mBuh nganti pirang dina suwene aku terus mlaku, ninggalne bumi Kedhuwang
tumuju menyang Kutharaja ing Majapahit. Gandheng aku wis diselehi kekuwatan
gaib dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa jaman kepethuk sepisanan kae, sing
wujude aku ora kagadhuhan rasa kesel, luwe lan ngantuk, mula aku babar pisan
ora leren mandheg, kajaba yen wayah bengi sing ndadekne kahanan dadi peteng
dhet-dhet, sing bisa ndadekne aku kelangan arahe kiblat.
Pusaka Keris Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung sing dhawuhe Rama
Tumenggung supaya diaturne ing ngarsane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa isih tak
sengkelit ana lempengku, pranyata tanpa mirsani bukti keris kuwi Kanjeng Eyang
Resi wis luwih pana sapa satemene aku. Samono uga Slendhang Sutra Kuning sing
karan Slendhang Sipat, peparing saka Wa Anggara, minangka sipat kandelku uga
ora pisah saka anggaku. Malah sangu dhuwit emas sakanthong cilik paringane
Kanjeng Ibu Nyai Tumenggung uga isih wutuh . Barang-barang mau kabeh pancen ora
arep tak pisahne saka awakku, Keris Kyai Bancik apa dene Slendhang Sipat tak
kira bakal ana gunane samangsa-mangsa aku kepethuk bebaya, dene dhuwit sangu
peparinge Ibu Nyai Tumenggung bisa tak anggo sawayah-wayah yen aku mbutuhake
sing prelu dituku nganggo dhuwit sanadyan satemene aku wis ora mbutuhake apa-apa,
jalaran aku ora butuh mangan utawa ngombe sing ngendikane Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa nganti satus rong puluh tahun lawase.
Ora tak critakne reroncene marga, lakuku wis cedhak karo padhukuhan
Bulak Pandhe, sing nalika durung tak tinggal padhukuhan kuwi kareh dening Wa
Anggara sing pinercaya dening Negara dadi Kebayan. Saiki aku durung ngerti sapa
sing gumanti nglungguhi palenggahane Wa Anggara. Kanggoku kuwi ora pati baku,
merga sing luwih baku maneh aku kepengin, mangerteni kabar apa sing nyartani
Andalu, putrane Wa Anggara sing arep dijodhokne karo aku.
Nalika lakuku tekan pategalan sing rada amba, sing manggon sakulone
padhukuhan Bulak Pande aku mandheg. Ing pinggir dalan katon ana warung cilik
sing dodol omben lan panganan. Aku nedya menggok arep mlebu menyang warung
kuwi, sanadyan temene aku ora butuh mangan utawa ngombe, nanging aku golek
warta luwih dhisik sing ana gandheng cenenge karo Padhukuhan Bulak Pandhe
sawuse Wa Anggara gugur.
“Mangga Kisanak pinarak nglebet mriki” sajak gupuh wong sing duwe warung
mbagekne tekaku, banjur gumrecek tembunge nawakne dagangane “badhe ngersakne
ngunjuk menapa? Wonten Toya Dawegan Klapa Wulung ingkang nembe anggenipun
methik saking glugunipun, wonten legen, ugi wonten kopi ingkang toyanipun kedah
dipun umubaken rumiyin……”.
“Kula nyuwun Dawegan kemawon Ki” aku wangsulan karo mapan linggih ing lincak
dawa ngadhep meja, karo manthuk kurmat marang wong sing padha lagi ngadhep
wedange dhewe-dhewe, wong sing uga padha karo aku, butuh tuku omben ing warung
kuwi.
“Menawi makaten katuran nengga sakedhap nggih Kisanak, kersane deganipun
dipun pacaki rumiyin” wong sing duwe warung kuwi guneman banjur mlaku menjaba
karo njupuk bendho kanggo macaki klapa sing tak butuhake banyune “kalih nengga,
manga dipun sambi niku wonten nyamikan Wajik, Jadah lan menapa menika ingkang
wonten”.
“Inggih Ki” wangsulanku, banjur aku genti ngajak omongan wong sing
linggih ora adoh saka panggonanku lungguh “nuwun sewu, wetan mriku niku
padhukuhan pundi nggih Kisanak?”
Tak sengaja aku nambong, api-api durung wanuh karo laladan kono lan
sajroning ati aku nyenyuwun marang Bethara muga-muga ora ana wong sing ora
pangling karo wewujudanku sing satemene wis malih ora kaya jaman aku isih
manggon neng dalem katumenggungan kae.
“Wetan mriku niku ta Kisanak?” wong sing takoni wangsulan nggenahne
pitakonku karo nyawang sakujuring awakku tanpa kedhep, aku dadi ngedhap kuwatir
yen nganti konangan nek aku iki Suwanda putra angkate Rama Tumenggung
Jatikusuma .
“Inggih, kula wau saking kilen nglangkungi wana-wana, lajeng manggihi
bulak pasabinan lajeng wonten pategilan mriki, dados sampun tigang dinten kula
mlampah nembe badhe kepanggih padhusunan dinten menika mangke” aku aweh
wangsulan karo nggawe crita sing rada ngayawara.
“Lha ndika niku sedherek saking pundi?” wong sijine sing mau meneng wae
genti takon.
“Menawi asli kula, kula tebih saking Wonogiri Kisanak, nanging sampun
dangu sanget kula nilar dhusun papan kula lahir saprelu ngumbara patos tedha,
nglereg-nglereg mangetan wasana dumugi papan mriki niki” se[pisan maneh aku
gawe crita sing ora nyata.
“Ndika ngagem asma sinten Kisanak? Meh kemawon kula wau ajeng klentu, ndika
niku dedeg piadeg tuwin pasuryanipun memper kalihan priyagung ing
Katumenggungan mriki, ingkang murca boten wonten ingkang mangertos dhateng
pundi purugipun, kalih peken saderengipun wonten dahuru ingkang ndadosaken
Gusti Prabu kendhang saking praja” wong sing wangsulan dhisik dhewe mau takon jenengku lan nyritakne yen aku mirip
karo priyagung Katumenggungan. Neng jero ati aku mesem, sing bener ora mirip
maneh nanging ya aku sing priyagung sing dianggep murca kuwi.
“Ingkang mbentenaken namung, caranipun guneman kalih sandhangan ingkang
ndika agem niku, kalih menawi Raden Bagus Suwanda priyagung ingkang kula
aturaken wau pakulitanipun kuning ngemu giring, saliranipun radi lema menawi ndika,
nuwun sewu ketingalipun gadhah pakulitan cemeng lan radi kera” wong kuwi
nambahi katrangane.
“Inggih Kisanak, nami kula angsale nengeri bapa biyung kula rumiyin Wuluh
Rahina, awit lahir kula kacariyos nyarengi lintang wuluh ndadari, nanging
dening kanca-kanca kula dipun celuk mawi sebatan Genter, awit menawi katandhing
kalih kanc-kanca sabarakan, kula niki inggil piyambak dedegipun, kados genter”
wangsulanku sansaya adoh nggonku nggawe crita.
“Ing pundi-pundi niku sami mawon Kisanak Wuluh Rahina” wangsulane wong
mau karo ngguyu “nami kula ingkang asli nggih sae, wong kalih tiyang sepuh kula
dipun tengeri mawi jenang abang kanthi nami Sudira, nanging gandheng kula remen
nedha woh-wohan pala gumandhul, kalih kanca-kanca lajeng dipun undang Codhot .
Malah sak niki titiyang ing panggenan kula kathah sing boten tepang kalih
Sudira, ingkang dipun tepangi nggih Codhot niki”.
“Sami kalihan kula Ki Sudira” aku melu ngguyu “tiyang nggen kula mrika
nggih sami boten sumerep nami kula ingkang asli, lan ingkang dipun tepangi
nggih Genter niki”.
“He he he….” Wong sing nakoni aku ngendi omahku mau genti sing ngguyu
karo guneman “menawi nami kula Tomblok, Kisanak Genter. Kula boten ajeng criyos
nek nami kula gawan bayi niku Parta, jalaran tiyang mriki boten wonten sing
tepang kalih Parta”.
Krungu kandhane wong sing jarene ora arep ngaku jeneng asline kuwi mau
aku dadi ngguyu, Codhot ya melu ngguyu pisan, wong telu dadi ngguyu banter,
sajak merdika uripe.
“Thik padha pating cekakak ki jane ngono lagi ngguyu apa ta?” Sing duwe
warung nyedhaki aku karo ngulungne dawegan sing wis pacakan lan wis dibolongi
kanggo dalan ngombe, marang aku karo takon sajak gumun.
“Jenengmu biyen sapa Kang Togog?” Codhot wangsulan karo ngempet guyune,
aku dadi ngerti nek sing duwe warung kuwi julukane Togog.
“Jenengku ta?” Sing duwe warung wangsulan karo mbalik takon “asline
jenengku ki rak Mursita, embuh karo wong-wong kok dielih dadi Togog iki biyen
piye? Padha wae karo bojoku kae, biyen jenenge rak Gemi, malah saiki ora ana
wong sing ngerti Gemi ki sapa, malah Gemi dhewe ketoke nek jeneng Minthul kuwi
mung jeneng julukan, ning nyatane nek diceluk Gemi ngono Minthul ki sok malah
ora enggal semaur, beda karo nek diundang Minthul ngono gage wae olehe semaur”.
“Dados genahe ngoten lho Ki Mursita utawi Kisanak Togog” aku genti sing
guneman “tiyang sekawan gangsal sak semah ndika niku mpun gantos nami sedaya.
Nami ingkang asli sampun digantos, kula dados Genter, makaten ugi sedherek
kalih menika, sak niki langkung kaprah gadhah nami Codhot kalih Tomblok”.
“Oo, nggih, nggih” Togog sing duwe jeneng asli Mursita kuwi wangsulan
karo manthuk-manthuk. Wong liyane durung leren anggone padha glegesan dhewe,
sauntara pitakonku ing ngarep durung ana sing aweh wangsulan.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar