99.
Guru ndhisiki mlumpat ambyur menyang jero sendhang,
bablas slulup mendhasar, aku ora sranta uga banjur nututi ambyur lan slulup.
Nanging aneh, banyu sendhang sing mau katon anteng ora obah kajaba mung ing
lumahe sing lerap-lerap nurut lakune angin sing semribit kuwi, jebul ing sisih
ngisor munyer seser banget. Ragaku katut puseraning banyu temah kangelan
anggonku bisa ndhasar nututi Guru. Nganti sawatara suwene aku ora bisa polah
kajaba mung nuruti mubenge banyu sing sansaya suwe sansaya krasa atis kuwi.
Jroning batin aku nggagas, jebul sing diwedeni Guru mau dadi kanyatan, mung
bedane mau Guru ngendika mbok menawa ing jerone sendhang akeh buron banyu sing
mawa wisa sing bisa gawe patiku, jebul sing tak temoni dudu kaya apa sing
dingendikaskne Guru mau, nanging malah wujud obahe banyu sing menyer seser
ngungkuli kitiran, nggulung raga sing ora bisa tak lawan babar pisan. Kajaba
muser kaya uwer, banyu sing nggulung awakku kuwi uga ora manggon, nanging
mubeng ngubengi ambane sendhang sing kira-kira ana rong pulugh dhepa mubeng,
ndadekne sansaya suwe aku dadi sansaya lemes, jalaran kangelan nggonku arep
ambegan. Jroning cipta aku wis ngira, yen dina kuwi dina pungkasan ngonku urip
ana jagad padhang. Lan aku ora ngerti bakal menyang ngendi parane suksmaku
mengko, anjog menyang dhasaring neraka utawa Kahyangane Sang Hyang Yama apa
bisa katarima nggayuh Nirwana, utawa malah kesasar laku nglambrang inga lam antara.
Aku ora kuwawa mbacutake nggonku mikir, awit anane mung rasa wedi lan miri sora
cetha apa sing tak wedeni. Lan bareng sansaya angel nggonku ambegan, wekasan
aku banjur ora eling apa-apa maneh.
Aku lagi eling sawuse krungu suwara anggunge manuk
sing sesautan rame, ana suwarane manuk Podhang, ana suwarane manuk Jalak, Genthilang
lan manuk liyane sing nyenggaki anggunge manuk Drekuku sing unine ajeg.
Alon-alon lan aku mbukak mripat, jebul wektu kuwi aku wis gumlethak ing
perangan gisiking sendhang sing ora adoh saka kono katon leberaning banyu
sendhang mili dadi kali cilik sing suwarane kumricik. Otot bayuku kaya dilolosi
rasane, aku banjur nyoba tangi saka nggonku gumlethak, lungguh. Sepira kagetku
bareng aku wis lungguh, aku weruh sesawangan sing uga nrenyuhake liyane.
Guruku, Raden Kala Canthuka, katon ngglethak neng wedhen gisik sendhang, kanthi
busana sarta rikmane dadi awut-awutan ora karuwan.
“nDika isih urip Gus Wanda?” isih karo ngglethak, Guru
ndangu aku nalika aku nyoba nyedhaki papane “pangiraku kleru, dudu buron banyu mawa wisa sing ngadhang laku, jebul malah
awake dhewe iki mau lagi wae kena siku dhendhane sing momong banyu”.
“Ingkang momong banyu Guru?” aku matur nyuwun pirsa
jalaran akum au ora weruh sapa-sapa kajaba mung banyu muser sing dadi uwer “menapa
menika taksih sapukawatipun Kang mBok
Ratu Setyawati?”.
“Heh..heh…heh….” nadyan ngrekasa Guru meksa ngguyu
banjur wangsulan “dudu!. Malah nek ora kleru kuwi kena diarani Gurune Setyawati
sing anyar dhewe, merga durung suwe nggone Setyawati wanuh karo Pamonging Banyu
sing tak kandhakne kuwi, nanging katone Setyawati kasengsem karo apa-apa sing
dikandhakne wong kuwi. Nek aku satemene wis rada suwe nggonku tepung, ya iku
nalika aku isih manggon neng Candhi Gunung Kumitir, nanging gandheng aku ora
sudi nggugu kabeh sing dikandhakne wekasane wong kuwi banjur lunga ninggalne
aku, kepethuk-kepethuk ya mbarengi awake dhewe nggebyur menyang sendhang mau”.
“Sinten menika Guru?” aku nyuwun pirsa maneh.
“Wong Jawa yen ngarani jenenge Sang Hyang Wilis, utawa
Bathara Ijo”isih karo ngglethak Guru paring wangsulan “merga wong kuwi
sandhangane ajeg nganggo jubah warna ijo, nanging gandheng wong kuwi mau duwe watak
seneng niru pakulinane bangsa Ngarab, dheweke luwih seneng diarani Bagindha
Kilir sing tegese uga Ijo” .
Aku banjur meneng, ora wani matur maneh, merga aku
durung mudheng karo sing dingendikakne Guru iki mau. Selawase urip, aku krungu
jeneng Sang Hyang Wilis, utawa Bathara Ijo utawa Bagindha Kilir ya lagi iki,
luwih-luwih Guru wis ngarani nek ana paraga sing dadi Pamonge Banyu barang, aku
dadi sansaya ora mudheng maneh. Malah aku banjur ngira, mbok menawa awit saking
sayahe dipuser dening ulekaning uwer mau, ndadekne Guru kumat gerah engetane,
mula aku banjur ora guneman apa-apa.
“Ora sah ndadak mbok kira merga uwer sing muser lan
nggulung ragaku omonganku dadi kaya ngene iki Gus” bareng rada suwe aku meneng,
Guru ngendika karo suwara sing rada sengak “merga dhasare pancen aku iki wis suwe
dadi wong edan”.
Aku kaget, Guru pirsa karo sing lagi tak gagas.
“Nyuwun pangapunten Guru” aku tumuli nyuwun pangapura.
“Ora sah ndadak njaluk wis wiwit mau pangapuraku wis
tak wenehne ndika” wangsulane Guru maneh “saiki aku wis ora bisa tangi, embuh
nganti mbesuk kapan aku ora ngerti, saiki nek ndika isih bisa mlaku, tumuli
ndika tinggalne papan kene, ndika buwang wae angen-angen ndika arep ngrabi
Setyawati, merga mesthi ora bakal kelakone. Nek ndika ora enggalk-enggal lunga
saka kene, bisa-bisa dhemit-dhemit wadya balane Setyawati sing nunggu Sendhang
iki banjur padha mara, mengko ndika bisa dadi cilaka”.
Krungu dhawuhe Guru ngono kuwi, awakku sing dhasare
wis lemes dadi sansaya lemes, sethithik kekuwatan sing mau wiwit ana, temah aku
bisa tangi lan nyaketi Guru, mbalik ilang maneh, nalika tak coba arep tak enggo
ngadeg, aku wis ora bisa. Aku bali lungguh ndheprok neng sisihe Guru sing
ngglethak ora bisa obah. Aku rumangsa wis ora duwe pangarep-arep maneh kanggo
nutugne urip, aku wis ora duwe sapa-sapa maneh sing bisa tak sambat sebuti,
Guru wis ngendika nek wis ora kagungan daya kekuwatan maneh, malah arep tangi
saka anggone ngglethak wae wis ora bisa, nek saiki aku didhawuhi lunga, banjur akua
rep lunga menyang ngendi?. Sing luwih nglarani ati maneh, ya iku dhawuhe Guru
sing ngandhakne yen aku ora bakal klakon bisa urip bebarengan karo Kang mBok
Ratu Setyawati . Apa aku bisa nglalekne rasa tresna lan kayungyunku marang Kang
mBok Ratu? Apa bakal klakon aku dadi gendheng kaya Guru?.
Dumadakan aku dikagetne dening anane cahya ijo sing
tumiyup saka langit, pas ana tengah-tengahe Sendhang. Lan nalika cahya ijo kuwi
ilang, katon ing dhuwure banyu Kang mBok Setyawati ngadeg, kaya mancik ing
dharatan wae. Cahyane katon luwih sumunar, ayune tansaya wuwuh, luwih-luwih
nalika Kang mBok nyilakne jarit sing dienggo sajak samar yen nganti teles kena
banyune sendhang, katon kentol sing nglabu dawa (kaya labu ning dawa – rust)
ndadekne atiku kumesar ora karu-karuwan.
“Saiki wis cetha Kala Canthuka” dumadakan Kang mBok
Ratu guneman rada banter “yak enteni nganti jingglengen neng sitinggil kraton Katentreman,
ndika ora teka, kanthi mangkono aku dadi weruh sapa sejatine sing wis ngumbar
ujar lamis, sapa sejatine sing gunemane ora kena dipercaya”.
“Ratu, aku njaluk pangapuramu, aku ngakoni luput” karo
panggah ngglethak merga ora kuwat obah, Guru aweh wangsulan “nanging ndika aja
banjur selak yen uga wis tumindak cidra kanthi mapanake walate Sang Hyang Wilis
ana sajerone Semdhang, temah aku lan Gus Wanda dadi kaya mangkene kahanane,
upama ndika ora pasang walate Bathara Ijo ing jero Sendhang sing ndika arani
Sendhang Pangayoman kuwi, mesthi aku wis bisa mbuktekne yen sing tak kandhakne
ora kabeh dora, ora kabeh ora jumbuh karo tulisan ing jero atiku lan kosok
baline, aku mesthi bisa meruhi yen embuh akeh embuh sethithik mesthi ana
guneman ndika sing ora tulus kaya ucaping ati ndika……”.
“Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo
mesem sajak ngece “sing pasang walat kuwi dudu aku, nanging Panjenengane Sang
Bagindha Kilir, anane ndika bisa kena walat merga ndika nduweni ati sing ora
resik, ndika mesthi wis nyujanani nek aku arep gawe cilaka ndika lan para rowang
ndika ing jero sendhang iki, ya awit pangira ndika sing mangkono mau sing
ndadekne ndika kena walat, upama ndika ora kegedhen rasa sujana lan nduweni
pandakwa ala marang aku lan iya marang sapa wae, mangka walat sing diselehne
Sang Bagindha Kilir ing jero sendhang kuwi ora bakal ndadekne cilaka”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar