Total Tayangan Halaman

Minggu, 21 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (071)


 71.

Rada sauntara suwene wong loro kuwi padha glenteran ana lemah angel anggone bisa tangi, pancen anggonku nyrampang sikile mau rada tak rosani. Nanging wangune wong loro kuwi uga isih lamur panyawange, mbok menawa saking anggone ngempet rasa lara sing tumiba ing saradhuning ragane, ketitik durung ana sing ngulati aku, kamangka aku isih ngadeg ana sacedhake lan wis ngatonake wujud sing bisa disawang nganggo mripat wantah. Mung pisuhe wae sing padha pating pecothot metu saka lambene Suwela lan Makara ngunekne tembung saru lan lekoh sing gawe gila saupama ana sing ngrungokne.

 

Aku banjur mlangkah maju, ngadeg neng kaprenah sisih ngarepe wong loro kuwi, banjur lon-lonan sirahe Ki Suwela tak jambak rambute, tak dengengekne mendhuwur murih wong kuwi bisa nyawang praupanku. Karo tak penthelengi.

 

“Elho…..?” Ki Suwela mbengok kaget bareng liringing mripate tempuk karo panyawangku.

 

“Menapa ndika pangling kalih kula Ki?” aku takon, nanggapi rasa kagete Ki Suwela nganggo suwara sing anyep, tanpa ana rasa seneng babar pisan.

 

“Niki Bendara saking jagad alus, menapa estu Raden Bagus Suwanda?” karo isih pringisan ngempet rasa lara Ki Suwela genti takon. Sauntara tak lirik Makara wiwit bisa tangi saka anggone glenteran, banjur mapan lungguh neng lemah klawan ngrekasa, mripate nyawang aku kanthi kebak rasa gumun.

 

“Sinten malih sing dadi Bendara ndika Ki Suwela?” aku wangsulan karo mesem ngece “wiwit wingi aku ngubengi Kutha raja nggoleki ndika lan anak lanang ndika sing tau dadi mitraku jaman aku ngawula ing Dalem Katumenggungan biyen, jalaran aku krungu warta sing digawa mBok Bakul, jare ndika lan Makara kepengin kepethuk aku? Malah saking anggon ndika kepengin ndika wis prentah marang para prajurit Keling supaya ngrewangi nggoleki aku? Nganti saben dalan mlebu menyang Padhukuhan Bulak Pandhe dijaga rapet dening Prajurit lan wong desa malah kuburan wae uga ora luput katut melu diuwasi dening andhahan ndika. Saiki bareng klakon kepethuk, malah pitakonan ndika keprungu aneh lan keneh-keneh? Ana apa Ki Suwela?”.

 

Akeh-akeh anggonku guneman, tak sengaja ora nganggo basa krama lan migunakne suwara sing rada sereng, murih wong kuwi ngerti nek aku iki wis dudu rewange maneh malah wis dadi mungsuh sing siaga mateni utawa dipateni.

 

“Nyuwun pangapunten Anakmas” karo gemeter Ki Suwela nyoba aweh wangsulan “inggih saderengipun kaparenga kula ngaturi kasugengan sarawuh jengandika ing papan mriki, salajengipun mugi anakmas Suwanda uninga, anggen kula kados makaten menika estunipun awit saking wontenipun prakawis aneh ingkang dumadakan kula panggihi lan prakawis aneh menika nyata boten saged kula mangertosi mawi nalar kula”.

 

“Wiwit biyen ndika kuwi pancen wasis yen olah rembug Ki Suwela” aku wangsulan sengol babar pisan ora nyambung karo apa sing lagi wae dikandhakne Suwela “sing baku esuk iki aku wis bisa ketemu karo ndika lan anak ndika Kakang Makara kuwi. Aku ngerti, yen ndika apa dene Kakang Makara duwe karep gawe cilakaku kanthi maneka cara klebu ngerigne prajurit kraman lan wong-wong ing padesan supaya nggoleki aku sing miturut kabar sing digawa telik sandi ndika, aku wis mlebu ing Desa kene. Mula saiki aku uga kepengin banget ngrampungne perkara antarane ndika lan anak ndika karo aku, ing kene dirampungne, aku apa ndika sakloron sing kudu koncatan nyawa. Nanging sadurunge ndika utawa aku sing tumekeng pati, aku bakal luwih dhisik malesake lara wirange Rama Tumenggung Jatikusuma marang Ki Suwela sing wis nyidrani kasetyane, malesake lara wirange Bapa lan Biyung Kebayan Bulak Pandhe marang ndika Ki Suwela sarta nagih utange Kakang Makara marang Andalu. Ngerti?”.

 

Kaya wis semayan sadurunge, krungu tembung sing tak kandhakne mau, dumadakan Makara sing wis bisa tangi lan lungguh neng lemah sarta Ki Suwela sing wis bisa tak lungguhne kanthi tak jambak rambute mau, bebarengan ndhengkluk lan bali rubuh neng lemah, ora obah, semaput. mBok menawa wae kang mangkono iku jalaran saking wedine lan rasa giris ing atine wong loro kuwi wis ora bisa disuyudi maneh. Aku dadi rada getun, nggetuni ya gene wong loro kuwi gampang temen anggone padha semaput lan ora eling apa-apa, dadi saupama tak pateni mesthi kanthi gampang matine, ora ndadak ngliwati panyiksa kaya sing wis tak tata lan tak rancang sadurunge.

 

“Nuwun sewu, kula ingkang sowan Gus Wanda……..” dumadakan ora tak ngerteni sadurunge, saka waliking grumbul ora adoh saka papan kono, mecungul banjur njrunthul sawijing pawongan sing banjur ndheprok neng ngarepku karo nyembah. Pawongan kuwi ketok ora karuwan rupane, awake kuru, sandhangan sing dienggo wis katon kumel, reged, rambute awut-awutan setengah gimbal. Bareng rada suwe tak waspadakne, aku lagi kelingan yen wong kuwi jebul Lancur salah sijine punggawa dalem Katumenggungan, andhahane Makara.

 

“Apa ora kleru panyawangku? Iki harak Ki Lancur sing tau dadi abdi ing dalem Katumenggungan bareng karo aku kae ta?” tembungku nakoni paraga sing lagi wae teka kuwi.

 

“Leres Gus” wangsulane Lancur karo rada ndengenek nyawang praupanku “kula abdi jengandika pun Lancur” .

 

“Lha Ki Lancur kok bisa tekan papan kene? Lan ya gene kahanane Ki Lancur dadi kaya mangkono kuwi? Beda adoh karo kahanane Ki Lancur sing tau tak ngerteni sasuwene iki?” aku banjur takon, kanggo sawantara kawigatenku marang Ki Suwela lan Makara sing wis kebacut semaput dadi rada klendran.

 

“Radi panjang wangsulan ingkang saged kula aturaken dhateng pandangunipun Gus Wanda makaten menika” wangsulane Lancur karo suwara sing serak “inggih kawiwitan saking kedadosan nalika kula kerengan kalih Ki Makara ing latar dalem Katumenggungan ingkang ugi kapirsanan dening jengandika Gus Wanda menika”.

 

“Iya, iya aku eling, jaman awake dhewe bubar niti priksa papan panggaotane Waraka sing disuwunake Layang Palilah lan arep diaturake marang Rama Tumenggung” aku kelingan sawengi sadurunge aku lunga ninggalne dalem Katumenggungan, didhisiki dening kedadeyan kerengan antarane Lancur karo Makara. Sing dadi jalarane amarga Lancur ora sarujuk yen Makara kepengin ngerteni isine lapuran marang Rama Tumenggung sing ndadekne Makara nesu.

 

“Lha piye kedadeyan sabanjure? Awit nalika kuwi aku banjur lunga saka dalem Katumenggungan nindakne jejibahan liya saka Rama Tumenggung” pitakonku sabanjure marang Lancur.

 

Lancur banjur ngandhakne, yen sedina sawuse dheweke kerengan karo Makara sing banjur dipisah dening Ki Kebayan Bulak Pandhe kae, omahe Lancur ditekani wong brandhalan sapirang-pirang  sing jebul kongkonane  Makara. Lancur dikrubut lan banjur dipilara nganti ora bisa obah. Bojone dibradhat lan digawa lunga dening para brandhalan mau. Sauntara lancur diseret banjur dibuwang neng kali turute kali sing ora adoh saka papan sing saiki tak pidaki.

 

“Sakniki kula sansaya manteb kalih kapitayan bilih pati uripe manungsa menika estu ing astanipun Hyang Ingkang Maha Gesang, Gus Wanda” Lancur nutugne anggone crita “kula ingkang sampun dipun kinten pejah dening para brandhalan nalika samanten lan dipun buccal dhateng lepen kilen niku, jebul taksih manggih pitulungan saking Hyang Agung. Kula dipun panggih dening satunggaling tiyang ingkang asring saba ing sakanan keringipun Dalem Katumenggungan, gresek tetedhan, nanging titiyang sami boten wonten ingkang ngertos nami saha griyanipun, awit tiyang menika kathah ingkang mastani bilih tiyang ingkang boten waras nalaripun utawi tiyang ingkang edan. Lha dening tiyang kala wau, kula dipun beta dhateng panggenanipun lan dipun upakara ngantos garing tatu-tatu ing saranghuning badan kula, saha pulih tenaga lan kekiyatan kula”.

 

Lancur leren sedhela anggone crita, nelesi gorokane sing garing, sarana ngulu idune dhewe. Aku dhewe banjur manthuk-manthuk jalaran rumangsa eram karo apa sing dicritakne Lancur lagi wae iki mau lan mesthi wae aku ya banjur kepengin krungu apa sing dadi bacutaning critane Lancur sing dumadakan marani aku nalika aku arep nindakne petung karo Ki Suwela lan Makara. Aku duwe pangira yen critane Lancur iki mengko bakal ana sambung rapete karo lelakon sing arep tak tindakne.

 

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...