97.
Ratu ing Kraton Katentreman kuwi mung manthuk-manthuk
krungu pawadan sing dingendikakne Guru dene Guru wani tindak ninggal Candhi ing
Gunung Kumitir sing tanggung jawabe. Dadi kanthi pawadan iki cetha yen Guru ora
ninggalne jejibahan, sanadyan Guru kena diarani kluyuran tekan ngendi-endi,
nanging Candhi ing Gunung Kumitir tetep ana sing ngreksa kayuwanane.
“Dene pandakwa ndika sing angka loro” Guru nutugne
olehe ngendika “temene ora bener yen aku nggodha Raden Bagus Suwanda anggone
lagi arep ngayati nindakne laku Sabar Narima sing ndika dhawuhake, nanging aku
malah kepara asung pambiyantu murih luwih cepeting laku nggone Raden Bagus
Suwanda bisa nguwasani Ngelmu Sejatining Sih. Jalaran aku uga weruh yen temene kawruh
ndika ing babagan Ngelmu Sejatining Sih kuwi uga durung paya-paya sampurna, lan
aku weruh cara sing luwih cepet tumrap ndika lan Raden Bagus Suwanda kanggo
ngaweruhi Aji Sekti Ngelmu Sejatining Sih tilarane Sang Maharsi Doradruwasa
sing suci kuwi. Mula aku banjur nganthi Raden Bagus Suwanda kanggo nemoni ndika,
kaya sing wis klakon iki. Mung kuciwane, wangune ndika durung bisa nyingkur sipat
adigung sing mapan ing sela-selaning pangrasa, temah ndika milih ndhisikne nyawang
remeh marang aku sing mung wong gendheng tilas bramacorah lan trahe wong dosa
sing dhemen nindakne laku palacidra, babar pisan ndika nyingkur jiwaning adil
lan wicaksana temah ora katon ing pandulu ndika sing abang ora selawase dadi
abang, sing ijo ora selawase dadi ijo, sing reged ing titi mangsane uga bisa
dadi resik lan kosok baline sing suci yen ora ngati-ati bisa malih dadi njejemberi……….”.
“Cukup!” rada banter Kang mBok Setyawati celathu,
ngendheg kojahe Guru Raden Kala Canthuka karo ulat sing katon tenanan nuduhne
yen migatekne apa sing dingendikakne Guru “aja ndika tutugne nggon ndika
kandha, minangka titah lumrah aku wis ngrumangsani yen panggah kanggonan cacad,
lali sarta luput. Nanging aku uga weruh laku pangati-ati kuwi luwih wigati
murih ora gampang kena diapusi. Aku uga mbenerake lan ora ngluputake apa sing
ndika kandhakne, sepisan maneh sing ndika ucapake mawa lathi, nanging aku
durung ngerti apa sejatine sing ana ing waliking ukara sing ndika kandhakne.
Luwih-luwih nalika aku njaluk wektu marang ndika kanggo nglimbang lan nimbang warta
lan sarana sing ndika gawa lan njaluk supaya kanggo sawatara wektu ndika ninggalne
papan kene nanging ndika ora anuju prana, kanthi mangkono nuduhne yen ndika uga
isih ngremehne lan nganggep aku luwih bodho tinimbang ndika, ndika uga ndhisikne
rasa sujana lan ora percaya marang apa sing dak kandhakne. Yen aku lan ndika
padha ngukuhi benere dhewe-dhewe, mangka ora ana enteke awit ora bakal klakon
ana pethuking rembug, sing ana iya sulayaning rembug. Nanging, minangka titah
kang wis sinampiran jejibahan nata lan ngreksa Kraton Katentreman sing suci,
Setyawati uga kagadhuhan papan kanggo miyak sakehing wewadi, sing sapa wae klebu
aku dhewe, mlebu ing papan kuwi mangka bakal katon apa sing dadi isen-isening
atine. Apa ndika sarowang wani bebarengan karo aku manjing ing papan kuwi
kanggo nuduhne ana aksara apa ing waliking ukara sing diucapake? Yen ndika
sarowang ora gelem kanthi pawadan apa wae, luwih becik cukup samene wae ndika
ngajak rerembugan aku lan klawan nyebut asmaNe Dzat Sang Murweng Dzat ndika sakanca bakal tak peksa ninggalne papan
kene sarta selawase ora bakal ndika sakanca bisa bali mrene. Piye Raden Kala
Canthuka? Ndika wani apa ora?”.
Ana rasa geter kaworan ndhredheg ana jeroning dhadhaku
krungu ucape Kang mBok Setyawati sing keri dhewe iki mau. Apa sing dikandhakne
kuwi mau cetha yen wujud panantang marang Guru lan uga marang aku. Yen sing
dikandhakne Kang mBok kuwi nyata, mangka aku mesthi bakal kewirangan awit wis
kejodheran wewadiku, ya iku yen satemene aku ora pati merdulekne marang apa
sing sing diarani Ngelmu Sejatining Sih, sing baku malah aku mung kepengin bisa
mengku Kang mBok Setyawati bisaa dadi sisihanku, dene lekas kanggo ngaweruhi
Ngelmu Sejatining Sih wewarah saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kuwi bisa
diarani mung pawadan wae. Nanging, yen nganti aku matur marang Guru supaya aja
nggugu sing dadi karepe Kang mBok Setyawati luwih abot maneh pepulihe, yen
klakon Guru lan aku sarta Lancur klakon dipeksa ninggalne papan kene lan ora
bakal bisa bali mrene maneh, ateges pangarep-arepku bisa mangun bebrayan karo
Kang mBok Setyawati wis gagar wigar lan buyar, mung mandheg tekan samene. Atiku
dadi peteng dhet-dhet lelimengan kaya petenging wengi sing langite ketutupan
mendhung ireng.
Aku uga ora bisa ngira-ngira apa sing ana penggalihe
Guru, jumbuh karo sing dingendikakne apa ora? Nanging aku weruh yen Guru
kagungan aji jaya kawijayan sing angel ditaker sepira akehe, mbok menawa wae
bisa gawe tambar dayaning papan sing dikandhakne Kang mBok Setyawati mau. Lire,
sanadyan wis manjing papan sing ora tulisaning ati sing bisa didhelikne,
nanging merga dayaning aji jaya kawijayan sing digadhuh dening Guru luwih
unggul, ndadekne Guru panggah ora bisa diwaca suwara sing ana penggalihe. Apa
Guru uga bisa ngayomi marang aku lan Lancur ing papan sing dikandhakne Kakang
mBok Setyawati kuwi?.
Tak lirik pasuryane Guru katon peteng, lathine rapet,
palarapane katon sedhela-sedhela dijengkerutne, wangune wae lagi menggalih
marang apa sing lagi wae dikandhakne Ratu Kraton Katentreman mau. Nganti rada
sauntara Guru ora ngendika apa-apa.
“Piye Raden Kala Canthuka? Apa kurang cetha sing dadi
kandhaku mau?” Ratu Kraton Katentreman kuwi ngambali pitakone.
“Ora, Ora Ratu” semu glageban Guru wangsulan “sing
ndika kandhakne wis cetha lan wis tak ngerteni kabeh sing dadi surasane. Mung
wae, krasa aneh ing angen-angenku dene ana papan kaya sing ndika kandhakne
kuwi, kuwi nyata apa ngayawara?”.
“Ing kene sansaya cetha Kala Canthuka” Kang mBok
Setyawati wangsulan karo mesem ngece “ing babagan iki wae ndika wis nggagas
kanggo ora percaya karo sing tak ucapne, yen mangkono uga bisa dijupuk dudutan
yen tenane antarane ndika karo aku iki padha dene olehe ora duwe rasa percaya
marang siji lan sijine……..”.
“Mengko dhisik Ratu” kaya wong gragapan Guru nugel
rembuge Kang mBok Setyawati “aku ngandel lan aku percaya marang apa sing ndika
kandhakne mau kanthi sawutuhe. Aku mung kepengin weruh, papan sing ndika
kandhakne kuwi manggone ana ngendi yen wis cetha papane, aku mesthi wae wani
nggawa Raden Bagus Suwanda lan muridku sing jeneng Ki Lancur kuwi manjing ing
papan sing ndika kandhakne yen ing kono kabeh wewadining ati bakal katon ngegla
lan cetha”.
“Manggone ing Sitinggil Kraton Katentreman dene dalan
kanggo tekan kana, bisa ngliwati telenging Sendhang Pangayoman ing sisih kono
kuwi” muni ngono kuwi Kang mBok Setyawati karo nudingi Sendhang sing banyune
bening lan nyarong nengsemake “Yen ndika wis saguh, ayo tutna lakuku ngunggahi
Sitinggil Kraton Katentreman”.
Bubar ngucap ngono kuwi, Kang mBok Ratu banjur ngadeg,
kursi gadhing sing mau dilungguhi dumadakan ilang saka pandulu, banjur prentah
marang abdine :
“Ki Prasanta aja kesuwen nggonmu kapusan dening rasa lara
sing mung semu kuwi, ayo dherekna aku munggah menyang Sitinggil. Ki Jurudah,
ndhisikana laku bukaken korine”.
“Sendika Gusti” Ki Prasanta lan Ki Jurudah wangsulan
bareng. Ana kaelokan maneh, Ki Prasanta sing mau ora kuwat ngglawat kesawaban
slendhang pusakane Guru lan sandhangane sing rowak-rawek, wis bali pulih kaya
sadurunge.
Ki Jurudah nyembah banjur ndhisiki mlaku, nyedhaki
Sendhang sing banyune bening direngga dening wira-wirining iwak banyu sing
padha nglangi kanthi mardika. Ki Jurudah banjur ambyur menyang Sendhang, ora
suwe Kang mBok Ratu uga banjur ambyur bablas slulup menyang Sendhang kuwi diterokne
Ki Prasanta. Guru aweh sasmita marang aku lan Lancur supaya ndherekne Guru
nututi lakune Kang mBok Ratu.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar