72.
Sauntara Lancur leren anggone crita, mripatku genti ngulati
Ki Suwela lan Makara sing durung eling saka anggone semaput, kekarone isih
meneng ora obah. Najan ing ati ana rasa sujana, yen anggone meneng ora obah
wong loro kuwi ora semaput temenan, nanging ngenteni lenaku kanggo mlayu utawa kanggo
males nyerang aku, nanging aku ora pati kuwatir. Mula kekarone isih tak umbar
ora tak uthik-uthik babar pisan.
“Pranyata anggenipun ngupakara ngantos kula saged
pulih kados makaten menika mbetahaken wekdal ingkang radi dangu” Lancur nutugne
anggone crita, kawigatenku mbalik marang critane Lancur maneh “lan nalika kula
sampun mantun, kula pamitan dhateng ingkang ngupakara menika menawi badhe wangsul,
nanging tiyang ingkang kados tiyang boten genep nalaripun niku suka wangsulan
lan ngabari bilih kula sakniki sampun boten gadhah griya lan boten gadhah
kulawarga malih jalaran griya kula dipun obong lan semah kula dipun bradhat
dening brandhalan kengkenanipun Makara. Mila tiyang wau lajeng meling, mangke
menawi kula mbetahaken papan kangge ngaso prayogi wangsul malih dhateng
papanipun tiyang kasebat, inggih papan kangge ngupakara kula menika”.
“Lha wong sing aweh pitulungan marang ndika sing
katone kaya wong ora genep kuwi satemene sapa?” aku nyelani takon.
“Dugi sepriki kula inggih dereng ngertos Gus”
wangsulane Lancur, karo nutugne critane “jalaran saben-saben kula taken sinten
piyambakipun menika, tiyang kala wau namung wicanten bilih piyambakipun menika
namung kawulanipun Gusti lan dereng gadhah nami, Pramila lajeng kula sebat Ki
Tanpa Aran”.
“Banjur ndika sida bali menyang omah ndika sing jare
Ki Tanpa Aran wis diobong wonge Makara kuwi, apa ora?” aku takon maneh.
“Siyos lan kula lajeng ngertos bilih kawontenaning
nagari Majapahit sampun ewah” wangsulane Lancur “kula mireng kabar bilih Gusti
Prabu sampun kendhang jengkar saking praja jalaran nagari kabedhah dening wadya
bala saking Keling, Gusti Tumenggung sakulawangsanipun sami gugur ing madyaning
palagan lan rencang-rencang kula ingkang suwaunipun dados abdi ing dalem Katumenggungan
sami dipun cepeng lan dipun kunjara malah ugi kathah ingkang sampun dipun
pejahi dening mengsah ingkang sampun mimpang ing perang. Ingkang taksih gesang
merdika Kantun titiyang ingkang manut dhateng ki Suwela saha Ki Makara, ingkang
saguguripun Gusti Tumenggung dening Prajuriting mengsah kapitados nggentosi
kalenggahan jengandika Gus Wanda”.
“Sing nggenteni kalungguhanku Makara apa Ki Suwela?”
aku nyela takon.
“Ki Suwela ingkang kabantu dening Ki Makara, Gus”
wangsulane Lancur “dene kalenggahan Tumenggung ketingalipun dereng wonten
ingkang nyulihi, ngrantos dhawuh saking Kedhiri rumiyin”.
“Lha sawise ndika ngaweruhi kahanan sing wis owah
ngono kuwi ndika banjur kepriye?” aku takon.
“Kula ngertos, bilih kula menika kalebet tiyang
ingkang dipun mengsahi dening Li Suwela lan Ki Makara, mila dening tangga
tepalih ingkang estunipun taksih setya dhateng Gusti Tumenggung lan sengit
dhateng tiyang kalih menika, kula dipun criyosi supados ngungsi pados slamet
rumiyin, ngiras pantes ngrantos wartos kunduripun Kanjeng Sinuhun saprelu
ngrebat nagari saking pangwasnipun mengsah. Gandheng kula boten gadhah papan
kangge mlajar pados gesang, lajeng kula mbalik wangsul tumut Ki Tanpa Aran
ingkang manggen ing guwa ingkang mapan ing gampenganing lepen, boten tebih
saking mriki, Saben dina kanthi sesidheman kula gresek tedhan ing sakanan
keringipun lepen menika, andilalah niki wau pas kula medal pados tedha kula
sumerep klebatipun Paman Dhukut Pekathik Katumenggungan ingkang kabaripun ical
sareng lan guguripun Gusti Tumenggung, ing papan menika. Pramila lajeng kula purugi
nanging boten wonten, malah kula sumerep jengandika nembe paring pangandikan
dhateng iblis kekalih menika” Lancur mungkasi nggone crita.
“Hm………” aku unjal ambegan landhung sawuse ngerti
lelakone Lancur sing uga wis cilaka merga panggawene Makara.
“Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun palilah saking
jengandika, Gus” Lancur dumadakan kandha yen arep njaluk palilah marang aku.
“Palilah baba pa Ki Lancur? Aku dhewe wektu iki wis
ora kasampiran panguwasa apa-apa, malah kepara uripku ya ora beda karo ndika,
ya iku dadi burone wong sing lagi menang perang, yen ana kurang bejane aku bisa
kecekel lan dipateni dening Prajurit Kedhiri utawa Keling di dadekne
pangewan-ewan kanggo nambahi kekesing atine para kawula ing Majapahit, mligine
sing manggon neng Padhukuhan Bulak Pandhe kene” wangsulanku marang Lancur lan
nggenahne nek aku wis ora wenang aweh palilah apa-apa sing gegayutan karo tata pengrehing
praja.
“Kula ngertos Gus” wangsulane Lancur karo mesem pait “ingkang
kula kajengaken, mugi kula dipun parengaken males rasa sakit miwah wirang kula
dhateng Ki Suwela lan Ki Makara saderengipun tiyang kalih menika pejah ing asta
jengandika, mbok menawi kanthi kula saged tumut mbales sakit wirang menika
mange saged ndadosaken tetreming alusipun semah kula ingkang dipun pejahi
dening Ki Makara sasampunipun dipun risak kasucenipun minangka semah kula”.
Aku ora enggal bisa aweh wangsulan marang panjaluke
Lancur sing tak anggep lumrah kuwi. Jalaran sawise wong loro, Ki Suwela lan
Makara padha semaput ngono kuwi, aku banjur rada repot olehku arep aweh panyiksan
marang sakarone, kanggo nagihne lara wirange Andalu marang Makara lan lara
wirange Wa Nyai Kebayan marang Ki
Suwela.
“Yen panjaluk ndika kuwi tak turuti, banjur apa sing
arep ndika tindakne marang wong loro iki Ki Lancur?” sawuse meneng sedhela,
Lancur banjur tak takoni.
“Estunipun tiyang kados Ki Suwela lan Ki Makara
menika, ngantos dipun pejahi kaping satus kemawon dereng saged kangge nglunasi
utangipun dhateng kula” wangsulane Lancur karo ngguyu pait “nanging kula sampun
badhe trimah, menawi saderengipun tiyang kalih menika pejah, menawi langkung
rumiyin kula saged makani kewan ingah-ingahan kula ingkang wujud Slira, kanthi
ngrikiti pajaleranipun tiyang kalih menika”.
Lagi wae rampung olehe kandha Lancur nyebutake apa
sing arep ditindakne, tanpa tak nyana babar pisan, dumadakan Ki Suwela lan
Makara sing mau isih padha semaput banjur mletikne awake memburi lan tumuli
bisa ngadeg, nadyan ora jejeg.
“Pancen Setan tenan kowe Lancur” karo ngadeg sing semu
sempoyongan Ki Suwela misuhi Lancur “dumeh aku wis kaya mangkene, banjur kowe
arep tumindak sing siya lan nistha kejem ngungkuli setan marang aku lan anakku
Makara?. Titenana wae, kowe mesthi bakal tak gawe cilaka sing ngluwihi anggonmu
arep gawe cilakaku iki mau!”.
“Ha ha ha……” Lancur ngadeg karo ngguyu “sing ndika
kandhakne niku kuwalik Ki Suwela, dina niki lakone mpun benten kalih dina wingi
lan wingenane, dina niki sing cilaka dede kula malih, nanging ndika kalih anak
ndika niku. Ha..ha ….ha”.
Karo ngguyu ngono kuwi, dumadakan Lncur ngliga pedhang
saka wrangka sing gumantung neng lempenge. Ki Suwela lan Makara sing adage durung
jejeg kuwi dicedhaki, banjur disabet nganggo pedhang, nanging dipilih ora
nganggo mripate pedhang sing landhep, dadi olehe nyabet nganggo gigire. Dadine
kaya keneng sabetan teken wesi, Ki Suwela lan Maraka gentenan nggone rubuh neng
lemah, golung koming kaya pitik disembeleh, karo melung-melung sambat lara, jalaran
kekarone padha olehe wis pepes balung tangan prenah sadhuwure sikute.
Lancur ngguyu kaya kalegan atine, banjur ngetokne dhadhung
tamparan saka lulup waru saka kanthongan klambine, sikile Ki Suwela lan Makara
sing padha kroncalan kuwi disaut, banjur ditaleni kaprenah dhuwur polok.
“Nuwun sewu Gus Wanda” Lancur genti madhep marang aku
karo kandha sawise rampung olehe naleni sikile wong loro kuwi “tinimbang ing
mriki, mengke saged kadenangan tiyang, kula kinten langkung prayogi menawi tiyang kalih menika dipun beta dhateng papan sacaketing
sudhung kula kemawon”.
“Dadi wong loro iki arep ndika seret menyang
pinggiring kali kono apa Ki Lancur?” pitakonku nggenahne karepe Lancur sing
ngajak nggawa Ki Suwela lan Makara menyang papan sing kira-kira angel dingerteni
dening wong liya.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar