100.
Bareng karo rampunge Kang mBok Setyawati guneman ngandhakne
yen olehe Guru lan aku kepuser dening banyune sendhang sing kena sawabe walat
sing dipasang dening Bagindha Kilir utawa Sang Bathara Ijo, merga ya mung awit
ngundhuh panyakrabawa sing ala kuwi, dumadakan saka dhuwur katon tumiyub pawongan
sing busanane sarwa ijo banjur ngadeg ora adoh saka papane Kang mBok Setyawati.
Padha karo kahanane Ratu Pangayoman, paraga sing lagi teka kuwi uga ancik-ancik
banyu ing lumahing sendhang nanging kaya wong ngadeg neng lemah lumrah. Weruh tekane
wong sing nganggo sandhangan sarwa ijo kuwi, Ratu Katentreman banjur lungguh
jengkeng neng ora nglaih saka papane, katon yen kurmat banget marang wong sing
lagi teka kuwi.
Wong sing lagi teka kuwi nduweni praupan sing resik
bening, pakulitane kuning, umur-umurane kira-kira rada sethithik luwih akeh
tinimbangane aku, dhasare ngono wong kuwi duwe rupa sing keneng diarani bagus, ngingu
brengos sing rada tipis, ngingu jenggot sing ora pati dawa, nambahi manise.
Busana rupa ijo sing dienggo wujud jubah lan sorban, nganggo selop sing rupane
uga ijo.
“Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Bagindha” Kang mBok
Ratu mbagekne wong sing lagi teka kuwi, yen nitik panganggone sarta olehe Ratu
Katentreman nyebut marang wong kuwi nganggo sebutan Bagindha, aku bisa
mesthekne yen sing lagi teka kuwi sing jeneng Sang Hyang Wilis utawa Bagindha
Kilir “Bekti kula katur”
“Oleh pamuji ndika rahayu tekaku ing kene Kanjeng Ratu”
wangsulane Bathara Ijo karo mesem “Kanjeng Ratu ngaturake bekti wis tak tampa
kanthi senenging atiku, ya taklimku wae tumrapa marang ndika”.
“Ngaturaken genging panuwun Pukulun” Kang mBok Ratu
semaur karo manthuk kurmat “samangke kaparenga pun patik nyuwun dhawuh”.
“Kanjeng Ratu” Bathara Ijo guneman karo ulat sing
sumeh “durung wancine Kanjeng Ratu nampa ngelmu saka ulun sawise Kanjeng Ratu
ngunjuk Tirta Rasa Kundha peparing ulun nalika samana. Tekaku iki mau temene
mung merga panguwuhe banyu sendhang iki sing nyuwun palilah nyirnakne titah
sing abudi candhala sing wis wani nggebyur ing sendhang iki kanthi nggawa sedya
sing ora prayoga marang sing kajibah njaga katentremaning sendhang. Mula
gegancangan aku lumawat mrene, sing ana jebul Raden Kala Canthuka lan Raden
Bagus Suwanda sing lagi diperes tenagane dening banyuning sendhang, mula tumuli
ulun tulungi jalaran durung trep karo kaluputane yen kongsi priyayi loro kuwi
sirna merga pangamuke banyu sendhang iki. Lan kang luwih baku maneh, Gusti isih
paring wektu marang priyayi loro kuwi kanggo ndandani uripe sarta nebus kabeh
kaluputane, mbok menawa priyayi loro kuwi isih duwe pangarep-arep bali ing
dalan sing jumbuh karo piwulangE. Wis mangsa bodhowa anggon ndika nindakne
kabar sing ulun gawa iki, ulun arep nerusne laku nindakne dhawuhE”.
Rampung olehe guneman, let sagebyaring that-thit, Bathara
Ijo wis ora katon, ilang saka pandululuku. Kang mBok Setyawati katon kaya
nguntabne lungane paraga kang busana sarwa ijo kuwi mau.
“Raden Kala Canthuka lan ndika Raden Bagus Suwanda”
sawuse rada sauntara saka ilange Sang Bathara Ijo Kang mBok Setyawati guneman
marang Guru lan aku “tak kira ora ana gunane ndedawa gunem sing tanpa guna
antarane ndika lan aku. Dhawuh pangandika saka Panjenengane Sang Bagindha Kilir
wis cetha, Gusti Sing Maha Agung isih kepareng paring kalodhangan marang ndika
sakloron kanggo ndandani urip. Mula klawan kekuwatan sing tak gadhuh saka Kang
Maha Agung, ndika sakloron arep tak selehake ana papan sing mbok menawa ing
papan kuwi ndika bisa eling marang piwulangE. Sing baku ndika sakloron uga kudu
sumurup, ing papan kanggo nyelehake raga ndika kono mengko, mbuh pirang atus
tahun lawase ndika sakloron bakal nandhang lumpuh tanpa kekuwatan lan bisa bali
pulih lamun ndika wis padha ngrumangsani ing kaluputan ndika kanthi nindakne
laku panebusaning dosa sarana ngakehne tumindak sing migunani tumrap titah
liya. Marang Dhimas Suwanda, tak wenehi weruh ing mbesuk manawa ana titah sing
mbutuhake pitulungan marang ndika, kamangka ndika rumangsa ora bisa aweh
pitulungan mangka tuduhna titah-titah kuwi supaya menyang Sendhang Pangayoman
kene, wis cukup semene wae, saiki ndika bakal tak untabne menyang papan ndika
sing anyar”.
Bubar Kang mBok Setyawati guneman ngono kuwi dumadakan
kahanan dadi peteng dhetdhet, kasusul bledheg mangampar-ampar sing ngetutne
tumibane udan sing kaya diperes saka langit lan nuwuhake banjir sing gedhene
ora karuwan ngerem papan kono kabeh. Aku lan Guru sing ora bisa apa-apa, digawa
ilining banjir. Mung eloking kahanan, Guru keseret banyu mangetan parane, dene
aku keseret ilining banjir mangalor. Aku karo Guru dipisahne dening pangamuking
banyu banjir
Embuh nganti pirang dina aku kemampul katut banjir,
wasana aku tekan papan sing saiki tak
panggoni iki. Ya ing papan kuwi aku wiwit krasa yen satemene aku wis salin
wujud, wis dadi titah sing awujud titah maya, utawa yen wong ngarani aku iki wis
dadi bangsa prayangan. . Ing papan kono aku wiwit ngrumangsani kabeh dosa lan
kaluputan sing tau tak tindakne, iya dosa marang Hyang Agung, iya dosa marang sapepadhaning
titah. Temah mbaka sethithik kekuwatanku wiwit mrambat arep pulih.
“Estunipun dereng rampung cariyosipun mBah Tambak
dhateng Ki Sarkara Adhi” kandhane Pradapa sawuse suwe kojah nyritakne lelakone
mBah Tambak sing ditemoni wong tuwane nalika keplayu saka laladan kutha Pajang “nanging,
gandheng sampun sawatawis kathah anggen kula wicanten, kamangka wekdalipun ugi
sampun nyaketi gantos ari, menawi Adhi Rangga miwah Adhi Marga marengaken kula
badhe kendel sakedhap, mangke utawi benjing badhe kula lajengaken malih”.
“He he he he……” Rangga ngguyu “satemene sing ndika
critakne kuwi nengsemake banget Kakang Pradapa, lan aku uga kepengin ngerti
lakone Raden Bagus Suwanda sawise manggon neng Sendhang Tambak kanthi wujud
titah maya kuwi kepriye? Lan banjur sambung rapete pusaka ndika sing arep ndika
larung neng Sendhang Ngiyom kuwi apa? Lan maneh aku uga kepengi ngerti crita mula
bukane ndika padha memungsuhan karo Lurah Danara sakancane kae mau. Nanging aku
uga ngerti yen satemene kahanan ndika iki isih durung pulih, sanadyan tatu
tilas kudhi sing tumancep neng lempeng ndika kuwi wis mari merga ditambani
adhiku Si Marga. Nanging luwih prayoga awake dhewe leren dhisik, mengko utawa
yen wis ilang kesele bisa ditutugne nggon ndika crita”.
“Inggih Adhi. Matur nuwun sanget” wangsulane Pradapa kurmat.
Sauntara wong sing ana papan kuwi padha meneng, angin
wengi wiwit sumilir atis. Nekakne rasa ngantuk ing mripate tanggon sakancane.
Ora krasa andhahane Bagus Pradapa kuwi padha keturon. Nusul Pradapa sing uga
wis ndhisiki turu.
“Rumangsaku critane Pradapa kuwi ya lumrah wae ki
Kakang?” kandhane Marga marang sedulure angkat, alon-alon, sajake kuwatir yen
mbrebegi sing lagi padha turu.
“Aku ya ngarani ngono Dhi” wangsulane Rangga karo
ngguyu “nanging ing sela-selaning wektu sing ora kanggo nandangi gaweyan utawa
nggagas sing ana paedahe, tak kira ya becik wae nyemak crita sing katone rada
ngayawara iki”.
“Bener Kakang” wangsulane Marga karo ngimbangi mesem “ya
muga-muga wae, Pradapa enggal pulih bayu anggane, kareben olehe crita luwih
krasa lan kepenak disemak”.
SIGEG.
Cariyosipun Raden Rangga ingkang ngumbara dhateng laladan
Ngawi menika taksih panjang, nanging gandheng menawi saben dinten namung nyemak
criyos modhel makaten menika saged ndadosaken bosen. Inggih awit saking menika,
kangge sawatawis wekdal cariyosipun Raden Rangga lan Marga dipun sigeg rumiyin.
Benjing-benjing menawi wonten ingkang ngersakaken murih dipun lajengaken, saged
dipun aturaken malih.
Tebah siti sekul biuntel roning kalapa, apuranta awit
kathahing lepat ing seratan kula. Nuwun.
Kedunggalar, 19 September 2022.
Taklim kula
Rust Luh Getih.
suwun SMW VI ipun , kawula tansah nengga sak lajengipun, nuwun
BalasHapussampun gumantose warsa serial Rangga dolan punapa dereng wonten kelanjutanipun , suwun kawula engkang taksih nengga crita sak laje
BalasHapusngipun