing ditujokne marang aku :
“Suwanda, sadurunge aku kandha akeh-akeh luwih dhisik akua
rep aweh weruh marang keng slira bab sambunge antarane Setyawati lan Suwanda”.
“Ing…gih Kanjeng Ratu” aku wangsulan alon, karo
jroning ati tuwuh pitakonan apa sing dikarepake tembung sambunge antarane
Setyawati karo Suwanda iki mau.
“Aja keladuk nggonira nampa rembugku Suwanda” Ratu
Setyawati banjur guneman maneh “yen diwawas saka suwene nggonira manggon neng
alam padhang iki karo suwene nggonku wiwit dilahirake, mula umurmu adoh manggon
ana ing sangisorku, jalaran bares wae aku dipupu dening Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa kuwi wiwit nalika sing ngasta jejeg pusaraning adil ing Majapahit
isih Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya Wikramawardana. Jaman kuwi mbok menawa
wong tuwamu sing dadi Panewu biyen kae durung dilahirake. Nanging gandheng
antarane sira karo aku iki isih padha-padha siswane Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa, mula sliramu kena diarani adhiku tunggal sapaguron, lan sliramu
wenang nyeluk aku kanthi sebutan Kang mBok utawa mBakayu. Dadi suwaken sebutan
Kanjeng Ratu marang aku, awit aku iki nyata mbakayumu lan sliramu kuwi adhiku,
luwih-luwih sliramu kuwi dudu utawa durung dadi kulawarga saka Kraton
Katentreman sing tak suhi”.
Aku mesem sajroning ati, ngguyu pikiranku sing mau
kober mikir sing ora-ora, kegawa saka sansaya kasengseme atiku ndulu wewujudane
Ratu Kraton Katentreman kuwi.
“Manawi makaten keng rayi namung badhe ngestokaken
dhawuh Kakang mBok” beda karo suwarane atiku, lambeku ngetokne wangsulan marang
Kang mBok Setyawati.
“Iya Adhi” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem,
wangune kalegan atine krungu wangsulanku kuwi mau “sabanjure, aja si adhi
ndakwa marang pun kakang yen wis ngremehne lungiting nalare si adhi, yen pun
kakang arep takon bab anggonmu nampa dhawuh pungkasan saka Kanjeng Eyang utawa
Bapa Guru Resi Diradruwasa mau?. Ngene ya Dhi, aku nyebut Kanjeng Eyang marang
Bapa Guru iki merga kajaba Guruku, Resi Doradruwasa kuwi iya gurune wong tuwaku
, Rama Prabu Brawijaya Wikramawardana wiwit poanjenengane isih ngagem sebutan
Raden Damarwulan biyen, padha karo Dhimas Suwanda nadyan Dhimas iki siswa
wuragile Kanjeng Eyang ing Kedhuwang kene, nanging Dhimas Suwanda uga putra angkate
Tumenggung Jatikusuma sing anggone meguru marang sedulur nome Kanjeng Eyang
Doradruwasa wiwit isih ngagem asma Kunthing”.
“Inggih Kakang mBok” aku wangsulan karo mesem krungu
katrangan sing dikandhakne Kakang mBok Setyawati kuwi “nuwun sewu, ingkang Kakang
mBok kersakaken kalihan dhawuhipun kanjeng Eyang Resi dhateng kula kala wau
cethanipun kados pundi?”.
“Apa Dhimas Suwanda wis bisa nampa kanthi sampurna apa
wae wulangan kang kadhawuhne dening Kanjeng Eyang mau? Jalaran ing waliking ukara
sing dingendikakne, nyata luwih ukara sing ora keprungu ing kupinge sing padha
ana, mula yen mung krungu ngono wae durung karuwan bisa nampa lan mangwasani
sejatining Ngelmu Agung kang winastan Ngelmu Sejating Sih sing dingendikakne
Kanjeng Eyang sadurunge jengkar makahyangan mau” Kakangmbok Setyawati nyethakne
tembung pitakone marang aku.
Aku ora enggal bisa kumecap aweh wangsulan, awit kaping
sepisan yen aku kandha blaka manawa apa sing didhawuhne Kanjeng Eyang mau babar
pisan ora ana sing bisa tak ngerteni maknane, mangka mesthi aku bakal nampa
pamaido saka kakang mBok Setyawati yen aku iki bocah bodho. Kaping pindho yen
nganti aku aweh wangsulan manawa wis ngerti lan bisa nampa kabeh dhawuhe
Kanjeng Eyang Resi mau, aku kuwatir yen banjur ditakoni dening Kakang mBok
Setyawati magepokan karo ngelmu sing diarani Sejatining Sih kuwi mau. Mula aku
banjur meneng, nganti suwe ora bisa kumecap apa-apa.
“Piye Dhimas?” Kakang mBok Setyawati guneman maneh “apa
isih kurang cetha mungguh sing dadi pitakonku marang si adhi iki mau?”.
“Boten Kakang mBok” aku gragapan aweh wangsulan “namung
kemawon kraos radi kewetan anggen kula badhe atur wangsulan, awit ajrih menawi
kakang mBok duka dhateng keng rayi, pun kula”.
“Aja kaya bocah cilik Dhimas” Kakang mBok Setyawati
gumuyu renyah, kepenak banget dirungokne nganggo kuping iki “Si Adhi bisa
wangsulan kanthi sanyatane awit wangsulane si Adhi kuwi ana sambung rapete karo
jejibahan sing tak tampa saka Kanjeng Eyang Resi magepokan karo binabare ngelmu
Sejatining Sih sing wis dipracayakake marang Dhimas Suwanda”.
Aku wis ora bisa endha maneh, gelem ora gelem kudu
aweh wangsulan marang kakang mBok Setyawati sing jejer minangka gantine Kanjeng
Eyang Resi Doradruwasa iki.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar