70.
Amarga nggagas pidana apa sing trep kanggo iblis sing
awujud manungsa loro kuwi, aku rada suwe ora guneman apa-apa. Ki Suwela lan
Makara sing isih lungguh ndheprok neng lemah karo ndhingkluk marikelu ing
ngarepku, wangune uga nggagas yen aku wis bisa nampa pawadan sing dikandhakne
kanggo nyelaki tumindake sing lekoh lan njenjemberi kuwi. Ketitik nalika tak
lirik, kekarone padha meneng lan wis ora suntrut banget kaya mau. Kang mangkono
kuwi, nyata nambahi rasa pangigit-igitku marang Suwela lan Makara sing
temen-temen julig lan ora duwe jiwa satriya babar pisan.
“Suwela lan kowe Makara” aku banjur guneman, tembungku
tak sareh-sarehne “sawise ngrungokne kabeh sing mbok critakne iki mau, aku
banjur duwe dudutan yen satemene anggonmu wong loro wis tumindak sing nyebal
saka angger-anggering kamanungsan, mligine sing mbok tindakne marang
kulawargane Ki Kebayan lan Gusti Tumenggung, kuwi mung sabab saka kapeksa.
Jalaran sabab sira sakloron nglakokne prentah sing mbok anggep prentah saka
bendaramu, mula miturut panemumu upama ana walat lan pidanane dudu sira
sakloron sing kudu nampa luwih-luwih kulawarganira, nanging walat utawa pidana
kuwi kudune ditibakne marang sing wis mrentah sira sakloron. Apa ya mangkono
he?”.
“Tuhu wicaksana ingkang jengandika dhawuhaken menika
dhuh Bendara” Suwela wangsulan karo nyembah sajak atine wiwit nicil ayem, merga
krungu dudutan sing tak kandhakne iki mau “lakar kados makaten kanyatanipun,
nanging kula ugi ngrumaosi bilih ambok bilih kula lan anak kula pun Makara ugi
kapidana, kula ugi sampun saged nglenggana namung kemawon dhumawahing pidana
kedah linandhewsan kukum adil jumbuh kalihan sepinten dosa lan kalepatan
ingkang kula lampahi ingkang jejer namung minangka pirantining para prajurit
saking Kedhiri lan Keling”.
“He he he wasis wicaramu, manis tetembunganmu Suwela”
aku wangsulan karo ngguyu lirih, ngempet kanepson sing wis ngobong jantungku “sumurupa
yen aku nggugu marang apa sing sira kandhakne iki mau, aku dadi ngrumangsani
yen jejerku neng kene iki ora beda karo jejermu sing mung piranti, ora duwe wewenang
apa-apa kajaba mung ngemban prentah ngayahi wajib sing didhawyuhne dening
bendara. Mula dina iki aku njaluk marang sira sakloron ngenteni ana kene, aku arep
ngadhep bendaraku lan ngaturake kabeh apa sing wis tak rungu saka kowe, ngiras
pantes nyadhong dhawuh pidana apa sing kudu tak tibakne marang Ki Suwela lan
Makara sing jebul mung piranti iki. Kepiye?”.
“Kula kekalih namung saged ndherek menapa ingkang
jengandika dhawuhaken Bendara, jer nyatanipun kula kekalih sampun ing
sangandhaping pangwasa jengandika” Suwela wangsulan praupane nuduhne yen atine
wis wiwit ayem.
“Sokur yen kowe wong loro wis ngrumangsani, kalungguhanmu
wektu iki sing wis sajroning pangwasaku. Mula yen nyatane mengko sira sakloron
wani-wani nyidrani apa sing wis sira kandhakne, mangka aja takon dosa”.
Bubar wangsulan ngono kuwi aku banjur mlaku ngalih,
wong loro kuwi tak tinggal. Lan nalika tekan waliking watu sing sak gajah gedhene,
sing ngaling-alingi panyawange wong loro kuwi marang blegerku, aku banjur ngecakne
pangaribawane Keris Kyai Bancik sing bisa nyingidake wujudku saka panyawange
manungsa wantah. Aku tumuli mencolot menyang
dhuwuring watu sing mau tak enggo lungguh, karo nggagas ngrancang anggonku
bakal aweh pasiksan marang Suwela lan Makara kanthi pasiksan saabot-abote, sing
mbok menawa wae pasiksan sing luwih dening kejem sing durung tau dicakne dening
sapa wae. Karo ngangen-angen rancanganing pasiksan sing arep tak tibakne marang
wong loro kuwi, mripatku ora kendhat nguwasi saparipolahe Suwela lan Makara,
kupingku tansah tak tilingne kanggo ngrungokne apa sing bakal diucapake wong
loro kuwi sasuwene api-api tak tinggal lunga.
“Menapa awakipun piyambak estu saged pikantuk
pangapura saking dhemit kala wau Rama?” dumadakan Makara takon marang bapakne.
“Aku dhewe ora wani ngejibne Makara” wangsulane Suwela
alon “sing baku awake dhewe kudu golek slamet luwih dhisik”.
“Pados slamet kados pundi Rama?”.
“Satemene nggonku ngulur wektu kanthi crita akeh-akeh
mau, jalaran aku weruh pangapesane para dhemit ing wanci srengenge isih katon
ngene iki” Suwela ngandhani anake “ya iku dhedhemit kuwi ora kuwat lan ora pati
betah nahan hawa panasing srengenge, mula saupama iki mau dhedhemit sing memba
warna wiwit saka wujud Kebayan Bulak Pandhe, Tumenggung Jatukusma lan wekasan memba
dadi pekathik Dhukut mau, ora enggal lunga saka kene mesthi bakal lebur awit
saka panasing srengenge”.
“Menapa leres makaten Rama?” Makara takon semu ora percaya.
“Iya aku nate dicritani dening Ki Jumok , Dhukun
Prewangan sing dadi pujanggane kulawargane dhewe kae bab perkara iki”
wangsulane Suwela manteb “sadurunge ngilang Dhedhemit mau meling marang awake
dhewe supaya ngenteni neng papan kene lan aku uga wis nyaguhi”.
“Dados awakipun piyambak panggah mapan ing mriki
ngrantos duginipun dhedhemit kala wau Rama? Ngantos benjang menapa? Menapa ngantos
mangke sasampunipun srengenge serap?” Makara takon maneh “raosing badan kula
sampun oten kanten-kantenan, otot, balung lan daging sarandhuning badan kraos
sakit sedaya, sirah ugi tansah klemun-klemun, sakedhap-sakedhap kraos mumet
ingkang boten kantenan, kula boten mangertos badhe kados pundi kedadosaning
raga kula menawi boten tumuli pikantuk usada”.
“He he he……” sanajan ketara yen wis ora duwe tenaga
Suwela meksa awake kanggo ngguyu lirih, banjur wangsulan karo mesam-mesem “aku
karo kowe iki manungsa sing duwe nalar jangkep Makara, bisa nggunakne utek
kanggo mikir, ora kaya dhedhemit sing goblog mau he he he”.
“Kersanipun Rama?” Makara durung mudheng karo sing
dikarepne wong tuwane.
“Dhedhemit mau saiki wis bali menyang papane sekawit,
miturut petunganku dheweke mesthi banjur mulihake tenagane sing kebacut diobral
neng ngarepe awake dhewe mau. Dadi saiki awake dhewe kudu enggal lunga
ninggalne papan kene, kaya sing tak kandhakne neng ngarep, awake dhewe kudu
golek slamet luwih dhisik” Ki Suwela banjur ngadeg, isih katon ngrekasa anggone
bisa ngadeg kanthi jejeg.
“Ayo saiki awake dhewe marani Kaki Jumok, njaluk
tulung supaya dipageri nganggo ngelmune, murih dhedhemit mau lan kanca-kancane padha
bawur matane temah ora ana sing padha weruh marang awake dhewe lan kabeh
kulawargane dhewe” kandhane Suwela ngajak anake ninggalne papan kono lan golek
pitulungan marang papane Dhukun Prewangan sing dadi pujangga kulawargane.
“Menapa Ki Jumok, kinten-kinten saged mrantasi
prakawis menika Rama?” karo melu ngadeg sing sajak ngrekasa, Makara takon.
“Mesthi bisa” wangsulane Ki Suwela “biyen kedadeyan
kaya mangkene iki tau tak alami, ya iku nalika jaman aku negori wit-witan ing
kebon Sigitan biyen, sing kayu-kayune tak enggo bebalungane omah sing saiki
dadi lumbung kae. Nalika samana, dhedhemit sing manggon neng wit-witan kuwi
padha ngamuk lan gawe geger ing omahe dhewe , malah meh wae kowe lan sedulur-sedulurmu
arep didadekne tumbal dening para dhedhemit sing omahe tak obrak-abrik kuwi. Nanging
awit oleh pambiyantune Kaki Jumok, dhedhemit sing ngamuk kuwi padha dilumpuhake
lan digawe bawur mripate, sing wekasane sawuse dingapura dening Kaki Jumok
dhedhemit kuwi padha kanthi lila legawa ngalih panggonan rada ngadoh mapan ing
wit gedhe sing dituduhne dening Kaki Jumok. Dadi nek mung ngadhepi dhedhemit
sing mendho kaya sing lagi wae kawanen iki mau, tak kira luwih gampang tumrape
Kaki Jumok”.
Krungu olehe padha rembugan antarane Suwela lan anake
ngono kuwi mau, cetha yen wong loro kuwi pancen wis ora kena digawe becik
maneh. Kudu tumuli disirnakne saka lumahing bumi iki muri hora sansaya ndadra
nggone padha nyebar duraka. Nanging sadurunge mati, wong loro kuwi kudu
ngrasakne lara lan wirang sing tanpa upama luwih dhisik.
Karo ngatonake wujudku sing asli ya iku wujude Raden
Suwanda, aku mencolot. Sikile Ki Suwela lan Makara sing mlaku klawan ora jejeg
kuwi tak srampang nganggo sabetaning sikilku saka mburi. Wong loro tiba
glangsaran ana lemah, banjur padha misuh-misuh, awit ngira wis ana sing nggangu
gawe marang dheweke.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar