77.
Rada suwe aku karo Ki Tanpa Aran meneng-menengan,
embuh Ki Tanpa Aran lagi nggagas apa, aku ora ngerti. Nek gagasanku nglambrang
tekan ngendi-endi, sing cetha ing Kutharaja Majapahit aku wis ora duwe sapa-sapa
lan apa-apa maneh. Mungguhku ing Majapahit iki ora ana sing bisa tak arep-arep,
tak bekteni apa dene sing tak tresnani. Palungguhan sing kinurmatan dening
sapepadhaning wong wis ilang, Rama Tumenggung sing tak bekteni wis ora ana,
Andalu sing tak tresnani mung kari crita. Tak gagas-gagas luwih prayoga yen aku
enggal tumuli minggat ninggalne Majapahit sing saiki wis ora dadi Kutharaja
maneh iki. Ora ana gunane kesuwen manggon neng kene, kajaba mung nambahi rasa
lara ing telenging rasa.
“Pancen bener, urip neng kene kuwi wis ora mencutake
maneh” dumadakan Ki Tanpa Aran guneman, aku kaget wong tuwa kuwi kaya nyemoni
marang gagasan sing ana atiku “nanging nek jenenge manungsa arep urip neng bumi
ngendi wae, jan-jane ya padha wae, ora bakal krasan nek ora keturutan apa sing
dadi karepe lan kapunggel apa sing dadi critane”.
Aku ora semaur, malah ethok-ethok ora migatekne apa
sing lagi wae diucapne wong sing katon ora genep nalare kuwi.
“Akeh wong sing ngerti lan ngakoni jenenge kesaguhan kuwi kudu
diudi murih bisane diwujudi” Ki Tanpa Aran guneman maneh, kaya mau olehe guneman
ya mung grenengan kaya ditujokne marang awake dhewe, panyawange ora tumuju
marang aku, nanging menyang banyune kedhung sing meneng kuwi “nanging
keh-kehane ya mung mandheg neng pocapan, wegah nandangi nek wis rada suwe
banjur nganggo pawadan lali, kamangka kasaguhan kuwi ya lagi, durung katutupan
dening kesaguhan anyar, ewa semono diumbar kleyar, ya kaya mangkono kuwi sing
marahi gegayuhan jugar, banjur yen wis genti ngluputne jaman utawa papan, kang
mangkono iku nyata yen ora klebu nalar. Pancen ya rada angel mbedakne nasar apa
pancen kesasar?”.
Kaya diithik-ithik pangrasaku dening ucape Ki Tanpa
Aran ngono kuwi. Tembung-tembung sing katone mung metu nurutiobahe lambe kuwi,
cetha yen wis nyemoni marang aku. Akum au lagi wae kandha yen isih duwe
sesanggeman sing kudu tak tindakne, nanging nyatane gagasanku sing nglambrang
mau, babar pisan ora nyenggol karo anggonku arep netepi sesanggemanku sing tak
kandhakne mau.
“Nuwun sewu Kyai” alon-alon aku guneman tak tujokne
marang Ki Tanpa Aran “mila saestu, kabekta dening kawontenan ingkang tansah
ngisruhaken manah, kula sok nyupekaken sesanggeman ingkang mesthinipun enggal
kula lampahi. mBok ndika kersa paring pitedah dhateng kula ta Kyai?, menapa
ingkang prayogi kula lampahi, murih kula enggal saged netepi kesagahan ingkang
sampun kathah ingkang kula supekaken wau”.
“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu karo cengar-cengir “ndika
kuwi ya aneh? nJaluk pituduh kok marang wong gendheng? Apa ndika kepengin dadi
gendheng? Tak tuturana mangsa ndika arep nggugu? Jeneh piwelinge wong sing
nalare jangkep, wasis ing sakehing kawruh agal lan alus, tur rupane ya ayu,
kuwi wae wis ndika lirwakne? Gajege ana sedulur tuwa sing kajibah nuntun adhine
murih bisa maca ngelmu kang tinulis tanpa aksara, ngrungokne piwulang sing
tanpa suwara?”.
“Jagad Dewa Bathara” aku nyebut ing sajroning ati,
ukarane Ki Tanpa Aran sing keri dhewe iki mau kaya palu gedhe sing ditibakne
menyang dhadha rasane. Aku wis diwelehake melek-melekan, aku wis nyidrani marang
apa sing dadi welinge Kang mBok Setyawati nalika aku pamitan arep tilik lan
pamitan marang bumi Majapahit luwih dhisik murih bisa gangsar nggonku nampa
tuntunan ngelmu Sejatining Sih peparinge Sawargi Kanjeng Eyang Doradruwasa sing
murih aku bisa nampa kanthi sampurna kudu dituntuni dening Kang mBok Setyawati,
Ratu ing Kraton Katentreman. Nalika semana aku diweling, sadurunge aku bisa
mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku kudu mbudidaya murih aja nganti gawe
pepati utawa tumindak sing bisa njalari ana titahing Gusti sing mati, ora
ngemungake titah sing wujud manungsa sanadyan paribasan mung sawujude mrutu
utawa tengu pisan ora kena mati jalaran saka tumindakku. Nanging, kanyatane aku
wis nglalekne apa sing dadi welinge Kang mBok Setyawati, mbuh wis pira cacahe
kewan cilik-cilik bangsane jingklong sing mati tak cablek merga tak anggep
ngganggu, malah sing lagi wae tak tindakne dina iki mau, cetha yen wis adoh
ninggalne weling sing dikandhakne Kang mBok Ratu. Mung nuruti rasa sengit saka
ati sing kebak pangigit-igit, aku wis dadi jalaran matine Ki Suwela lan Makara
kanthi pati sing nyata kaniaya.
Dumadakan jantungku krasa kaya mandheg, kasumpet
dening rasa getun kedhuwung sing ora kena digambarake sepira gedhene. Aku
banjur kelingan dhawuh pungkasan saka Kanjeng Rama Tumenggung sing tak tampa,
ya iku aku kadhawuhan puruita kanggo necep ngelmu marang Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa. Pranyata sawuse aku nampa ngelmu, mung kari nyampurnakne wae,
jebul aku ora kuwawa. Aku isih kalah karo panggodha, nuruti ubaling hawa napsu,
kepengin males lara wirang marang Ki Suwela apa dene Makara. Yen mangkene,
nyata yen aku wis gawe kuciwane sawargi Rama Tumenggung, sawargi Wa Anggara uga
sawargi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Lan sing luwih gawe sedhihing pikirku,
aku wis gawe kuciwane Kang mBok Setyawati. Apa aku iki isih pantes nyebut Kang mBok
marang panjenengane, wong nyatane nadyan wis kadhaku dadi siswane Eyang Resi
Doradruwasa suprandene aku ora bisa netepi dhawuh piwulange sing dititipne
marang Ratu Kraton Katentreman kuwi ?.
“Jamak lumrahe getun kuwi manggone ana ing mburi”
dumadakan Ki Tanpa Aran guneman maneh “nanging nek mung digetuni, sayekti tanpa
guna. Yen wis tumindak luput kudu wani ndhadha ing kaluputane lan kudu kanthi
lega njaluk pangapura, murih ndika bisa mangerteni ngelmu Sejatining Sih sing
diparingne dening Resi Doradruwasa kuwi. Jalaran, kira-kira wae, tanpa ngerteni
ngelmu Sejatining Sih, ndika bakal nemoni urip kaya wong sing kesasar lan ora
bakal bisa nutugne lakuning urip kanthi lumrah, sadurunge ndika bisa ngaweruhi
isining ngelmu Sejatining Sih kuwi mau”.
“Inggih Kyai” aku nimbangi apa sing dikandhakne Ki
Tanpa Aran, kanthi ati sing wis pepes “nanging menapa sakintenipun Ratu Kraton
Katentreman ingkang piniji dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nuntun kula menika
taksih purun paring pangapura dhateng kula lan purun nuntun kula kangge mangertosi
Ngelmu Sejating Sih kasebat?”.
“Ha ha ha ha…….” Ki Tanpa Aran sing mau wis tumata
olehe guneman saiki mbalik kaya wong ora waras maneh, tak takoni diwangsuli
nganggo guyu lakak-lakak, banjur guneman sing nek dirungokne bisa gawe panasing
kuping “Nah, saiki ndika wis klakon dadi wong gendheng tenan. Takon kok marang
wong gendheng, wis edan kathik ora nduweni wangsulane pitakon kuwi mau, ngono kok
ngaku jarene wong sing waras nalare ha ha ha…….ha “.
Sanadyan aku ya ora seneng disrani wis dadi gendheng,
nanging aku mung bisa meneng.
“Sing duwe wangsulan saka pitakon ndika kuwi cetha
dudu aku Gus” kandhane Ki Tanpa Aran maneh “sak jagad iki sing nduweni
wangsulan saka pitakon ndika mau mung siji, ya iku ya mung muride Resi
Doradruwasa sing ayu dhewe kae he he he”.
“Inggih, inggih Kyai” wangsulanku groyok.
“Saiki kari ndika piye olehe arep nindakne, nek ndika
rumangsa isih mbutuhne tuntunan murih bisa mangerteni Ngelmu Sejating Sih,
ndika wis ngerti apa sing prayogane ndika tindakne lan upama ndika milih urip
ing juranging sasar, ndika ya ngerti, apa sing kudu ndika lakoni. nDika nkuwi
wong pinter dudu wong bodho, uga dudu wong gendheng lan ora patut dadi wong
edan, kuwi ndika kudu ngerti Raden bagus Suwanda putra angkate Gusti Tumenggung
Jatikusuma menungsa setengah dewa sing dadi kekasihe Sang Hyang Maha Nasa”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar