Total Tayangan Halaman

Jumat, 16 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (098)

98.

Guru jumeneng njegreg ing lambening sendhang, karo mirsani weninging banyune sing nganti katon dhasaring sendhang wujud pasir lan watu-watu cilik sing kaya ditata, katon tharik-tharik, sauntara aku karo Lancur ngadeg neng pungkure. Guru ora tumuli ambyur kaya sing wis ditindakne dening Kang mBok Setyawati lan abdi-abdine mau, malah banjur noleh memburi nyawang aku lan Lancur, karo ngendika, mundhut pirsa lan panemu :

 

“nDika sakloron apa percaya karo sing dikandhakne Setyawati mau?”.

 

“Bares kemawon kula boten mangertos Guru” aku atur wangsulan “kewedan anggen kula badhe matur, menawi nyata bilih korining kadhaton Katentreman menika manggen ing telenging sendhang menika, raosipun aneh saha boten kepanggih ing nalar, nanging nyatanipun Ratu Setyawati tuwin abdinipun kekalih wau sampun langkung rumiyin ambyur lan awakipun piyambak kapurih nututi”.

 

“Dudu kuwi sing tak karepne Gus” Guru ngendika karo cengar-cengir nuduhne lucune “aku sujana Setyawati yen sing dikandhakne Setyawati mau mung sarana kanggo gawe cilakaku lan ndika sakloron. Mula bener miturut panrawanging mripatku ing dhasaring sendhang iki ana lawing sing tumuju menyang sitinggil kraton Katentreman, nanging bisa wae ing jerone sendhang iki ana utawa akeh buron banyune sing galak lan mawa wisa, kamngka sing bisa nyrateni buron-buron banyu kuwi mung Setyawati lan abdi-abdine, banjur nalika awake dhewe ambyur lan slulup menyang dhasaring sendhang banjur dikruyuk dening buron-buron sing mawa wisa kuwi, awake dhewe bisa cilaka sadurunge bisa mlebu menyang kedhatone Setyawati”.

 

“Nanging Guru gajegipun rak sampun saged nglulutaken wisaning gegremetan kados sawer lan sapanunggalanipun ta?” aku matur, kelingan yen tau weruh Guru tau dolanan ula mandi, ya iku ula bandhotan emprit sing mandine wisane bisa gawe patine sapa wae sing kena dicakot.

 

“Beda Gus, saben buron sing mawa wisa duwe watak sing ora padha” wangsulane Guru karo mesem “nek mung bangsane ula lan gegremetan ing dharatan, kanthi gampang aku mesthi bisa ngatasi, nanging nek ngadhepi buron banyu sing mawa wisa, aku durung ngerti bisa ngayomi ndika sakloron apa ora?”.

 

“Lajeng prayoginipun kados pundi Guru?” aku matur karo neng angen-angen tuwuh rasa kuwatir, yen nganti Guru ora sida ngetutne lakune Kang mBok Setyawati, Ratu Kraton Katentreman mesthi bakal nesu lan embuh nganggo srana apa mesthi banjur mbudidaya nundhung Guru sarta aku lan Lancur saka papan kene digusah kaya nggusah kewan. Gelem ora gelem bakal dadi pancakara antarane Guru, aku lan Lancur mungsuh Kang mBok Setyawati, Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Aku mung kari bisa ngarep-arep, muga-muga mengko yen klakon dadi kerengan tenan, Kang mBok Setyawati lan para abdine bisa dikalahake.

 

“Saiki kari anteb lan tekad ndika kepriye?” Guru mbalekne pitakonku “wani apa ora nempuh bebaya iki? Yen ndika ora wani, kuwi aran lumrah lan babar pisan ora kena dianggep luput, becike awake dhewe enggal oncat wae saka papan kene sadurunge Setyawati mbalik mrene karo ngerigne wadya balane kanggo nggusah awake dhewe. nDika aja kleru tampa, aku ora wedi saupama klakon dadi kerengan antarane aku mungsuh Setyawati sawadya balane, nanging aku kuwatir yen nganti sajroning pancakara mengko Setyawati nganti tumekan pati, jalaran jenenge adu kasekten bisa wae Setyawati utawa aku sing bakal tumekeng lampus, jalaran kekarone padha dene suthik yen kudu kasoran. Lan yen nganti Setyawati sing mati, awake dhewe babar pisan ora bisa ngukup bathi apa-apa, malah kepara bakal kelangan, mligine ndika dhewe Gus Wanda”.

 

Tak gagas-gagas apa sing didhawuhne Guru kuwi pancen bener. Nanging nek aku milih oncat saka kene, mangka gegayuhanku kanggo bisa mengku Kang mBok Setyawati bakal gagar wigar babar pisan. Mula sawuse tak timbang lan tak limbang-limbang, aku arep matur marang Guru yen embuh apa sing bakal kelakon, luwih becik aku milih wani wae nggebyur ing telenging sendhang iki, mbok menawa ana pitulunganing Dewa sing bisa nylametake aku temah bisa manjing kedhaton lan ngunggahi sitinggil kraton Katentreman, ing kono bakal tak kandhakne isen-isening atiku marang Kang mBok Setyawati. Kaya sing didhawuhne Guru sadurunge budahl mrene mau, ya iku Guru paring dhawuh supaya aku kandha blaka marang Kang mBok Ratu yen aku banget tresna marang dheweke lan nedya ngajak urip bebarengan dadi bojo.

 

Nanging kepiye karo Lancur? Apa aku mentala lan tega, ngajak Lancur nempuh bebaya sing kaya ngene gedhene?. mBok menawa wae kanthi jiwa satriyane, Lancur milih melu wani ambyur menyang dhasaring sendhang sing mbok menawa wae bakal mati merga dikruyuk buron banyu sing ana sendhang iki, kamangka Guru uga wis blaka yen durung karuwan bisa ngayomi. Banjur apa entuk-entukane Lancur nganti direwangi ngudhokne nyawane kuwi?. Lan yen nganti Lancur klakon dadi kurban ing dhasaring sendhang iki mung merga nglabuhi aku, iki cetha nek ora adil. Apa klakon mentala tumindak ora adil marang wong sing wis akeh labuh marang aku iki?.

 

“Dadi wong kuwi aja gampang bingungan Gus” kaya ngerti sing ana gegambaraning gagasanku dumadakan Guru paring dhawuh, karo cengar-cengir lucu “anggon ndika kedanan marang sedulur tunggal guru ndika kuwi pancen angel ditambani kajaba yen wis kelakon, mula nek mung kudu ngadhepi bebaya wisaning buron banyu ing sendhang iki kuwi tumrap ndika jeneng barang sing mung sepele. Uga watak sing diukir dening Tumenggung Jatikusuma nalika ndika dadi anak angkate kae pancen elok tenan. Nanging, ndika aja banjur bingung ngono kuwi, ora becik!, mundhak cepet gendheng kaya aku iki he he he he”.

 

“Inggih Guru” aku wangsulan karo mesem kecut “lajeng kados pundi prayoginipun? Keparenga Guru paring kali damar”.

 

“He he he ……Gampang tur nganggo banget kuwi” Guru paring wangsulan karo ngguyu “saiki ndika rungokne aku tak kandha marang Ki Lancur”.

 

“Mangga Guru”

 

“Ki Lancur” Guru nimbali Lancur.

 

“Wonten dhawuh Guru?” atur wangsulane lancur karo nundhuk kurmat.

 

“Murih luwih slamete urip ndika” Guru nutugne paring dhawuh “ndika kanggo sawatara wektu kudu pisah karo aku lan Gus Wanda, jalaran kaya sing wis ndika rungokne dhewe, aku karo Gus Wanda arep ambyur ing telenging sendhang iki, kamangka kira-kira wae, ing sendhang iki akeh bebaya sing bisa gawe patine sapa wae sing wani nyemplung. Lan nek dijupuk tuna bathine, yen ndika melu-melu ambyur menyang sendhang iki luwih akeh tunane tinimbang bathine. Mula sadurunge aku lan Gus Wanda ambyur menyang sendhang iki, ndika bakal tak sawatake metu saka wewengkon Kraton Katentreman lan Sendhang Pangayoman kene, ndika bakal bali ing jagad kang nyata dudu jagad maya kaya wektu iki. Mengko nek wis rampung aku karo Gus Wanda nindakne prakaryan iki, ndika bakal tak temoni lan awake dhewe bali kumpul kaya wektu sadurunge iki”.

 

Durung nganti Lancur atur wangsulan, dumadakan Guru wis mandi slendhang sutra ireng ing astane. Ora karo ngendika apa-apa, slendhangireng dikebutne marang ragane Lancur. Eloking kahanan, Lancur tumuli ilang saka pandulu padha sakala. Ora suwe lamat-lamat keprungu Lancur guneman aweh warta :

“Guru, kula sampun dumugi jagad ingkang nyata, samangke kula mapan ing sangandhaping wit kepuh ageng ing caketing sumber toya. Kula namung saged memuji mugi Guru lan Gus Wanda sageda lebda ing karya, kula ngrantos rawuhipun Guru ing ngandhaping Kepuh menika sinambi ndedonga dhumateng Dewa Maha Kawasa”.

 

Guru mesem, ora mangsuli suwarane Lancur sing mung lamat-lamat kuwi, malah banjur paring dhawuh marang aku :

 

“Ayo Gus, awake dhewe nuli ambyur menyang sendhang iki, selak dadi pangarep-arepe calon garwamu Ratu Setyawati”.

 

“Mangga Guru suwawi kula dherekaken” wangsulanku karo tata-tata arep ambyur menyang telenging sendhang.

 

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...