96.
Sauntara Guru karo Ratu Kraton Katentreman padha
omong-omongan, tak sawang Ki Jurudah mlaku nyedhaki Ki Prasanta sing isih
ngathang-athang, ora obah. Alon-alon Ki Jurudah nulungi sedulure kuwi supaya
tangi, lan kanthi katon ngrekasa banget Ki Prasanta bisa lungguh, nanging
kahanane katon melas banget, praupane dadi pucet kaya praupan mayit, sandhangan
sing nutupi ragane padha rowak-rawek kaya disuwek-suwek, perangan ragane Ki Prasanta
kaprenah dhadha katon geseng kabeh nandhakne yen lagi nandhang tatu njero sing
rada nemen. Ora mung aku sing nyawang kahanane Ki Prasanta, Lancur, Guru lan
uga Kang mBok Setyawati tak lirik uga padha maspadakne anggone Ki Jurudah
nulungi tangi sedulure.
“Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wiwit guneman
maneh sawuse rada sauntara nguwasi kahanane abdine sing memelas kedadeyane kuwi
“yen nyawang wohing tumindakmu marang punggawaku, kaya-kayaa aku arep tega
nguntapne patimu, nanging gandheng aku isih eling yen sing wenang murba pati
uripe titah kuwi mung Hyang Kang Maha Agung, ndika isih tak wenehi kalodhangan
kanggo lunga saka kene kanthi kahanan sing wutuh. Mula sepisan maneh tak ambali
kandhaku, diage ajaken kanca rowangmu lunga ninggalne papan sing dadi
wewengkonku iki kanggo selawas-lawase, ora pisan-pisan aku marengake bumi
wewengkonku kapidak sikile titah sing kaya ndika sarowang, mula diage ndika
budhal lunga lan aja nyoba bali mara mrene maneh!”.
“nDika aja banjur gumendhung dumeh kasampiran panguwasa
ngono kuwi Ratu” Guru aweh wangsulan karo mripat sing murup nandhakne yen
panjenengane uga lagi duka “madeg ndika ing papan sing ndika arani Kraton
Katentreman lan Sendhang Pangayoman iki ora kasampiran jejibahan menging titah
liya urip ing papan yasane Gusti Sing Maha Nitahake iki, dadi sanadyan ndika kuwi
kena diarani Ratune papan kene iki, nanging ndika ora wenang menging wong utawa
titah liyane melu manggon ana kene”.
“Aku kasampiran jejibahan ngreksa katentremane papan
iki Canthuka” Kang mBok Ratu semaur banter karo ngepelne tangane, mripate uga katon
angatirah, praupane mbrabak abang mangar-mangar. Nanging saka rumangsaku,
nadyan sajroning kahanan nesu, ewa samono ayune Kang mBok Setyawati babar pisan
ora suda, malah kepara sansaya wuwuh sulistyane. Aku dadi sansaya kasengsem
ndulu kaendahaning titahing Gusti sing jeneng Setyawati iki.
“nDika mung bisa kandha nanging ora gelem nindakne
sampiran jejibahan sing lagi wae ndika kandhakne kuwi Ratu” ora kalah sengole,
Guru ngendika marang Kang mBok Setyawati.
“Aku ora mbutuhne pambijimu Canthuka, ndika sarowang
wis gawe kisruhing wewengkonku, kanthi wani mara mrene banjur pamer kasudiran
lan wis wani milara punggawa kraton Katentreman. Kudune ndika sarowang nampa
pidananing Ratu Katentreman, nanging kagawa saka gedhening rasa welasku marang
ndika sakanca, ndika sakanca ora tak patrapi pidana, mung tak kongkon tumuli
lunga saka kene, mula enggal lungaa, aja ngenteni tak peksa nganggo cara sing
mbok menawa bisa ndadekne ndika sarowang konclang nganti tekan Yamaniloka” karo
muni ngono kuwi, Kang mBok Setyawati ngobah-ngobahne slendhang ijo sing mau
dienggo nangkis slendhang irenge Guru. Slendhang sutra ijo kuwi, neng tangane
Ratu Pangayoman bisa obah kaya obahe ula sing lagi arep nyaut mangsane, kaya ula
sing lagi ngangkat sirah lan peranganing awake sisih ngarep, jejogedan arep
nibakne upas sembur marang mungsuhe.
“Sansaya adoh nggonmu salah tampa Ratu” dumadakan
suwarane Guru malih dadi nglendheh mudhun, keprungu sareh “wiwit pisanan aku
wis kandha, yen tekaku kene kuwi ora nedya gawe kisruh kaya sing ndika
kandhakne kuwi, nanging tekaku kene malah nggawa warta lan sarana murih sansaya
tentreme wewengkon sing dadi reh-rehan ndika iki, nanging gandheng ndika ndhisikne
rasa sujana lan nggedhekne rasa ora percaya, temah abdi ndika katut melu
ngundamana aku, malah ngundhat-undhat dosane wong tuwa lan leluhurku sing wis ngundhuh
wohing pakarti ing donya lan lagi nindakne lakuning pangadilaning Hyang Agung ing
alam antara, wasana aku dhewe uga banjur lali nganti tumindak sing rada kebacut
marang Ki Prasanta ya abdi ndika mau. Mula saiki tak suwun ndika gelema
angapura marang aku lan saupama pangapura saka ndika kudu nganggo srana rupa
pidana, aku ora bakal ngresula nampani pidana sing bakal ndika tibakne”.
Sansaya eram lan kurmatku marang Guru, jebul wong sing
kala-kala katon kaya wong ora ganep nalare kuwi, nggembol jiwa sing agung lan
mulya. Sanadyan nggadhuh kasekten sing kena diarani punjul ingapapak, parandene
Guru isih ndhisikne weninging nalar kanggo nggayuh katentremaning sasama. Malah
Guru uga ora suwala yen anggone tumindak merga saka lalining ati, kabranang
pancinganing liyan, saupama kudu dianggep luput lan saguh nampa pidana barang.
Aku tumuli nggagas sing katumpangan rasa pangarep-arep, kudune sawuse ngerteni
apa sing dadi kersane Guru iki mau, Kang mBok Setyawati bisa migunakne nalare
sing wening, ora ndhisikne rasa adigunge, banjur nggugu marang apa sing didhawuhne
Guru mau. Ya iku tumuli nglumahake tangan nampani nugrahaning Gusti, ngrengkuh
aku dadia gurulakine. Kanthi mangkono Ngelmu Sejatining Sih bakal tumuli bisa
diweruhi kanthi wutuh temah bisa mbabar karaharjan lan katentremaning jagad,
mligine katentreman lan karaharjane wewengkon Kraton Katentreman lan Taman
Pangayoman sing dadi reh-rehane.
Pangarep-arepku sansaya ngrembaka wor lan rasa seneng
sing wiwit ngebaki dhadha, nalika tak sawang Kang mBok Setyawati wis ora katon
galak kaya mau, pasuryane bali ruruh jatmika lan merak ati maneh. Slendhang sutra
ijo sing mau kober diobahne kaya ula bandhotan arep nyamber mangsan wis bali
disimpen ana waliking busanane. Lan ora tak weruhi sangkane, ing sandhinge Kang
mBok Setyawati wis cemawis kursi gadhing sing endah lan nengsemake. Alon-alon
Kang mBok Setyawati banjur mapan lungguh ing kursi gadhing sing lagi wae
jumedhul tanpa sangkan kuwi. Katon sansaya mundhak agung lan mrebawani.
“Sing ndika kandhakne kuwi pancen ana benere Raden
Kala Canthuka” kanthi suwara alus sawuse mapan lungguh ing kursine Kang mBok
Ratu wiwit guneman “aku ora selak pancen ana rasa sujana ing atiku marang
ndika, nanging ndika aja banjur ngluputake aku jalaran nggonku duwe rasa sujana
iki ana dhasare. Ya iku kang kapisan, aku weruh yen temene ndika wis nglirwakne
jejibahan sing kudune ora bisa ditinggal, ya iku ngreksa kayuwanane Candhi ing
Gunung Kumitir, nanging nyatane ndika wis kluyuran nganti tekan papanku kene.
Kapindho, ndika wis kumawani nggodha marang sedulurku anom ya iku Dhimas
Suwanda sing kudune dina iki miwiti nggone nindakne laku sabar narima minangka
tebusan olehe wis gawe pepati sadurunge nguwasani Ngelmu Sejatining Sih,
nanging malah ndika ajak bali maneh menyang Taman Pangayoman kene. Ewa samono,
ndika isih bisa kandha yen teka ndika iki ora nedya gawe kisruhing kahanan ing
Kraton Katentreman, nanging kepara nggawa
warta lan sarana murih sansaya tentreme jagad sing dadi wewengkonku, nganggo
dhasar apa ndika bisa ngucapne tembung kuwi heh Raden Kala Canthuka?”.
“Ngene ya Ratu” Guru semaur karo ngguya-ngguyu “aku
ora ngluputake nggon ndika nyujanani aku, merga aku uga ngerti lamun tekane
sujana ing ati ndika, kuwi jalaran saka ndika durung weruh kang sanyatane,
sepisan anane aku ninggalne Candhi Gunung Kumitir sing nyimpen awune wong tuwaku
Raden Layang Seta sarta awune Pamanku Paman Layang Kumitir, kuwi jalaran ing
wektu iki aku wis duwe siswa sing kena tak percaya lan sembada ngreksa kayuwanane
Candhi ing Gunung Kumitir kuwi, yen ndika kepengin ngerti siswaku kuwi sapa,
tak blakakne pisan ya iku Raden Gumilar, putrane Sawargi Menak Koncar ing
Lumajang. Raden Gumilar nampa dhawuh liwat impen saka Kanjeng Eyang Resi ing
Paluamba yen kepengin nggayuh kaswargan tanpa ngliwati laku panitisan utawa
kudu klambrangan inga lam antara mbesuk yen wis tumekeng lampus, sranane kudu
gelem necep ngelmu sing sumbere saka Paluamba, mula kanthi tekad sing gedhe
Raden Gumilar milih lolos saka dalem kadipaten ing Lumajang ninggal kamuktene,
banjur nusul aku menyang Gunung Kumitir saperlu nglari ilining ngelmu sing tuke
saka Paluamba”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar