95.
Olehe
guneman mangkono kuwi Kang mBok Setyawati karo suwara sing rada dhuwur, semune nundhung
Guru lan wong liyane klebu aku lan Lancur supaya enggal-enggal lunga ninggalake
papan sing dadi wewengkone Ratu Kraton Katentreman kuwi. Wis tak badhe
sadurunge, Guru mesthi ora manut nuruti apa sing dikandhakne Kang Mbok
Setyawati ngono wae, Panjenengane kuwi wong waskitha sing bisa maca tulisan
tanpa aksara sing manggon ana atine wong sing diajak guneman, klebu Kang mBok
Setyawati. Lan aku percaya yen Guru bakal mbudidaya murih Kang mBok Setyawati lan
aku tumuli bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, kanthi sarana ndhaupake aku
lan Kang mBok Setyawati.
“Ratu”
Kanthi suwara sing sareh Guru ngendika, aweh wangsulan marang panundhung aluse Kang
mBok Setyawati “aku ngerti yen kanggo mutusake percaya utawa ora marang sing
wis tak kandhakne mau Ratu mbutuhake wektu, embuh kanggo nggagas embuh kanggo
samadhi nyuwun pituduhing Gusti, nanging hara kora kudu nganti sasen-sasen ta?
Lan maneh papan wewengkon ndika sing temene mapan ing jagad maya iki jembare
tanpa watesan, kanggo nindakne laku nggagas utawa samadhi ndika bisa milih
papan sing ora ana sing bisa ngganggu. Mula prayogane Ratu tumuli nindakne laku
kanggo nemokne putusan magepokan karo sarana sing wis tak kandhakne mau. Lan
aku njaluk idin marang ndika, yen aku arep nunggu wangsulan saka Ratu ana papan
kene. Dadi aku ora arep lunga sadurunge oleh wangsulan saka ndika Ratu Kraton
Katentreman”.
Ratu
Kraton Katentreman kuwi ora enggal semaur aweh wangsulan marang Guru, malah banjur
tumungkul karo ngeremake mripate, ora guneman apa-apa. Dumadakan tanpa tak
ngerteni sangkan parane, weruh-weruh Ki Jurudah lan Ki Prasanta abdi dalem
Kraton Katentreman, wis ngadeg ana ngarepe Guru karo ulat sing katon peteng,
wong loro kuwi katon mencereng nyawang marang pasuryane Guru. Nanging Guru
babar pisan katon ora migatekne marang wong loro kuwi, malah cengar-cengir kaya
padatan, bola-bali kukur-kukur mustakane sing ora gatel. Kang mangkono kuwi
mesthi wae ndadekne abdi-abdine Kang mBok Setyawati kuwi katon sansaya muring.
“He
Kala Canthuka” dumadakan karo maju sajangkah Ki Jurudah nggetak Guru kanthi
njangkar asmane, mesthi wae atiku sing dadi panas, tak lirik Lancur ya katon
ora trima Guru disewiyah dening Ki Jurudah. Alku tumuli ngadeg tata-tata ing
sandhinge Guru, samono uga karo Lancur sing wis siaga neng keringing Guru karo
sikep sing waspada.
“Gajege
iki rak Ki Jurudah biyen kae ta?” kaya wong nambong Guru malah genti takon
kango mangsuli panggetake Ki Jurudah “kupingku durung pati amoh Ki Jurudah, nek
ndika ngajak guneman aku ora prelu bengak-bengok kaya wong nggusah manuk ngono
kuwi, nanging nek olehmu mbengok kuwi kegawa saka kahananmu sing wis suda
rungon ya ora apa-apa, wong pancen wong sing suda rungon kuwi nek guneman kudu
banter ben kupinge melu krungu”.
“Aja
ngawur kowe Canthuka” wangsulane Ki Jurudah kasar “aku ora budheg kaya
pandakwamu kuwi……”.
“nDika
aja kleru tampa, aku iki ora ndakwa, mung nocogne kahanan, wong sing senengane
yen guneman nganggo bengak-bengok kuwi adate lagi suda pangrungune. Nek ndika
pancen ora kaya pangiraku ya sokur aku melu seneng, dene upama aku ngajak
guneman ndika, ora kudu ndadak nganggo bengak-bengok”.
“Setan
alas ora tatanan” Ki Jurudah misuh banter “ora sah ndadak kakehan gunem sing tanpa
guna, tak cekak wae, kowe gelem tumuli minggat saka kene apa ora he?” .
“Mengko
dhisik” Guru wangsulan sareh “ndika nakoni aku kaya ngono kuwi wis mikir apa
durung upama aku aweh wangsulan rupa pitakonan he?”.
“Kowe
ora prelu mangsuli kandhaku Canthuka” Ki Jurudah nggereng banter “sing mbaku
kowe aja kesuwen njejemberi endahing Taman Pangayoman iki, tak wenehi wektu
sapanginang kowe karo kanca-kancamu kuwi kudu lunga ninggalne Taman iki,
ngerti?”.
“He
he he he……” Guru ngguyu njegigis sajak ngece banjur disusul grenengan marang
awake dhewe “lagi tumon saiki iki aku, ana ana batur gedibal ping sanga likur,
wani nrucak marang satriya siswane Brahmana dibya, apa dumeh lagi kasampiran
panguwasa ya?”.
“Kowe
grenengan apa Canthuka?” Ki Jurudah takon karo nggetak “nek wangsulan sing
cetha, aja mung grenengan kaya wong dodol upas ngono kuwi!”.
“Raden
Kala Canthuka” durung nganti Guru mangsuli panggetake Ki Jurudah, Ki Prasanta
amul rembug ngundang asmane Guru.
“Iya
ana apa Ki Prasanta?” Guru aweh wangsulan kanthi suwara panggah sareh.
“Oraa
ndika pamerne, aku lan kadangku iki wis ngerti nek ndika kuwi siswane Gusti
Patih Maudara sing jumeneng Resi ing Paluamba” Ki Prasanta nyambung rembuge “anane
adhiku wani tumindak kasar marang ndika kuwi, ora merga ndika siswane Resi ing Paluamba,
jalaran Sang Resi kuwi nyata wikan ing babagan tata krama apadene suba sita,
beda adoh karo wewatakane sedulure anom Sang Resi sing wis mutokne ndika kae,
kajaba wonge julig, licik uga wuta ing reh tatakrama, wangune lekas ndika dina
iki ora tumuli lunga ninggalne papan kene iki merga kegawa saka watak wantune
Patih Logender lan anak-anake lanang sing kabeh duwe wulu ana atine kae apa?”.
Bener-bener
beda karo padatan, Guru sing sasuwene iki ora tau ngrewes diunekne apa wae
dening wong-wong lan bocah-bocah cilik sing kerep ngundang kanthi sebutan wong
edan, kajaba mung karo cengar-cengir karo ngguyu, dina iki pasurytane Guru
katon mbrabak abang nganti tekan kuping, kegawa saka panasing penggalihe krungu
rembuge Ki Prasanta mau. Socane Guru katon murup mirsani praupane Ki Prasanta,
kaya-kaya abdi Kraton Katentreman kuwi arep diklethak-kletaka sirahe.
“Iblis
malaningrat kowe Prasanta” pangandikane Guru keprungu sereng marang Ki Prasanta
“aja langap-langap waton bisa ngucap kowe Iblis, aku ora bakal lara ati mbok
unekne kaya apa wae, nanging nek wong sing wis entek awune jinempana ing angin,
sing nyatane kuwi kabeh leluhurku, mbok undhat-undhat kaluputane sing wis
tinebus klawan ilanging jiwa lan ragane, nanging panggah isih mbok gunem ing
ngarepku, padha wae kowe niyat ngenping lara nggenjah pati, selak kangen karo
panasing Yamaniloka”.
Bubar
ngendika mangkono kuwi tanpa ngenteni wangsulan, Guru banjur mundhut slendhang
sutra ireng sing mau tak gujengi pucuke karo Lancur sing wekasan bisa tekan
kene. Ing astane Guru, dumadakan Slendhang kuwi dadi kaku, bisa ngadeg dadi
kaya pedhang, lan……..
“Nya
saiki tampanana Prasanta!” Guru ngendika seru karo nyabetake slendhang sing wis
dadi kaya pedhang ngarah marang ragane Ki Prasanta sing ora adoh karo papane
Guru jumeneng.
Ki
Prasanta katon pucet saking kagete, wangune ora duwe panyana yen bakal disabet
nganggo slendhang pusaka dening Guru. Nanging wis kasep, obahing slendhang sing
disabetake Guru kahiring suwara gumuruh kaya bledheg sewu muni bebarengan kuwi
wis sansaya cedhak karo gulune Prasanta.
“Dhaaaaag……Glegeeeeeerrrrrr……”
nalika Ki Prasanta wis katon pasrah, dumadakan ana cahya ijo sing ngerti-ngerti
ngadhang ing ngarepe slendhang ireng gegamane Guru. Tumempuke cahya ijo lan
slendhang ireng sing diasta dening Guru kuwi nuwuhake suwara kaya gunung
njeblug kairing ana lindhu gedhe sing ngoregne papan kono.
Guru
katon kontal memburi watara telung jangkah adohe, pucuking slendhang katon
madhul-madhul kaya diwudhari tenunane. Sauntara Ki Prasanta sing ora sida kena
sabetan slendhang jebul isih ksababan, temah konclang watara limang dhepa
adohe, tiba neng lemah ngathang-athang durung bisa tangi. Lan ora adoh saka
papan sing mau dipidak dening Ki Prasanta, katon Kang mBok Setyawati nyekeli
slendhang sutra warna ijo maya-maya, lagi ngadeg lan nyawang tanpa kedhep
marang Guruku, Ki Tanpa Aran ya Raden Kala Canthuka.
“Wis
sansaya cetha yen sedyamu arep adol gendhung ing wewengkonku kene, Raden Kala
Canthuka?” alon-alon nanging cetha dirungokne Kang mBok Setyawati nyelathu
Guruku.
“Aja
salah tampa Ratu” wangsulane Guru karo suwara rada kedher “abdi ndika wis
kebacut nggone guneman marang aku, dadi kapeksa arep tak padhakne dosane”.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar