74.
Ana rasa gumun ing atiku nalika wong sing katone ora
genep nalare kuwi caket banget karo aku, ingatase sandhangan sing dienggo ketok
luthuh, reged, rambute kaya gimbal lan nganggo iket sing suwek rowak-rawek,
kulite busik kaya duwe sisik, nanging saka ragane kuwi mijil ganda arum kaya
gandane lenga saka kayu cendhana. Pancen satemene wis suwe aku weruh wong sing
dening Lancur diwenenehi jeneng Ki Tanpa Aran iki, ya iku nalika aku isih mapan
ing dalem Katumenggungan minangka putra angkate Rama Tumenggung, wong kuwi
kerep mlaku liwat neng dalan lan kala-kala mandheg neng ngarep Dalem
Katumenggungan, luru gogrokan woh pelem utawa jambu banjur dipangan. Nanging ya
lagi dina iki aku lungguh cecaketan karo dheweke sing pranyata nduweni ganda
sing kaya gandane cendhana.
Lagi wae aku ngrasakne gumune atiku, dumadakan saka waliking
suket sing ana gampenging gisik kali kuwi, njudhul ula cilik rupane ireng lan
ing tenggoke ana rupa putih, cetha nek iki ula mandi sing jeneng ula bandhotan
emprit. Ula kuwi kaya uler kilan mletikne awake, pencolotan sing wekasane
tumiba ing pangkone Ki Tanpa Aran, aku kaget lan nedya aweh pitulungan supaya
ula kuwi ora nganti nyathek wong sing katone ora pati genep nalare kuwi.
Nanging jebul aku kalah kebat, kanthi gampang Ki Tanpa Aran nyaut ula sing
sajak galak kuwi, gulune ula dijepit nganggo driji panuding karo jempolane.
“Dadi uwong kuwi aja gampang gumunan. Mundhak gampang
keblithuk dening sing satemene mung wewayangan semu” Ki Tanpa Aran grenengan
dhewe, karo guneman ngono kuwi, ula sing dijepit nganggo driji banjur dilebokne
menyang kanthongan amoh sing nemplek ing klambine. Aku dadi sansaya gumun, babar
pisan ora jumbuh karo unining grenengane wong setengah tuwa kuwi.
“nDika kuwi rak putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma ta
Gus?” tanpa maelu karo gumuning atiku, Ki tanpa Aran dumadakan nakoni aku.
“Dede Ki” wangsulanku bares, tak sengaja nggunakne
tatakrama sing jangkep, ya iku tatakramane wong nom guneman karo wong sing
luwih tuwa “jejer kula namung putra angkat kemawon”.
“Ya wis” Ki Tanpa Aran guneman maneh sajak ora
nggatekne karo wangsulanku “mbuh anak angkat mbuh anak tenan kanggoku ora ana
bathi utawa tunane. Mung wae, minangka wong sing ndelok, aku duwe wewenang
alok, ora nuturi uga ora ngongkon, merga aku dudu sapa-sapane sapa wae, aku
mung alok lan ora mbutuhne dirungokne utawa ora dening sing tak lokne”.
Aku sansaya ora mudheng karo sing dikandhakne wong
sing nyata-nyata katon yen ora pati waras iki. Ewa samono aku ora bisa ora
migatekne karo apa sing lagi wae dikandhakne, aku duwe pangira yen tembunge
wong setengah tuwa kuwi dudu tembung sing lumrah, nanging tembung sing ana
gegayutane karo lelakon sing lagi tak sandhang.
“Nuwun sewu Ki” aku rada nyaketne lungguhku karo wong
kuwi banjur takon “menapa ingkang ndika kersakaken kalihan ingkang nembe ndika
dhawuhaken menika kala wau?”.
“He he he” Ki Tanpa Aran ngguyu banjur guneman maneh “menungsa
kuwi neng ngendi-endi kok padha wae ya? Pengin ngerti sing durung karuwan yen
ana sambung rapete karo uripe. Nek ndika takon karepku apa? Aku dhewe ora
ngerti aku iki duwe karep apa ora, butuhku mung ngunekne suwara nganggo lambe, ya
kuwi sing mau tak arani mung alok merga aku mentas ndelok”.
“Alok merga mentas ndelok?” aku mbaleni tembunge wong
kuwi, banjur tak tutugne nganggo pitakonan maneh “nDika nembe kemawon mirsani
menapa Ki?”.
“Lha merga aku duwe mripat, ya kabeh wewayangan sing
mampir ing mripatku gelem ora gelem ya mesthi tak delok ta Gus?” karo setengah
nyentak Ki Tanpa Aran aweh wangsulan sing ndadekne aku sansaya ora mudheng karo
omongane wong kuwi.
“nDika dadi bingung dhewe ta?” bubar nyentak Ki Tanpa
Aran banjur takon karo ngguyu “aku dhewe ya kerep bingung kok. Saking kerepe
aku bingung, suwe-suwe aku dadi wong sing edan utawa ora waras ngene iki. Nek
ndika ora kepengin edan ya aja kerep-kerep rembugan karo wong gendheng. Wis aku
arep ngglethak dhisik, aku ya ora butuh ngerti ndika karo Lancur kuwi arep menyang
apa, merga kuwi dudu perkaraku”.
Bubar muni ngono kuwi Ki Tanpa Aran banjur mudhun saka
watu sing dilungguhi, mapan ngglethak neng dhuwuring wedhi gisiking kali kuwi.
Ula sing mau dilebokne kanthong klambine dijupuk banjur ditumpangne ing
dhadhane. Ula bandhotan sing duwe wisa mandi kuwi banjur nggremet alon dlusupan
ana klambine Ki Tanpa Aran sing rowak-rawek. Aku mung bisa nyawang karo ora ilang-ilang
rasa gumunku.
Sawise ditinggal glethakan dening Ki Tanpa Aran, aku lagi
kelingan marang Ki Suwela lan Makara sing mau diseret dening Lancur lan tekan
kene kober dithuthuki tutuke nganggo pedhang banjur didublag pasir kali dening
Lancur. Aku ngadeg arep ndelok kepiye kahanane wong loro kuwi. Wagune Lancur
uga wis tanggap karo karepku, Lancur melu ngadeg, banjur nututi aku nyedhaki Ki
Suwela lan Makara sing mau digletakne kira-kira let sepuluh jangkah saka
papanku jagongan karo Ki Tanpa Aran.
Bareng tak delok jebul wong loro kuwi wis ora duwe
ambegan kabeh, wis padha mati. Mripate melek amba, nanging sing rupa ireng ing
maniking mripat ora katon, mripat kuwi ketok kaya mecothot arep metu saka
tlapukane. Saka cangkeme sing kebak wedhi, katon ana rupa abang, wangune ana
getih sing arep metu nanging katutupan wedhi, dadi ya mung ana getih sethithik
sing ndlewer metu saka pinggir lambe.
“Ketoke wis padha mati kabeh Ki Lancur” kandhaku
marang Lancur.
“Inggih Gus” wangsulane Lancur “estunipun dereng marem
raosing manah kula, nanging jebul iblis kalih menika kaselak sami pejah saderenge
ngraosaken pasiksan ingkang radi timbang kalih dosanipun”.
“Wis ora prelu digetuni, saiki tak kira luwih prayoga
yen mayit loro iki enggal dirukti” kandhaku marang Lancur sing isih durung
ilang cuwane kuwi “dipendhem ana ngendi becike?”
“Dirukti Gus?” Lancur takon semu ngece “boten pantes
iblis menika dipun pendhem, kange nglegani bentering manah kula dhateng
kekalihipun, bathang kalih niki badhe kula pocok gulune, mengke sirahe badhe
kula sunduki mawi bongkotan deling lan kula panjer ing prapatan tengah dhusun
mrika, murih dados pangeling-elingipun tiyang kathah, tiyang ingkang gadhah
teku iblis kados Ki Suwela miwah Ki Makara ngaten menika, benjing badhe manggih
lelampahan ingkang makaten menika. Lan badanipun mangke badhe kula bucal dhateng
jurang, ing wana sakidulipun Bulak Pandhe mrika, murih dibadhog sato wana
panunggalaning sima lan srenggala”.
Tak gagas-gagas apa sing dikandhakne Lancur kuwi mula
wis trep nek Ki Suwela apa dene makara oleh piwales sing mangkono kuwi. Wewayangane
Andalu dumadakan kumlembar ing angen-angenku, Andalu sambat-sambat nalika
diprawasa dening Makara lan kanca-kancane. Andalu sambat njaluk sih kawlasan
supaya ora dirusak kasucene, nanging mung diwangsuli karo guyu-guyu sangar
guyune menungsa sing lagi kerasukan iblis. Wasana aku sansaya sarujuk karo
karepe Lancur sing arep nyunduki sirahe wong loro kuwi nganggo bongkotan pring
banjur dipanjer neng dalan prapatan tengah desa. Malah aku banjur duwe gagasan,
nedya andum gawe karo Lancur, murih slameting laku lan ora konangan wong,
Lancur wae sing mbuwang awake Suwela lan Makara menyang alas kidul ndesa, dene gaweyan
manjer sirahe wong loro kuwi neng dalan prapatan, bisa tak tindakne kanthi
gampang. Nganggo kekuwataning keris Kyai Bancik, gaweyan kuwi bisa tak lakoni
tanpa dingerteni dening sok sapaa wae.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar