Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (079)


 79.

Saking kaget lan rasa gumune wong sawarung ora ana sing bisa kumecap, mung panyawange wae sing padha ora kedhep migatekne praupanku, kaya-kaya padha ora percaya karo mripate dhewe. Kanggo mbuktekne nek aku pancen “Genter” sing lagi wae padha dirembug lan dirasani, aku banjur njupuk juadah bakar neng layah sing tumumpang ing meja sangarepku sing isih anget, banjur tak pangan. Wong-wong isih durung ana sing guneman, nanging isih panggah olehe nguwasi karo nuduhne rasa gumune. Malah Minthul sing lagi wae metu saka Pawon, arep nyelehne panganan kanggo nambah isi mejane, dadi mandheg, ngadeg njegreg karo namatne aku.

 

“Aja padha gumun lan aja padha kaget Kang Togog karo Yu Minthul sarta Kang Tomblok apa dene Kang Codhot” aku banjur guneman murih wong-wong sing ana kono ora nduweni pangira sing neka-neka marang aku, tak sengaja aku ya ngrakit crita sing tenane ya mung ngayawara wae “aku pancen wis rada suwe lungguh neng kene, nanging aku gumun dene ora ana siji-sijia saka sedulurku sing padha nglorohi aku, malah pas Yu Minthul nyelehne layah sing isi juadah bakar iki mau meh wae layahe nyenggol sirahku, nanging Yu Minthul ya mung meneng wae. Wiwit esuk mulih saka kalen mau, aku rumangsa ana kedadeyan sing aneh, Kang Togog karo Yu Minthul tak takoni ora ana sing gelem mangsuli, tak jak omong ya ora ana sing migatekne. Aku banjur metu saka warung kene, mlaku-mlaku mlebu padesan wetan kono, nanging ya padha wae, wong sing kapinujon mlaku simpangan karo aku, nalika tak takoni ya ora ana sing gelem semaur, malah nyawang aku wae ya ora”.

 

“O, dadi kira-kira bener sing tak kandhakne mau” Codhot nyauti kandhaku “ndika wis ditutupi dening bangsa alus saka panyawange wong liyane ndika”.

 

“Apa kira-kira merga sabrebetan Adhi Genter iki memper karo Raden Bagus Suwanda kuwi ya Kang?” Tomblok mbumboni rembug “banjur sing mbaureksa desa kene utawa sing momong jiwa ragane Adhi Genter aweh pangayoman murih ora ana sing banjur nyekel Adhi Genter digawa menyang Kabayanan diakokne minangka Raden Bagus Suwanda?”.

 

“Tak kira bisa uga mangkono kedadeyane” Codhot aweh wangsulan “merga wong sing padha mbathara marang dhuwit, bisa wae merga ngiler ganjaran banjur meksa supaya Adhi Genter ngaku yen dheweke kuwi Den Bagus Wanda, nanging sing momong jiwa ragane Adhi Genter lan sing mbaureksa Bulak Pandhe isih ngayomi marang Adhi Genter”.

 

“Lha banjur sedina iki mau ndika menyang ngendi wae Dhi?” Togog sing uga wis ilang kagete banjur nakoni aku.

 

“Ora adoh kok Kang” wangsulanku sawise juadah sing tak pamah tak ulu “nalika lakuku tekan pasar ya neng prapatan tengah desal an wong-wong ya ora ana sing migatekne aku, dumadakan aku kepethuk wong loro sing gelem ngajak omong aku”.

 

“Wong loro kuwi sapa Dhi?” Minthul karo nyelehne layah sing dicekeli, menyang dhuwur meja genti takon.

 

“Aku lali ora takon sapa jenenge Yu” aku wangsulan “wong loro mau mung ngandhani aku karo mesam-mesem, supaya ngomongi Kang Togog, Yu Minthul, Kang Codhot, Kang Tomblok karo Dhe Karta Cikrak”.

 

“Dikongkon ngomongi perkara apa Dhi?” Tomblok takon “wong sing ndika sebutne wis mlumpuk neng kene, mung Lik Karta Cikrak sing durung ana, mengko nek prelu tak paranane, lha ndika kepethuk Lik Karta Cikrak kuwi dhek kapan?”.

 

“Mau bengi ngepasi Lik Karta Cikrak Rondha neng gredhu cedhak regol dalan mlebu desa, dikongkon marani warung iki” Togog sing aweh wangsulan “merga beneh karo padatan, dimare warung mau bengi urip, adate rak ora? Dhe Karta banjur kepethuk Adhi Genter lan kober jagongan lan omong-omongan, dhek bengi kuwi ndelalah aku karo Minthul rak ya mrene?”.

 

“nDang ditutugne olehe kandha Dhi” Minthul numpangi rembuge sing lanang, ditujokne menyang aku supaya nutuge crita “karo wong loro kuwi ndika dikongkon ngomongi apa marang aku karo Kakangmu lan uga wong-wong kabeh mau?”.

 

“Dikon ngabari yen mengko sore kabeh sing tak kandhakne mau bakal oleh rejeki sing tanpa dinyana-nyana sadurunge” wangsulanku “nanging ana sarate”.

 

“Sarate apa Dhi? Ndang dikandhakne tak rungokne” Minthul ketara gupuh olehe guneman, wong liyane padha mesem weruh slagane Minthul sing keprungu rada lucu kuwi.

 

“Mengko dhisik, tak tutugne critaku” wangsulanku karo mesem “bubar ngandhani ngono kuwi, wong loro sing tak kandhakne mau banjur ngajak aku mlaku mengalor lan aku dituduhi wong loro maneh sing lagi nandangi gaweyan sing marakne aku girap-girap kamiweden”.

 

“Apa sing ditandangi Dhi?” Togog nyela takon.

 

“Nyunduki sirah sing wis tanpa gembung nganggo pathok saka bongkotan pring ori, banjur dipanjer neng pinggir rattan” wangsulanku.

 

“Oo. Genah nek kuwi sirahe Ki Suwela karo Ki Makara sing rame dadi tontonane wong-wong mau” Codhot gunemen lirih nugel critaku.

 

“Iya Kang” aku mbenerne kandhane Codhot “wong-wong loro sing ngajak aku mau kandha padha karo sing ndika kandhakne yen kuwi ndhase Suwela karo ndhase Makara, jarene wong loro sing wis tanpa gembung kuwi wis tumindak dosa sing ngliwati wates  marang kulawargane Ki Kebayan Bulak Pandhe lan kulawargane Gusti Tumenggung Jatikusuma, mula banjur diwenehi pidana sing satimbang karo kaluputane dening abdine Gusti Tumenggung lan abdine Ki Kebayan sing ora kasat mata, ya iku bangsane lelembut sing uga mbaureksa desa kene”.

 

Wong sing krungu critaku padha manthuk-manthuk, eram.

 

“Bener kuwi, pancen priyayi loro kae wis ngliwati wates nggone nyidrani kasetyane marang Gusti Tumenggung lan gendhak sikara marang kulawargane Ki Kebayan” Togog grenengan lirih banget, banjur disambung karo pitakonan kanthi suwara sing lumrah, ora lirih kaya olehe grenengan “lha ndika banjur dikandhani bab sarat mau apa wujude Dhi?”.

 

“Sarate ndika kabeh klebu Dhe Karta Cikrak, ora oleh ngrembug bab olehku wis teka ing papan kene karo sapa wae, merga dina iki mengko aku kudu lunga saka kene” aku aweh wangsulan.

 

“Adhi Genter arep lunga? Banjur lunga menyang ngendi maneh Dhi?” pitakone Togog sawuse krungu yen dina kuwi aku arep lunga.

“nDika arep bali menyang Pandhansari maneh apa piye Dhi?” Yu Minthul ngimbuhi, melu takon. Sauntara Codhot karo Tomblok mung nyawang praupanku sajak ngenteni nggonku arep mangsuli pitakone Togog.

 

“Aku durung ngerti arep lunga menyang ngendi Kang, lan aku uga ora arep bali menyang Pandhansari Yu” wangsulanku karo ngetokne kanthong cilik loro sing isi dhuwit mas lan dhuwit perak, sangu peparinge Kanjeng Ibu Nyai Menggung nalika aku arep budhal menyang Kedhuwang biyen kae.

 

“Nek ndika arep lunga apa ora mbebayani tumrap kaslametan ndika Dhi?” Tomblok nyela takon. Sauntara Codhot ngilik kanthongan loro sing lagi wae tak wetokne saka njerone buntelan salinku.

 

“Lungaku iki dudu karepku dhewe Kang” wangsulanku “nanging saka karepe wong loro sing ngandhani aku mau. Lan aku bakal diayomi saka gendhak sikarane wong-wong Kedhiri lan Keling sarta wong-wong Bulak Pandhe sing dadi  gedibale, dadi Kakang-kakang kabeh lan mBakyu Minthul aja padha nyumelangake marang keslametanku”.

 

Aku meneng sedhela ngenteni tumanggape wong-wong mau, nanging wong-wong kuwi mung meneng karo ora kedhep nguwasi aku. Mula banjur tak tutugne olehku guneman :

 

“Dene rejeki sing tak nkandhakne neng ngarep mau, saiki wis ana ngarepku iki” kandha ngono kuwi aku karo nudingi kanthong loro sing wis tak selehne dhuwur meja ngarepku. Tak sawang kabeh padha nyawang marang kanthong loro kuwi.

 

“Sing ana jerone Kanthong sing rupane kuning iki, supaya diedum dadi patang pantha” kandhaku sabanjure “patang pantha iku kanggo Kang Togog, mBakyu Minthul, Kang Codhot lan Kang Tomblok dene Kanthong  sing rupane putih, supaya dipantha dadi lima. Kajaba kanggo ndika wong papat, sing sapantha kanggo Dhe Karta Cikrak. Wis saiki padha ndika tindakne kanthi becik, aku bakal melu nekseni ana kene”

 

Bunar muni ngono kuwi, kanthong loro banjur tak srogne menyang ngarepe Togog. Nalika wong papat kuwi padha nindkane pakonku, karo ora ana sing nguwasi, aku ndudut Kyai Bancik saka lempengku lan taka tag supaya aku ilang saka pandulune wong-wong kuwi, aku banjur nutugne laku arep menyang Kraton Pangayoman nemoni Kang mBok Ratu Setyawati.

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...