94.
Krungu pangandikane Guru sing mangkono mau, atiku
krasa dadi rada adhem. Jebul Guru ora mutung krungu wangsulane Kang mBok
Setyawati sing ora mbutuhake pambiyantu saka Guru kanggo bisa mangwasani Ngelmu
Sejatining Sih. Malah Guru kober nyethakne yen panjenengane ngajeni banget
marang wong tuwane Kang mBok Setyawati luwih-luwih marang Eyange. Alon-alon
mripatku nglirik pasuryane Kang mBok Setyawati, kepengin ngerti kepriye sikepe
sawuse krungu wangsulane Guru sing kaya mangkono mau. Ora ana owah-owahan babar
pisan, pasuryane Kang mBok Setyawati panggah katon sumunar mencutake ati, mung
kuwi wae.
“Ing ngarep wis tak kandhakne ta Kala Canthuka?” alon
nanging cetha Kang mBok Setyawati aweh wangsulan marang Guru “sanadyan aku ora
mbutuhake banget-banget marang apa sing arep ndika kandhakne, nanging aku uga
ora arep kumalungkung banjur wegah ngrungokne apa sing arep ndika kandhakne.
Mung wae, perkara aku bakal nggugu lan percaya sing ndika arani sarana kuwi mau
utawa orane gumantung marang dudutan sing bakal tak gagas sawuse aku ngrungokne
apa sing arep ndika kandhakne!”.
“Matur Nuwun Ratu” Guru ngendika karo mesem “samengko
arep tak wiwiti klawan crita kawicaksanan sing ditempuh dening Sang Maharsi
Doradruwasa sing mbok menawa wae durung ndika uningani”.
“Apa kuwi Kala Canthuka?” Kang mBok Setyawati katon
kepengin ngerti karo sing arep dikandhakne Guru.
“Ya iku kawicaksanan sing magepokan karo rasa tresnane
Sang Maharsi marang siswa-siswane ya iku nalika dumadi pralaya ing Dalem
Kabayanan Bulak Pandhe” wangsulane Guru nutugne nggone crita “nalika uninga
nalika samana putra wuragile Kebayan Bulak Pandhe sing jeneng Andalu arep suduk
jaja jalaran ora kuwat ngampet lara wirang awit pokale Makara lan andhahane,
Sang Maharsi tumuli ngetog kekuwatan kanggo nylametake aluse Andalu murih ora
dadi bangsa alus sing klambrangan ing alam antara, jalaran Sang Maharsi uga wis
pirsa yen satemene Andalu kuwi wis kinodrat dadi jodhone Raden Bagus Suwanda,
siswa wuragile Sang Maharsi sing nalika iku lagi arep budhal menyang Keduwang.
Mula sawuse ragane Andalu tumiba ing lemah dadi bathang, aluse Andalu banjur
tinuntun dening Sang Maharsi menyang Keduwang sing nalika samana mbarengi karo tekane
Ratu Pangayoman menyang Keduwang lan tanpa paring weruh marang ndika Ratu, Sang
Maharsi wis kepareng mratitisake aluse Andalu nyawiji marang jiwa raga ndika
Kang mBok utawa Dhiajeng Setyawati. Coba ndika eling-eling ana kedadeyan apa
nalika ndika jumujug ing patunggone Sang Maharsi sing nalika samana lagi
nindakne laku ambesut raga jalaran lagi lelana sarana mangraga suksma?”.
“Sanadyan durung bisa tak tampa kanthi wutuh” Kang
mBok Setyawati aweh wangsulan karo suwara sing ketara yen tulus ing tumeka ati “sing
ndika critakne lan sing ndika takokne kuwi ana sing rada memper karo kahanan
sing tak temoni, ya iku mbarengi aku mlebu ing patunggone Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa, panjenengane dumadakan wungu saka anggone sare malah banjur
jengkar saka patunggon banjur mapan sare maneh ana ing pringgitan lan sadurunge
sare luwih dhisik ndhawuhake supaya aku miwiti miyaki rontal ngidungake kakawin
sarta kidung suci piwucale para Brahmana duking kuna. Nanging dhawuhe kanjeng
Eyang Resi kuwi lagi bisa tak lakoni sawise Kanjeng Eyang Sare, jalaran nalika
iku dumadakan aku ngrasakne geter pater sing gawe gonjang-ganjinge jero
dhadhaku temah aku meh wae rubuh kantaka lan sawuse ragaku asat saka anggonku
adus kringet adhem, lagi gonjang-ganjing kuwi mbaka sethithik ilang lan aku bali
pulih kaya sadurunge lan bisa nindakne sing didhawuhne Kanjeng Eyang Resi,
nanging wektu kuwi Kanjeng Eyang wis sare maneh”.
Aku mung ndomblong wae krungu wangsulane Kang mBok
Setyawati sing nyritakne kedadeyan ing Keduwang nalika Kanjeng Eyang nindakne
laku ngambara kanthi angragasuksma. Sauntara Guru tak sawang katon
cengar-cengir sajak kaya padatan ngana kae.
“Ya nalika ndika ketaman rasa gonjang-ganjing ing
sajroning dhadha kuwi, mbarengi nyawijine aluse Andalu marang jiwa raga ndika
Ratu” Guru paring katrangan mungguh sing dialami Kang mBok Setyawati nalika
samana. Atiku dadi sansaya eram marang kawaskithane Guruku, ora krsa atiku dadi
mundhak mongkog dene aku wis klakon dadi siswane Guru sing nyata waskitha iki.
“Kuwi sing ndika kandhakne marang aku Kala Canthuka?”
dumadakan Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem sing aneh, katon ora tulus
eseme “kanggo mercaya kandha ndika sing iki utawa kanggo nggorohake aku isih
mbutuhne wektu sing rada suwe. Nanging ora ana alane yen ndika tutugne dhisik
sing arep ndika critakne iki!”.
“Iya Ratu, bakal tak tutugne nggonku arep kandha” Guru
sajak ora nggagas marang esem sepa saka Kang mBok Setyawati mau “lan satemene
nalika Sang Maharsi paring dhawuh marang ndika murih paring tuntunan marang
Raden Bagus Suwanda kanggo ngaweruhi isining Ngelmu Sejatining Sih nalika iku,
Sang Maharsi luwih dening uninga lamun ndika satemene uga durung pati pana
kanthi sampurna ngelmu kang tinulis tanpa aksara rinembug tanpa ukara kuwi.
Dhawuh supaya ndika paring tuntunan kuwi mung minangka sasmita, yen satemene
ndika lan Raden Bagus Suwanda bisa sembada lebda lan pirsa sari pathining Ngelmu
Sejatining Sih lamun ndika nyawiji dadi siji ing lahir trusing batin. Lire,
ndika kudu dadi jodhone Raden Bagus Suwanda lan Raden Bagus Suwanda kudu dadi jodhone
Ratu Setyawati Panguwasa Kraton Katentreman”.
Guru banjur kendel ora ngendika apa-apa maneh, wangune
ngenteni tumanggape Kakang mBok Setyawati marang apa sing dingendikakne iku mau.
Aku dhewe rumangsa lega sawuse Guru mungkasi nggone ngendika, rasa kuwatir sing
sinurung gagasan neka-neka marang Guru wis ilang tanpa nisa. Guruku Raden Kala
Canthuka iki nyata yen Guru Sejati sing welas lan asih marang siswane. Uga
Satriya sing bawa leksana, lire bisa anetepi pangandika ora mung nuruti kersaning
priyangga, ketitik sanadyan tau kasmaran lan ditampik malah kena sot pisan
jalaran anresnani Kang mBok Setyawati, nanging malah saiki mbales kabecikan
marang wanita sing ditresnani nanging males kanthi panampik sing nglarani ati
kuwi kanthi mbukakne wiwaraning sasmita saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa
sing durung dingerteni dening Kang mBok Setyawati. Jroning ati aku memuji
sarana nguwuh-uwuh jenenge Andalu, kanthi pangajab supaya aluse Andalu sing wis
nunggal sajiwa karo Kang mBok Setyawati kuwi tumuli ngobahake jatining rasane
Kang mBok Setyawati murih nggugu apa sing lagi wae didhawuhake dening Guru iki
mau.
Nanging tak enteni nganti sauntara ora mung Guru sing
ora nyuwara, sanadyan Kang mBok Setyawati uga ora enggal nanggapi apa sing
didhawuhake Guru kuwi mau. Ana karep arep kandha marang Kang mBok Setyawati ing
ati iki, nanging aku ora wani.
“Apa wis cukup sing ndika kandhakne Kala Canthuka?”
sawuse kahanan sepi sauntara, dumadakan Kang mBok Setyawati guneman takon
marang Guru.
“Uwis Ratu, ya mung kuwi sing arep tak kandhakne
marang ndika” wangsulane Guru karo mesem sajak karenan penggalihe “piye apa
isih ana sing kurang cetha sing mbutuhake katrangan kanggo nggenahne karepe?”.
“Cukup Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan
karo mesem “kabeh sing ndika kandhakne wis tak ngerteni sing dadi karepe. Saiki
ndika tak lilani ninggalne papan kene luwih dhisik!”.
“Aku durung arep lunga Ratu” Guru wangsulan karo
cengar-cengir kaya padatan “aku isih kepengin krungu panemu ndika ngenani apa
sing lagi wae tak kandhakne iki mau”.
“Kala Canthuka” Kang mBok Ratu wangsulan karo suwara
sing rada dhuwur “ing ngarep wis tak kandhakne, yen kanggo bisa mercaya utawa
bisa nggorohake crita sing ndika kandhakne kuwi, aku mbutuhne wektu rada suwe,
dadi ora bisa aku aweh wangsulan dina iki, sesuk utawa sesuke, sedina rong dina
munggahe nganti tekan sepasar, lan kanggo
njupuk dudutan kudu percaya utawa kudu nggorohake critamu kuwi mau, aku
mbutuhne suwasana sing sepi samun, dadi ndika kudu lunga luwih dhisik saka kene
murih ora ngregon-regoni nggonku arep njupuk dudutan saka critamu mau”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar