Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (078)


 78.

Sawise tak gagas sedhela tumuli aku pamitan marang Ki Tanpa Aran yen dina kuwi aku arep nemoni Togog sedhela banjur nutugne laku menyang Kraton Katentreman nemoni Kang mBok Ratu Setyawati. Tak pamiti Ki Tanpa Aran mung cengar-cengir ora aweh wangsulan apa-apa. Lagi sawuse aku ngunggahi gampenging kali, wong sing kaya ora genep akale kuwi bengok-bengok, celuk-celuk, ngundang aku.

 

“Wonten dhawuh Kyai?” aku mandheg, noleh memburi banjur takon.

 

“He he he sing ngati-ati” wangsulane Ki Tanpa Aran karo nyawang aku sedhela, banjur ngalih.

 

Aku mesem, ngadhepi wong sekti sing duwe kelakuwan aneh ngono kuwi pancen kudu sabar. Sawise tak enteni sedhela Ki Tanpa Atan ora guneman apa-apa maneh, aku banjur nerusne laku.  Lan aku sengaja nggunakne pangaribawane Keris Kyai Bancik   murih ora diweruhi dening wong liya, kanthi mangkono ora bakal ana sing ngakang-alangi lakuku. Ora ana wong sing sujana lan uga ora ana wong sing nedya nganggu gawe marang aku.

 

Tekan dalan sing nyigar padhukuhan Bulak Pandhe, aku weruh akeh wong lanang-lanang sing padha mlaku sajak kesusu. Siji loro ana sing lakune mbalik, dadi simpangan karo sing lagi mlaku sajak kesusu sing wangune lagi arep budhal embuh menyang ngendi.

 

“Piye Kang, bener tenan? Isih ana kana ? apa wis dielih?” dumadakan aku krungu salah siji saka wong sing mlaku sajak kesusu kuwi ana sing takon marang wong sing sajake wis mlaku mulih. Aku mandheg kepengin krungu sing arep dikandhakne wong loro sing pethukan neng dalan kuwi.

 

“Bener” wangsulane sing ditakoni “bener-bener nggegirisi kahanane, marahi neng githok mengkorog, ora ana sing wani ngelih, prajurit-prajurit Keling ya padha wedi, wanine mung nyawang saka kadohan, padha kuwatir yen dikatutne dosane dening bangsa alus sing wis nuduhne kanepsone marang Ki Suwela lan Ki Makara kuwi”.

 

“Mosok nek kuwi gaweyane bangsa alus tenan neh Kang?” wong sing takon mau takon maneh.

 

“Kabeh wong kandhane ya mangkono kuwi” wangsulane sing ditakoni “jarene para prajurit mau, Ki Suwela karo Ki Makara kuwi mau bengi nengahi lagi ketungkul nggone rembugan karo Raden Lokapa lan Raden  Dhandhaka, dumadakan ilang tanpa tilas. Wong-wong padha ora weruh menyang ngendi parane, ngerti-ngerti ya wis awan iki mau, sirahe priyayi loro kuwi wis dipanjer neng dalan prapatan tanpa gembung lan sing manjer neng kono kuwi sapa ya ora ana sing weruh, kamangka dhek esuk durung ana apa-apa lan papan kono kuwi ora tau sepi wong, nanging ora ana sing weruh sapa sing manjer sirahe piyayi loro kuwi. Mula banjur dijupuk dudutan yen sing nindakne kabeh mau ora ana maneh kajaba bangsa alus sing lagi nesu marang priyayi loro kuwi”.

 

“Gek lupute Ki Suwela karo Ki Makara marang bangsa alus kuwi apa no Kang kok nganti dikonokne ngono kuwi?” wong sing takon nutugne pitakone.

 

“Awake dhewe iki wong cilik Dhi” sing ditakoni genti aweh tutur, suwarane digawe lirih olehe guneman dicedhakne neng sandhing kupinge sing takon “ora becik takon ngono kuwi, merga bisa dianggep luput dening sing lagi nyekel panguwasa desa kene”.

 

“Iya Kang” wong sing maune takon, aweh wangsula uga nganggo suwara lirih karo manthuk-manthuk.

 

“Malah aku nggagas, bangsa alus kuwi bisa uga sing mbaureksa desane dhewe kene, sing diprentah dening Ki Kebayan jaman semana. Lha mesthine bangsa alus kuwi rak ngerti tumindake Ki Suwela lan Ki Makara marang kawula ing Bulak Pandhe kene sing sawenangt-wenang rumangsa dumeh wis menang, ngrampas lan ngrebut duweke kawula ya mung sageleme wae, kaya wingi kuwi Kebo Benthung duweke Dhe Jithut, awit dhawuhe Ki Makara, banjur dijupuk dening Prajurit jarene arep dienggo lawuh mangane para prajurit. Ya apa ora?” klesik-klesik isih bisa tak rungokne, wong sing lagi wae mulih saka anggone ndelok sirahe Ki Suwela lan Makara sing dipanjer neng dalan prapatan kuwi mbisiki kancane.

 

“Iya Kang” wangsulane sing dibisiki karo manthuk-manthuk “ya wis yen ngono, aku ta kora sah ndelok sirahe wong loro kuwi. Tak bali wae, wong omah tak kandhanane nek ora sah padha melu kuwatir lan mikir sing ora-ora, waton awake dhewe ora tumindak gawe kapitunane liyan, ora bakal diganggu dening para bangsa alus”.

“Bener kuwi Dhi” sing nuturi wangsulan karo mesem “ayo bali wae, bareng aku. Ora ana bathine ndelok sirah dipanjer tanpa gembung ngana kae, kajaba mung gawe mirising ati lan bisa-bisa banjur tom-tomen marakne ora bisa turu lan ora doyan mangan wae”.

 

Aku banjur nerusne laku, karo nyawang wong-wong sing sansaya akeh padha mara menyang dalan prapatan. Racak-racak miturut pangrunguku, akeh wong sing ora welas marang Ki Suwela apa dene Makara sing sirahe dipanjer dening Lancur kuwi, jalaran wong-wong akeh-akeh ya padha melu serik marang wong loro sing wis gawe gugure Wa Anggara ya Wa Kebayan ing Bulak Pandhe kono. Luwih serik maneh, panganggepe wong loro kuwi marang kawula ing Bulak Pandhe, kaya marang wong sing lagi kalah perang kabeh barang kaduwekane dianggep wis lumrah lamun dijarah dening sing rumangsa lagi menang perange. Sawuse aku rumangsa lega jalaran ngerti sikep lan suwara klesik-klesike para kawula Bulak Pandhe, aku banjur gegancangan mlaku menyang warunge Togog.

 

Kaya sing wis tak kira, Togog karo Minthul bojone, padha  bingung awit saka anggonku lunga tanpa pamit mau bengi. Malah ora mung wong loro kuwi wae sing padha bingung, Codhot karo Tomblok sing uga diwaduli dening Togog bab lungaku kuwi, uga padha melu bingung. Pas aku tekan warunge Togog, ing kono wis ana Togog sabojone sing lagi jagongan karo Codhot lan Tomblok. Aku melu lungguh neng lincak sing ora ana sing nglungguhi, nanging wong-wong kuwi ora padha weruh yen aku melu jagongan, jalaran aku isih ngunakne pangaribawane Kyai Bancik sing ndadekne wujudku ora bisa kadulu dening sapa wae.

 

“Nek pancen si Genter kuwi wong sing ala kudune lungane mesthi karo nggawa barang isen-isen warung iki sing kena didadekne dhuwit” kandhane Togog marang kancane jagongan “nanging nyatane barang-barang warung ora ana sing kalong babar pisan”.

 

“Lha ya gek lungane bocah kuwi menyang ngendi ya Kang?” Tomblok nyaut guneme Togog “aku kuwatir gek bocahe mau bengi pas metu banjur kepethuk prajurit Keling, ditakoni ora bisa aweh wangsulan sing cetha banjur digawa lan disikara neng pasanggrahane kana?”.

 

“Lha ya kuwi sing tak piker wiwit mau wangsulane Togog “nek bener kaya sing mbok omong kuwi, kok ya apes temen lakone si Genter? Bocah  kae katone duwe budi becik tur ya dhasare bocah sing lugu. Ora ngerti perkarane negara, kok bisa dadi korban lan nemoni lakon sing ndadekne sengsara………”.

 

“Ya muga-muga wae Genter ora dicekel prajurit kaya sing padha ndika kuwatirne kuwi” Codhot genti sing guneman “esuk mau aku krungu kabar jare sing mbaureksa padhukuhan kene, mau bengi nesu marang prajurit-prajurit sing lagi menang perang kae. Lurahe malah uga tetunggule Prajurit padha keneng amuk dening bangsa sing ora kasat mata, malah kabare Ki Suwela lan anake sing jeneng Ki Makara kae ilang dadakan digondhol menyang ngendi ora ana sing weruh. Banjur awan iki mau, wong-wong padha geger, jare sirahe Ki Suwela lan Ki Makara wis tanpa gembung, dipanjer neng dalan prapatan nggon pasar kana kae. Muga-muga wae, lungane Genter iki merga didhelikne bangsa alus lan dislametne saka tumindake wong sing arep ngarah cilakne”.

 

“Bener kuwi Kang Codhot” ora sranta karo ngatonake wujudku sing wis lungguh neng lincak cedhake wong-wong kuwi, aku mangsuli gunemane Codhot. Wong sing ana kono padha katon kaget, kabeh nyawang aku karo praupan sing nuduhne rasa gumune.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...