Total Tayangan Halaman

Minggu, 21 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (069)


 


69.

Ngerti kahanane Ki Suwela lan Makara sing klesetan, rasa sengitku marang wong sakarone kuwi sansaya mundhak gedhe. Nanging aku isih eling yen kanggo ngajar lan milara wong loro kuwi, ora pantes yen aku nggunakne pasuryan lan salirane Rama Tumenggung Jatikusuma. Mula sadurunge wong loro kuwi bisa tangi, aku tumuli ngrucat wewujudanku sing nganggo wewujudane Rama Tumenggung lan tak ganti nganggo praupan lan wewujudan sing diduweni Dhukut, abdi Katumenggungan sing duwe jejibahan dadi Pekathik.

 

Nganti sauntara Ki Suwela lan Makara anggone padha glenteran lan mung tak umbar ora tak tulungi, mung tak tunggoni karo ngadeg lan ora guneman apa-apa. Suwe-suwe wong loro kuwi bisa tangi, banjur karo mbrangkang nyedhaki papanku ngadeg.

 

“Dhuh Gusti Tumenggung, abdi jengandika pun Suwela lan Makara saestu sampun ngrumaosi dosa, mugi Gusti Menggung keparenga paring sih pangaksami dhateng kula kekalih Gusti” karo nangis Ki Suwela nemplekne bathuke ing lemah pas neng cedhake sikilku, sauntara Makara uga tumindak sing padha.

 

“Estunipun abdi jengandika kula lan Makara boten tulus anggen kula manunggal kalihan para kraman ingkang dipun tindhihi Adipati Girindrawardana menika Gusti, sedaya menika kula lampahi namung kangge madosi ing pundi mapan karingkihanipun mengsah, manawi sampun kula sumerepi tumuli kula badhe madosi para kanca ingkang taksih setya dhateng Kanjeng Sinuhun lan badhe kula ajak sesarengan males wirang dhateng para kraman” Ki Suwela nggenepi kandhane tanpa nyawang praupanku sing dikira Rama Tumenggung.

 

“He he he…….” Aku gumuyu ngekek, nerokne yen Dhukut ngguyu ngana kae, banjur api-api takon “nDika Ki Suwela lan Ki Makara niku kenging napa? Kok dumadakan nyembah-nyembah dhateng kula sing mung apangkat Pekathik?”

 

Ki Suwela ndengengek, samono uga Makara, kekarone nyawang praupanku sing ngadeg ana ngarepe. Wong loro kuwi bali kaget maneh, wangune kekarone uga banjur gumun lan bingung jebul sing dikira Rama Tumenggung mau jebul Dhukut. Nanging pranyata Ki Suwela luwih lan luwih pinter tinimbang Makara. Tilas abdi Katumenggungan sing saiki embuh duwe pangkat apa kuwi, wangune banjur duwe pangira yen aku sing bisa solan-salin wujud iki, panunggalane lelembut utawa bangsa alus sing mau bengi wis gawe cilakane Lurah Prajurit sing jeneng Galunggung. Ketitik, Ki Suwela banjur bali nyembah marang aku sing nganggo wewujudan mung sapekathik, karo guneman sing swarane keprungu ngasih-asih murih diwelasi :

 

“Dhun Bendara ingkang tuhu mangwasani lan mbaureksa Padhukuhan ing Bulak Pandhe mriki, estu kula Suwela lan anak kula Makara, sampun ngrumaosi menawi sampun tumindak ingkang boten leres ing wewengkon jengandika menika. Saha mugi kauningan, bilih anggen kula tumindak boten leres menika inggih kabekta saking cubluk lan cupeting nalar saha pangertosan kula, temah boten sumerep menawi ingkang kula lampahi sampun ndadosaken jengandika boten karenan ing panggalih. Inggih awit saking menika, mugi katedahna marginipun kula kekalih kangge anebus dosa kula dhumateng jengandika Bendara kula”.

 

Sanadyan aku ngerti yen Ki Suwela wis kesasar jroning pikire, awit ngira yen aku iki bangsane Lelembut utawa Bangsa Alus, nanging aku ora niyat aweh weruh marang dheweke yen satemene panganggepe kuwi luput. Malah banjur kaya-kaya aku wis mbenerake kang dadi pangirane.

 

“Heh Suwela lan Makara” wangsulanku sabanjure “temene saking gedhene dosa lan kaluputanmu, ora ana liya paukuman sing trep lan satimbang karo dosa sing wis padha mbok lakoni, kajaba sira lan kabeh kulawarganira kudu kapatrapan pidana ditumpes kelor sak cindhil abange. Ngerti?”.

 

“Dhuh Bendara, dugi ngantos samanten agenging pidana ingkang kedah kula sandhang awit tumindak dosa ingkang anggen kula nglampahi saestu awit boten sengaja jaragan boten mangertos menawi ingkang kula tindakaken sampun damel duka jengandika Bendara kula?” Ki Suwela nadyan karo suwara kedher nanging isih bisa kandha yen temene lupute kuwi dilakoni jalaran saking ora ngertine wae utawa ora kanthi disengaja “lan mugi kauningan dhuh Bendara, bilih sedaya tumindak dosa ingkang kula lampahi kanthi boten sengaja kasebat,  boten wonten sambetipun kalihan anak lan semah tuwin kulawarga kula, anak, semah lan kulawarga kula saestu boten tumut-tumut saha boten ngertos menapa-menapa dhuh Bendara”.

 

“Dadi sira babar pisan ora ngrumangsani luput heh Suwela lan Makara?” aku aweh wangsulan karo suwara sing tak gawe sereng tak tuduhne marang wong loro kuwi yen aku temen-temen lagi nesu “kowe bisa kanthi gampang ngucap yen kulawargamu ora ngerti apa-apa lan ora ana sambunge karo tumindakmu sakloron. Sagebyaran apa sing mbok kandhakne kuwi pancen rada tinemu ing nalar, nanging apa kowe wong loro isih kelingan karo tumindakmu marang kulawargane Raden Tumenggung Jatikusuma sarta anak bojone Ki Kebayan Anggara sing kabeh kan tak kandhakne keri dhewe iki uga padha karo kulawargamu sakloron, lire padha olehe ora melu-melu perkarane Gusti Tumenggung lan Ki Kebayan Bulak Pandhe he?”.

 

Ki Suwela banjur nubruk sikilku karo nangis ngglolo kaya bocah cilik, samono uga Makara uga banjur nangis kaya wong tuwane. Babar pisan ora cundhuk karo adat pakulinan sing tansah ngongasake kuwanen lan kuwasane kanggo ngeden-edeni wong sing duwe drajat manggon ing sangisore.

 

“Dhuh Bendara kula ingkang tuhu wicaksana” ing sela-selaning tangise Ki Suwela bali guneman maneh “babar pisan boten badhe kula selaki, menawi kula sampun mrosa asmara dhateng Nyi Kebayan Bulak Pandhe lan anak kula pun Makara ugi sampun ngrodhapeksa dhumateng Andalu yoganipun Ki Kebayan Anggara, nanging mugi kauningan dhuh Bendara, sedaya menika kula lan anak kula lampahi inggih awit saking murih dipun pitados dening Prajurit Keling tuwun Kadhiri menawi kula sampun lepas saking tali kasetyan dhateng Sinuhun Brawijaya, lan anggen kula ngantos tegel tumindak makaten kala wau inggih awit dipun peksa dening para prajurit kala wau. Lan kula ugi rumaos prihatos awit saking tumindak kula ingkang dados jalaran Nyai Kebayan lan Andalu nganyut tuwuh temah dados lan pejahipun. Ewa dene pejahipun Rinten, sedherek kembaripun Andalu, ingkang ugi awit suduk jiwa, menika dede kalepatan kula kekalih nanging mligi awit saking tumindakipun semahipun Rinten piyambak, nuwun inggih Waraka ingkang rumaos lingsem dene semahipun sampun nandhang reged boten saged njagi dhirinipun saking tumindakipun para prajurit ingkang ngajak tilem piyambakipun”.

 

Ki Suwela meneng sedhela ngulu idu kanggo nelesi gorokane sing garing. Aku njegreg ora kuwawa guneman bareng ngerti yen ora mung Andalu sing nampa pacoban wujud dirodhapeksa dening wong lanang sing rupane Makara, nanging jebul malah Wa Nyai Kebayan uga wis dirodhapeksa dening menungsa sing jeneng Suwela iki. Mung ing angenangenku banjur tuwuh gagasan, kepengin aweh piwales marang wong loro kuwi luwih nggegirisi lan luwih nglarani maneh tinimbang karo piwales sing maune wis tak gagas sadurunge krungu critane Ki Suwela.

 

“Salajengipun Dhuh Bendara” Ki Suwela nutugne anggone kandha “gegayutan kalihan sedanipun Nyai Tumenggung ingkang ugi seda kanthi anganyut tuwuh, menika inggih awit sampun klentu panampinipun Nyai Tumenggung dhumateng sedya kula ingkang estunipun sae”.

 

“Salah tampa sing kaya apa?” ora krasa aku ketrucut medhot rembug kanthi nguncalne pitakonan.

 

“Nyuwun pangapunten dhuh Bendara kula” Ki Suwela aweh wangsulan ngiras nyambung apa sing dadi critane “estunipun anggen kula matur dhateng Nyai Tumenggung bilih panjenenganipun menika badhe kula dadosaken semah kula kala rumiyin namung samudana kewala, murih Nyai Tumenggung saged manggih rahayu lepas saking pangganggu damelipun para Prajurit saking Keling miwah Kedhiri. Nanging dening Nyai Tumenggung rembag kula ingkang namung kangge  ngawoni paningalipun mengsah menika katampi rembag ingkang saestu, inggih menika kula kaanggep estu badhe mendhet Nyai Tumenggung dados semah kula, lajeng panjenenganipun pilih seda asarana nunjemaken patrem dhateng jajanipun piyambak, saestu kula boten nyana bilih Nyai Tumenggung jebul boten saged nampi sasmita saking kula”.

 

Kaya disamber gelap rasane sirahku krungu margane seda sing ditempuh dening Ibu angkatku kuwi, sing ora liya ya awit  pakartine Suwela. Untuku tak geget keket kanggo ngempet rasaning atiku. Lekasku arep aweh paukuman sing luwih abot marang Suwela lan Makara bakal tak wuwuhi maneh.

 

 

 

Ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...