76.
Tekan panggonan sing mau, ya iku ing gisiking kali
sing manggon neng sakulone padhukuhan Bulak Pandhe, jebul Ki Tanpa Aran wis
mapag tekaku lan Lancur kanthi ngguya-ngguyu dhewe. Lancur manthuk aweh kurmat,
aku uga banjur tiru-tiru ndhingkluk karo nindakne sembah kalbu nuduhne rasa
kurmatku marang wong sing dening wong akeh diarani nek ora genep nalare kuwi.
“Gaweyanmu wis tak tandangi Ki Lancur” kandhane Ki Tanpa
Aran nalika Lancur arep marani papan panggonan kanggo ndhelikne ragane Ki
Suwela lan Makara sing wis dipocok gulune mau.
Lancur mandheg, banjur nyawang marang Ki tanpa Aran
tanpa nganggo guneman.
“Ora susah bingung, bathang loro sing wis ora ana
gunane mau wis tak buwang menyang alas kidul kono” kandhane Ki Tanpa Aran
sabanjure “ndika ya ora susah ndadak nganggo muni matur nuwun marang aku, merga
lekasku mbuwang bathang mau ora merga kepengin ngrewangi ndika, nanging pancen
aku kepengin makani kewan-kewan sing ana alas kidul kono sing wis rada suwe
padha ora ngrasakne panganan sing dianggep enak”.
“Nanging menawi kula ngaturne panuwun napa klentu Ki?”
Lancur takon karo mesem.
“Ora ana barang sing kleru waton ora gawe laraning
atine liyan, mung wae ya panggah ora ana gunane, kanggoku lan kanggo ndika”
wangsulane Ki Tanpa Aran tanpa nuduhne rasa apa-apa, anyep.
“Lha lajeng menapa malih ingkang kedah kula lampahi Ki
?” Lancur nutugne kandhane karo takon marang wong tuwa kuwi, wangune Lancur
ngira-ngira mbok menawa arep diprentah apa ta apa dening Ki Tanpa Aran.
“Lha sing arep tumandang kuwi ndika, lha kok malah
takon menyang aku ta Ki Lancur?” Ki Tanpa Aran wangsulan sengak “ya sakersa
ndika wae, ndika bisa banjur turu neng sudhung kana, gajege wiwit wingi sore
ndika durung turu ta? Utawa golek mangsan dhisik sadurunge turu, sa ngertiku
wiwit wingi ndika ya durung emplok-emplok apa-apa. nDika kuwi wong lumrah, beda
karo Gus Wanda kuwi”.
“Nggih Ki” wangsulane Lancur karo mesem kecut, banjur
nyoba takon maneh “bedane kula kalih Gus Wanda salintune ing pangkat lan drajat
napa Ki?”
“Gus Wanda kuwi ora butuh leren, ora butuh turu, ora
butuh mangan utawa ngombe kaya awake dhewe iki” wangsulane Ki Tanpa Aran, sing
ndadekne aku eram, dene wong kuwi jebul wis ngerti nek aku kaselehan daya dening Kanjeng Eyang
Resi Doradruwasa temah bisa ora luwe, ngelak, kesel lan ngantuk nganti sarus
rong puluh tahun lawase.
“O, makaten nggih Ki?” Lancur nyethakne rembug.
“nDika kuwi senengane pancen diapusi kok” Ki Tanpa
Aran nyentak Lancur “nek eneng wong kandha apa anane mesthi ndika takokne bener orane, nanging nek diapusi wong
ndika kuwi gtampang banget percayane”.
“Bener Ki Lancur” aku banjur melu nrambul gunem,
mblakakne kang dadi kaluwihane ragaku “iya awit kaparingan daya kekuwatan
dening kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, ya iku sedulur tuwa saka gurune sawargi Rama
Tumenggung lan Wa Kebayan Bulak Pandhe, aku bisa kaya sing didhawuhne Ki tanpa
Aran mau nagnti satus rong puluh tahun suwene, yen wis kuwi ya bakal bali kaya
lumrahe menungsa urip”.
Lancur manthuk-manthuk sajak eram, tilas punggawa
dalem Katumenggungan kuwi mesthine uga gumun dene sawise pisah karo aku
sawatara suwene banjur ngerti yen aku ana owah-owahan sing akeh, mligine ing
babagan ngelmu jaya kawijayan.
“Uwis, ora sah nggagas lan ndedawa angen-angen sing
durung cetha kang dadi gunane” ki tanpa Aran guneman maneh karo nyawang Lancur “saiki
luwih becik ndika ndang budhal luru mangsan kanggo nyukupi butuhe raga, aku ya
ora ngarep-arep sarta ora arep njaluk, nanging nek ndika golekne pisan, aku ya
gelem”.
Lancur ora wangsulan, banjur menyat ngalih, ngunggahi
gampenging kali, ninggalne aku karo Ki Tanpa Aran.
“Lha ndika apa ya arep banjur mbalik menyang warunge
Togog maneh ta Gus?” saungkure Lancur Ki Tanpa Aran genti nakoni aku. Sepisan
maneh aku eram marang kawaskithane wong sing katone ora waras iki, dene wis
ngerti yen sadurunge tekan kene, aku manggon neng warunge Togog “sajake Togog
lan sedulur anyar ndika, si Tomblok lan Si Codhot, luwih-luwih Si Minthul, dina
iki lagi padha bingung, rumangsa kelangan ndika. Pancen ya lucu, wong dudu
apa-apane kok bareng ora ana rumangsane padha kelangan”.
Aku durung bisa aweh wangsulan marang pitakone Ki
Tanpa Aran iki, jalaran aku isih mikir-mikir apa sing arep tak lakoni dina iki
lan dina-dina sabanjure.
“Upama ndika ora mangsuli sing tak takokne iki mau,
ndika ya ora luput kok Gus, aku ya ora tuna” Ki Tanpa Aran guneman maneh “upama
ndika wangsuli ya ora mbatheni apa-apa marang aku”.
“Nyuwun pangapunten Kyai” aku guneman lirih karo aweh
kurmat “anggen kula kendel lan mendel niki wau, boten kok ateges kula boten
purun atur wangsulan dhateng ndika, jalaran kula taksih nata ukara kangge atur
wangsulan. Lan malih kula niki taksih waras kok Kyai, menawi dipun ajak
wicanten dening tiyang sanes inggih wajib suka wangsulan”.
“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik, banjur
kandha “ndika ngrumangsani nek waras ta? Sokur ta nek ngono, muga-muga isih
waras temenan, jalaran meh kabeh wong gendheng kae padha ora rumangsa nek lagi
owah nalare, kajaba aku lho? Nek aku pancen ngrumangsani duwe nalar sing ora
genep utawa ora waras. Heh he he “.
Aku ngerti nek sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki mau,
ngemu wulangan ngelmu, nanging aku durung bisa nyandhak mungguh sing dadi
karepe.
“Estunipun kula mila badhe dhateng warungipun Kang
Togog malih Ki, nanging boten badhe nglajengaken anggen kula badhe nunut ngiyub
ing mrika. Anggen kula badhe mrika niku namung badhe suka kabar dhateng Kang
Togog menggah anggen kula kesah kala dalu ngantos wekdal menika. Salajengipun
kula inggih badhe pamitan, jalaran taksih wonten sesanggeman ingkang dereng
saged kula rampungaken” kandhaku marang Ki Tanpa Aran nyethakne mungguh sing
arep tak tindakne dina iku.
“O ngono?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo cengar-cengir
lucu “nek jenenge sesanggeman kuwi ora mung isih ana nanging sing pas ya isih
akeh, akeh banget, wong pancen sadurunge tumitah wae manungsa kuwi wis nggawa
kesaguhan, nanging ya kuwi keh-kehane ya banjur padha lali, he he he kaya aku
iki barang. Mula nek ndika isih eling karo sesanggeman kuwi jenenge satriya
tenan”.
“Inggih Kyai” wangsulanku karo aweh kurmat “mugi Kyai
paring pangestu dhateng kula, murih kula saged anetepi kasagahan ingkang sampun
kula ucapaken”.
“Kabeh kuwi gumantung ing astaNe, titah mung sadrema
wajib mbudidaya lan nyenyuwun murih bisa kasembadan kang sinedya, dadi luput
banget yen mung njagakne pambudidaya luwih-luwih mung njagakne pangestune wong
liya, merga akeh lho pangestu kuwi sing disebar-sebar neng ngendi-endi, nanging
jebul pangestu sing palsu, pangestu sing mung tekan ing lambe, ora tulus tumeka
jroning atine sing muni, tulusa nek ora disartani panyuwun sing tumemen marang
pangwasaNe ya padha wae olehe muspra tanpa tanja” Ki Tanpa Aran genti aweh
wangsulan lan iki cetha yen ngemu pitutur sing pantes lamun diangen-angen lan
ditimbang bener lupute.
Aku manthuk-manthuk, sanadyan durung pati mudheng
karepe, nanging aku uga ora wani ngarani mungguh bener utawa lupute ukara sing
dikandhakne Ki Tanpa Aran iki. Ukara prasaja kuwi nyata mbutuhake wektu bisane
dingerteni kang dadi karepe, lagi bisa diarani bener utawa lupute, pantes
dienggo apa luwih becik diumbar wae.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar