81.
Aku ngadeg, karo malangkerik, Ki Jurudah tak sawang
karo mripat murup. Nanging wangune Ki Jurudah ora pati nggagas nggonku nesu,
abdi Kraton Katentreman kuwi sajak ayem, karo lambene nyebik sajak nyepelekne
marang aku. Aku banjur mlaku nyedhak, arep tak coba ngajak rembugan kanthi
apik-apikan sepisan maneh karo Ki Jurudah abdine Kang mBok Ratu Setyawati iki.
“Nuwun sewu Kisanak” kandhaku sawise cedhak “menapa
leres ingkang jumeneng ing ngajeng kula menika Ki Jurudah, ingkang nate
kepanggih kalihan kula nalika wonten ing pratapanipun Sawargi Kanjeng Eyang
Resi Doradruwasa nika?”.
“Ya gene kowe takon kaya mangkono He Wanda?” tak takoni
kanthi alus, Ki Jurudah malah wangsulan karo nyentak “gajege wiwit sepisan mau
kowe wis ngerti nek aku iki Jurudah, abdi dalem Kraton Katentreman kene, lan
wis tak kandhakne mungguh sing dadi sedyaku nemoni kowe neng kene. Ya gene kowe
mbaleni pitakonan sing ora ana gunane kuwi he?”.
“He Ki Jurudah” disentak kaya bocah cilik lan
dijangkar kaya wong pidak pejarakan ngono kuwi, aku wis ora kuwat ngempet maneh
panasing getihku sing wiwit umob “yen nyata kowe ngemban dhawuh saka Kang mBok Ratu
Setyawati kaya sing wis mbok kandhakne mau, apa buktine he? Aja waton bisa
mangap kanthi sikep sing wis ninggal tatakrama lan kasusilan ngono kuwi.
Sumurupa, Akik Mustikaning Tirta sing ana drijiku iki, mung bisa tak aturne
marang Kang mBok Ratu, merga iki akik pusaka ora sembarang wong pantes nampani,
luwih-luwih menungsa sing sakdrajate abdi kaya kowe kuwi”.
“Keparat!” Ki Jurudah misuh banjur guneman “dadi
cethane kowe ora percaya yen tekaku kene iki merga netepi dhawuh saka Gusti Ratu?
Lan kowe wis wani nantang dhawuhe Gusti Ratu kanthi ora gelem masrahne akik
Mustikaning Tirta marang aku?”.
“Sing ora tak percaya ora mung kuwi” wangsulanku karo
mesem nyepelekne “klebu yen kowe kuwi Ki Jurudah aku ya ora percaya, Ki Jurudah
kuwi ngerti unggah-ungguh lan tata krama, ora kaya kowe ngono kuwi”.
“Ora sah ndadak kakehan pawadan kowe Suwanda” Ki
Jurudah sansaya nesu, nanging aku wis siaga ngadhepi yen dheweke arep tumindak
kasar marang aku “cekake kowe gelem masrahne akik Mustikaning Tirta marang aku
kanthi becik-becik apa ora? he?, apa pancen kowe nedya golek dhadhakan perkara
rumangsa yen kowe kuwi duwe kasekten sing tanpa tandhing?”.
“Aku ora duwe pawadan Kisanak” wangsulanku karo ngece “tak
kandhani sepisan maneh, akik iki ora bakal bisa kasenggol dening menungsa sing
asor drajate kaya kowe kuwi, nek kowe pancen arep nekad ngrebut akik iki saka
aku, tak dadekne sayembara : sembada kowe nyenggol akik Mustikaning Tirta yen
kowe wis bisa nglangkahi bangkene Raden Bagus Suwanda”.
Krungu panantangku kaya ngono kuwi, praupane Ki
Jurudah sing mau abang mangar-mangar sansaya malih dadi semu ireng, saking
nesune. Karo lambe sing kedher merga nesu, Ki Jurudah banjur guneman banter :
“Eman banget yen kongsi taman sing asri iki keselehan
bangkene manungsa kaya kowe kuwi Suwanda, sanadyan ya mung sagebyaring that-thit.
Ayo yen nyata kowe wong perwira, adhepana aku neng papan sing jembar sanjabane
taman iki!”.
Bubar muni ngono kuwi, Ki Jurudah banjur mbalikne
adhepe, mlaku arep ninggalne taman. Rumangsa ditantang adu kasekten lan
kaprawiran, aku ya ora gelem ngalah. Ki Jurudah tak tutne saka mburine.
Jebul ora adoh ing jabaning taman ana papan sing lempar
kaya ara-ara nadyan ora pati amba. Ki Jurudah mandheg banjur tata-tata, madhep
menyang aku karo pasang kuda-kuda. Aku wis wegah guneman maneh, aku uga banjur
tumuli arep ngladeni Jurudah sing wis siaga ngajak adu atosing balung wuleting
kulit kuwi.
Malah aku banjur kepengin enggal bisa nglumpuhne Jurudah,
murih wong kuwi weruh yen sing diadhepi iki dudu wong sing loro saudhon telu
saurupan. Jurus-jurus lan aji jaya kawijayan sing tau tak tampa saka Rama
Tumenggung Jatikusuma, sing sumbere mili saka ngelmu kanuragan peparinge
Kanjeng Eyang Begawan Satiban saka Gunung Argapura nuli tak siagakne.
Nalika panyawangku isih weruh yen Ki Jurudah wis siaga
kanthi kuda-kuda sikil kering ana ngarep, karo tangan sing kanan ngepel
kenceng, aku tumuli tumandang maju karo ngirimne jurus kapisan, kaya obahing
kilat sikilku ngemba badher nyaut mangsa nerjang ngarah weteng. Sanadyan jurus
iki nduweni daya sing nggegirisi, parandene ora tak kirimne kanthi lamba,
nanging isih tak rangkepi klawan kekuwataning aji Surung Gunung peparing saka
rama Tumenggung. Aku wis ngandel yen kanthi jurus lan aji iki bakal ndadekne Ki
Jurudah mencelat banjur ora kuwat tangi. Nanging jebul panyanaku kliru, sadurunge
sikilku klakon ngorak-arik isen-isening wetenge Ki Jurudah, Abdi Kraton
Katentreman kuwi wis ngangkat sikile sing kanan mendhuwur karo maju, sauntara
tangan loro-lorone ngepel ngampingi dhengkule. Temah sikilku ora sida nyenggol
wetenge, nanging malah nanggor dhengkul sing nyata bakoh adeg-adege. Tempuke
kekuwatanku sing ditadhahi panangkise Ki Jurudah, ndadekne Ki Jurudah kontal
memburi kira-kira limang jangkah, adage katon sempoyongan, kuda-kudane ambyar.
Sauntara aku dhewe, ngrasakne kaya lagi wae nyadhuk watu gedhe nganggo sikilku
sak bantere, aku mbendal memburi kira-kira telung jangkah, wetengku krasa lara
malah brada munggah menyang dhadha, adegku uga banjur koming. Nanging vaku isih
bisa nguwasani kahanan, dadi aku ora nganti tiba utawa ngadeg kanthi sempoyongan.
“Jurusmu Badher Nyaut Mangsa sing mbok rangkepi aji
Surung Gunung isih adoh saka sampurna Suwanda” karo mapan nata kuda-kudane Ki
Jurudah isih kober maido marang aku “malah nek oleh tak arani, kuwi mau mung
jurus Wader Pari nungsung banyu sing mbok rangkepi nganggo aji Surung Grobag, karo-karone
mung pantes kanggo nggusah jingklong utawa laler sing ngganggu wong turu”.
“Setan kowe Ki Jurudah” krungu pamaido sing nglarakne
ati kuwi aku misuh, nanging aku pancen ya ngakoni nek satemene Ki Jurudah iki
ora kaya sing tak kira sadurunge, nyata yen dheweke nduweni ngelmu kanuragan sing cukup lan
kekuwatan sing ngedabedabi. Nanging aku babar pisan ora wedi, jalaran ngelmu
kanuraganku tak nkira isih mapan adoh ing dhuwure Ki Jurudah. Aku tumuli nata
sikil kanggo masang kuda-kuda maneh.
“Ayo saiki genti tampanana iki Jurus Kodhok Pencolotan
saka Kraton Katentreman” dumadakan Ki Jurudah ngobahne tangane, kepelane tangan
tengen kaya kodhok pencolotan arep ditibakne menyang praupanku.
Aku luwih prayitna, kepelan sing polahe kaya kodhok
lagi pencolotan kuwi bisa tak endhani kanthi gampang sarana ngiringake sirahu
mangiwa. Nanging jebul sikile Ki Jurudah uga banjur digunakne, aku sing lagi
ndhoyongne awak, didugang ngarah wetengku. Kaya sing ditindakne Ki Jurudah mau,
aku gage wae aweh panangkis nganggo dhengkul kiwa. Nanging bawane kuda-kudaku
ora jejeg, aku kontal memburu watara limang jangkah banjur tiba neng lemah. Ki
Jurudah ora kober nguber jalaran panangkisku mau jebul bisa mbalekne kekuwatane,
Ki Jurudah uga mbendal memburi watara telung jangkah, banjur adage uga dadi
goyah. Kuda-kudane katut ambyar.
Sawise antarae aku lan Ki Jurudah wis padha bisa
ngira-ira mungguh sepira kekuwataning mungsuh, mangka banjur padha nutigne
olehe ngunggar kasudiran adu jaya kawijayan. Nganti oleh seket jurus kepara
luwih, antarane aku lan Ki Jurudah padha dene olehe durung bisa ngasorake
mungsuh. Nanging aku isih nduweni petung yen ora suwe maneh, Ki Jurudah mesthi
bisa tak rubuhake. Jalaran sing tak gunakne iki mau kabeh lagi ngelmu-ngelmu sing
tak tampa saka Rama Tumenggung nalika aku isih dadi punggawa ing dalem Katumenggungan
biyen. Kamangka kajaba ngelmu-mgelmu kuwi, aku wis ngerti yen jebule pusaka
Kyai Bancik lan Slendhang Sipat sing saiki wis nyawiji karo aku iki bisa tak
gunakne minangka piranti sing kekuwatane nyata luwih nggegirisi.
Alon-alon aku rada ngedohi Ki Jurudah, ora merga aku
wis miris, nanging aku nedya nglolos Slendhang Sipat sing tumali ing lempengku,
arep tak gunakne kanggo ngadhepi Ki Jurudah, supaya abdi kraton Katentreman
kuwi bisa tumuli tak kalahake.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar