58.
Nanging anggone padha guyon kuwi dumadakan
padha mandheg, ulat sing maune katon padha bingar merga padha ngguyu sing tulus
ora merga digawe-gawe kuwi, malih dadi pucet lan semu kaweden. Warunge Togog
kuwi ketekan Prajurit sikep gegaman cacah telu, pawakan lan praupane katon
kasar-kasar mratandhani yen mung prajurit sing pangkate isih cendhek. Prajurit
telu kuwi anggone mlebu warung tanpa nganggo deduga babar pisan, durung nganti
dibagekne karo sing duwe warung, salah siji saka prajurit telu kuwi wis
mbengok-mbengok takon :
“Endi sing duwe warung iki he?” takon ngono
kuwi karo sikile sing siji diangkat ditumpangne menyang lincak sing tak
lungguhi karo Codhot.
“Kula nDara…..” karo praupan pucet lan suwara
gemeter Togog wangsulan disambung pitakonan “Ndara-ndara rawuh mriki badhe
ngersakaken menapa?”.
“Dudu aku sing butuh” wangsulane Prajurit
kuwi karo nyawang Togog, sauntara prajurit loro liyane banjur padha linggih
neng lincak sing isih kothong, lan tanpa karo guneman apa-apa kekarone banjur
padha nyaut panganan sing cumawis neng ndhuwur meja, dipangan.
“Inggih menawi makaten kula nyuwun
pangapunten” Togog wangsulan.
“Tembungku durung rampung aja mbok sauri
dhisik, goblog!” prajurit sing takon kuwi guneman maneh karo menthelengi Togog,
Togog sing wiwit rada mari olehe wedi, bali dadi mengkeret maneh “kowe padha
ngerti ta? Awan-awan sing panase kaya ngene iki, sing enak ngombe apa?”.
“Menawi tiang sadrajat kula ngeten niki
sing seger nggih ngombe toya kendhi nDara” merga olehe takon prajurit mau nganggo tembung “kowe padha ngerti ta”
mula aku banjur nyaut aweh wangsulan “menawi priyantun ingkang kagungan serepan
yatra lintune toya kendhi nggih kathah, legen napa duduh dawegan nggih seger”.
“Ha ha ha ha ,,,,,,” Prajurit kuwi ngguyu
banter krungu wangsulanku “cangkemu muni nek wong kaya kowe sing seger kuwi
banyu kendhi, nanging sing mbok adhepi dawegan, nek ngono kowe wong duwe
serepan dhuwit?”.
Aku lagi krasa nek dawegan sing diladekne
Togog mau durung kober tak entekne duduhe.
“Menawi niki benten nDara” aku wangsulan
karo tak gawe rada ndhredheg vsethithik ben dikira wedi marang prajurit kuwi “dawegan
sing kula ombe niki boten anggen kula tumbas, nanging niki wau opah nggen kula
menek glugu ngundhuhi dawegan, kengkenane kakang kula Togog niku”.
“Ya wis, gak ngrembug perkara kuwi maneh”
Prajurit kuwi guneman maneh, suwarane wis ora pati galak kaya pas lagi teka mau
“saiki rungokna prentahku marang Togog karo kowe kabeh. Prajurit-prajurit sing
saiki padha leren neng gredhu cedhak regol mlebu desa kae padha ngelak lan
butuh ngombe, kae cacahe wong pitu karo aku lan kancaku loro kuwi kabeh ana
sepuluh. Saiki pacakna dawegan cacah sepuluh, pilihna sing isih seger-seger,
banjur terna mrana!. Sing macaki kareben Togog karo iki, sapa jenengmu he?”
Karo muni ngono kuwi prajurit kuwi nudingi
aku.
“Kula ta nDara? Kula Genter adhine Kang
Togog” gage aku wangsulan.
“Iya, gage kowe karo Togog milihi Dawegan
sing isih seger lan sing gedhe-gedhe banjur pacakana” Prajurit kuwi wangsulan ngiras
aweh prentah “kareben adil, mengko sing ngeterne menyang gredhu ben iki karo
iki, jenengmu sapa ?”.
“Kula Codhot lan niki Tomblok nDara” Codhot
gage wae olehe mangsuli merga ditudingi prajurit kuwi.
Aku karo Togog banjur ngalih njupuk bendho,
nyedhaki panggonan dawegan arep nglakoni prentahe prajurit sing embuh dawegan
kuwi dituku apa mung dijaluk lawaran wae, sing baku prentahe prajurit sing saben
dina digetak-getak lurahe kuwi kudu enggal dituruti.
“Karo padha rungokna prentahku sabanjure”
Prajurit kuwi guneman maneh “kowe kabeh padha sing ngati-ati, merga miturut
telik sandi sing pinercaya desa kene arep ketekan menungsa sing arep gawe
kisruh, jenenge Suwanda anake Tumenggung Jatikusuma sing wis mati, mula nek
kowe ana sing weruh kumliwere Suwanda, aja padha kesuwen gage wae matur menyang
pasanggrahan sing manggon neng tilas omahe Kebayan Bulak Pandhe kae. Ngerti?”.
“Inggih ngertos nDara” aku sing rada adoh
manggonku wangsulan banter ben wonge krungu “Sinten wau? Suwanda? Tiangne niku
sing pundi ta? Dedeg piadege pripun?”.
“Jarene wonge rada lemu, dhuwur kulite
kuning resik, wonge bagus” Prajurit kuwi aweh katrangan “kuwi ancer-ancer sing
tak tampa, wong aku dhewe ya durung tau wanuh karo wong sing jeneng Suwanda
kuwi, kabare wong kuwi wis minggat luwih dhisik sadurunge Prajurite kanjeng Sinuhun
sing jumeneng saiki teka neng Majapahit kene”.
Aku, Togog apadene Codhot karo Tomblok wis
ora semaur maneh. Lagi bareng olehe macaki dawegan wis rampung, Togog banjur
ngandhani Codhot karo Tomblok supaya ngeterne dawegan sing wis pacakan kuwi
menyang gredhu cedhak regol dalam mlebu menyang ndesa.
Prajurit loro sing mau padha mangan
panganan sing cemawis neng ndhuwure meja, wangune durung tutug anggone padha
mangan. Banjur njaluk godhong, pangan sing ana meja kono padha dijupuk banjur
diungkus arep digawa menyang gredhu. Prajurit loro kuwi banjur nututi kancane sing
wis mlaku ndhisiki tanpa pamit ditutne Codhot karo Tomblok sing nggawa dawegan
pacakan.
“nDika wau kok baud anggene ngaku nek adhi
kula Kisanak Genter? Malah nggih ngaku nek dawegan-dawegan niki wau sing
ngundhuhi nggih ndika? Upami prajurit-prajurit wau ngertos menawi ndika niku
dede tiang mriki, ndika saged cilaka lho? Dibeta teng Kabayanan lajeng disikara
ngantos pejah” sawuse prajurit telu mau adoh ninggalne warunge Togog utawa asline
duwe jeneng Wursita kuwi bisik-bisik
nyang cedhak kupingku.
“Enggih Kakang” wangsulanku uga karo
bisik-bisik “awake dhewe ora sah basan binasan, ndika cukup nyeluk aku Genter
lan aku tak nyeluk ndika Kang Togog, ben ora ana sing ngerti nek awake dhewe
iki lagi wae olehe padha tepung”.
“Iya Dhi” Togog wangsulan alon “aku ya ora
bakal crita menyang sapa wae nek tenane ndika kuwi wong saka Wonogiri kaya sing
ndika kandhakne mau, nanging nek eneng wong takon arep tak warah nek ndika kuwi
anake Pakku cilik sing omahe pandhansari dhukuh lor kono, ben ora ana sing
sujana. Merga jenenge ing kahanan sing lagi kisruh ngene iki, sok akeh wong
sing melik golek rai banjur ndilat marang mungsuh, tega ngurbanake wong liya
sing tenane tanpa dosa”.
Aku meneng ora enggal semaur, banjur bali
mapan linggih neng lincak sing mau tak lungguhi. Kakang Togog, nututi melu
mapan lungguh ing cedhakku, ya neng nggon sing mau dilungguhi Codhot. Wong loro
meneng-menengan ora ana sing guneman. Ora suwe Codhot karo Tomblok wis padha
teka kono maneh, banjur padha mbaleni necep wedang kopine sing mau ditinggalne.
“Saka rumangsaku ki neng ngendi-endi kok
padha wae ya Kang” karo lungguh Tomblok grenengan dhewe “wong ki nek lagi
rimangsa menang, banjur sawiyah-wiyah marang mungsuhe sing wis dianggep kalah”.
“Kowe kuwi omong apa lho mBlok?” Kang Togig
semaur lirih “sing mbok arani wong menang kuwi sapa? Lan sing mbok arani mungsuhe
kuwi ya sapa?”.
“Sapa maneh?” sing wangsulan malah Codhot “sing
kalah ya awake dhewe ngene iki, awake dhewe iki cetha nek mungsuhe wong-wong
saka Kedhiri sing macak prajurit kae ta neh? Sawise kanjeng Sinuhun kendhang
saka praja, wong-wong Keling karo Kedhiri kae menyang wong-wong kene sing dudu
gedibale rak sawiyah-wiyah ta? Coba kaya iki mau karo sing wis kedaden
sadurunge, wong-wong kae wis njaluk kathik nganggo meksa, nggetak-nggetak
sakepenake dhewe marang awake dhewe. Titenana mbesuk nek Kanjeng Sinuhun wis
kundur saka maneh, wong-wong kae mesthi bakal tumpes tapis kabeh”.
Krungu olehe padha rembugan wong-wong kuwi,
aku banjur duwe dudutan yen satemene wong des akene iki isih ana, malah
kira-kira wae isih akeh sing setya marang kanjeng Sinuhun Brawijaya sing
jengkar saka praja merga anane kraman sing ditindakne Adipati Girindrawardana .
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar