56.
Sansaya koming rasaning pikirku weruh slagane Kang
mBok sing nyata ora bisa diselaki yen pancen wis nuwuhake branta sajroning
nalarku. Nanging sepisan maneh aku isih kelingan yen aku iki isih kaprenah sedulure
nom, kajaba saka iku aku uga ora lali yen tenane atiku wis ana sing nduweni, ya
iku Andalu sing lagi tak sumelangake mungguh sing dadi nasibe.
“Nyuwun pangapunten Kang mBok” wekasan aku aweh
wangsulan “kula boten saged atur wangsulan ingkang pas, jalaran estunipun kula
kepengin sanget wangsul rumiyin dhateng Majapahit, nanjihaken kabar ingkang
kula pireng. Mangke sasampunipun kula ngertos kawontenan Majapahit mawi
panyawang kula piyambak, kula tumunten wangsul malih dhateng mriki saprelu
nyampurnakaken Ngelmi Sejatining Sih asarana nampi pambiyantu saking Kakang
mBok Ratu Setyawati”.
“Apa Dhimas Suwanda isih kurang percaya karo dhawuh
pangandikane Eyang Resi sarta critane Paman Jurudah lan Paman Prasanta sing
ngabarake kahanan Majapahit sawise Dhimas budhal menyang Kedhuwang ?” Kakang
mBok sajak ora pati sarujuk yen aku arep tilik menyang Kutha Raja “sumurupa
Dhimas, jaman Majapahit kanggone si Adhi kuwi wis dadi jaman sing kawuri, lire Gusti
Kang Maha Agung wis kepareng ngersakake Dhimas Suwanda nggelar panguripan anyar
sing ora manggon ing Majapahit maneh, nanging manggon neng papan anyar sing
manggon ing salore Gunung Lawu lan Dhimas Suwanda kasampiran jejibahan nutugne
lelabuhane Tumenggung Jatikusuma leladi marang bebrayan agung kanthi lelandhesan
Ngelmu Sejatining Sih sing diparingake Kanjeng Eyang mau, mesthi wae sawuse
Dhimas Suwanda bisa ngawruhi kanthi wutuh apa wae isining ngelmu sejatining sih
kuwi sawise Dhimas kuwawa maca ukara ing waliking sabdane Kanjeng Eyang kang
tinulis tanpa aksara kaucapake tanpa suwara mau”.
“Ing prakawis menika kula sampun nglenggana Kang mBok”
aku aweh wangsulan “ugi kula sakalangkung pitados dhateng pangandikanipun
Kanjeng Eyang Resi menapa dene kabar ingkang dipun asta dening Ki Jurudah miwah
Ki Prasanta magepokan kalih kawontenan Majapahit ing wekdal menika. Anggen kula
kepengin tilik dhateng Kitharaja menika kenging kawastanan kangge pamitan murih
wewayangan Majapahit boten tansah ngranuhi manah kula, awit bares kemawon salah
satunggal ingkang dados jalaran saking anggen kula dereng saged nata manah
sarta nyiyagakaken nalar kangge nampi pambiyantu saking Kakang mBok menika
inggih awit kula dereng saged nyupekaken Majapahit. Inggih kanthi kula tilik
kangge pamitan menika ambok bilih saged dados lantaran kula saged nampi
kawontenan ingkang kedah kula adhepi temah saged nampi pambiyantu saking Kakang
mBok kanthi gangsar”.
“Yen pancen si adhi wis ora bisa dipenggak maneh,
kapeksa pun Kakang ya mung bisa nglilani sarta titip weling sing kudu sira
estokne Suwanda, ya iku wujud sirikan sing kudu sira tetepi sawuse klakon Dhimas
Suwanda tekan Kutharaja” wekasan Kakang mBok Setyawati kandha yen ngidini aku
tilik menyang Majapahit.
“Menapa ingkang kedah boten kula lampahi sadangunipun
kula ing Majapahit mangke Kakang mBok?” aku takon apa sing kudu tak siriki.
“Nurut pawelinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa,
sadurunge Dhimas Suwanda klakon bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, Dhimas
Suwanda ora dikeparengake tumindak sing bisa gawe patine titah sing wujud apa
wae, kajaba sing ora disengaja kaya upamane ngeplak peranganing awak kamangka
Dhimas Suwanda ora ngerti yen ing kono ana titah wujud lemut utawa
sapanunggalane sing lagi mencok, saupama Dhimas weruh uga ora dikeparengake .
Bakune Dhimas kudu bisa ngreksa dhiri temah ora gawe pepati kanthi pawadan apa
wae” Kakang mBok njlentrehne sirikan sing kudu tak singkiri sasuwene aku durung
bisa nguwasani ngelmu peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, klebu nalika aku
arep menyang Majapahit iki.
“Inggih Kang mBok” aku nyaguhi sing dadi welinge
Kanjeng Eyang Resi sing dikandhakne Kang mBok Setyawati , jalaran sirikan sing
mangkono kuwi cetha yen gampang banget anggone nglakoni lan aku mesthi bisa “dhawuhipun
Kang mBok badhe tansah kula emut-emut lan kula estokaken”.
“Sabanjure Dhimas” Kang mBok Setyawati nutugne anggone
guneman “yen dhimas wis sumurup kanyatan ing Majapahit diage dhimas tumuli
pamitan lan bali nemoni pun Kakang, ora neng kene nanging awit papan iki
sedhela maneh bakal bali marang wewujudan kaya sadurunge Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa mangasrama, ya iku wujud alas gung kanthi isen-isen sing banget
nggegirisi”.
“Menawi boten wonten mriki lajeng dhateng pundi kula
saged sowan Kang mBok Ratu?” aku takon.
“Si Adhi tak keparengake njujug ing Taman Sendhang
Pangayoman sing mapan ing Kraton Katentreman” Kang mBok Setyawati aweh
wangsulan “minangka srana Dhimas bisa teka kanthi gampang ing papan kuwi, si
Adhi bakal tak ampili pusaka Kraton Pangayoman sing wujud kalpika sing aran
Akik Mustikaning Tirta, sawayah-wayah si adhi kepengin menyang Kraton
Katentreman, sawangen akik iki rada sauntara, mangka si adhi bakal dituntun
dening Hyang Agung lumaku menyang papane Kraton Katentreman. Lan sepisan maneh
welingku Suwanda, yen nganti si adhi jebul ora bisa bawa leksana ya iku netepi
kasaguhan ora gawe pepati kaya sing tak kandhakne ing ngarep satemene banget
gedhe wewalat sing bakal ditampa dening Dhimas Suwanda saka Sang Hyang Maha
Prakosa”.
Kang mBok Setyawati banjur ngetokne ali-ali sing ana
mripate wujud akik rupa putih bening, banjur diulungake marang aku. Gita-gita
nggonku nampani kanthi senenging ati.
“Ngaturaken gunging panuwun Kang mBok” tembungku karo
nampani ali-ali sing ana akike kuwi “samangke kaparenga keng rayi bidhal
dhateng Majapahit, pangestunipun Kang mBok ingkang tansah kula jeng-ajeng, mugi
kula saged lebda ing karya”.
“Iya Dhimas, diage sira budhala, duga-duga tansaha
dhimas gawa, ngati-ati aja nganti keri” wangsulane Kang mBok karo mesem, mesem
sing ngujiwat banget sing bisa gawe kumepyure panon saking olehe nengsemake “saiki
padha sowing-sowangan, dhimas budhal menyang Kutharaja pun Kakang lan Paman
Jurudah lan Paman Prasanta uga arep budhal bali menyang Kraton Katentreman”.
Rampung krungu ucape Kakang mBok Setyawati ngono kuwi
mau, dumadakan ora weruh anggone obah, ngerti-ngerti Kang mBok Setyawati, Ki
Jurudah apa dene Ki Prasanta wis ilang saka panduluku. Lan sadurunge ilang rasa
gumunku, dumadakan bumi sing tak lungguhi obah-obah kaya diputer mubeng,
kahanan dadi saya mbingungake bareng dumadakan malih dadi peteng ndhedhet
lelimengan, saka langit keprungu suwarane gludhug sing saut-sautan ora nganggo
wirama sing tumata. Nganti suntara suwene kahanan mangkono kuwi dumadi,
mbarengi mandhege bumi saka olehe munyer, lamat-lamat saka kadohan keprungu
suwara pangakake ula gedhe sing lagi luwe, pambaunge asu ajak sing ngalup-alup
nrenyuhake, panggerone macan gembong sing kaya lagi luru memangsan.
Suwara-suwara aneh kuwi sansaya suwe dadi sansaya
cetha, banjur lon-lonan wiwit suda lan keprungu sansaya ngadoh saka papanku
lungguh, suwe-suwe ilang babar pisan, bareng karo kahanan sing bali dadi
padhang maneh. Mung eloke kahanan, klasa sing gumelar sing mau tak lungguhi, pendhapa
sing jembar, latar sing gilar-gilar, kabeh wis ora ana. Sing katon neng kiwa
tengenku saiki mung reruntuhan tilas wewangunan, bangsane kayu cagak, blandar
lan sapanunggalane rata klawan lemah. Ompak watu sing wis padha lumuten. Kabeh
digubel dening tetuwuhan rupa ri bandhil lan bebondhotan.
Aku ngadeg noleh mengiwa karo noleh manengen ngulati
kahanan sing mbingungake nalarku iku. Jebul aku mau lungguh ing ngisor wit
gedhe sing oyot-oyote pating pendhosol njudhuk ing lumahe lemah. Lan saka reruntuhan
wewangunan kuwi dumadakan jumedhul ana ula ireng salengen gedhene, mriupate
abang nyawang papanku ngadeg. Ula ireng kuwi mandheng banjur ngangkat sirahe,
awake sing ngarep didegne, mekrok ngemba kaya enthong.
Aku siaga banjur nyandhak cuthik arep tak enggo nuthuk
ula sing sajak mbebayani kuwi. Nanging aku banjur kelingan welinge Kanjeng
Eyang Resi Doradruwasa, lumantar Kang mBok Ratu Setyawati mau, ora
dikeparengake gawe pepati kanthi pawadan apa wae. Cuthik sing wis tak goceki
banjur tak buwang menyang lemah maneh. Saka panging wit sing ana dhuwurku
keprungu suwarane manuk Drekuku, gumuyu. Bareng aku noleh mendhuwur nyawang
prenahe manuk derkuku mau, jebul ing kana uga ana manuk Jalak Penyu sing uga
banjur ngguyu, disambung karo ocehane sing sajak aweh sasmita marang aku :
“Tutna aku, tutna aku” manuk Jalak penyu kuwi cumlorot
mudhun banjur nyolot-nyolot neng lemah. Aku tanggap, ula sing mau mekrok tak
tinggal ngono wae, aku ngetutne lakune Jalak Penyu sing pencolotan nuduhne
dalan marang aku.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar