83.
Weruh tekane Kang mBok Ratu Setyawati sing lenggah ana
kursi gadhing inga wang-awang, sumeleh tanpa landhesan gumantung tanpa
canthelan ngono kuwi, Ki Prasanta sing maune ngadeg pasang kuda-kuda siaga
ngadhepi aku, banjur ndheprok lungguh neng lemah. Adhepe diinger marang prenahe
Kakang mBok Ratu, malah Ki Jurudah sing mau nglemprak, ngglethak sing katon
tanpa daya, kanthi trengginas uga banjur tangi lan lungguh kaya patrape Ki Prasanta.
Aku sing wiwit pisanan ketemu karo Kang mBok Setyawati wis duwe rasa seneng,
senenging priya marang wanita, awit pasuryan, dedeg piadeg sarta slagane Kang
mBok Ratu sing babar pisan ora slewah karo Andalu, dadi rada dheg-dhegan. Ana
rasa aneh sing nggremet sajroning dhadhaku. Luwih-luwih bareng weruh
peranganing gulu mangisor sing ketutupan slendhang tipis rupa ijo maya-maya, lan
slendhang kuwi tansah obah kena sumribite angin, ndadekne dhadhaku krasa
kumesar. Bares wae, aku banget kasengsem ndulu Kakang mBok Setyawati sing saka
rumangsaku luwih ayu tinimbang Bathari Ratih sing jarene dewaning wong ayu ing
kahyangan cakrakembang kae. Saking kasengseme atiku, ora krasa aku ndomblong
ora kuwawa omong, lali marang sakehing kedadeyan sing lagi wae kelakon, lali
marang endahing sesawangan sajroning taman sing mau kober gawe ngungunku.
“Suwanda, ya gene sira sing jejer dhayoh, teka wani
gawe gendra ing papan kene?” kanthi sorot netra sing landhep, Kang mBok Ratu
tanpa tedheng aling-aling nakoni aku.
“Nyuwun pangapunten Kang mBok Ratu” karo rada glageban
aku aweh wangsulan “inggih saderengipun pangabekti kula mugi kunjuk ing ngarsa
jengandika langkung rumiyin. Namung mugi kauningan saha mugi diagung ing
pangaksaminipun menawi kula dereng mangertos kalihan dhawuh pangandika
jengandika ingkang mastani damel gendra menika”.
“Wasis banget sira ngobahne ilat Suwanda?” tanpa
mangsuli nggonku atur bekti kang mBok Setyawati semaur sengit, nanging saka
rumangsaku pasuryane Kang mBok Setyawati malah wuwuh manise, ndadekne atiku
sansaya sengsem ndulu pasuryane “sira wis wani ninggal tata krama lan tumindak
murang tata, pamer kasudiran lan kadigdayan, adol gendhung marang kulawarga
Kraton Katentreman, nanging sira bisa api-api ora ngerti karo tembungku sing
ngandhakne yen sira wis gawe gendra? Licik sira Suwanda!. Apa pancen wis thukul
lekas ing atimu nedya nyoba kasekten ana Kraton Katentreman kene he ?”.
“Nyuwun pangapunten Kang mBok” kanthi tembung sing
alus aku aweh wangsulan “saglugut pinara sasra boten wonten ing manah kula
badhe nindakaken kados ingkang jengandika dhawuhaken menika kala wau. Parandene
kedadosan antawisipun kula kalihan Ki Jurudah ingkang nembe kemawon menika niki
wau, inggih mbok menawi awit saking salah tampi kemawon. Mugi Kang mBok Ratu
kersa paring pangaksami dhateng kula pun Suwanda”.
“Salah tampa?” Kang mBok Ratu njedhirne lathine,
mimbuhi patute, sansaya nengsemake yen disawang “apa mbok kira aku ora weruh
kabeh sing wis sira lakoni he?”.
“Menapa menika Kang mBok Ratu?”
“Ngertia Suwanda” Kang mBok Setyawati guneman maneh “wiwit
sira budhal menyang Majapahit sing jarene sira mung kepengin weruh kahanane
sawuse Sinuwun Prabu kendhang jengkar saka praja, nanging kanyatane malah sira
kanthi ati sing lega wis nyidrani janjimu marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa
sing mbok kandhakne ing ngarepku kae, nganti kedadeyan dina iki kanthi bandha
ngelmu gadhuhan lan pusaka silihan sira wis wani murang tata ing papan kene, ora
ana sing kliwatan, kabeh wis tak ngerteni. Ngerti?”.
Bareng Kang mBok Ratu ngucap kaya mangkono kuwi, aku
dadi meneng. Jroning atiku kandha lan sujana yen wis ana wong sing wadul marang
Kang mBok Setyawati kanthi gawe crita sing ngayawara. Jalaran saka rumangsaku,
aku ora nindakne laku cidra marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaya sing
didakwakake Kang mBok Ratu iki. Mung nek bab anggonku wis kerengan karo Ki
Jurudah lan kober tantangt-tantangan karo Ki Prasanta, mbok menawa bisa wae
diarani nek aku wis ngendel-ngendelne dumeh kagadhuhan ngelmu kanuragan saka Sawargi
Rama Tumenggung lan kaampilan gegaman rupa Keris Kyai Bancik lan Slendhang Sipat.
“Ya gene sira ora gage wangsulan Suwanda?” Kang mBok
Setyawati bali takon maneh sawuse rada sauntara aku meneng, nggagas apa sing
dikandhakne mau.
“Makaten Kang mBok” aku wangsulan alon, karo ora leren
nggonku nguwasi Kang mBok sing saka rumangsaku saya mencutne ati wae iki “Menawi
mekaten ingkang jengandika kersakaken, estu bilih sampun wonten kedadosan salah
tampi. Liripun makaten, mila kula akeni menawi kula sampun kerengan kalihan Ki
Jurudah ingkang sakalangkung rame, lan menawi menika kula kaanggep lepat, kula
saestu namung saged tadhah dosa lan siaga nampi menawi kedah kapringan pidana
saking jengandika kang mBok Ratu. Nanging, menawi kula kadakwa sampun nyidrani kasagahan
kula dhateng Kanjeng Eyang Panembahan Resi Doradruwasa, kados ingkang kula
ucapaken ing ngarsa jengandika, menika saestu boten leres. Malah anggen kula
daya-daya sowan mriki menika inggih awit kula badhe netepi kesagahan kula nampi
piwucal ngelmu peparingipun Kanjeng Eyang Doradruwasa lumantar tuntunan saking
Kang mBok Ratu. Nanging mugi kauningana Kang mBok, sasampunipun kula saged
dumugi ing Taman Pangayoman awit saking daya lan pangaribawanipun Kalpika
peparing jengandika nenggih Kalpika Mustikaning Tirta, lan kadhawuhan ngrantos
timbalan jengandika dumadakan Ki Jurudah rawuh mrepegi kula lan kanthi sikep
degsura badhe ngrebat Kalpika Mustikaning Tirta saking tangan kula, satemah
dados kerengan kala wau”.
“Dadi sira isih kepengin nggadhuh Ngelmu Sejatining
Sih kuwi Suwanda?” Kang mBok Setyawati nakoni aku karo mencep, dhadhaku dadi
sansaya krasa kumesar. Jroning ati tuwuh gagasan, baya mulyaning uripku yen aku
bisa kasembadan mengku sedulur tunggal guruku iki minangka jatukramaku.
“Dhuh Kang mBok, kenging menapa boten? Saestu kula anggen
kula daya-daya dumugi mriki menika namung badhe nyuwun katuntun dening
jengandika murih kula saged maris ngelmu Sejatining Sih menika” wangsulanku
alus lan anoraga.
“Nadyan satemene sira ora gelem yen tak arani, nanging
kanyatan sing ana ora bisa diselaki Suwanda” kandhane Kang mBok Ratu karo
mripat sing nyawang praupanku kanthi landhep .
“Menapa menika Kang mBok?”
“Kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep” Kang mBok
Setyawati aweh wangsulan, “sira wis nyidrani janjinira dhewe sing sira
kandhakne ing ngarepku nalika sira arep budhal menyang Majapahit kae. Ya iku sira
saguh netepi piweling saka Eyang Resi Doradruwasa minangka sarat kanggo nampa
tuntunan Ngelmu Sejatining Sih, ya iku sasuwene sira durung bisa ngaweruhi
werdining Ngelmu Sejatining Sih, sira ora dikeparengake gawe patining titah
wujud apa wae utawa dadi sarana matining titah rupa apa wae. Nanging kanyatane,
apa sing wis sira tindakake marang Ki Suwela lan Makara, ora mung gawe pati wae
sing sira lakoni, nanging malah wis tumindak siya sing ngluwihi wates. Sawise
klakon gawe patine Suwela lan Makara kanthi cara sing keliwat siya, isih mbok
tambah klawan tumindak sing luwih siya maneh, kanthi mongkog sajroning ati
sirahe Suwela lan Makara mbok panjer ing papan kang rame temah gawe giris atine
sing padha weruh. Saiki arep nganggo cara apa sira bakal nyelaki apa sing tak
kandhakne iki he Suwanda?”.
Aku njegreg ora wangsulan, pancen nalika semana,
ketang rasa sengit lan nesuku marang Ki Suwela lan Makara sing wis tumindak
siya marang Kanjeng Ibi Nyi Tumengung, Wa Nyai Kebayan Bulak Pandhe lan
luwih-luwih marang Andalu, aku wis mentala tumindak kaya sing diucapne Kang
mBok Ratu mau. Nanging kudune Kang mBok Ratu bisa aweh biji klawan adil, lakon
sing tak ntindakne kuwi kabeh mung sadrema aweh piwales, ora merga aku sing
seneng tumindak siya lan nistha. Iki sing arep tak kandhakne marang Kang mBok Ratu,
kanggo mbuktekne yen ora sawutuhe kabeh kuwi luputku. Luputku bisa dianggep
ilang merga anane pawadan sing yekti tinemu ing nalarku.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar