80.
Sanadyan mung laku ndharat lire ora nunggang apa-apa,
nanging awit aku wis ngaweruhi daya lan pangaribawane Keris Kyai Bancik apa
dene Slendhang Sipat, kawimbuhan daya kekuwatan peparinge Kanjeng Eyang Resi
Dora Druwasa sing ndadekne aku ora kasinungan kesel, ngantuk, luwe lan ngelak,
ndadekne lakuku ora ngrasakne apa-apa. Lakon
saka Majapahit tumekan pereng lor sukune Gunung Lawu ora mbutuhake wektu sing
suwe. Aku banjur kelingan marang paweling sarta peparinge Kakang mBok Ratu
Setyawati kang rupa kalpika mawa sesotya sing wujude watu akik sing aran Kalpika
Mustikaning Tirta.
Karo mesem tak sebut asmane Kakang mBok Ratu, banjur
tak sawang watu putih sing ngrenggani ali-ali kuwi. Sepisanan sing katon wewayangan
kang cetha ing jerone akik kuwi, ya iku wewayangane Kakang mBok Ratu mesem
banjur ngawe-awe marang aku. Sakala ana rasa geter sajroning dhadhaku, bares
wae pasuryan lan dedeg piadege sarta slaga kang ana ing Kakang mBok Ratu iki
ora ana bedane karo pasuryan dedeg piadeg sarta slagane sawargi Andalu sing wis
mapan ing kuburan kembar ing desa Bulak Pandhe. Nanging durung nganti aku
kebanjur-banjur ngumbar rasa sengsem nyawang wewayangan ing akik mau, dumadakan
sing katon ganti wujud taman sing asri lan endah banget. Taman sing kebak maneka
warna tanduran kembang sing endah nengsemake, sinelingan karo maneka warna
tanduran jejanganan lan who-wohan sing lagi wayahe angundhuh, kaya dene maneka
warna pelem, jambu, rambutan, duren, klengkeng, manggis lan liya-liyane.
“Suwanda, murih enggal tumekan Taman Pangayoman ya
Taman sing sira sawang iku, diage remna mripatmu lan sikilmu jumangkaha maju,
aja nggagas liyane kajaba nggagas papan sing sira tuju, nganti patang puluh
jangkah mengarep” dumadakan ana suwara sing mlebu ing sajroning atiku, suwara
sing bisa tak rungokne ora nganggo gegodhonganing kuping.
Ora sranta, aku banjur ngeremne mripat, lan wiwit
njangkahne sikil mengarep, karo sajroning ati nggambarake wujuding taman sing
lagi wae tak weruhi ana sajroning kaplika Mustikaning Tirta. Lan nalika olehku
ngetung cacahing jangkahku ganep oleh patang puluh jangkah, aku mandheg,
nanging aku durungt wani mbukak mripat, kuwatir yen diarani luput dening sing
aweh prentah marang akum au.
“Aja samar rasaning atimu Suwanda” ana suwara sing
mlebu ana sajroning atiku maneh “dina iki Kanjeng Ratu wis ngersakne sira
manjing ing patamanane, dadi ora bakal ana sesiku apa-apa tumrap sira mlebu ing
sajroning taman, aku mung kaparingan nuntun lakumu wae. Saiki sira wis tumeka
ing sajroning taman, mara bukaken tlapukaning mripatmu lan nyawanga kiwa lan
tengenmu. Wusing kabeh sira rasakne, ing kono sira kadhawuhan nunggu ngenteni
dhawuh apa sing bakal sira tampa saka Kanjeng Ratu”.
Alon-alon aku mbukak mripat, wiwitane krasa sulap lan
mbalereng. Nanging ora suwe, banjur pulih bisa nyawang kanthi cetha marang apa
wae sing ana sakiwa tengenku. Aku sansaya kasengsem marang endahing taman sing
aran Taman Pangayoman iki, ora katon nadyan mung salembar gegodhongan alum
utawa garing sing gogrog neng lemah sing ketutupan suket ijo sing thukul warata
nganti saklebatan kaya wujude permadani sing digelar. Sumiliring angin sing rasane
seger nyebarake gandaning kekembangan sing arum wor lan wangi sansaya mimbuhi
agunging taman kuwi. Lamat-lamat keprungu suwara kumriciking banyu kang tumiba
marang watu, tumibane kaya tinata nganggo wirama, kaya-kaya ngiringi tembanging
manuk-manuk sing padha ngoceh sesautan saka dhuwuring kekayon, kanthi suwara
endah sing ngemu rasa gambira ngrasakne urip ing jagad kang mardika.
Gandheng manut suwara sing tak tampa ing jeroning ati
mau, aku kudu nunggu ing kene kanggo ngenteni timbalan saka Kang mBok Ratu, aku
banjur tolah-toleh golek papan sing sakirane kepenak kanggo lungguh. Ora suwe
aku wis nemu watu sing wangune kepenak dilungguhi, aku nyedhak banjur mapan
lungguh ing watu kuwi, ngiras ngresepi kaendahaning taman. Endah wujude, seger
lan arum gandane, sarta ngresepake suwara-suwara sing dituwuhake.
Jebul watu gedhe sing tak lungguhi kuwi ngongkang
blumbang, sing bening lan nyarong banyune. Jroning blumbang katon slira-sliri
kewan banyu, rupa maneka warna iwak-iwakan, wiwit Kutuk, Lele, Badher, Wader,
Urang padha pating sliwer langen kanthi mardika, nambahi asrining blumbang. Ing
pinggiring blumbang ana wit waringin
putih lan ing ngisore katon ana kucur sing banyune muncrat mendhuwur ora ana
pedhote, banyu sing muncrat mendhuwur tumibane ditampani watu padhas, sing ya merga
kuwi tumuli keprungu suwara kumricik sing kaya tinata mawa irama mau. Banyu
sing muncrat tanpa kendhat kuwi, mili sing wusanane nuwuhake dadi kalen sing
sansaya suwe sansaya gedhe temah dadi kali sing mili mengalor nurut wanguning
bumi, saka dhuwur mengisor, embuh tekan ngendi aku durung ngerti.
Sanadyan satemene aku wis ora kasinungan rasa kesel
lan ngantuk, dadi ya ora mbutuhake wektu kanggo leren utawa turu. Nanging, kegawa
saka segering hawa lan endhaing suwara, ndadekne aku kepengin meneng, karo
ngeremne mripat ana palungguhanku kono. Nanging durung nganti suwe olehku merem
sinambi nglaras endahing kahanan, dumadakan ana suwara alok sapa aruh marang
aku.
“Wis suwe nggonmu teka ing taman kene Suwanda?”.
Karo semu rada kaget merga suwara sapa aruh iki cetha
mlebu ing kupingku, ora kaya suwara-suwara sing mau tak tampa, aku noleh
kepngin weruh marang wong sing nakoni aku kanthi nora basal an njangkar jenengku
kuwi mau. Aku dadi sansaya gumun jebul sing ana mburiku lan nakoni aku mau, Ki Jurudah
abdine Kang mBok Ratu, sing tau tepung karo aku nalika aku sepisanan tekan Bumi
Keduwang ing pratapane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Mung sing ndadekne
gumunku ya iku, nalika jaman ketemu nalika samana jenenge Ki Jurudah kuwi
banget anggone ngaji-aji marang aku, tembung satembung sarwa ngajeni lan
nganggo ukara basa krama, jumbuh karo jejerku sing kajaba putrane Rama
Tumenggung Jatikusuma ing Majapahit, uga siswa wuragile Kanjeng Eyang
Doradruwasa sing ateges isih sedulur prenah nom saka Kang mBok Ratu Setyawati
sing jumeneng ing Kraton Katentreman kene, sing uga pepundhene Ki Jurudah sing
ana ngarepku iki. Nanging, iki mau Ki Jurudah anggone nyapa lan nglorihi aku
babar pisan ora basal an ora nganggo sebutan Raden nalika nyebut jenengku. Ana
rasa ora pati kepenak sing nggremet sajroning dhadhaku. Nanging kebat wae, rasa kuwi tak ampet, lan
aku kepengin aweh wangsulan kanthi ora ngowah-owahi adat marang Ki Jurudah, muri
hora nuwuhake perkara anyar sing ora becik kedadeyane.
“Inggih Ki Jurudah” wangsulanku nganggo basa krama “awit
katuntun dening dayaning Kawibawan Kraton Katentreman miwah Taman Pangayoman,
sampun radi sawatawis kula dumugi mriki”.
“Sokur yen lakumu ora kesasar temah bisa tekan kene
merga dayane Akik Mustika Tirta sing diampilake dening Gusti Ratu marang kowe”
Ki Jurudah guneman maneh, ora basa lan ora ngajeni babar pisan marang aku,
malah kepara sajak ngremehake, ing semu nuduhne rasa ora senenge marang aku.
Ing baytin aku nggagas, apa Ki Jurudah kuwi lagi lali yen sing diajak rembugan
iki isih kadang timur saka pepundhene dhewe?.
“Suwanda, saiki rungokna apa sing arep tak kandhakne
marang kowe” Ki Jurudah banjur nutugne olehe guneman marang aku “Magepokan karo
tekaku mrepegi kowe iki mau, ya iku awit ngemban timbalan lan dhawuhe Gusti
Ratu, aku kaparingan jejibahan nampani Akik Mustia Warih saka tanganmu lan
bakal tak unjukne ing ngarsane Gusti Ratu jumbuh karo dhawuh sing tak tampa.
Mula saiki diage kalpika kuwi enggal lolosen saka drijimu lan tumuli ulungna
marang aku!”.
Tak empet-empet rasa sing ora kepenak sing nggremeti
dhadhaku sansaya ora kuwat, weruh slaga lan gunemane Ki Jurudah sing drajate
mung saabdi iki. Luwih-luwih bareng kanthi suwarne sing keprungu degsura mrentah
marang aku, Raden Bagus Suwanda, supaya masrahake ali-ali Mustikaning Tirta
sing tak enggo ing drijiku iki, babar pisan kanepsonku wiwit muntab, ora bisa
nampa karo sikep lan slagane Ki Jurudah sing wis tak anggep murang tata iki.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar