84.
Sadurunge aku aweh wangsulan marang kabeh pandakwane
Kang mBok Setyawati, aku mbutuhake wektu sedhela kanggo nata ukara murih bisa
runtut. Kanthi mangkono bakal keprungu yen dirungokne, ora waton muni madoni marang
sing ndakwa mung waton ngeyel kaya lumrahe wong rebut bener. Lan sawuse ukara tinata
kanthi rapi ing atiku, Kang mBok Setyawati bali tak sawang praupane, saka
rumangsaku praupan kuwi sansaya sumunar anelahi, ka[rebawan dening ayuning rupane.
“Sira arep omong apa Suwanda?” sadurunge lambeku
menga, Kang mBok Setyawati ndhisiki takon karo rada mencereng, ketara yen lagi
nesu.
“Sedaya ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, mila
boten wonten ingkang badhe kula selaki” aku wiwit aweh wangsulan “nanging mugi
kaemutan Kang mBok, Suwela miwah Makara ingkang sampun pejah kanthi kados
ingkang jengandika dhawuhaken menika, saestu boten pantes menawi dipun bela.
Jalaran, sampun malih namung dipun pejahi kanthi cara ingkang kados makaten,
kapejahana mawi cara ingkang kejemipun tingkel ping sadasa pisan, estu dereng
timbang kalihan dosa lan kalepatan ingkang dipun lampahi dening tiyang kalih
menika. Dados anggen kula sampun nyidrani kasagahan kula boten badhe damel pepati
kasebat, inggih awit kapeksa dening kawontenan, murih jejeging adil. Menapa
lepat menawi wonten tiyang ingkang malesaken sakit wirangipun tiyang ingkang
luhur pakartinipun dhateng tiyang ingkang culika sarta candhala ing budi kados
Suwela kalihan Makara menika?”.
“Manis tembungmu Suwanda” Kang mBok Setyawati mesem,
sanadyan olehe mesem kasurung rasa sengit, nanging mungguhku esem mau nyata isih
pait rasane madu tinimbang eseme wong ayu iki “sira nyoba endha saka pandakwa
sing nyata, nanging sumurupa dhawuh saka Kanjeng Eyang Resi mung siji ora kena
gawe pepati mung kuwi. Dadi embuh sabab apa ora kena kanggo pawadan kanggo
mbenerake yen nyatane dhawuh kuwi ora
bisa sira leksanakne. Karo maneh, sing wenang duwe wewenang ngecakne lakuning
pangadilan kuwi ora sadhengah uwong klebu kaya sira kuwi, nanging mung kang
sinampiran panguwasa dening Hyang Suksma sing wenang nibakne pidana marang wong
sing kaanggep luput. Sartane kawruhana lan ngelingana, yen sira ora lali karo
dhawuh piwulange Bapakmu angkat ya Tumenggung Jatikusuma, Gusti Tumenggung nate
paring piwulang yen satuhune manawa males ala marang wong tumindak ala, kuwi
kabeh dadi ala lan ora ana sing diarani kabecikan. Males kabecikan klawan
tumindak sing becik, kuwi aran wis lumrah lan tibane dadi timbang. Yen ana wong
sing tumindak ala marang sira, kamangka sira kuwawa males, nanging sira kepara
milih asung pangapura lan mbudidaya murih wong ala kuwi bisa bali liwat dalan
sing bener temah gelem mertobat lan nggedhekne panggawe becik, ing kono lagi
kena diarani sira kuwi klebu siswa sing bisa nglakoni piwulange Panembahan
Satiban sing dilunturake marang Tumenggung Jatikusuma sing wekasane diwarahake
marang sira. Nanging nyatane piwulang-piwulang kuwi babar pisan ora ana sing
sira tindakne. Apa ngono kuwi sing diarani titah kang bisa ngabekti marang guru
sarta wong tuwa? He? Suwanda, wangsulana!”.
Apa sing dikandhakne Kang mBok Setyawati ngono kuwi,
tuhu jumbuh karo unine piwulang sing tau tak tampa saka sawargi Kanjeng Rama
Tumenggung. Dadi aku ora bisa umbal guneman kanggo aweh wangsulan kanggo
mbenerake tumindakku sing nyatane diarani luput gedhe dening Kang mBok
Setyawati sing uga kanthi dhasar piwulang sing tau tak tampa. Nanging nek nitik
saka unine piwulang sing diampil dening Kang mBok Setyawati iki mau, kudune nadyan
aku wis tumindak luput sing gedhe, isih ana pangarep-arep kanggo nampani pangapura.
Isih ana pangarep-arep aku bisa ndandani kaluputan mau minangka srana
panebusing dosa. Mula aku banjur duwe gagasan, tinimbang udur rembug sing sayekti
tanpa guna, luwih becik aku ngakoni sakehing kaluputanku lan saguh nampa pidana
apa wae, waton wekasane aku bisa oleh pangapura banjur Kang mBok Setyawati
tumuli aweh tuntunan marang aku magepokan karo ngelmu sing wis tinurunake
marang aku dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nanging durung tak ngerteni
apa sing dadi isine, ya kuwi Ngelmu Sejatining Sih. Lan bares wae, wektu kuwi
ing angen-angenku satemene bab nampa tuntunan ngelmu kuwi bisa dikandhakne ora
pati baku, aku isih luwih kepengin kanthi nampa tuntunan jlentrehing Ngelmu
Sejatining Sih iki, bisa dadi sarana nggonku bisa cecaketan karo sedulur
tunggal guruku sing wis gawe gonjang-ganjinge atiku iki. Lan sasuwene cecaketan
mengko, aku kudu bisa nelukne atine wong ayu iki temah kanthi legawa gelem dadi
tetimbanganing uripku.
“Dhuh Kang mBok Ratu” wekasan aku guneman, suwaraku
tak gawe trenyuh murih bisa nyenggol pangrasane sing taka jak guneman “samangke
kula saged angakeni kanthi tulusing manah bilih kula saestu sampun dados titah
ingkang duraka lan kebak dosa. Inggih awit saking menika, pejah gesang kula
sawetahipun wonten ing asta jengandika Kang mBok Ratu, badhe kadhawahan pidana
menapa kemawon wujudipun, kula namung saged pasrah kanthi rila legawaning
manah, sadaya badhe kula lampahi kanthi boten badhe angresula, namung mugi
wonten sih wilasa saking jengandika Kang mBok Ratu, saderengipun kula pejah
mugi Kakang mBok kepareng maringaken tuntunan dhumateng kula murih kula saged
mangertosi Ngelmi Sejating Sih piwucal pungkasan dhateng kula saking Kanjeng
Eyang Maharsi Doradruwasa”.
Wangune tembungku sing tak ucapne nganggo
suwara sing nrenyuhake kuwi wis bisa nundhung rasa sengi ting atine wong ayu
sing lungguh neng kursi gadhing kang mapan inga wang-awang kuwi. Tak sawang
pasuryane Kang mBok Setyawati wis padhang kaya pasuryan sing tau tak sawang
sepisanan nalika aku kepethuk ing Keduwang jaman semana. Pasuryan sing katon
sumunar kablebet cahya ruruh kang merak ati, pasuryan sing jebles karo praupane
Andalu putrane sawargi Wa Anggara ing Bulak Pandhe. Sansaya ngrembaka tuwuhing
pangarep-arepku marang kasaguhane Ratu Kraton Katentreman aweh tuntunan marang
aku murih bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih.
“Dhimas Suwanda” kaya siniram tirta wayu
sewindu rasaning atiku krungu tembunge Kang mBok Ratu Setyawati sing dumadakan
guneman, nyeluk jenengku nganggo sebutan “dhimas” kanthi suwara sing alus lan
endah sing ngungkuli endahing kidungane para hapsari ing kaswargan.
“Kawula nuwun inggih Kang mBok?” gurawalan
aku tumuli mangsuli.
“Satuhune sagedhe-gedhening dosa sing wis
dilakoni dening Dhimas Suwanda, yekti isih gedhe pangapura sing kudu dhimas
tampani” Kang mBok Setyawati nutugne anggone guneman sing ndadekne senenging
atiku.
“Kaparenga pun Suwanda ngaturaken sewu
gening panuwun Kang mBok” aku tumuli aweh wangsulan karo nyembah lan nungkulake
sirah, ing batin surak-surak saking rasa seneng sing tanpa upama sing tak
rasakne.
“Pun kakang ora bakal nyelaki jejibahan sing
kadhawuhake Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa” kang mBok Ratu nutugne anggone
ngendika, “ya iku aweh tuntunan marang Dhimas Suwanda murih bisa manunggal
klawan Ngelmu Sejating Sih, nanging………”
“Nanging kados pundi Kang mBok?” ora sranta
aku nugel rembug nganggo pitakonan, jalaran Kang mBok Setyawati ora enggal
nutugne tembunge.
“Nanging ana sarate” wangsulane Kang mBok
Setyawati sabanjure “sawuse Dhimas Suwanda kacemplung ing juranging dosa,
Dhimas Suwanda kudu luwih dhisik ngresiki jiwa lan raga, yen wis lagi bisa pun
kakang aweh tuntunan marang si Adhi”.
“Menapa ingkang kedah kula lampahi Kang
mBok?” aku gage semaur “sanadyan saupami kangge ngresiki jiwa lan raga kula
saking lumuting dosa kedah mawi sarana dipun obong ing samodraning latu, saestu
kanthi suka gambiraning manah pun Suwanda badhe anglampahi ambyur ing
samodraning latu kasebat”.
Kang mBok ratu ora enggal guneman aweh
wangsulan marang kasaguhan sing tak kandhakne iku. Mung ing lathine katon ana
esem sing sumringah nuduhne senenging atine, ya esem kuwi sing ndadekne aku
sansaya njahe wana, piyang payingan sajroning ati.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar