Total Tayangan Halaman

Rabu, 14 September 2022

SENDHANG MIUSTIKANING WARIH VI (093)


 93.

Diunekne ngono kuwi Guru mung kari bisa cengar-cengir, wangune rumangsa yen wis diwelehne dening Ratu ing Kraton Katentreman kuwi. Nanging sajake kang mBok Setyawati ya ora pati seneng ndedawa nggone gawe dolanan pangrasane Guru sing sela kora sabar anggone ngenteni wangsulan, ketitik Ratu Kraton Katentreman kuwi tumuli nutugne olehe guneman :

 

“Mula sing dadi dhawuhe Eyang ing Paluamba biyen kae ora ana lupute, nanging gandheng aku uga kaparingan nalar lan budi sing jangkep dening Kang Maha Agung, aku banjur duwe dudutan yen sing dikersakne dening Eyang ing Paluamaba biyen kae, kuwi sikep sing dicakne marang wong sing ora tau kandha goroh lan ora seneng guneman sing ora jumbuh karo kahanan sing satemene mung jalaran saka nuruti ati sing melik, kesusu selak muluk barang sing katone melok. Ewa samono, kandhane wong sing sok goroh kuwi uga durung karuwan yen goroh kabeh, sabab saala-alaning wong mesthi duwe kabecikan lan sabecik-beciking wong uga mesthi duwe cacad utawa kekurangan. Mula, sadurunge aku ngandhakne percaya lan orane marang apa sing arep ndika kandhakne, aku kudu luwih dhisik krungu apa sing dadi kandha ndika kuwi Raden Kala Canthuka. Lan sawise aku krungu klawan kupingku dhewe, lagi bisa tak gawe dudutan aku kudu percaya apa kudu nggorohake”.

 

Guru manthuk-manthuk, karo palarapane bola-bali dijengkerutne. Wangune Guru lagi menggalih utawa nata ukara kanggo mangsuli katrangan sing dikandhakne Kang mBok Setyawati iki mau. Aku rada gumun, jebul ngadhepi Ratu ing Kraton Katentreman iki, Guru sing padatan yen mangsuli sapa wae bisa ceplas-ceplos ora ndadak dipenggalih luwih dhisik, nanging bareng arep paring wangsulan marang Kang mBok Setyawati ketara yen mbutuhne nata ukara luwih dhisik. Ana sethithik pangira sing tuwuh ing atiku, apa merga Kang mBok Setyawati sing ayune ora karuwan iki isih ndadekne Guru kagungan pangarep-arep kepengin ketetsan sih saka Ratu ing Kraton Pangayoman iki? Yen pangiraku iki bener, prasasat Guru wis mentala muthes rasa tresnaku tenan, awit aku ngrumangsani sanadyan mbok menawa wae aku isih menang bagus ing babagan rupa, nanging aku bakal ora menang yen kudu rebutan tresna mungsuh Guruku sing kagungan sewu cara iki.

 

“Lha yen kaya mangkono sing dadi wangsulane Ratu” sawuse kendel rada suwe Guru banjur ngendika, olehe ngendika beda karo padatan, nanging ketara yen kuwi ucape wong sing ganep nalare, dudu gunemane wong sing gendheng “Ratu isih durung percaya marang aku, siswane Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba iki?”.

 

“Tak baleni ya Raden Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem, manis banget “yen sing dhawuh lan ngendika kuwi Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba, samedhang datan ana kang karempit, kabeh bakal tak percaya lan tak gugu yen iku mesthi benere, jalaran kanjeng Eyang ing Paluamba kuwi kajaba ora tau ngendika goroh, uga ora kagungan melik sing mamrihake hawa napsune dhewe. Beda karo ndika Raden Kala Canthuka, sing aku uga wis ngerti lan kepara wis apal kaya apa lakuning urip ndika sasuwene iki, dadi bares wae, aku bisa percaya lan nggugu sing dadi kandha ndika lamun sing ndika kandhakne jumbuh karo paugeraning nalar sarta ora nerjang pepacuh kapitayan sing tak rasuk”.

 

Sepisan maneh Guruku, ya Ki Tanpa Aran sing kagungan asma asli Raden Kala Canthuka iki manggut-manggut karo nyokoti lathine dhewe. Guru pranyata durung kuwawa nundhukne Kang mBok Setyawati supaya ngandel karo apa sing arep dikandhakne. Ing batin aku ya semu maido marang Guru, ya gene Guru ndadak ndedawa crita, ora enggal ngendika wae yen sranane bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku karo Kang mBok Setyawati kudu padha-padha anggone ngepek sisihan. Aku kudu ngepek Kang mBok dadia sisihanku, samono uga Kang mBok Setyawati kudu ngepek aku dadia gurulakine?. Apa olehe ora enggal ndhawuhake mangkono mau jalaran Guru wis ngowahi lekas sing jarene arep methukne aku karo Kang mBok Setyawati lan aweh pambiyantu supaya aku klakon bisa ngrabeni Ratu Panguwasa Taman Katentreman iki ? Lire wis owah jalaran Guru isih kagungan rasa kapencut marang sedulur nak dulure kuwi?. Rasaning atiku dadi sansaya ora karu-karuwan, jantungku sansaya krasa dheg-dhegan.

 

“Yen mangkono” Guru banjur ngendika maneh marang Kang mBok Setyawati “apa ora luwih becik tak wurungake wae ciptaning ati suciku kango nuduhake dalan marang Ratu marang kasampurnaning kawruh Aji Sekti Ngelmu Sejatining Sih iki? Sanadyan satemene aku ya weruh dhewe, Ratu Setyawati durung paya-paya sampurna nggone angawruhi Ngelmu Sejatining Sih iki?”.

 

“He he he…..” Kang mBok Setyawati gumuyu lirih nanging keprungu renyah, guyu sing endah, sing bisa gawe rasaning atiku sansaya kayungyun marang sing duwe guyu kuwi.

“Apa sing ndika guyu Ratu?” dumadakan keprungu suwarane Guru takon nganggo suwara sing sajak ora karenan penggalihe midhanget guyune Kang mBok Ratu sing renyah kuwi.

 

“Aja gampang rumangsa Raden Kala Canthuka” Kakang mBok Ratu wangsulan karo ngempet guyune “aku mung nggeguyu awakku dhewe. Ya gene kanggo nindakne jejibahanku dhewe aku kudu ngrungokne kojahe wong liya sing ora ana sambung rapete karo jejibahan sing kudu tak ayahi iki. Saiki babar pisan tak wangsuli pitakon ndika Kala Canthuka, yektine aku ora butuh krungu karo apa sing arep ndika kandhakne kuwi, nanging aku uga ora banjur kumalungkung ngangep yen arep ndika kandhakne kuwi ora ana gunane. Mula wangsulanku, kari sakarep ndika wae, ndika gelem guneman ngandhakne sing ndika arani srana murih enggal bisa nguwasani Ngelmu Sejatining Sih marang aku ya becik, dene ora gelem ngandhakne ya ora ana alane. Lan murih ora katut kalepetan dosa merga kaluputan ndika sing wis wani ninggalne kuwajiban rumeksa  Candhi ing Gunung Kumitir, kapeksa aku kudu nundhung ndika saka papan sing dadi wewengkonku iki”.

 

Krungu wangsulane Kang mBok Ratu sing canthas lan cetha kuwi, atiku dadi masgul sakala. Guru wis dikongkon ninggalne Taman Pangayoman kene, banjur aku kudu kepriye. Yen Guru banjur lunga saka kene, minangka murid aku kudu ndherek mbuh menyang ngendi parane, mangkono iku cetha yen wis nugel tekadku kanggoi bisa ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih klawan wutuh. Lan yen aku kudu lunga saka kene, ateges aku bakal kelangan pangarep-arep kanggo bisa mengku Kang mBok Setyawati dadi sisihanku. Karo meneng aku wiwit nimbang-nimbang, apa sing kudu tak lakonoi sabanjure. Tetep setya marang Guru, apa kudu murtad cukup tekan semene wae anggonku dadi muride Ki Tanpa Aran sing asma asline Raden Kala Canthuka iki?.

 

“Apa sing ndika kandhakne kuwi mau pancen wis bener Ratu” dumadakan Guru ngendika sing suwarane keprungu sabar lan sareh “tumrap ndika iya awit durung sumurup kang sanyatane, wis bener yen ndika ngandhakne ora mbutuhake kandhaku sing arep medhar srana murih ndika tumuli bisa nyampurnakne Ngelmu Sejatining Sih kuwi. Kudune, minangka wong sing ora kepengin dadi Kebo Gerang Nantang Pasangan, luwih kinurmat kanggoku tumuli lunga saka papan kene. Nanging, bareng aku kelingan kabecikan sing tau tak tampa saka Rama lan Ibu ndika temah aku isih dikeparengake urip nganti saiki, ora dikatutake dosane wong tuwa lan eyangku, malah banjur direngkuh kanthi becik dening Eyang ndika ya pepundhenku Kanjeng Eyang Resi ing Palu Amba, aku rumangsa bakal kaya Munyuk sing mendem Kecubung yen aku nganti nuruti panasing ati banjur tumuli lunga saka kene ngono wae”.

 

“Apa sing ndika karepake karo tembung ndika sing keri iki Kala Canthuka?” Kang mBok Setyawati nugel gunem kanthi pitakon sing canthas suwarane.

 

“Aku panggah arep ngandhakne apa sing bisa dadi sarana nggon ndika bisa tumuli mangwasni Ngelmu Sejatining Sih mau. Mung wae sepisan maneh aku takon, apa Ratu kersa paring palilah marang aku ngandhakne apa sing arep tak kandhakne mau?”.

 

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...