55.
Sawise meneng sedhela, kanggo nata ukara murih gampang ditampa dening
Kakang mBok Setyawati, aku banjur wiwit guneman :
“Bares kemawon Kakang mBok, kula mila sampun saged
nampi menapa ingkang dipun ngendikakaken dening Kanjeng Eyang kalawau, nanging
rumaos kula dhawuh-dhawuhipun Kanjeng Eyang Resi menika kala wau namung tembung-tembung
limrah ingkang sampun kaprah dipun kojahaken dening titiyang saderengipun,
dados menawi kawastanan Ngelmu, menika menggah kula kok dereng pantes. Menika
menggah pamanggih kula, borong anggen badhe Kang mBok badhe amastani”.
Tak lirik, Kakang mBok Setyawati njengkerutne bathuke,
katon yen lagi mikir tembung sing lagi tak ucapne minangka kanggo aweh
wangsulan marang pitakon sing ditujokne aku mau.
“Mengko dhisik Dhimas” sawuse rada sauntara nggone
njengkerutne bathuke Kakang mBok Setyawati banjur guneman maneh “ing ngarep wis
tak kandhakne yen, Ngelmu Sejatining Sih sing diparingake marang Dhimas dening Kanjeng
Eyang kui mau, ing walike tembung sing disabdakne Kanjeng Eyang Resi, isih
luwih akeh maneh piwulang sing luhur lan suci, yen si adhi pranyata mung bisa
nampa lan krungu sing disabdakne Kanjeng Eyang lan durung bisa nyumurupi ukara
sing ora kocap kuwi, ateges si Adhi isih mbutuhake pambiyantu saka pun kakang
minangka sedulur tuwane si Adhi. Nanging, sadurunge pun kakang aweh pambiyantu,
aku luwih dhisik kudu mangerteni si Adhi iki isih mbutuhake Wedharaning Ngelmu
Sejatining Sih iki apa ora? Yen Dhimas Suwanda nyata isih mbutuhake, mangka pun
kakang nyata ora kabotan aweh pambiyantu jer kuwi wis dadi kuwajibanku minangka
sedulur tuwa, lan pancen weling sing tak tampa saka kanjeng Eyang pancen kudu
mangkono. Nanging yen Dhimas Suwanda jebul wis rumangsa ora mbutuhake ngelmu
sing kanggone mung minangka piranti leladi marang bebrayan agung iki, yekti ora
ana guna lan paedahe yen ta aku meksa aweh pambiyantu marang Dhimas, murih bisa
nggadhuh ngelmu Sejatining Sih iki kanthi rada sampurna”.
Aku dadi rada ora kepenak nampa ucape Kang mBok
Setyawati iki, ya gene arep aweh pambiyantu marang aku sing jare sedulure enom
wae kok ndadak nganggo ditakoni luwih dhisik butuh lan orane? Kamangka aweh
pambiyantu marang aku magepokan karo ngelmu sing lagi dirembug iki, cetha yen
wis dadi dhawuhe Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa marang dheweke. Nanging,
slagane Kang mBok Setyawati pas lagi guneman marang aku mau kuwi, sing tak
senengi. Tembung-tembunge sing metu saka lathine, keprungu enak dirungokne
nganggo kuping, obahing lathi sing wor lan liringing netrane sarta obahing
peranganing raga liyane, katon sarwa pantes lang awe sengseme sapa sing ndulu.
Meh wae aku lali, yen sing lagi guneman karo aku iki sedulur tunggal guruku
sing kaprenah tuwa, tak kira yen sing guneman iki mau Andalu sing wewayangane
tansah kumanthil-kanthil ing telenging atiku. Iya Andalu, sing praupan,
pawakan, solah bawa, kabeh memper banget karo Kakang mBok Setyawati. Andalu
sing wis kuwawa dadi pamecut marang aku supaya ninggalne Majapahit saperlu
puruita menyang Kedhuwang kanggo nampa ngelmu sing kena dienggo sangu lelayaran
ing samodraning bebrayan antarane aku karo dheweke.
Jalaran nyumurupi solah bawa lan suwarane Kakang mBok
Setyawati sing
sarwa ceples karo Andalu kuwi, ndadekne rasa kangenku marang Andalu wis angel
diampet maneh. Luwih-luwih nganti saiki aku durung ngerti lakon apa sing
disandhang dening Andalu sawuse Wa Anggara gugur bareng karo Rama Tumenggung
dadi sawur tawuring Majapahit. Lan nalika mau aku nyuwun pirsa marang Kanjeng
Eyang mungguh nasib sing disandhang Andalu, aku ora oleh wangsulan sing
maremake babar pisan.
Bareng mikir bab iki, aku banjur nggagas yen satemene
olehku arep puruita marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki kajaba merga
nampa minangka nglakoni paukuman saka Rama Tumenggung Jatikusuma, ya sing baku
arep golek sangu murih nggonku nglakoni urip bebarengan karo Andalu bisa
lestari lan nemu bagya mulya. Mulane aku banjur ndawakne gagasan, aku kudu
luwih dhisik weruh lan bisa mesthekne yen kahanane Andalu wektu iki ing
sajroning kahanan sing becik. Andalu isih urip kanthi suci, ora dirusak dening
mungsuhe Wa Anggara, ya andhahane Gusti Adipati Girindrawardana sing wis kasil
anggone ngraman Majapahit. Jalaran yen
nganti jebul Andalu wis dadi barang jarahan lan katut diboyong dening sing lagi
menang perang, utawa kasucene wis direbut dening prajurit sing kegiwang atine
merga weruh kasulistyane Andalu, kanggo apa Wedharing Ngelmu Sejatining Sih
kuwi tak ngerteni? Ora ana gunane babar pisan. Kajaba yen….. aku durung wani
mblakakne suwarane angen-angenku. Muga-muga Andalu isih kaya jaman sadurunge
aku lunga ninggal Majapahit wingenane.
“Piye Dhimas?” bareng suwe aku ora semaur, Kakang mBok
Setyawati banjur nakoni aku maneh. Olehe takon karo mesem sing ngujiwat banget,
ati lanangku gumronjal ora karuwan, nanging aku isih eling yen katresnanku wis
tak tibakne marang Andalu sing jarene Wa Anggara Andalu uga banget tresna
marang aku.
“Nyuwun pangapunten Kang mBok” alon-alon aku wangsulan
“menawi kang mBok ndangu kados makaten menika, inggih kula wangsulaken dhateng
jengandika kakang mBok ingkang sampun nampi dhawuh saking Kanjeng Eyang Resi.
Menawi kakang mBok kasdu nindakaken welingipun sawargi Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa ingkang nembe kemawon kundur makahyangan, inggih sumangga dene
menawi kakang mBok boten kasdu ing panggalih temah eman paring pambiyantu
dhateng kula, keng rayi estu boten saged menapa-menapa. Sadaya purba wonten
asta jengandika Kakang mBok Ratu Setyawati”.
Sepisan maneh Kakang mBok mesem sing ngujiwat banget,
meh wae gawe runtuh isen-isening dhadhaku, ketang saking kasengsem ndulu esem sing
diwenehne dening Sang Pindha Ratih iki. Banjur disusuli guneman sing keprungu
ndhemenake :
“Si Adhi kuwi lho? Kok bisa-bisane guneman kaya
mangkono ta? Mesthi wae pun mBakyumu iki ora bakal wani ndaga dhawuhe Kanjeng
Eyang Resi Doradruwasa murih tansah aeeh pambiyantu marang Dhimas Suwanda. Dadi
kanthi si Adhi aweh wangsulan kaya mangkono iku mau, si Adhi wis siyaga ing
dhiri kanggo nampani pambiyantu saka pun Kakang? Jalaran kanggo nampani
pambiyantu saka pun kakang murih Dhimas Suwanda bisa miyak wiwaraning gaib,
ngrungokne weca sing tanpa suwara, maca piwulang sing tanpa aksara, sing
manggon ana waliking sabda kang wis kangendikakne dening Kanjeng Eyang Resi
marang si Adhi, iku ana sarate, ya iku si Adhi kudu bisa nata ati murih dadi
resik saka sakehing kekarepaning hawa napsu, nata piker murih wening temah ora
kaworan pamikir sing ora mardika. Apa si adhi wis bisa mujudake sarat iki?”.
Sepisan maneh aku meneng, ora enggal semaur. Rasa
kangenku marang Andalu sengaja tak ora tak penggak, jalaran aku kuwatir yen
nganti aku lali purwa duksina, kagiwang suwara slaga lan pawakan sarta
pasuryane Kakang mBok Setyawati sing sansaya suwe sansaya gawe kepencute atiku.
Aku ora kepengin dadi selulur nom sing nrucak marang sedulur tuwa.
“Sepisan malih kula nyuwun pangaksami Kakang mBok”
karo ndhingkluk aku aweh wangsulan “menapa keng rayi kaparengaken nyuwun palilah
kangge nata manah langkung rumiyin?. Jalaran kula ngertos, bilih ing titi wanci
menika pikiranipun keng rayi nembe kuwur, nalaripun Suwanda nembe nglantur,
saha manah kula nembe kisruh ingkang boten kantenan. Kanthi kawontenan ingkang
kados menika cetha menawi kula dereng samekta nampi pambiyantu saking Kakang
mBok, ingkang sanyata kula betahaken menika”.
“Iya Dhimas” Kakang mBok Setyawati wangsulan karo
slaga sing ora owah “banjur nganti suk kapan kira-kira Dhimas Suwanda bisa nata
ati lan nata piker kanggo nampa pambiyantu saka pun Kakang iki?”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar