82.
Slendhang Sipat wis tak cekel nganggo tangan tengen,
banjur tak puter ing dhuwur sirahku kanggo aweh sasmita marang Ki Jurudah
supaya waspada yen pancen dheweke isih ngeyel arep meksa aku supaya masrahne
Kalpika Mustika Tirta marang dheweke. Nadyan sasmita kuwi rupa pepeling, nanging
satemene uga ngemu sasmita supaya Ki Jurudah tumuli murungne karepe, awit yen
nganti mbacutake nggone arep ngrebut Kalpika Mustikaning Tirta saka tanganku,
tan wurunga dheweke bakal lebur tanpa dadi ketiban slendhang pusaka peparinge
Wa Anggara warisan saka Kanjeng Eyang Begawan Satiban iki.
Ki Jurudah katon mangu-mangu nyawang kekuwatane
Slendhang Sipat sing tak tuduhne kanthi tak puter ing dhuwur sirahku kuwi. Nangi
ora suwe, abdi dalem Kraton Katentreman kuwi mencolot mundur, banjur ngeremne
mripate karo tangan sikep sembah kalbu sing ditemplekne ing prenah dhadhane.
Dumadakan ora kawruhan sangkane, tak sawang ing tangane Ki Jurudah wis ana tali
tampar saka benang lawe, tamparan patang warna sing keker, ya iku warna abang,
ireng, kuning lan putih. Kaya lekasku nalika aku ngetokne slendhang sipat mau,
Ki Jurudah banjur muter lan ngubengake tampar sing dicekel ing dhuwur sirahe. Ana
suwara kaya sindhung riwut sing arep ngorak-arik isining bumi lan disusul saka kadohan
mbuh saka ngendi asale, ana suwara pating jlerit, kaya suwarane titah sing lagi
nampa pasiksan ing Yamani loka.
Kanthi nuduhne tamparan benang lawe sing rupane patang
warna kuwi, aku dadi ngerti yen Ki Jurudah milih nutugne adu katiyasan karo
aku, Pusakaku Slendhang Sipat dikembari nganggo pusakane sing wujud tali tampar
lawe kuwi. Aku dadi nora sabar maneh, banjur mencolot maju nyaketi papane Ki
Jurudah sing wis siaga karo pusakane.
“Aku wis ngelingne Kisanak” kandhaku sawise tekan
ngarepe Ki Jurudah “aku babar pisan ora kepengin kowe nemu cilaka ing papan
kene, nanging jebul kowe malah mamerne pusakamu. Saiki ora ana pilihan liya
kanggoku kajaba kudu nglumpuhake kowe ing papan kene, ya muga-muga wae, kowe
ora nganti koncatan nyawamu merga saking bodhomu kuwi”.
“Aku ngerti Suwanda” karo mesem sajak ngece Ki Jurudah
isih kober mangsuli kandhaku “Slendhang sing rupane kuning neng tanganmu kuwi
nyata yen pusaka dibya, yasane Begawan Satiban sing kasektene nganti bisa nyundhul
langite para Jawata aja maneh mung wujude titah ora wedia yen nganti kena
walate Slendhang Sipat sing ana tanganmu kuwi, sanadyan dewa wae mbok menawa
ora bakal wani nyoba. Nanging kapeksa aku kudu wani ngadhepi, jalaran mandine
gegaman kuwi dumunung ana sing nyolahne, luwih-luwih gegaman sing wujud pusaka
yen sing nggunakne wong sing resik atine kaya Ki Kebayan Bulak Pandhe utawa
luwih-luwih Panembahan Satiban, kekuwatane Slendhang kuwi ya kaya sing wis tak
kandhakne mau. Nanging nek sing nggunakne kowe, aku sethithik wae ora ana rasa
wedi tak kandhani. Mung murih rada timbang, aku kapeksa ngetokne gegamanku
Tampar Napsu Papat uga peparinge guruku, nadyan mbok menawa ora duwe
pangaribawa kaya gaman sing mbok gawa, nanging merga kanggo ngadhepi menungsa
ora tata kaya kowe kira-kira ora bakal Tampar Napsu Papat iki agawe kuciwa”.
Disuwarani kaya mangkono kuwi, aku wis ora ngrewes
maneh. Karo nerjang maju, Slendhang Sipat tak puter banjur tak sabetake marang
ragane Ki Jurudah. Aku percaya, yen nganti Ki Jurudah ora ngendhani mesthi
bakal rubuh neng lemah kentekan daya kekuwatane, malah mbok menawa wae, yen ana
kurang bejane bisa dadi lan patine. Nanging jebul Ki Jurudah malah maju
sejangkah mapagne sabetan Slendhang Sipat sarana muter Tampar Napsu Papat duweke. Kaya ana gunung ceblok saka langit suwarane
nalika tumibane Sledhang Sipat ketadhahan Tali Tampar Napsu Papat. Rasane
dhadhaku kaya ketiban watu gedhe, kaya – kaya arep rontog kabeh isen-isene.
Malah aku banjur kesurung memburi, tiba jengkeng kaya kentekn tenaga. Sauntara
Ki Jurudah malah jempalitan jungkir walik memburi wola-wali, sing wekasane tiba
klumah neng dhuwur lemah. Saka kadohan tak sawang ana getih kenthel sing rupane
ireng diutahake dening abdi dalem Kraton Katentreman kuwi. Kang mangkono kuwi
aweh pratandha, nadyan katone Ki Jurudah ora bucik kulite nanging wis ana tatu
anyar sing angrem ana jerohane. Aku dhewe samono uga, yen ndelok rasane iki,
kira-kira isen-isening dhadhaku uga wis ana sing onya.
Nganti rada sauntara suwene aku ora kuwat bali ngadeg
lan ambegan kanthi lancer. Kahanane Ki Jurudah uga ora akeh bedane, isih
panggah gumlethak neng lemah ora obah, mung merga mripate isih ketok bola-bali
kedhep wae sing nuduhne yen Abdi Dalem Kraton Katentreman kuwi isih durung
pecat nyawane. Tangane tengen isih katon kenceng nggoceki Tampar Napsu Papat
pusaka piyandele. Wasana nadyan ambeganku durung tumata kanthi becik, aku luwih
dhisik bisa ngadeg. Kanthi loon-lonan aku jangkahne sikil arep nyedhaki papane
Ki Jurudah, jroning tekadku arep tak tari sepisan maneh. Milih pasrah bongkokan
lan murungne karepe nggine arep ngrebut kalpika Mustikaning Tirta saka
tanganku, banjur nglarapake aku menyang ngarsane Kang mBok Ratu Setyawati, apa
milih tak lunasi nyawane ana papan kene.
Nanging dumadakan ora weruh asal-usule, ing ngarepku
ana cahya kumleyang lan sawise mandheg jebul Ki Prasanta wis ngadeg jejeg ana
ngarepku. Tangane tengen nyekeli buntut sapi sing wis garing, sing lumrahe
digunakne wong-wong kanggo nggusah laler.
“Aja kesusu rumangsa wis menang kowe Suwanda” kandhane
Ki Prasanta karo mesam-mesem sajak ngremehne kekuwatanku “lan aja mbok kira nek
sedulurku lanang kae wis tanpa daya kaya kowe, ngertia anggone ngglethak kae
satemene mung aweh kalodhangan marang kowe murih bisa nata ambeganmu sing wis
meh mencelat kuwi, ngerti?”.
“Eh, Ki Prasanta tak jaluk ndika aja melu-melu celeng
keboloten, iki perkaraku karo Ki Jurudah, luwih becik ndika sumingkir sauntara
saka kene, kajaba yen ndika pancen kepengin tak katutne dosa ndika sing kudu
lebur dening Slendhang Sipat sing ana tanganku iki” wangsulanku karo suwara
sereng.
“Bocah ora bisa nyawang kahanan kowe kuwi Suwanda” Ki
Prasanta guneman karo ngguyu ngece “lakumu wae isih moyag-mayig durung jejeg
lan ambeganmu iya isih pedhot-pedhot ngono, kok bisa-bisane kowe nantang lan nggiri-nggiri
aku karo Slendhang Sipat Gadhuhan?. Ngertia Suwanda, sanadyan pusaka sing saiki
dadi gadhuhanmu kuwi nduwe daya pangaribawa sing ngegirisi, nanging ora bakal
bisa ndadekne kowe beja, ora bisa ndadekne kowe banjur mesthi unggul ing yuda,
jalaran daya lan pangaribawane pusaka sing saiki mbok kuwasani kuwi, panggah
winatesan dening Sing dadi Sumbering Daya lan Pangaribawa, ya iku Sang Dzat
Kang Murbeng Dzat, Ya Gusti Sing Maha Nasa. Yen laku jantramu tansah nurut
piwulange Gusti mangka senjata sing mbok kuwasani bisa muwuhi kekuwatanmu,
nanging yen lakumu wis singular ninggal piwulang nerjang pepacuhe kaya sing wis
mbok lakoni sasuwene iki, mangka pusaka kuwi bakal bisa nyepetake nggonmu
tumiba ing juranging kasangsaranmu dhewe”.
Akeh-akeh Ki Prasanta nggone guneman, nadyan rupane ya
panguman-uman nanging isih ana selipaning ukara sing wujud pitutur lan pepeling
marang aku. Nanging kabeh gunemane Ki Prasanta kuwi mungguhku kaya uyah sing
cemplung menyang segara. Ora pantese mung saabdine sedulurku tunggal guru, aweh
pitutur marang aku. Luwih-luwih, anggone guneman babar pisan wis ninggalne suba
sita, babar pisan nganggo tembung ngoko lan malah wani njangkar marang aku
pisan.
Aku arep aweh wangsulan ngiras pantes ngelingne
mungguh drajatku karo drajate Ki Prasanta kuwi ora padha, nanging sadurunge
lambeku menga lan ngucapake tembung, dumadakan ana cahya padhang warna ijo
maya-maya sing nutupi papan kono mau, lan nalika cahya ijo kuwi wiwit suda ing
awang-awang bisa tak sawang, ana kursi gadhing sing dilungguhi wanita sing ayu sulistya
ing warna ……Kang mBok Setyawati sing lagi ngulati aku lan Ki Prasanta.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar