75.
Sawise Lancur tak kandhani yen aku duwe kabisan sing bisa
ndadekne ora bisa disawang dening mripat wantah lan bisa ndadekne barang apa
wae ilang saka panduluning wong liya, mesthi wae ora tak kandhakne yen kuwi mau
merga dayane Keris Kyai Bancik, Lancur seneng banget. Lan kanthi lega lila
dheweke manut ing babagan andum gawe iki. Nanging Lancur kandha yen olehe arep
mbuwang bangkene Suwela lan Makara sing wis tanpa sirah kuwi ngenteni mengko
bengi yen wis wayah sepi uwong. Awan iki dheweke kepengin melu nandangi nyunduki
sirahe Makara lan Suwela sarta vmanjer ing dalan prapatan, malah kepara aku
mung dibagei supaya nyranani murih tandang gawe iki ora kaweruhan wong liya
wae, dene kabeh gaweyan liyane arep ditandangi dening Lancur. Aku uga banjur
nyaguhi panjaluke Lancur kuwi mau.
“Manawi makaten jengandika kasekecakna rumiyin
anggenipun lenggah ing papan mriki, kula badhe pados bongkotan deling saha
nugel gulune iblis kalih ingkang sampun dados bangke nika” kandhane Lancur karo
ngadeg banjur menyat ninggalne aku.
Saungkure Lancur, mripatku bali nyawang marang papane Ki Tanpa Aran sing mau
glethakan ana pasir gisik kali karo dolanan ula bandotan. Aku ngadeg, Ki Tanpa Aran
tak cedhaki. Jebul wong sing katone ora genep nalare kuwi lagi turu, malah
ngorok sesenggoran, sauntara Ula bandhotan emprit sing wasis ngekrokne gulune
kuwi gremetan ing awake. Ula kuwi kaya nurut sarandhuning awake Ki Tanpa Aran,
wiwitane mlaku saka sirah banjur mudhun nganti tekan sikil, banjur mbali mlaku
munggah maneh, karo ilate melet-melet. Aku banjur ngalih rada ngadoh, ora wani
ngganggu wong sing lagi turu kuwi, mung sajroning ati rumangsa eram dene Ula
bandhotan emprit sing kondhang galak lan duwe wisa sing bisa gawe patine sapa
wae sing kena dicokot, katon lulut marang Ki Tanpa Aran.
Dumadakan saka kadohan lamat-lamat aku krungu suwarane
wong sing lagi nembang, ngidungake pada Dhandhanggula :
Wiwit biyen tumeka saiki
Padha wae tekune manungsa
Yekti tan ana bedane
Kaya sing dadi atur
Dhuk ing kina marang Hyang Widhi
Yen penggawene jalma
Amung gawe kisruh
Dhemen ngutahaken ing rah
Amung awit nuruti pingining ati
Kuwasa lir Hyang Suksma.
Mung jalaran pengin nguwasani
Padha-padha titahing Hyang Suksma
Manungsa ilang sipate
Temah lali ing dhawuh
Sesanggeman kang den saguhi
Sadurunge tumitah
Wajib nyebar hayu
Hayuning rat saisinya
Saben ari wajib mbudi mring basuki
Basukining sasama
Tembang sing keprungu ora banter nanging cetha kuwi,
cetha aweh pasemon marang lelakon sing lagi dumadi. Aku banjur kepengin ngerti
sapa sing ngidungake tembang dhandhanggula iki? Nanging kaya sing uwis-uwis, saben-saben aku
krungu suwarane wong nembang ing papan sepi ngono kuwi, ajeg kangelan bisa
ngerteni saka ngendi asale suwara. Aku banjur ngalih panggonan, mbok menawa
suwara tembang kuwi ana candhake lan sokur-sokur yen aku banjur ngerti sapa
sing ngidungake. Nanging sawuse aku ngalih panggonan suwara tembang kuwi wis
ora keprungu maneh. Aku banjur golek sindhenan kanggo ngepenakke nggonku
lungguh.
Karo lungguh sendhen watu gedhe sing ana pinggir kali
kuwi, pikiranku nglangut mecaki lelakon sing taksandhang iki. Ya gene teka ana
lelakon sing kaya mangkene iki? Ya gene kudu ana kraman sing kajaba gawe
bedhahing Majapahit lan kendhange Kanjeng Sinuhun, uga gugure Rama Tumenggung
lan tumpese Wa Anggara sakulawargane pisan?. Ya gene nggonku duwe gegayuhan
bisa urip tentrem karo Andalu, gegayuhan sing prasaja ora sing neka-neka, jebul
ora kasembadan? Malah Andalu kudu mungkasi uripe srana ngliwati dalan sing banget
gawe ngeresing ati ?.
“Raden, kula pun Andalu ingkang sowan” dumadakan ing
ngarepku katon Andalu teka karo mapan lungguh timpuh ngaturaje sembah marang
aku.
“Andalu…….” Aku kaget, rasa seneng sakala ngebaki
dhadhaku.
“Inggih Raden” wangsulane Andalu kanthi suwarane sing
renyah “kula ngaturaken genging panuwun, dene Raden sampun kepareng nagihaken
utangipun Ki Makara ingkang sampun damel sakiting manah kula”.
“Iya Nimas, kabeh mau tak lakoni ya awit saka rasa
tresnaku marang sliramu sing ora bakal luntur nganti langit runtuh” wangsulanku
karo ngesotne lungguhku kepengin ngusap sirahe Andalu.
Nanging Andalu ngendhani, karo mundur gegantilaning atiku
kuwi banjur guneman :
“Inggih Raden, sanaosa taksih dereng timbang menggah
kasangsayanipun Ki Makara manawi katandhing kalihan tumindakipun dhateng kula,
nanging saestu kula sampun lega lan kula ngaturaken genging panuwun dhumateng
jengandika Raden pangayoman kula ing donya ugi ing delahan, samangke Raden
kantuna rahayu, Andalu tansah ngrantos jengandika ing korining tapet loka”
Bubar muni ngono kuwi, Andalu dumadakan ilang saka
panduluku.
“Andalu….Andalu…….” ora krasa aku nguwuh uwuh nyeluki
jenenge Andalu,
“Sampun Gus, sampun” dumadakan Lancur wis ngadeg neng ngarepku,
banjur aku dirangkul kenceng, karo dikandhani “sampun kesangeten anggen jengandika
mrihatosaken Nini Andalu, kula aturi pitados dhateng kula, Sedaya ingkang
jengandika tindakaken tamtu kapirsanan dening Nini Andalu saking mrika, kula
pitados bilih Nini Andalu sampun nicil ayem lan lega awit jengandika sampun saged
males sakit lan lingsemipun Nini Andalu awit pakartinipun Makara ingkang murang
tata”.
“Iya Ki Lancur” aku aweh wangsulan alon “lagi wae
aluse Andalu teka ing papan kene, ngaturake panuwun marang aku awit wis klakon
bisa males lara wirange marang Makara.
Nanging, durung tutug nggonku bisa sapajagong karo Andalu, Andaku wis
nglungani, Andalu ngenteni tekaku ing korining Tapet Loka. Furung mari kangenku
marang Andalu, Ki Lancur…….”.
“Sampun-sampun Gus, taksih wonten prakaryan ingkang
kedah jengandika tindakaken murih sansaya leganing penggalihipun Nini Andalu,
Gusti Tumenggung, Ki Kebayan Bulak Pandhe” kandhane Lancur ngelingake aku.
“Samangke kula nengga dhawuh jengandika Gus Wanda”
kandhane lancur sabanjure “sirah kekalih sampun kula pisah saking badanipun,
bongkotan deling kangge manjer sirahipun iblis kekalih menika ugi sampun
samekta, sawanci-wanci Gus Wanda ngersakaken bidhal, sadaya sampun samapta”.
“Yen mangkono luwih becik budhal saiki wae Ki Lancur”
kandhaku aweh wangsulan ngiras prentah marang Lancur ngajak budhal manjer
sirahe Ki Suwela lan Makara ing dalan prapatan tengahing desa Bulak Pandhe.
Ora mbutuhne wektu suwe kanggo manjer sirahe wong loro
kuwi, sedhela wis rampung tanpa ana sing meruhi jalaran sanajan ora adoh saka
papan kanggo manjer sirah kuwi akeh warung sing rame merga wong sing padha blanja,
nanging ora ana siji-sijia sing weruh apa sing ditindakne Lancur sing tak
tunggoni. Pangaribawane Keris Kyai Bancik nyata kena diejibake temenan.
“Ketingalipun sampun cekap Gus” kandhane Lancur karo
nyedhaki aku, sawuse anggone manjer sirahe Suwela lan Makara wis rampung.
“Cukup Ki Lancur” wangsulanku “saiki iki awake dhewe
lan sirah loro sing ndika panjer kuwi durung ana sing bisa meruhi, mula muri
hora konangan wong, ayo sumingkir rada ngadoh dhisik lan bakal tak bukak
panyawange wong-wong sing liwat kene murih padha weruh yen ing pinggir dalan
kuwi wis tinandur bongkotan pring sing nguwohne sirah”.
Sawise aku karo Lancur ngadoh lagi aku matah Kyai
bancik supaya sirah loro kuwi bisa disawang nganggo mripat wantah. Lan klakon
nalika ana wong sing weruh, sakala njerit kamigilan banjur bengok-bengok
ngundang kanca-kancane. Ora suwe papan kono dadi rame, wong-wong padha kiaweden
semu gila carup lan rasa giris, merga meruhi sesawangan sing oral umrah kuwi.
“Wis Ki, saiki ayo padha lunga saka kene” kandhaku
marang Lancur “ndika bakal tak terne bali maneh marang papan pandhelikan ndika,
lan sawise kuwi aku ya arep nerusne laku dhewe”.
Lancur ora wangsulan, dheweke ngerti nek wektu kuwi
dheweke luput saka panyawange manungsa jalaran saka pangaribawaku, mula dheweke
ya banjur mlaku nurut dalan sing mau diliwati, arep bali menyang pinggir kali
maneh.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar